You are on page 1of 3

LEGENDA GUNUNG WURUNG

Gunung Wurung mujudake sawijining gunung cilik kang ana ing wewengkon desa
Parang, Kecamatan Karangsambung Kabupaten Kebumen. Katitik saka wujude gunung iki
kalebu ‘unik’/aeng amarga saka dhuwure kang udakara mung 80 meteran lan ora
nduweni ‘puncak’ kang paling dhuwur. Miturut masyarakat sakupenge kana, gunung iki
digawe dening para dewa saka kahyangan. Nanging sadurunge rampung anggone gawe
gunung mau wis konangan manungsa sahingga para dewa banjur murungake anggone
gawe gunung mau.
Nalika samana ana ing tlatah kang saiki kalebu wewengkon kecamatan
Karangsambung ana desa cilik kang mujudake wewengkon awujud lemah kang lempeng
utawa datar, ora ana siji-sijia punthukan utawa gumuk kang katon ing sakupenge kana.

Nuju sawijining wengi kang sepi nyenyet, lan swasana kang tintrim mau, para
sesepuh desa katon nglumpuk nyawiji ndedonga menyang para dewa ing kahyangan.
Kanthi khusuk para sesepuh mau njaluk supaya digawekake gunung kang manggon ana ing
sacedhake kana. Ora kenyana panjaluke para sesepuh desa mau dikabulake dening para
dewa. Malah miturut para dewa mau anggone arep nggawe gunung mau bakal diwiwiti dina
sesuke lan bakal ambutuhake wektu sawengi. Nanging kanthi syarat/perjanjen ora kena sijia
bae manungsa utawa warga ing desa kana kang kena meruhi nalika gunung mau digawe
dening para dewa. Para sesepuh mau banjur nyaguhi syarat/perjanjen mau. Dina sesuke
para sesepuh mau banjur ngumpulake para warga lan menehi kabar kang nyenengake mau
marang kabeh warga ing desa kana kalebu syarat utawa perjanjen kang kudu
dileksanakake.

“Eee, para wargaku kabeh! Mangertia lan nuruta apa kang bakal tak prentahake
marang kowe kabeh, menawa wiwit mengko sore wayah suruping srengenge, mlebua ana
ngomahe dhewe-dhewe lan ora dikeparengake sapa bae kang metu ngomah nganti
srengenge njedhul dina sesuke!” kandhane salah siji sesepuh desa kana.“Nuwun sewu
Bapa! Perkawis utawi alangan punapa ingkang badhe nemahi dhusun kita? Kenging punapa
para wargi dhusun boten kenging medal saking griyanipun piyambak-piyambak” pitakone
salah siji warga desa kanthi swara groyok lan bingung.

“Mangertia para warga desa kabeh menawa para dewa kepareng arep nggawekake
sawijining gunung kanggo awake dhewe lan sijia ora ana kang dikeparengake meruhi
anggone para dewa mau nyambut gawe nyipta gunung mau,” wangsulane saka sesepuh
desa liyane.

Sawise krungu katrangan saka para sesepuh desa mau, para warga nembe
mangerteni kenangapa dheweke ora dikeparengake metu saka ngomah. Nalika dina
ngarepake wayah suruping srengenge, swasana desa wiwit sepi. Kabeh warga wis mlebu
omahe dhewe-dhewe kepara lawang dikunci kanthi rapet. Ora antara suwe, para dewa saka
kahyangan tumurun menyang desa mau saprelu miwiti nyambut gawe nyipta sawijining
gunung ing wewengkon salore desa. Wiwitane para dewa ngedekake saka-saka kang bakuh
utawa kuat.
Sawise saparo wengi nyambut gawe, para dewa wis rampung anggone mbangun
saka-saka kasebut. Para dewa mung kari ngurugi lemah sahingga mengkone mujudake
sawijining gunung. Para dewa nyambut gawe tanpa ana swara kumecap lan terus
tumandang gawe nganti meh parak esuk tanpa rasa kesel.

Nalika dina ngarepake esuk, panggawene gunung mau meh rampung, mung kari
ngrampungake anggone ngurugi lemah kang isih ana sisa sithik. Lan nalika para dewa isih
ibut anggone nyambut gawe, dumadakan saka dalan kang tumuju desa, ana bocah wadon
kang mlaku tumuju menyang kali Luk Ula kang mapan ora adoh saka papan anggone
nggawe gunung mau. Tibake, bocah wadon mau ora mangerteni pawarta saka sesepuh
desa ngenani larangan para warga metu saka omahe wengi kuwi. Awit, nalika pawarta mau
diwetokake, dheweke ora melu kumpul lan ora ana warga kang menehi ngerti bab/perkara
anggone para dewa arep nggawe gunung mau.

Bocah wadon mau teka lan tumuju menyang kali saprelu arep ngumbah/mesusi
beras kanggo dimasak dina iku. Dheweke mlaku tanpa nggatekake kahanan sakiwa tengene
awit swasana kang isih peteng. Nalika wiwit mecaki dalan cilik kang rumpil tumuju kali,
dumadakan dheweke kaget awit ana sangarepe bocah wadon mau ana gunung.

“Hah, kenangapa dumadakan ana gunung ing kene, awit dina-dina sadurunge papan
iku isih lempeng ora ana gununge. Aduh Dewa ! Apa aku ngimpi ya?” guneme bocah wadon
kanthi swara lirih lan gumun ora percaya karo apa kang ana ing ngarepe.

Nanging, nalika meruhi akeh wewujudan kang medeni kang lumaku kanthi cepet
sinambi nggawa watu-watu gedhe tanpa kumecap, bocah wadon mau banjur mlayu
ninggalake kali kanthi kamiweden.“Tuluuuuuuuung .. tuluuuuuuung. Tulungiiiiiiii aku!
Pambengoke kanthi swara kang seru.

Bocah wadon mau terus mlayu tanpa maelu/nggatekake kahanan awake, sahingga
beras kang arep dipesusi mau dibuwang ngono bae. Sahingga ndadekake beras mau wutah
sadalan-dalan ana ing sakupenge gunung mau. Miturut crita beras mau banjur malih wujud
dadi watu kang memper wujude beras.

Para dewa kang krungu panjerite bocah wadon mau dumadakan kaget, dheweke
padha mangerteni menawa pagaweyane nyipta gunung mau wis diweruhi
manungsa.“Warga ing desa kene wis kumawani nglanggar perjanjen kita. Ayo tinggalke
bae papan kene!” pambengoke salah sijine dewa menyang dewa liyane.

Pungkasane para dewa mau banjur ninggalake papan kana lan ngendheg anggone
nyambut gawe bali menyang kahyangan. Kamangka anggone nyipta utawa nggawe gunung
mau wis meh rampung, sahingga wurung panggawene gunung mau. Lan wong-wong ing
kana banjur nyebut gunung mau kanthi sesebutan GUNUNG WURUNG. Watu-watu kang
wujude kaya beras tekan saiki isih ana, miturut panaliten saka LIPI KARANGSAMBUNG
watu mau disebut watu DIABAS lan dumadine gunung mau amarga saka watu intrusi, materi
watu kang sadurunge arupa bahan cair, pijar, lan panas kang asale saka magma ing
kandhutan bumi kang arep njedhul ana ing salumahe bumi, nanging kebacut
adhem/”membeku” sadurunge kasil njedhul ana ing salumahing bumi.

You might also like