You are on page 1of 4

LAPORAN TUGAS TEKS DESKRIPTIF

ANEKA JAJANAN PASAR

Nama Anggota Kelompok 1 :

1. Eka Sekar Maulida (10)


2. Ekyasa Mahardika (11)
3. Hilyati Azizah (14)
4. Istiqomatunnisa (18)
5. Moh. Lukmanul K. (21)
6. Zahra Julia T. (35)

Kelas X.5

PEMERINTAH PROPINSI JAWA TENGAH

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 SLAWI

Jalan K.H. Wahid Hasyim Slawi,Telepon (0283) 331717, Kode Pos 52415

Tahun Pelajaran 2017/2018


TEKS DESKRIPTIF

LOLOS

Lolos iku jajanan pasar kang duweni tekstur kenyel, lembek, lan klemer-klemer. Jajanan
iki duweni warna coklat. Lolos ingkang didol ing pasar kuwi diwadahi godong pisang terus
dilapis kertas minyak lan plastik. Biasane ana tambahan santen nanging esih ana ampase utawa
kelapa kang diparut alus.

LEMPER

Lemper iku panganan asli saka Jawa. Lemper digawe saka beras ketan lan nganggo isian
ayam, tempe utawa abon. Lemper dibungkus godhong gedhang lan pucuke disunduk nganggo
biting utawa staples. Bentuke lemper iku ora beda adoh karo lontong, nanging luwih cilik.
Rasane lemper iku rada asrep beras ketane nanging isiane manis. Teksture lemper iku lengket lan
kenyel. Lemper iku biasa dipangan ing akeh acara, kayata pengajian, nikahan, lan sunatan.
ES DAWET

Dawet iku kalebu salah sawijining ombean tradisional asli saka Indonesia. Dawet iku
asline saka Banjarnegara. Dawet kalebu ombean ingkang kagawe saka tepung beras lan es parut
sarta gula abang kang wis cair lan santen. Ombean iki yen diombe rasane manis lan gurih.

Dawet iki nyegerake ing wayah panas. Dawet iki nduweni tekstur kenyel, bentuke kaya
stik lan cilik amarga nganggo bahan tradisional.Es dawet ayu kang bahan dasare tepung beras
sing warnane ijo seger lan aroma khas godhong pandan, disajikake karo santen, nggunakake
pemanis gula aren lan ditambahi es kang menehi rasa lan seger nalika diombe. Ombean iki uga
biasane dadi ombean andalan ing warung-warung pangan kanggo ndampingi mangan amarga
rasane kang seger banget nalika mampir ing tenggorokan.

WEDANG RONDE

Wedang Ronde iku jajanan pasar kang digawe saka tepung ketan ingkang dicampur toya
lan dibentuk dadi bentuk kaya bal terus direbus lan disajikna karo kuah manis kang biasane kuah
jahe. Ukuran ronde iku ana sing ageng ana sing alit, wedang ronde ana sing kosong lan ana sing
ana isine. Biasane ronde iku diisi saka sepotong permen gula tebu, pasta wijen, karo pasta kacang
merah. Wedang ronde teksture kenyal, lembut kulite. Warnane warna-warni kayata abrit, ijo,
kuning, putih, lan coklat. Wedeng ronde nduweni rasa asin ing kulite lan rasa manis ing isine
uga rasa anget saka kuah jahene kuwi.
TEMPE BACEM

Tempe Bacem iku salah sawijining kuliner khas ingkang gampang ditemukake ing daerah
Jogjakarta. Cita rasa tempe bacem goreng Jogja iku enak, manis lan gurih. Tekstur tempe bacem
iku lembut, lan gampang dikunyah. Tempe bacem iku panganan sing dimasak ora nganggo kuah
lan lumayan manis amarga biasane ditambah kecap manis.

SEKOTENG

Sekoteng minangka minuman asli saka Jawa Tengah kanthi rasa jahe sing khas lan umume
dipangan ing kondisi panas. Kanggo bahan liyane, umume dicampur dadi sekoteng kayata,
kacang, kacang ijo, roti, lan pacar. Sekoteng nduweni warna coklat saka gula abang. Sekoteng
nduweni rasa anget saka jahe. Sekoteng bisa didadiake kangge ngangetake awak.

You might also like