You are on page 1of 10

PAKARYAN

a. Ndhudhah Pangerten

Ing dhuwur iku gambare guru kang lagi nindakake tugas lan kuwajibane. Tugas guru minangka
profesi kalebu pendhidhikan, pamulangan lan pelatihan. Ajar nduweni teges yaiku nerusake
lan nuwuhake nilai urip lan kauripan. Pamulangan tegese terus lan ngembangake ilmu lan
teknologi. Dene pelatihan tegese ngembangake katrampilan ing siswa. Guru minangka
pahlawan unsung. Yen ora ana guru, ora ana sing bisa cerdas / sukses, ilmu sing diwulangake
pancen migunani kanggo kita.

b. Pemodelan Teks Karangan Narasi

1. Mangun Konteks

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Apa awakmu nate weruh damkar (pemadam kebakaran) ?


2. Ing ngendi awakmu meruhi paraga kasebut?
3. Apa pakaryan kang ditindakake paraga kasebut?
4. Apa ana kulawarga (familimu) sing duwe pakaryan damkar (pemadam kebakaran)?
5. Apa kang bakal dumadi yen damkar (pemadam kebakaran) ora ana ing Indonesia?
2. Teks Tulisan/Karangan Narasi

Karakteristik Teks Narasi

Yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakaké kedadéyan kanthi wektu utawa
kedadén kang runtut saka wiwitan ngati pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf iki kaya-
kaya nglakoni kaya déné kedadéyan kang ana jroning crita.

Sing perlu di mangerteni tata cara panulisan teks narasi yaiku :

1. Nemtokake judhul sing cocog karo tema sing sampeyan pilih.


2. Cocog karo crita lan tema sing wis ditemtokake
3. Wenehi kerangka karangan sing cetha
4. Adhedhasar fakta lan imajinasi
5. Gunakake urutan wektu lan papan
6. Wujud alur
c. Teks tulisan/ karangan Deskripsi

1. Karakteristik teks Deskripsi


Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné nggambaraké sawijining obyèk (bisa panggonan
utawa wewujudan liyané) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti
dhéwé obyèk kang digambaraké ana ing jroning paragraf iki.

Sing perlu di mangerteni tata cara panulisan teks deskripsi yaiku :

1. Nemtokake tema utawa topik karangan


2. Nyetel target
3. Klumpukne informasi utawa bahan
4. Pilih informasi lan materi
5. Gawe garis-garis garis kerangka
2. Tuladha Tulisan/Karangan Deskripsi

Ing ngisor iki tuladha tulisan/karangan deskripsi. Gatekna lan jingglengna karakteristik-e!

Dokter yaiku wong sing nambani pasien. Dokter ngerti carane ngatasi penyakit, dokter sinau
nganti dheweke wis entuk gelar lan dheweke bisa makaryo ing rumah sakit utawa puskesmas.
Jasane akeh banget. Dheweke ngrawat lan nambani akeh pasien sing lara amarga layanane.

Tugas Individu
 Gawea tulisan/karangan narasi prasaja kanthi tema pakaryan. Pilih salah siji pakaryan
sing kokmangerteni (upamane :dhokter, insinyur, dosen, camat, lan sapiturute), banjur
diungkapna ing sajroning pada (paragrap) kang prasaja!
 Gawea tulisan/karangan deskripsi prasaja kanthi tema pakaryan. Pilih salah siji
pakaryan sing kokmangerteni (upamane :dhokter, insinyur, dosen, camat, lan
sapiturute), banjur diungkapna ing sajroning pada (paragrap) kang prasaja!
 Apa bedane tulisan/karangan wujud narasi lan deskripsi? Jlentrehna kanthi basa kang
komunikatif!

Uji Kompetensi Wulangan 4

A. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha ping (x) !

Kanggo mangsuli soal nomer 1-10 gatekna teks ing ngisor iki!

Kegiyatan Padinanku

Mau esuk aku tangi jam 04.00 WIB, terus njupuk wudlu kanggo ngeksanakake sholat Shubuh.
Bubar iku, aku ngaji sawatara ayat terus enggal maca-maca piwulangan kanggo sekolah ing
esuk iki. Bacute, aku nata buku cundhuk karo jadwal pelajaran dina kasebut banjur tumuju
kamar mandi saperlu adus. Sawise adus, aku nganggo seragam lan mesisan dandan terus
menyang ruwang makan banjur sarapan. Arang banget aku kober sarapan, awit tangiku asring
telat amarga kebengen anggonku sinau. Samangsa aku ora sarapan, ibu utawa bapak mesthi
nambahi sanguku kanggo tuku sarapan ing sekolahan. Kanggoku sarapan iku wajib hukume,
dadi manawa ing omah ora kober, mula ing sekolahan aku kudu tuku sarapan. Sawise sarapan
ing omah, aku ya langsung pamitan marang bapak lan ibu arep budhal sekolah. Sarehe jarak
antarane omah lan sekolahku lumayan adoh, aku nggawa sepedhah pancal sing nembe wae
dipundhutake bapak ing dina ulang taunku. Budhal sekolah mawa sepedhah pancal iki luwih
tertib tinimbang numpak angkot. Nalika numpak angkot biyen, sekolahku asring telat uga, awit
angkote kadhang wis kebak penumpange banjur aku kudu ngenteni angkot liyane.

