You are on page 1of 1

Ora bisa: anemu katulusan

IV Kawasa slamet urip kang kalawan langgeng, hiya iku lungguh ing laku kang andade-ake
kaluhuran
Mungguh utamane uripe manungsa iku kudu gineng, tegase karemang anglakonni tataning asik
catur pakarti, kesebut ing ngisor iki:
1. Lega, hiya iku: wenganing budi rah ayu, awit budi rah ayu iku paran-ne marang slamet
2. Tepa, huya iku: waskitha marang bener-ring panuju, sabab waskitha marang bener-ring
panuju iku amesthi bisa ambabar kawasa
3. Trima, hiya iku: lelebuh saka enggon-ne angudia nenni panduk-king nugraha, awit
anguda nenni panduk-king nugraha mau bisa anganak-ake: langgeng
4. Eling, hiya iku: angeling-ngi marang osik-king cipta kang maha nanni ing lelabuh, awit
iku bisa nuwuh-ake: urip
Mulane manungsa kang wus kawawa gineng, anglakan-ni tataning osik catur pakarti: tetep-ping
tekade ora wedi marang pati, dadi ing mengko pakoleh-e tataning osik catur pakarti mau kena
binasa-aka mangkene: wus kuwasa, slamet urip kang kalawan langgeng, lah bareng mengkono
tumuwuh ing tekad-de, apa duwe ati: wedi marang pati.
Dene kabeh manungsa iku mesthi padha angarep-pake serta kepingin marang tindak-ing kebecik-
kan, nanging padha bae karo tindak kang kasebut ing nagrep mau kabeh, kajaba saka abot-ting
lakune, uga akeh kang kurang mengerti marang sawiji-wijining panduk. Sebab padha kalimput-
dening: durta catur pakarti kang wus manukma ing ngawak-ke dene kahanan-ne durta catur
pakarti mau, kaya kasebut ing ngisor iki:
1. Angkara, sereng, kereng, utawa siguh napsu, mungguh kedadiyan-ne sugih napsu mau,
sayekti dosa.
2. Srei, iku tuwuh ing wijisaka: kemaren, panasten, salah open, mungguh kemeren,
panasten, salah open mau tereg-ge sayakti marang apes.
3. Murka, iku tuwuh ing wijisaka: pepengin-nan, mulane pepengin-nan iku sayekti dadi
rusak.
4. Lali, iku jalaran seka: kalimput-ing limut
sesarang-nging hawa napsu, lah iku amesthi kang bakal: anganak-ake pati.

You might also like