You are on page 1of 4

Ir Soekarno

Bung Karno minangka jeneng populer saka Soekarno. Lair tanggal 6 Juni 1901
ing Blitar, Jawa Wétan. Nalika Soekarno cilik, dheweke ora manggon karo
wong tuwane sing ana ing Blitar. Dheweke urip karo kakange, Raden
Hardjokromo ing Tulung Agung, Jawa Timur. Soekarno malah sekolah ing kana
sanajan ora rampung, amarga dheweke kudu nggabung karo wong tuwane sing
nalika kuwi pindhah menyang Mojokerto. Ing Mojokerto, Soekarno banjur
dikirim menyang sekolah ing Sekolah Eerste Inlandse ing ngendi bapakne uga
ana ing kono minangka guru. Nanging banjur ditransfer ing taun 1911 kanggo
ELS ing tingkat sekolah SD supaya siap mlebu HBS ing Surabaya. Sawise lulus
lan nekani HBS ing taun 1915, Soekarno banjur manggon ing omahé Haji
Oemar Said Tjokroaminoto utawa HOS Cokroaminoto sing dadi kanca saka
bapak Soekarno. Soekarno dikenalake jroning perjuangan sing ndadekake
dheweke dadi pejuang sing sejati.
Cut Nyak Dhien

Cut Nyak Dhien

Cut Nyak Dhien (Lampadang, 1848 – 6 November 1908, Sumedang, Jawa


Kulon; dimakamké ing Gunung Puyuh, Sumedang), iku Pahlawan Nasional
Indonésia saka Acèh kang berjuang nglawan Walanda ing mangsa Perang Acèh.
Sawisé wewengkon VI Mukim diserang, panjenengané ngungsi, sauntara
garwané, Ibrahim Lamnga mèlu perang nglawan Walanda. Ibrahim Lamnga
tèwas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang njalari Cut Nyak Dhien murka
lan sumpah bakal numpes Walanda.
Teuku Umar, salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak Dhien.
Wiwitané Cut Nyak Dhien nulak, nanging amarga Teuku Umar ngidinaké mèlu
perang, Cut Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang njalari moral
wadyabala perlawanan Acèh tansaya mundhak. Tembé mburi Teuku Umar lan
Cut Nyak Dhien patutan kang asmané Cut Gambang.[1] Sawisé nikah
karo Teuku Umar, panjenengané bebarengan karo Teuku Umar nerusaké
paperangan nglawan Walanda, nanging, Teuku Umar palastra wektu
nyerang Meulaboh ing tanggal 11 Fèbruari 1899, saéngga panjenengané
berjuang dhéwé ing pedalaman Meulaboh karo pasukané. Cut Nyak Dien wektu
semana wis tuwa lan duwé lelara encok lan rabun, saéngga siji anakbuahé aran
Pang Laot nglaporaké awit krasa mesakaké.
Dewi Sartika

Dewi Sartika (Bandhung, 4 Dhésèmber 1884 - Tasikmalaya, 11


September 1947), punika tokoh Sundha ing widhang pandhidhikankaliyan
kabangkitan kaum èstri. Dipunakeni satunggiling Pahlawan Nasional déning
Pamaréntah RI taun 1966.
Dewi Sartika miyos saking kulawargi ménak (Priyantun) Sundha, Nyi Radèn
Rajapermas kaliyan Radèn Somanagara. Sanadyan nglanggar tradhisi kala
punika, tiyang sepuhipun nyekolahaken Dewi Sartika wonten ing satunggiling
sekolah Walandi. Sasampunipun bapanipun séda, lajeng Dewi Sartika
dipunopèni déning pakdhénipun (kangmas ibunipun) ingkang gadhah pangkat
patih ing Cicalengka. Saking pakdhénipun, Dewi Sartika pikantuk pendhidhikan
prakawis kabudayan Sundha, wondéné wawasan
kabudayan Kilèn piyambakipun pikantuk saking nyonyah sémahipun
satunggiling Asistèn Résidhèn.
Ing 16 Januari 1904, Dewi Sartika mbikak Sakola Istri (Sekolah Wanita)
ingkang kapisan saubengipun Hindia-Walandi. Siswanipun angkatan pratama
wonten 20 jalmi. Kala punika sadaya nganggé pendhapa kabupatèn Bandhung.

You might also like