You are on page 1of 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

Bismillahirokhmannirrokhim,

Asholatu wassalam muala asrofil ambya’i wal mursalin waala alihi wasohbihi ajma’in, amaba’du.

Kanthi ngunjukaken raos puji lan syukur kunjuk ing ngarso dalem Allah SWT, gusti gung
ingkang murbo ing gesanging poro kawulo ingkang tinitah wonten ing ngalam donyo, lan dhatan
kendhat paring Rahmat, Nikmat ingkang tumanduk lumintu, lumintir dumateng panjenengan lan
kulo, kacihno ing ratri puniko panjenengan sedoyo lan kulo pinaringan kesehatan, lan kesempatan
pepanggihan wonten ing acoro ambal warso IRANGKI ingkang kaping 29, kanti (z)yuwono basuki
kalis ing sambekolo, Aamiin.

Sholawat lan salam mugi tansah katetepan dumateng junjungan kito Nabi agung
Muhammad SAW lan ugi dateng kluargo, sahabat, panderekipun ingkang tansah nindaaken sunah-
sunahipun, ingkang tansah dipun antu-antu safangatipun wonten ing dinten kiamat.

Bapak pangarso dusun, bapak RT saha bapak RW dalasan para rawuh ingkang kulo hormati.
Para ‘alim ulama ingkang pantes kulo ta’dzimi linangkung bapak Ustd. Budoyo ingkang dipun antu-
antu sabdo pangandikanipun.

Sagung para kadang mudo tumaruno (IRANGKI) ingkang tansah tinangsulan ing talining
kekadangan ingkang cinaket ing manah.

Kalilan wonten ing kalodangan ratri puniko, kula lumarap atur mestuti kaparengipun kadang-
kadang IRANGKI kinen ndhereaken lampahing rantaman adicoro ambal warso IRANGKI ingkang
kaping 29. Wondene urut rantamaning adicoro makaten:

1. Pambuka
2. Kumandanging ayat suci Al Qur’an
3. Tanggap sabda
1.) Bapa pangarso Dusun
2.) Pangarso paguyuban (IRANGKI)
4. Tigas tumpeng
5. Pengaosan
6. Panutup

Makaten urut rantamaning adicoro Ambal Warsa RANGKI ingkang kaping 29, ingkang
mundut irah-irahan GUYUB RUKUN KEKANCAN SAKLAWASE , mugi-mugi kanthi irah-irahan kasebut
muwuhono anggenipun kekadangan tansah keket rumaket, manunggal karso murih lestarining
paguyuban.
Poro rawuh kakung soho putri, sampun dumugi titi wanci pepanggihan dalu puniko dipun
purwakani, pramilo monggo sareng-sareng dipun wiwiti kanti waosan Basmalah .

Ngancik adicoro urut kalih inggih puniko kumandanging ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang
dipun kumanandangaken dening Salma kalian Zulfa.

Mekaten kumandanging ayat suci Al Qur’an sampun paripurno, mugi mbarokahno dumateng
kula lan panjenengan sedaya, linangkung ingkang kapiji nglarapaken ayat-ayat suci Al Qur’an.

Tumapak adicara candakipun, tanggap sabdo, kalodangan angka sepisan katur pangarso
Dusun bapak Haryanto, sumangga.

Mekaten babaring pangandika, mugi nambahono kekiatan jumraping paguyuban IRANGKI.

Tanggap sabdo kalih katur dumateng mas Samsul, kasumanggaaken.

Tata , titi, titis tetes atur pangandika saking pangarsa IRANGKI.

Adicara ingkang kapig sekawan, nun inggih tigas tumpeng, katur paraga ingkang kapiji
umbarapening tigas tumpeng kasumanggaaken.

Kawuryan mas Samsul ingkang wus ngasto pirantining tigas tumpeng sampun siogo
nindaaken pakaryan, nulya kacaosaken bapak Sariman ingkang odo-odo ngawontenaken paguyuban
IRANGKI. Mujutaken raos syukur dhumateng Allah AWT, lan panuwun dhuumateng para pangarso
paguyuban ingkang murwakani paguyuban IRANGKI.

Adicara candakipun inggih menika pengaosan ingkang bade dipun asta dening Bp Budoyo,
saking pribadi kula mbok bilih khatah kekirangan saha kalepatan nlenggono, bilih kulo jejering
manungso ingkang mboten saget endo saking kuciwo, oncat saking cacat, pramilo sagung para
rawuh paring agunging pangaksami.

Irian burung cendrawasih, cukup sekian dan terimakasih,

Wassalamualaikum Wr. Wb

Dumateng Bapak Budoyo, sumonggo, Nuwun.

You might also like