You are on page 1of 14

Ngungokake ceramah

Ceramah iku mujudake salah sijine wicara ana ing sangarepe wong
akeh utawa umum. Ceramah uga kalebu salah sijine wangun pidhato/
sesorah.
Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micaraing sangarepe
wong akeh utawa umum,ana uga kang ngandharake yen pidato utawa
sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake
basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.
Kegiyatan micara ing sangarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro,
yaiku :

a. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh


marang pamiarsane, lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa
menehi tanggepan. Tuladhane kayata ceramah, wara-wara,lan
khotbah.

b. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang


pamiarsa kanggo menehi tanggepan.
Tuladhane kayata diskusi lan rapat.
Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing
ngisor iki.
a. Naliti prakara kanthi :
1. Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakaldigayuh.
2. Naliti pamiyarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure
rata-rata piro, lsp.
3. Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi
mangsa apa.
4. Milih lan mbatesi topic.

b. Nata pidhato kanthi :


1. Nglumpukake bahan.
2. Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).
3. Ngandarake kanthi cetha.

c. Gladhen kanthi migatekake


1. Intonasi utawa lagu swara
2. Sikap
3. Gaya basa
4. Wirama

Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu


dianakake kagiyatan pambuka, yaiku :
a. Nata pokok-pokok pikiran
b. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok
c. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)
d. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis
ditata

Pidhato yaiku micara ing sangarepe wong akeh utawa umum


Tembung liyane pidhato yaiku tanggap wacana, tanggap sabda,
sarasehan, medhar sabda,
pambagyaharja.

Bedane antarane pidhato lan ceramah:


Pidhato yaiku micara ing sangarepe wong akeh utawa umum dene
ceramah yaiku micara ing
sangarepe wong akeh kanthi menehi pangerten marang wong akeh (
sawise menehi sesuluh ora
menehi kalodhangan wektu.

Sarasehan
Sarasehan yaiku patemonan kanggo ngrembug sawijining
perkara kang dipandhegani dening para ahli
(guru besar, pakar, lsp) wujude rembugan kang lumrahe
diadani kanggo ngrembug perkara sinambi ngudarasa apa
kang dadi uneg-uneg ing batin. Menawa melu seminar becike
aktif takon lan aktif menehi tanggepan tumrap informasi sing
gegandhengan karo tema utawa judhule.
Tujuwane kaanakake sarasehan yaiku, kanggo nggayuh
larasing panemu.
Ana babagan sing kudu digatekake menawa melu seminar,
yaiku:

a.Ketrampilan ngetrapake basa supaya pamireng bisa ngerteni


b.Mangerteni informasi kang dipraktekake nara sumber
c.Menehi informasi kang diandharake nara sumber
d.Aja nglalekake tata krama basa, unggah-ungguh lan subasita

Mula yen ana forum sarasehan utawa dhiskusi, luwihbecik


nggunakake basa kang baku, yaiku Basa Jawa kang lumrah
lan umum.
Paraga/Petugas ing sarasehan :

1.Panglaras/ pangarsa pirembugan : moderator


2.Panulis : notulen
3 Panitera/ pawicara/ pangandhar materi : pembicara
4.Para kadang pasarta/ Anggota
Tugas-tugase

1.Panglaras : sing mandhegani sakjroning seminar, ngadani


wiwitan tekan purna
2.Panulis : sing nyatheti lakuning seminar, kalebu sapa sing
takon , apa sing ditakokake, sing nanggepi lan sing
ditanggepi
3.Pawicara : sing maca tulisan / makalah kanggo pembahasan
4.Anggota : sing mbiyantu kabeh kalakone seminar nganti
pungkasan amrihe bisa kelakon kanthi sukses lan lancar

Tuladha temane seminar


1.Nyinau format ing silabus KBK
2.Mbrastha nyamuk DB
3.Ningkatake keamanan lingkungan
4.Carane sinau kareben rangking 1 lsp
Sarasehan kanthi becik kudu nggatekake
1. Ruang seminar
2. Peserta
3. Moderator
4. Lumakune seminar

Panyandra penganten

Panyandra iku rerumpakan kang nggambarake kaendahan


sawijining bab utawa edining swasana.
Biasane wong ngrumpaka nggunakake basa krama, malahana
uga nggunakake basa kawine supaya katon endah. Sangsaya
regeng ngrumpaka dibarung karo unine gendhing. Mula
anggone ngrumpaka kudu laras karo unine gendhing. Kajaba
kuwi, ngrumpaka kudu trep karo kahanane sing dicandra.
Tegese umpamane ngrumpaka panggihing penganten,
anggone ngrumpaka kudu trep karo apa tindake penganten
kuwi.

