You are on page 1of 1

Jeneng : Kalihana Nanda Putri

Absen. : 19
Kelas : 11 mipa 1

Asal Usule Dusun Kedungjago

Crita iki cerita jaman kae kang nyeritakake asal usule salah sawijining dusun ing kalurahan
Kedungrejo.
Kalurahan Kedungrejo iku salah sawijining daerah ingkang amba kang kabentuk saking
kathah panggonan.
Salah sawijing panggonan iku wonten ingkang kabentuk saking 2 wilayah. Panggonan iku
dipisahke kalih kali cilik kang aran “kali mati”. Amarga panggonan iku sering kedadeyan
banjir, lemah ing kono longsor lan soko suwe kali iku soyo amba. Kali kang soyo amba iku
soyo misahake 2 wilayah kang wonten ing sawijining panggonan wau.
Miturut crita lain ing jaman kae, kali kang aran “kali mati” iku kabentuk amarga wonten ulo
gede kang ngibasake buntut e saengga ndadekake kali cilik iku dadi kali kang gede.
Ing kali gede iku wonten papan kang paling jero ing kali iku, para warga nyebut papan iku
“Kedung” Awalipun mboten wonten napa-napa ing kali iku. Nanging ing sawijining bengi,
kedung iku krungu suarane pitik jago kluruk. Para warga ngeroso kedadeyan iku mboten
saged dinalar. Nanging amarga kedadeyan wonten suara pitik jago kluruk ing kedung iku,
panggonan iku dijenengi “kedungjago”.
Tekan sakniki kali ing kedungjago iku kroso wonten hal mistis e. Kedadeyan mistis kang
kerep kedadeyan ing kali iku yaiku yen wonten warga anyar kang teko saking panggonan liya
kang arep nyebrang kali iku kathah kang klelep.
Wong klelep iku amarga wong kang arep nyebrang ngeroso yen dalan kang arep dilewati iku
dalan kang lurus amarga peningal e wong iku sampun ditutupi kalih dayang kali kedungjago.
Panggonan kang sebrangan kalih dusun Kedungjago iku diarani dusun Geneng.

You might also like