You are on page 1of 1

ALFY MUASYIFAH

XI MIA I-2/ 03

SESORAH BAHASA JAWA


Tema: Lingkungan
Assalamualaykum Wr. Wb.
Dhumateng bapak saha ibu Dusun Terban ingkang dahat kinurmatan, kaliyan kanca
sedaya ingkang kulo tresnani.
Sumangga langkung rumiyin panjenengan sedaya saha kulo sami ngaturaken syukur
dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun dhumateng kulo lan
panjenengan sami, satemah saged makempal wonten ing Pendhopo Terban menika kanthi
tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebeting adicara “Bersih Desa” menika.
Wonten mriki kula badhe ngaturaken andharan babagan “Lingkungan saha
Kasarasan”. Kasarasan menika kalebet hal utami wonten ing pagesangan. Tiyang ingkang
nembe gerah, mesthi anggenipun nyambut damel boten saged maksimal. Benten kalian tiyang
ingkang saras, anggenipun nyambut damel ketingal sumringah. Mila, kasarasan menika
wigati sanget kangge panjenengan kalian kula. Kangge jagi kasarasan, kita kedah miwiti
saking lingkungan sakanan-keringipun. Lingkungan ingkang reged menika sarangipun
penyakit saengga saged damel kula kalian penjenengan sedaya ringkih utawi gampil sakit.
Dene lingkungan ingkang resik menika lingkungan ingkang sae kangge kasarasan amargi
panjenengan kalian kula saged pikantuk kathah oksigen. Oksigen menika ugi komponen
penting wonten ing badan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, adhedhasar saking menika, mangga kulo lan
panjenengan sami sareng-sareng anjaga lan ngruwat lingkungan Dusun Terban supados saged
tetep lestari lan endah anggenipun dipirsani. Anggenipun njaga karesikanipun lingkungan
wonten ing saubengipun kulo lan panjenengan sami inggih langkung sae menawi dipun
wiwiti njaga karesikan kita piyambak.
Cekap semanten atur kulo, mbok bilih wonten kekirangan lan kelepatan kula,
nyuwun agunging samudra pangaksami.
Waalaykumsalam Wr. Wb.

You might also like