Supaya kasil nggonmu ngrumpaka, gatekna bab-bab ing


ngisor iki!

1.Duwe rasa percaya diri (mantep)


2.Mangerteni tegese sing diunekake
3.Swara kudu cetha (intonasi, wirama lsp)
4.Swara kudu laras karo unine gendhing
5.Kudu trep karo tumindake apa kang dicandra
6.Aja kecepeten utawa karindhiken
Nulis Wacana Argumentasi

Wacana Argumentasi
Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi
pola pikire wong liya supaya pada karo apa kang dikarepake
penulis. Kanthi mbeberake bukti lan kasunyatan, penulis
mbudidaya supaya wong kang maca percaya lan manut
tumindak jumbuh karo apa kang dikarepake.
Titikane wacana argumentasi
1.Ngupaya gawe pamaca percaya
2.Basane gampang dingerteni
3.Mbuktekake panemu

Cak-cakane nulis wacana argumentasi:


1.Milih topik/ bakune rembug
2.Nemtokake tujuwan
3.Nyusun cengkorongan/ kerangka
4.Ngembangake cengkorongan
5.Nemtokake irah-irahan/judul

Tuladha wacana argumentasi :


Ngombe alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadekake
tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat
saben tahun 25.000 luwih wong mati amarga kacilakaan lalu
lintas awit nyopir kanthi mendem.
Luwih saka 150.000 jiwa tumindak kasar klebu nglalu,
amarga mendem. Ana 40 yuta anak lan bojone padha sengsara
nandhang tekanan mental, awit salah sijine anggota keluarga
nyandu alcohol. Biasane uga wong kang senenge mendem
wonge gampang nesu, awake rusak, pikirane cethek lan
seneng sekarepe dhewe.
Drama/ sandiwara

Drama yaiku wujud karangan sing duweni seni sastra lan seni pentas. Seni sastra ateges
ditulis kanthi miturut sarat babagan sastra. Seni pentas ateges kudu delok sarat-sarate pentas.
Unsur intrinsik yaiku unsur ing sajroning crita antarane :
1.Tema : gagasaning ing sajroning crita
2.Setting/Latar : papan lan wektu prastawakanggo dumadine crita
a. Setting Tempat
b. Setting Waktu
c. Setting Suasana

3.Alur/Plot : rerangkening prastawa saka wiwitan tekan pungkasan crita


a. Alur Maju/Lurus
b. Alur Mundur/Flashback
c. Alur Campuran
d. Alur Absurd

4.Paraga/Penokohan: wong-wong kang dadi tokoh ing crita

1. Tokoh Utama
a. Protagonis paraga inti minangka lakon idhaman
b. Antagonis paraga jahat, kang dadi saingane paraga protagonis
2. Tokoh Penengah/Tritagonis
3. Tokoh Pembantu/Figuran

5.Perwatakan
a. Secara langsung ---- kanthi langsung
b. Dialog antar tokoh ---- pacelathon
c. Pikiran tokoh
d. Lingkungan tokoh
e. Tanggapan tokoh lain

