You are on page 1of 6

Uji Kompetensi Wulangan 4

A. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha ping (x) !

Kanggo mangsuli soal nomer 1-10 gatekna teks ing ngisor iki!

Kegiyatan Padinanku

Mau esuk aku tangi jam 04.00 WIB, terus njupuk wudlu kanggo ngeksanakake sholat Shubuh. Bubar iku,
aku ngaji sawatara ayat terus enggal maca-maca piwulangan kanggo sekolah ing esuk iki. Bacute, aku
nata buku cundhuk karo jadwal pelajaran dina kasebut banjur tumuju kamar mandi saperlu adus. Sawise
adus, aku nganggo seragam lan mesisan dandan terus menyang ruwang makan banjur sarapan. Arang
banget aku kober sarapan, awit tangiku asring telat amarga kebengen anggonku sinau. Samangsa aku ora
sarapan, ibu utawa bapak mesthi nambahi sanguku kanggo tuku sarapan ing sekolahan. Kanggoku
sarapan iku wajib hukume, dadi manawa ing omah ora kober, mula ing sekolahan aku kudu tuku sarapan.
Sawise sarapan ing omah, aku ya langsung pamitan marang bapak lan ibu arep budhal sekolah. Sarehe
jarak antarane omah lan sekolahku lumayan adoh, aku nggawa sepedhah pancal sing nembe wae
dipundhutake bapak ing dina ulang taunku. Budhal sekolah mawa sepedhah pancal iki luwih tertib
tinimbang numpak angkot. Nalika numpak angkot biyen, sekolahku asring telat uga, awit angkote
kadhang wis kebak penumpange banjur aku kudu ngenteni angkot liyane.

1. Kegiyatan Padinan ing dhuwur mujudake tuladhane karangan....

A. Narasi

B. Deskripsi

C. Eksposisi

D. Argumentasi

2. Ing Kegiyatan Padinan, kang dadi paraga (tokoh) utamane yaiku

A. Aku

B. Kowe

C. Dheweke

D. Siswa

3. Ing Kegiyatan Padinan, sapa ta "Aku" iku?


A. Sawijine guru

B. Sawijine siswa

C. Wong tuwa

D. Kepala Sekolah

4. Sing njalari tokoh "Aku" telat yaiku...

A. Turune kebengen saengga telat tangine

B. Turune kesoren saengga telat tangine

C. Sinaune kebengen saengga telat tangine

D. Sinaune kesoren saengga telat tangine

5. Biyen tokoh "Aku" asring telat lan saiki ora, geneya mangkono?

A. Saiki tokoh Aku numpak angkot

B. Saiki tokoh Aku numpak sepedhah

C. Biyen tokoh Aku numpak angkot saiki numpak sepedhah

D. Biyen tokoh Aku numpak sepedhah saiki numpak angkot

6. Kapan sinaune tokoh Aku iku?

A. Wayah esuk

B. Wayah bengi

C. Wayah esuk lan bengi

D. Wayah esuk lan sore

7. Sing ditindakake tokoh Aku sawise sholat Shubuh yaiku..m

A. Ngaji sawatara ayat

B. Maca-maca buku piwulangan

C. Ngaji sawatara ayat lan maca buku piwulangan

D. Ngaji sakehing ayat lan maca buku piwulangan

8. Kepriye kahanan sarapane tokoh Aku?


A. Arang banget kober sarapan

B. Asring banget kober sarapan

C. Saben dina mesthi sarapan

D. Babar pisan ora nate sarapan

9. Kepriye sangune tokoh Aku, nalika tokoh Aku ora sarapan?

A. Sangune ditambahi ibune

B. Sangune ditambahi bapake

C. Sangune ditambahi ibu lan bapake

D. Sangune ditambahi ibu utawa bapake

10. Nalika tokoh Aku ora kober sarapan, apa sing ditindakake tokoh Aku?

A. Tokoh Aku tetep ora sarapan

B. Tokoh Aku tuku sarapan ing sekolahan

C. Tokoh Aku tuku sarapan ing dalan-dalan

D. Tokoh Aku kadhang tuku sarapan kadhang ora

Kanggo mangsuli soal nomer 11-17 gatekna teks ing ngisor iki!

