You are on page 1of 1

Pelangi 1

Pelangi ........
Aku ora ngerti , kowe sekang endi
Sanajan aku ngerti kowe mung siji
Yakuwi, Kowe teka lan ana sawise udan
Embuh udan gede lan cilikkan

Pelangi ........
Kowe kayata permata utawi berlian
Aku ngerti kowe dikenal wong kathah
Yakuwi, sekang warnamu ingkang cerah
Gawe wong bingah lan sumringah
Warnamu ngiasi langit biru iki
Abang, ijo, kuning, biru lan saliyane

Pelangi ........
Kowe dipuja sanajan sedhela
Kowe kaciptan kaendahan ingkang apik
Sapa penciptane kowe ?
Yakuwi Gusti Ingkang Maha Agung

Pelangi 2
Ana ngendi aku bisa ngerti pelangi?
Pelangi kang bisa nguwatake atiku
Supaya bisa urip luwih kebak werna
Werna kaya pelangi ing sawise udan
Ora salah lan ora kleru
Pelangi kuwi ana ing mata
Lan esemu gawe bungah ing atiku
Pengen rasane nduweni pelangi kuwi
Kanggo genepe urip iki

You might also like