6.Sudut Pandang/Pusat Pengisahan/Point Off View ----- Pamawas


1. Orang Pertama ---- wong kapisan
2. Orang Ketiga ---- Wong katelu

7.Gaya Bahasa
8.Amanat: piwulang kang mapan ing sajrone crita
9.Sinopsis : ringkesane crita
Sandiwara
Unsur intrinsik yaiku unsur ing sajroning crita antarane :
1.Tema : gagasaning ing sajroning crita
2.Setting/Latar : papan lan wektu prastawakanggo dumadine crita
a. Setting Tempat
b. Setting Waktu
c. Setting Suasana
3.Tema : gagasaning ing sajroning crita
4.Setting/Latar : papan lan wektu prastawakanggo dumadine crita
a. Setting Tempat
b. Setting Waktu
c. Setting Suasana
5.Alur/Plot : rerangkening prastawa saka wiwitan tekan pungkasan crita
a. Alur Maju/Lurus
b. Alur Mundur/Flashback
c. Alur Campuran
d. Alur Absurd
6.Paraga/Penokohan: wong-wong kang dadi tokoh ing crita
1. Tokoh Utama
a. Protagonis paraga inti minangka lakon idhaman
b. Antagonis paraga jahat, kang dadi saingane paraga protagonis

2. Tokoh Penengah/Tritagonis
3. Tokoh Pembantu/Figuran
7.Perwatakan
a. Secara langsung
b. Dialog antar tokoh
c. Pikiran tokoh
d. Lingkungan tokoh
e. Tanggapan tokoh lain
8.Sudut Pandang/Pusat Pengisahan/Point Off View
1. Orang Pertama
2. Orang Ketiga
9.Gaya Bahasa
10.Amanat: piwulang kang mapan ing sajrone crita
11.Sinopsis : ringkesane crita

Waluyo (2001:109) nyethakake maragakake sawenehing paraga ana ing sandiwara kuwi
dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya. Mula saka
kuwi, dadi paraga ana ing sawenehing lakon sandiwara kudu migatekake babagan ing ngisor
iki.

1. nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga (dadi aktor/aktris);


2. maragakake kanthi wajar, ora digawe-gawe;
3. paraga kang ditindakake diselarasake klawan tipe,gaya, jiwa, lan ancas pementasan;
4. paraga kang ditindakake diselarasake periode wektu lan watak.
Ing ngisor iki pitung cara kang bisa ditindakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon
sandiwara.

1. Gladhen olah awak


2. gladhen suara
3. gladhen observasi lan imajinasi
4. latihan konsentrasi
5. latihan teknik
6. sistem acting
7. nglancarake kaprigelan lan gladhen.

Dene babagan kang kalebu unsure intrinsic sandiwara (unsure pembangun sandiwara/drama)
yakuwi:

1. Tema
2. Underaning perkara kang arupa ide dhasar crita diarani tema. Tema sing dianggo ana
ing sandiwara dumadi saka bab-bab kang kerep diprangguli ana bebrayan
3. Paraga lan watake
4. Alur/dalan crita
5. Amanat

Ing ngisor iki tuladha crita wayang kang digunakake dadi naskah sandiiwara/drama kang
diplesetake (nyebal saka pakem/babonan).

PANYANDRA

Panyandra kuwi bisa diawaki dening panata cara, uga bisa diawaki dening juru pamedhar
sabda liyane, kayadene sing paring pambgyaharja, ular-ular. Ing ngisor iki tuladha panyandra
ana ing adicara penganten.

1. Panyandra Sasana Wiwaha

Dhedhep tidhem premanem datan ana sabawaning walang ngalisik. Lah menika ta minangka
bebukaning kandha ya bebukaning panyandra. Menika warnanira endah edining sasana
wiwaha anengsemaken nala.

Gapuraning pawiwahan rinengga rerenggan janur kuning, sinangga ing pisang raja kang wus
sumamburat, cengkir gadhing, tebu wulung, pari sawuli, sekar alang-alang miwah roning
kaluwih, ron waringin sarencekipun , pengaron isi sekar setaman, ingkang kebak ing wasita
sinandhi. Wimbuh amilangoni sasana wiwaha pinajang ing dlancang rinonce, maneka warna
kang warni.

1. Panyandra Penganten Putri Lenggah Ing Dhampar Pinajang

Binarung swaraning gangsa angrangin ambabar gendhing ketawang Puspawarna/Sekarteja,


wonten gganda arum angambar katiyubing samirana, lah menika ta sesotyaning pawiwahan
ing siang/dalu menika, putra-putrinipun Ibu/Bapak … ingkang sesilih gendhuk … mijil
saking sasana tepas wangi ngagem busana penganten putri ingayap ginarubyug para
kulawangsa, manjing jroning sasana rinengga badhe kabiwadha.