1. Kegiyatan Padinan ing dhuwur mujudake tuladhane karangan....

A. Narasi

B. Deskripsi

C. Eksposisi

D. Argumentasi

2. Ing Kegiyatan Padinan, kang dadi paraga (tokoh) utamane yaiku

A. Aku

B. Kowe

C. Dheweke

D. Siswa

3. Ing Kegiyatan Padinan, sapa ta "Aku" iku?

A. Sawijine guru

B. Sawijine siswa

C. Wong tuwa

D. Kepala Sekolah
4. Sing njalari tokoh "Aku" telat yaiku...

A. Turune kebengen saengga telat tangine

B. Turune kesoren saengga telat tangine

C. Sinaune kebengen saengga telat tangine

D. Sinaune kesoren saengga telat tangine

5. Biyen tokoh "Aku" asring telat lan saiki ora, geneya mangkono?

A. Saiki tokoh Aku numpak angkot

B. Saiki tokoh Aku numpak sepedhah

C. Biyen tokoh Aku numpak angkot saiki numpak sepedhah

D. Biyen tokoh Aku numpak sepedhah saiki numpak angkot

6. Kapan sinaune tokoh Aku iku?

A. Wayah esuk

B. Wayah bengi

C. Wayah esuk lan bengi

D. Wayah esuk lan sore

7. Sing ditindakake tokoh Aku sawise sholat Shubuh yaiku..m

A. Ngaji sawatara ayat

B. Maca-maca buku piwulangan


C. Ngaji sawatara ayat lan maca buku piwulangan

D. Ngaji sakehing ayat lan maca buku piwulangan

8. Kepriye kahanan sarapane tokoh Aku?

A. Arang banget kober sarapan

B. Asring banget kober sarapan

C. Saben dina mesthi sarapan

D. Babar pisan ora nate sarapan

9. Kepriye sangune tokoh Aku, nalika tokoh Aku ora sarapan?

A. Sangune ditambahi ibune

B. Sangune ditambahi bapake

C. Sangune ditambahi ibu lan bapake

D. Sangune ditambahi ibu utawa bapake

10. Nalika tokoh Aku ora kober sarapan, apa sing ditindakake tokoh Aku?

A. Tokoh Aku tetep ora sarapan

B. Tokoh Aku tuku sarapan ing sekolahan

C. Tokoh Aku tuku sarapan ing dalan-dalan

D. Tokoh Aku kadhang tuku sarapan kadhang ora


Kanggo mangsuli soal nomer 11-17 gatekna teks ing ngisor iki!

Mini Market

Mini Market mujudake sawijining toko cilik kang gamoang diakses umum utawa asifat lokal.
Toko sabangsane iki lumrahe manggon ing dalan kang rame, ing stasiun papan pengisian bahan
bakar (SPBU) utawa ing stasiun sepur/kereta api. Toko-toko kang kaya mangkene iki uga
asring ditemokake ing lokasi perumahan padhet sajroning kutha. Mini market kalebu
sawijining toko kang asipat modern. Ciri-cirine yaiku para customer utawa wong sing arep
blanja bisa njupuk dhewe barang-barang kang dikarepake ing papan rak sing wis diatur rapi.
Tuladhane : sabun, sampo, odhol, lan sapanunggalane dipajang ing tunggal panggonan.
Perlengkapan bayi, pempers, lan sapanunggalane uga dadi tunggal rak. Semono uga, jajanan
kering roti, snack, lan sapiturutane uga dadi sarak. Papan pemajangan iki diatur rapi tujuane
supaya wong sing blanja gampang.

11. Mini Market mujudake sawijining toko cilik kang...

A. Gampang diakses umum

B. Angel diakses umum

C. Ora mesthi bisa diakses

D. Gampang dol-tinukune

12. Mini Market iku asifat.....

A. Tradisional

B. Konvensional

C. Tradisional lan konvensional

D. Modern lan konvensional


13. Lumrahe, Mini Market iku manggon ing dalan kang....

A. Sepi

B. Rame

C. Rada sepi

D. Rada rame

14. Mini Market asring ditemokake ing lokasi perumahan kang....

A. Arang pendhudhuke

B. Cukup pendhudhuke

C. Padhet pendhudhuke

D. Sugih-sugih pendhudhuke

15. Ing Mini Market sing tuku utawa konsumen e....

A. Bisa njupuk barang-barange dhewe

B. Bisa ngedoli barang-barange dhewe

C. Ora bisa njupuk barang-barange dhewe

D. Kadhang bisa ngedoli dhewe kadhang ora


16. Wujude rak-rak kang disiyagakake ing Mini Market...

A. Ditata rapi ing rak lan customer bisa njupuk dhewe

B. Isih mujudake pembatas antarane sing tuku

C. Isih mujudake pembatas antarane sing dodol

D. Isih mujudake pembatas antarane sing dodol lan sing tuku

17. Mini Market ing dhuwur mujudake tuladhane karangan...

A. Narasi

B. Deskripsi

C. Eksposisi

D. Argumentasi

18. Ing sajrone tulisan/karangan narasi ana paraga (tokoh) kang ngadhepi....

A. Sawijine konflik

B. Urutan waktu

C. Rerangken kedadean

D. Kedadean/prastawa

19. Tulisan/karangan narasi kang isi fakta diarani....

A. Sugestif

B. Ekspositoris

C. Biografi/autobiografi

D. Kisah pengalaman
20. Tulisan/karangan deskripsi iku mujudake karangan kang nggambarake sawijine babagan
kanthi.....

A. Urutan waktu

B. Cerita runtut

C. Cetha lan rinci

D. Lukisan samar

B. Wangsulana kang patitis!

1. Sebutna titikane (ciri-ciri) karangan narasi!

2. Sebutna bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis karangan narasi!

3. Sebutna titikane (ciri-ciri) karangan deskripsi!

4. Sebutna bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis karangan deskripsi!

5. Coba nggawea karangan deskripsi prasaja kanthi tema ngenani salah sawijining
pakaryan sing ana ing dhaerah omahmu! Karangan kasebut ora usah dawa-dawa, kira-
kira dumadi saka 2 (rong) pada wae!

You might also like