Mini Market

Mini Market mujudake sawijining toko cilik kang gamoang diakses umum utawa asifat lokal. Toko
sabangsane iki lumrahe manggon ing dalan kang rame, ing stasiun papan pengisian bahan bakar (SPBU)
utawa ing stasiun sepur/kereta api. Toko-toko kang kaya mangkene iki uga asring ditemokake ing lokasi
perumahan padhet sajroning kutha. Mini market kalebu sawijining toko kang asipat modern. Ciri-cirine
yaiku para customer utawa wong sing arep blanja bisa njupuk dhewe barang-barang kang dikarepake ing
papan rak sing wis diatur rapi. Tuladhane : sabun, sampo, odhol, lan sapanunggalane dipajang ing
tunggal panggonan. Perlengkapan bayi, pempers, lan sapanunggalane uga dadi tunggal rak. Semono uga,
jajanan kering roti, snack, lan sapiturutane uga dadi sarak. Papan pemajangan iki diatur rapi tujuane
supaya wong sing blanja gampang.

11. Mini Market mujudake sawijining toko cilik kang...

A. Gampang diakses umum


B. Angel diakses umum

C. Ora mesthi bisa diakses

D. Gampang dol-tinukune

12. Mini Market iku asifat.....

A. Tradisional

B. Konvensional

C. Tradisional lan konvensional

D. Modern lan konvensional

13. Lumrahe, Mini Market iku manggon ing dalan kang....

A. Sepi

B. Rame

C. Rada sepi

D. Rada rame

14. Mini Market asring ditemokake ing lokasi perumahan kang....

A. Arang pendhudhuke

B. Cukup pendhudhuke

C. Padhet pendhudhuke

D. Sugih-sugih pendhudhuke

15. Ing Mini Market sing tuku utawa konsumen e....

A. Bisa njupuk barang-barange dhewe

B. Bisa ngedoli barang-barange dhewe

C. Ora bisa njupuk barang-barange dhewe

D. Kadhang bisa ngedoli dhewe kadhang ora

16. Wujude rak-rak kang disiyagakake ing Mini Market...

A. Ditata rapi ing rak lan customer bisa njupuk dhewe


B. Isih mujudake pembatas antarane sing tuku

C. Isih mujudake pembatas antarane sing dodol

D. Isih mujudake pembatas antarane sing dodol lan sing tuku

17. Mini Market ing dhuwur mujudake tuladhane karangan...

A. Narasi

B. Deskripsi

C. Eksposisi

D. Argumentasi

18. Ing sajrone tulisan/karangan narasi ana paraga (tokoh) kang ngadhepi....

A. Sawijine konflik

B. Urutan waktu

C. Rerangken kedadean

D. Kedadean/prastawa

19. Tulisan/karangan narasi kang isi fakta diarani....

A. Sugestif

B. Ekspositoris

C. Biografi/autobiografi

D. Kisah pengalaman

20. Tulisan/karangan deskripsi iku mujudake karangan kang nggambarake sawijine babagan kanthi.....

A. Urutan waktu

B. Cerita runtut

C. Cetha lan rinci

D. Lukisan samar

B. Wangsulana kang patitis!


1. Sebutna titikane (ciri-ciri) karangan narasi!

2. Sebutna bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis karangan narasi!

3. Sebutna titikane (ciri-ciri) karangan deskripsi!

4. Sebutna bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis karangan deskripsi!

5. Coba nggawea karangan deskripsi prasaja kanthi tema ngenani salah sawijining pakaryan sing ana ing
dhaerah omahmu! Karangan kasebut ora usah dawa-dawa, kira-kira dumadi saka 2 (rong) pada wae!

You might also like