Dhasar putri sulistyeng warni, tur nedheng-nedhenge besus panttes ngadisarira dalah
ngadibusana kabiwadha kedah mengagem busana pindha putri kraton, pramila boten mokal
menawi kathah ingkang sami tambuh kamitambuh, lampahnya ruruh angujiwat, semune
daya-daya enggal dumugi ing dhampar palengggahan. Sumengkaning raos Wage-Wage
enggala Kliwon, age-age tumuli sapatemon.

Risang penganten putri ngagem busana ingkang sarwa retna amemba busananing raja putri,
katon pating galebyar pating pencorot lamun kasorot sunaring pandam kurung ingkang
angrenggani sasana adi, pan yayah kartika asilih prenah. Gelungnya malang rinengga rinonce
sekar melathi. Cecundhuk sekar kanthil, asmu suka sasmita tansah kumanthil-kanthil myang
calon penganten kakung.

Ngagem kebaya bludru awarni langking den sulam rinenda kadya kencana rukmi. Dodotipun
sidamukti prada binabar, gamparan rukmi sinulam benang emas.

Prapteng samadyaning sasana wiwaha kagyat kang apindha sitoresmi, dene uninga
sangyaning para tamu putri miwah kakung, wus kebak ambalabar angebeki jroning
pawiwahan.

Marma sakedhap tumungkul asmuu lingsem nanging gumbira jroning wardaya, sajroning
batos ngraosaken lamun sedaya ingkang anjenengi sami angalembana mring kang winisudha.

Raharja pisowanipun risang penganten putri, dupi wus prapteng pinajang, dening sang juru
sumbaga, penganten putri nulya kalenggahhaken ing dhampar rinengga. Wus satatta lenggah
anggana raras angrantu laksitaning adicara.

1. Panyandra Penganten Kakung Rawuh

Lah ta menika warnanira risang penganten kakung jengkar saking wisma palereman,
binarung ungeling gendhing ladrang wilujeng, ing pangajb tansaha manggih karaharjan.

Busananira risang penganten gumebyar sumorot, dhasar angagem busana ingkkang tinaretes
benang sotya, ngagem kuluk kanigara amemba busananing nata.

Dhampyak-dhampyak para kadang kulawangsa ingkang angayab ginarubyuk tindakira putra


penganten kakung. Risang penganten tindakira lengkeh-lengkeh piindha sardula luppa,
riaknya anggjah oling sapecak mangu sapecak kendel, asmu angungun anguningani
amriksani endah edining swasana panti wiwaha.
Wus dumugi unggyan kang tinuju, kendel tindakira ing sangajenging wiwara, kepareng sedya
angrantu laksitaning adicara salajengipun.

1. Panyandra Panggihing Penganten 1

(Sawetawis Rinengga)

Wus ndungkap wahyaning mangsa kala dhumatteng kodrat panguwaosing Gusti Ingkang
Murbeng Dumadi. Ing nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu miwah wanita
ingkang sumedya anetepi jejering gesang ngancik alam madya, amastuti gotheking para
pujangga ingkang dhahat pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi-enadahing
budaya luhung, marsudi mardaweng budya tulus. Budya ateges budi daya ingkang tuwuh
saking osiking manah, wondene tulus salwiring pangesthi ingkang tumuju dhateng kautamen.

Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana busana, ingayap sanggyaning wadu
wandawa, arsa mapag rawuhira risang penganten kakung. Dene ing wurinira ana kenya
kekalih umiring tindake penganten putri, menika ingkang sinaraya angembanpuspita adi,
ingkang winastan kalpataru Dewadaru Janadaru, kinarya saran arum dhauping penganten
sarimbit.

Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar angebeki sasana
pawiwahan, nulya ana teja angenguwung mawa praba anelahi, tuhu menika tejane sri
penganten putri. Sampating busana ingkang angemba busananing prameswari nata, tinon
saking mandrawa abyor mompyor pating galebyar pating celeret pating celorot, lamun
cinandra kadya thathit asesiring.

