You are on page 1of 5

Njaga Kalestarian Alam

Gita : assalamu’alaikum nisa.

Nisa : waalaikumsalam git, mrene mlebu, lungguh kene.

Gita : iya nis matur suwun.

Nisa : arep ngombe apa git?

Gita : matur suwun, apa wae nis.

Nisa mlaku saka pawon gawa es jeruk kanggo gita.


Banjur gita lan nisa ngerjakake gladhen teko gurune bareng –
bareng.

Nisa : iya. git, hawane saiki kok puanas ya. Awakmu ngeroso
ora?

Gita : iya nis, panas banget dino kepungkur iki.

Nisa : aku tau maca koran, yen iki akibat pemanasan global git,
hawane panas lan jarang udan.

Gita : iya bener iku. Ditambah alas-alas saiki podo gundhul.


Minggu wingi alas jati ing desaku mari kobongan.

Gita : alas jati sing pinggire omahe Adi ?


Nisa : iya git. Winginane kobongan, genine merambat nganti
cedak pamukiman warga.

Gita : disebabake apa nis?

Nisa : aku ora ngerti, tapi jarene wong desa ku, iku bisa wae
amarga punthung rokok sing dibuwang sakpenake dewe.

Gita : iya bener iku. lha terus saiki kepriye kahanane?

Nisa : saiki ya ludes ora ana sisane. wis ora ana wit-witan apa –
apa. Kari sisa - sisa wit bekase kebakaran iku.

Gita : owalah, sakjane kudu di tanemi maneh nis, supaya ora


dadi gersang.

Nisa : iya, pak lurah ya wis woro - woro marang warga supaya
kerja bakti nanem wit – witan.

Gita : wah, kapan iku dilaksanakake?

Nisa : dina minggu sesok, awakmu arep melu ta?

Gita : iya melu nis. yawis, aku mantuk disik ya nis. Sesok aku
mrene maneh. Assalamu’alaikum.

Nisa : iya, ati – ati git. waalaikumsalam.

Gita banjur beberes lan mulih marang omahe. Ing dina


saklanjute, gita menyang omahe nisa maneh.
Gita : assalamualaikum nis.

Nisa : waalaikumsalam.

Gita : Kepriye, langsung kumpul karo warga liyane wae to


piye?

Nisa : langsung wae, ayo. banjur menyang alas bareng -


bareng.

Gita, nisa, lan para warga desa menyang alas kanggo nanem
wit – witan sing wis disediakake desa.

Bu mia : nis, wit – witan iku penting banget kanggo urip kita.
Wit iku nyediani oksigen kanggo kita napas saben dina. Mila
kita kudu njaga kalestarian wit – witan, ojo sampek di tebang
amukan. Dadi, yen wit – witan akeh lan lestari, kita bisa ngirup
hawa kang resik.

Nisa : nggeh bu, kita bakal ngelestarikaken wit – witan punika.

Gita : nis, mreneo ayo nanem bareng.

Nisa : eh iya git. Alhamdulillah, wis rampung. Mugo – mugo


wit iki bisa urip kanthi gedhe lan bisa dadi manfaat kanggo
wong akeh, amin.

Gita : amin, wis ayo ijuk lan beberes banjur mulih.


Nisa, gita lan para warga muleh menyang omahe dewe – dewe.
Saklanjute gita lan nisa menyang sekolah ing dina senin iki

Nisa : git, kepriye yen awakdhewe usul kagiyatan tanem wit


witan ing sekolah iki. Supaya sekolah awakdhewe dadi adem
lan asri git.

Gita : wah, apik kuwi. Ayo kandha bu wiwin, mben diteruske


marang kepala sekolah.

Nisa : ayo git! Muga-muga rencana awakdhewe disetujui,


amin.

Nisa lan gita nemuni bu wiwin, wali kelase, ngajukno usulan


reboisasi ing sekolahe iku. Bu wiwin nanggepi apik marang
usulane bocah loro iku. Banjur beliau neruske, arep ngehadap
kepala sekolah supaya ngelaksanakake kagiyatan reboisasi iku.

Ing sawijining dina. Nisa lan gita bungah masi mading, amarga
ana pengumuman yen sesok iku ana kagiyatan reboisasi lan
saben siswa diwajibke nggawa siji tanduran sing arep ditanam
sesuk. Nisa lan gita bungah amarga usulan bocah loro dina
kepungkur iku disetujui kepala sekolah.

Sesoke sekolah rame murid – murid sing siap tanem wit –


witan ing sekitar sekolah. Kabeh pada seneng ngelaksanakake
reboisasi ing sekolah tercinta iki. Sakwise pananduran wit
sekolah dadi luwih endah lan nyaman kanggo dipanggoni.
Muga-muga kegiyatan iki dadi kegiyatan rutin ing saben taune.

You might also like