You are on page 1of 1

Shalawat Thoriqot – Gus Dur

Astaghfirullah rabbal baraya Alqur’an Qodim wahyu Minulyo


Astaghfirullah Minal kHotoya Tanpo tinulis Iso diwoco
Rabbi zidniy ‘Ilman nafi’a Iku wejangan Guru Waskito
wa wafiwny ‘amalan sholiha. Den tancepake Ing njero Dodo

Ya Rasulallah.. salamun Alaik. Kumantil Ati lan pikiran


Ya Rafi’a Syani wad Daraji merasuk ing badan kabeh jerohan
‘Atfata yaji ratal Alami Mu’jizat Rasul Dadi pedoman
YA Uhailaljudi wal karomi. Minongko Dalan Manjinge Iman 2x

Ngawiti insun nglara syi’iran Kelawan Allah Kang Moho Suci


kelawan muji dateng Pengeran Kudu rangkulan Rino lan wengi
kang paring rahmat lan kenikmatan Ditirakati diriyadhohi
rino wengine tanpo pitungan 2x Dzikir lan suluk jo nganti lali

duh bolo konco prio wanito Uripe ayem, rumongso aman


ojo mung ngaji syareat gogo dununge roso tondo yen iman
gur pinter ndongen nulis lan moco Sabar Narimo najan pas-pasan
tembe mburine bakal sangsoro 2x Kabeh tinakdir sangking Pengeran2x

akeh kang apal qur’an haditse Kelawan Konco dulur lan tonggo
seneng ngafirke poro kiyai kang podo rukun ojo ngesio
kafire dewe gak digatekke Iku Sunnahe Rasul Kang Mulyo
yen isih kotor ati akale 2x Nabi Muhammad Panutan Kito 2x

gampang kabujuk Nafsu angkoro Ayo nglakoni sekabehane


ing pepaese gebyare ‘dunyo Allah Kang Bakal ngangkat drajate
iri lan meri sugihe tonggo Senajan asor toto Dhohire
mulo atine peteng lan nisto 2x Ananging mulyo maqom drajate 2x

ayo sedulur jo nglaleake Laufal ‘Asro ing pungkasane


wajibe ngaji sak pranatane orah kesasar roh lan sukmane
‘nggo ngedalake iman tauhide Den Gadang Allah swargo manggone
baguse sangu mulyo matine 2x Utuh mayyite ugo ulese 2x

Kang aran soleh bagus atine Ya Rasulallah.. salamun Alaik.


kerono mapan .. ilmune Ya Rafi’a Syani wad Daraji
laku torekot lan ma’rifate ‘Atfata yaji ratal Alami
ugo hakekot manjing rasane 2x YA uhailaljudi wal karami.

You might also like