Amuncang kanginan denira lumaksita sri penganten putri, membat madya lumenggang ing
warih. Meloking wedana sumunu agilar-gilar kadya kencana binabar, sunaring netra andamar
kanginan mandhet kapathet ing ageman, pindha cengkir gadhing piningit yen sinawang katon
wingit.

Kicating pada katon pating galebyar dening rerengganing cenela ingkang tinaretes ing
sesotya mawaretna, ginantha ing wardaya candrane kadya wredhu angga sasra lumaku ing
wanci dalu.

Sinigeg genti kocapa, wonten kumenyaring prabawa sumirat mawa teja maya, saya dangu
saya cetha, saya caket saya caket saya ngalela. Pranyata menika tejaning penganten kakung
ingkang binayangkara, mijil saking panti palereman , kinanthi manjing ing panti wiwaha,
ginarebeg para wadu wandana, arsa amrepegi sri penganten putri.

Mubyar-mubyar busanane penganten kakung ingkang angemba busanne narpati, lamun


kadulu katon agung, mrabu miwah mrabawa. Agung tegese kebak ing kaendahan kang
sanyata adiluhung, dene mrabu pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur,
mrabawa ateges kasinungan prabawa adi endah milangoni.

Prapteng unggyan kang tinuju, sang pinangantyan kakung sumawana ingkang samya umiring
lampah, samya suka gumbiraning penggalih, sareng kapanggihkalayan sri penganten putri
sapangombyong panganthinira. Swaraning pradangga munya angrangin, kadya sung pepuji
pangastuti mring risang penganten, amrih kang kaesthi dadi, ingkang sinedya dadya.
Kadya kang wus dangu ginantha-gantha, nulya penganten kekalih samya pagut tingal.
Tempuking pandulu catur netra ingkang linambaran budi luhur, sakala wonten daya
pangaribawa ingkang ambabar karsa dadya sarana pambukaning rasa ginaib ingkang
tumanem ing wardaya.

Saksana kumlawe astane sri penganten putri sarwi ambalang gantal, iya sadak mring
penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih, datan saranta penganten kakung gya
gumantya, amballang sadak ingkang winastan gondhang tutur.

Menapa wujud sarta werdinira balang-balangan sadak ingkang kinarya wewarah piwulanging
para luhur? Pranyata wujuding gantal utawi sadak menika sedhah lininting tinangsulan lawe
wenang, sarta pinilih suruh ingkang ketemu rose, ingkang amengku werdi sinadi suruh lumah
lan kurepe iku sinawang seje rupane, yen ginigit padha rasane, kanthi pangajab nadyan
kakung lan putri iku beda, nanging sami nunggil ing cipta, rasa miwah karsa. Kapilih suruh
ketemu rose, ingajab kekalih denira mangun brayan samya pinanggya manunggal lair lan
batine. Dene sadak tinangsulan lawe wenang awarna seta, mengku sedya asung pepeling
wusnya tinangsulann ijab suci, penganten kekalih samya singset ngugemi jejibahan, samya
kekah datan nalisir saking angger ugering kautamen, inggih anggering negari miwah
anggering agami.

Sang penganten kakung nulya manjing ing korining tarub agung. Sri penganten putri
gurawalan mapag kanthi esem ngujiwat, ngasta siwur kinarya anyawuk tirta saking bokor isi
kembang setaman, nulya kasiramaken tumper, pratandha edhuming nala akarya tentrem
jenjeming wardaya sang jatukrama ingkang saweg kondur saking makarya.

Kawistara penganten kekalih wus jejer sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran
roning pisang raja, pasemone nyata lamun dhaupira wus pinasthi dadi pasanganira, ya jodho
nira, kang anggung kinudang-kudang bangkit mandhireng pribadi, wimbuh ing kawibawan lir
jejering narendra tama.

Mandhap saking pasangan, pinanganten sarimbit gya amrepegi antiga cinaket ing bokor
kencana, minangka wadhahing sekar setaman. Sakala ponang antiga ing ngasta ibu pinisepuh
kalarapaken munggwing palarapaning penganten putri, nulya agahan kabuncang tibeng
bantala, pecah sanalika nulya daya-daya penganten putri sungkem mring kakung amijiki
sukunira, kang ateges wiwit iki putri kudu bekti myang guru laki ngantya salami-lami.

Nulya kekalihnya kekanthen asta manjing ing panti wiwaha uga sinebut dhampar rinengga
minangka raja sadina.

Paripurna gatining kang titilaksita panggih, panganten nulya tindak jajar tumuju ing panti
pambojakrama. Raket supeket lampahe sang pinangantyan sariambit, akekanthen asta istane
renggang gula lir kumepyar pulut, sarimbit kadya Bathara Kamajaya miwah Bethari Ratih,
anuju dhampar pawiwahan sang pindha narendra tama.

1. Panyandra Panggihing Manten 2 (prasaja lan komunikatif)

Lah menika ta, wus dumugi wahyaning mangsa kala dhawahing pepesthen, ing samadyaning
bale pinajang ing siang/dalu menika, wonten titahing Gusti Allah SWT. Ingkang arupi
kakung miwahing putri, wus manunggaling tekad arsa mbangun brayat kanthi anetepi
upacara adat.
Sinten ta ingkang saweg mijil saking panti busana inggih menika Doker Gisselya Noorahma
putra—putrinipun Bapa Santosa Nugraha, S.Pd. ingkang wekdal menika angampingi ingkang
putri sarta ginarubyug sakulawangsanipun ingkang racak-racak ugi taksig nglajengaken
pasinaonan ing pawiyatan luhur.

Ing sangajenging kori tarub sampun samekta risang penganten kakung, inggih menika
anakmas Drs. Bagus Linuwih ingkang ugi dipun kanthi ing rama ibunipun, nun inggih Bapa
Dwija Wicaksono S.Pd. sarta para putra-putrinipun ingkang ugi kinarya pangombyong.

Dumugi korining tarub, risang penganten samya pinanggya, tempuking netra pranyata agawe
remening nala, kekalihnya gya mesem kepara badhe gumujeng dipunampet, mbokbilih sami
enget, denea amung asring pepanggih ing fakultas, teka bisa kepanggih ing sangajenging
tarub. Mbokbilih laras kaliyan ungel-ungelan, waiting traisen jalaran saka kulainten.

Lah menika ta, panganten putri anindakaken upacara mbalang sadak ingkang akwastanan
gantal dipundamel saking ujungan sedhah lininting tinangsulan lawe wenang inggih lawe
pethak. Menika pralambang tumaduking asih tresnna antawising penganten putri lan kakung,
kados ujungan sedhah lumah lan kurebe beda rupane yen giinigit padha rasane, kados
bedaning pengantin putri lan kakung, ananging wiwit titi wekdal menika sampun saiyeg
saekapti kanthi tinangsulan ijab lan kabul ingkang suci, badhe niyat kencenging pambudi
ambangun brayat piniji, anglajengaken sejarahing tiyang sepuh ugi.

Ing salajengipun, penganten putri anindakaken nyiram tumper. Piwucalipun, menawi kakung
kondur (teeko dhog) saking makarya, kapapagna mawi esem ngujiwat ingkang damel
asreping penggalih, sampun ngantos kapapag ulat petteng katambah reribet ing bale griya
ingkang pancen tansah wonten. Kekalihipun tumunten tumuju ing pasangan, (pasanganing
maesa/lembu) minangka pralampita bilih kekalihipun sampun kapasangake/sarakit dados
jodhonipun ingkang saestu badhe nyangkul jejibahan awrat saha entheng kanthi sesarengan.

Sesepuhing upacara lajeng ngasta tigan, kadumukaken ing palarapanipun penganten putri,
lajeng kaswataken ing siti ngantos pecah. Menika pralambang babaring wiji, kanthi pangajab
mugi-mugi bboten dangu malih enggal kaparingan pasihing Gusti Illahi Robbi arupi
gadhuhan momongan ingkang kedah dipungulawenthah sesarengan kanthi kebak asih lan
katresnan sejati.

Sanggyaning tamu putri miwah kakung ingkang winantu ing subasita, menika sampuun
paripurna upacara miturut tatacara naluri, upacara panggih dhauping putra penganten.
Salajengipuun brayat enggal nunten badhe ngabyantara ing dhampar pinajang. Awit saking
keparengipun sanggyaning tamu paring pakurmatan dipunaturaken panuwun.

Salajengipun, risang raja saari sampun lenggah sarimbit ing dhampar wiwaha, angantu
paringipun donga lan pangestu mbangun brayat tansah jinangkung ing puja rahayu tinebihna
saking karibetan lan satru. Nuwun!

B. CANDRANING KAANANING ALAM

Candraning kaananing alam iku akeh banget, kayata: candraning alam ing wayah esuk, ing
wayah sore, ing wayah bengi, ing gunung, ing sagara, ing padesan lan liya-liyane, keronceng
yen ta ditulisa ing buku iki kabeh.
Ing ngisor iki mung didekeki tulada candraning alam kang gegayutan karo solan-salining
mangsa.

1. Sotya murca saking embanan. Ing mangsa Kasa wit-witan akeh kang brindil. Sotya
pepindaning gegodongan, embanan pepindaning wite.
2. Bantala rengka. Mangsa Karo akeh lemah pada mletek (nela).
3. Suta manut ing bapa. Mangsa Katelu wi-gembili-gadung wiwit katon pada
mrambat. Suta pepindaning wi-gembili-gadung, bapa pepindaning rambatane.
4. Waspa kumembeng jroning kalbu. Mangsa Kapat tuk pada pipet (buntet), mulane
saupama gawe sumur ing mangsa iku, bisane nganti metu banyune ya kudu jero
banget. Waspa pepindane banyu tuk, kumembeng ora bisa metu (ora gampang metu),
kalbu pepindaning tuk (kang ngandut utawa simpen banyu).
5. Pancuran mas sumawur ing jagad. Mangsa Kalima wiwit ana udan deres, banyu
wiwit akeh, mulane wong tani pada wiwit ngolah lemah (mangsa labuh).
6. Rasa mulya kasucian. Mangsa nenem akeh who-wohan kang enak mirasa.
7. Wisa kentar ing maruta. Mangsa Kapitu akeh lelara. Wisa pepindaning wijine
lelara. Kentar ing maruta (kabuncang ing angin) pepindaning wijine lelara sumebar
tekan ing ngendi-endi (warata), satemah lelara tular-tumular.
8. Anjrah jroning kayun. Mangsa Kawolu mangsane kucing pada gandik.
9. Wedaring wacana mulya. Wedaring = metune. Wacana = gunem, ing ukara iku
maksude: uni. Mulya = luhur, linuwih, ing ukara iku ateges: apik. Mangsa Kasanga
akeh gareng muni, gansir ngentir.
10. Gedong minep jroning kalbu. Mangsa Kasapuluh akeh kewan meteng, manuk
ngendog.
11. Sotya sinarawedi. Tegese tembung: inten digosok. Sotya pepindaning anak (manuk),
sinarawedi utawa digosok pepindaning linoloh. Ing mangsa Kasawelas utawa Desta
akeh manuk ngloloh.
12. Tirta sah saking sasana. Tirta pepindaning kringet, sasana ateges panggonan,
pepindaning awak; sah ateges: pedot, oncat, bundat, kesah, ora ana. Ing mangsa
Karolas utawa Sadda ora ana wong kringetan, marga ing wektu iku mangsa bediding.
Yen wong kademen pirang-pirang, tarkadang pada gegeni (Pranata mangsa).

D u r m a (Isi candraning alam)

Tan pantara bayu bajra maliweran

gater-pater mawredi

genjot kang bantala

kartika tibeng kisma

dres sumawur sang Hyang Riris

kocak samodra

lindu mawanti-wanti (Punarbawa II)

Tan pantara = tanpa + antara, maksude: ora antara suwe.


Banyu-bajra = angin gede

Maliweran = leliweran, sajak mubeng leliweran, kaya pinusus (tumrap angin).

Geter –pater = tembung saroja, sijisijine ateges bledeg.

Geter-pater mawredi = swaraning bledeg (kang nggegirisi) saya mundak-mundak

Genjot = oreg, obah kang banget.

Kartika = wintang, lintang, sasa, sudama

Riris = warsa, udan

Mawanti-wanti = mawantu-wantu, ambal-ambalan, ora leren-leren, tanpa pedot.

You might also like