You are on page 1of 16

Nama Kelompok:

 Nurul Ulfatul Laila (24)


 Siti Nasiroh (30)
 Diki Sulistyo (11)
 M.Ali Murtadho

Gamelan
Gamelan iku salah sijiné seni musiktetabuhan tradhisional aseli saka Indonésiautamané
ing pulo Jawa, Madura, Bali lanLombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku
"gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelaniku saprangkatpiranti musik sing dienggo
ngiringitembang, utawa ditabuh tanpa tembangminangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti
tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata
nganti Amérika,Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga
ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.

Gamelan duwéni melodhi kang magisutawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula


swarané gamelan diarani mélodi utawa wiramaperkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang
ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java,Jaap Kunst nerangaké yèn
gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulanlan miliné banyu, misterius
kaya cahyarembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.

Gamelan kalebu perangan ingkabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik
pangiring pagelaranwayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro
yaiku laraspélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén
kanggo laras pélog lansléndra.
 Fungsi
1. Ricikan/instrumèn gamelan sajroningkarawitan sacara fungsional musikal
digolongaké dadi telung klompok, yaiku :
 Klompok ricikan balungan, yaiku; ricikan-ricikan kang lagudolanané kuwi cedhak banget karo
rangka gendhing (balungangendhing). Ricikan utawa instrumèn gamelan ing kelompok iki, yaiku;

1. Saron

Saron iku salah siji perangkat gamelan


Jawasing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore.
Saron bentuké kaya lèmpèngan emas kang disusun ing kayu.
Sabenlèmpèngan nduwènititilaras kang béda.

Ana 3 jinis saron yaiku:


 Saron panerus (ing laras slendro: Peking)

 Saron barung biasa disebut saron

 Saron demung biasa disebut demung

Wujud wilah saron iki meh padha karo wilahgambang, bedane nek wilah saron
digawe saka logam (umume sing apikperunggu), nek wilah gambang digawe saka
kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah
saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.

2. Demung

Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining


pirantigamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok pirantisaron.

Iki jinis saron paling gedhé ukuranè, sing


paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembèdemung. Ana 2 jinis
saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki
ndhuwe laras beda-beda.

Wilah saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira
35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm.

Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron.

3. Saron Barung

Saron barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu
kelompok piranti saron.

Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara pekinglan demung. Ana 2 jinis
saron panerus yaiku pelog barung lan slendro barung. 2 jinis piranti panerus iki
nduwe laras beda-beda.

Wilah saron barung iki luwih gedhe dibandingsaron panerus ning luwih cilik
dibanding saron demung. Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik.
Wilah saron panerus uga ana 7.

Saron barung nduwe swara luwih dhuwur seoktaf dibanding saron demung.

4. Saron Panerus
Saron panerus iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron
panerus iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Ing larasslendro,
saron panerus diarani Peking.

Iki jinis saron sing paling cilik saka


bentuk balunganliyané yaiku saron landemung. Ana 2 jinis saron panerus
yaiku pelog panerus lan slendro panerus. 2 jinis pirantipanerus iki nduwé laras
béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané, sing apik
digawe saka sungu kebo.

Wilah saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron


barung lan demung nanging wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur
swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik
dawané watara 18 cm lan amba 4 cm.

Saron panerus nduwé swara luwih dhuwur sakoktaf dibandingaké karo saron
barung.

Cara nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung,
yaiku tikel loro saka tabuhan saron lan demung.

5. Slenthem

Slenthem iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku
disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung
utawa silinder kanggo ngetokaké gema swarané.

Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu


kaluwarga gendér; utawa dijenengi gendér panembung.
Nangingslenthem duweni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling
ngisor yen ing klompok instrumen saron. Kayademung lan saron barung,
slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih
gedhe tinimbanggendér. Arupa lèmpèngankuningan utawa wesi kang nduwéni
titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pringkanggo mbanteraké
swara.

6. Rebab

Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké


senar lan senar. Rebab iku salah sawijine racikangamelan kang cara nabuhe utawa
ngunekake kanthi digesek. Rebab iku pirantimusik saka Arab/Timur Tengah.
Nanging, saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring
digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika
pentas wayang,kethoprak, lan ing langgam-langgam.
7. Kendhang

Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh

nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora

nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké

piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga

saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y.Kendhang ing musik

gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang

nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna.

Ukuranékendhang antarané 20 cmnganti 45 cm. Kendhang

bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.

Wujudé mèh silindher,simetris,

ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan

sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh.

Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.

Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku:

(urutan saka sing paling gedhé ukurané)


 Kendhang gendhingutawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling
cendhèk

 Kendhang wayangan

 Kendhang batanganutawa ciblon

 Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur

Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi
irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo
tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa
panutup swarasuwukan.

Akèh jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:

 Dlong : swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé
(kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan
tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.

 Dhah : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé
(kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan
tlapakan tangan sing langsung diculaké.

 Thung : swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh
nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki
metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa
driji panuding sing langsung diculaké.

 Ket : swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh
nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji
manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.

 Tong : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik,
ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.

 Tak : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh
driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné
tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki
nduwé nadha paling dhuwur.

 Deng : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo
kabèh driji ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten
Madiun.

Notasi swara kendhang sing umum dienggo yaiku:


 Swara dlong diwakili simbol D

 Swara dhah diwakili simbol b

 Swara thung diwakili simbol p

 Swara ket diwakili simbol k

 Swara tong diwakili simbol o

 Swara tak diwakili simbol t

 Swara deng diwakili simbol B

8. Gendèr

Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa.


Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé
saka logam, menawa ana ing gamelanpélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana
uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang
dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau
dipasangbumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku
dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé
utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur
dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.

Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk
ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo
tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.

Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji
saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi,
supaya swarané mandheg.

Ana ing pakeliranwayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog


utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji
ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas
gamelan kalebu wigati. Ing pagelaranwayang kulit ricikan gamelan gendèr
nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran
wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing
ora tau mandheg sawengi muput.

Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku :

1. Gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé.

2. Gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan
lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.

3. Gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf
luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.

Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan, yaiku :

1. Tabuhan gendèr gembyang mbukak

2. Tabuhan gendèr gembyang nutup

3. Tabuhan gendèr gembyang minggah

4. Tabuhan gendèr gembyang mandha

5. Tabuhan gendèr kempyung mbukak

6. Tabuhan gendèr kempyung nutup

7. Tabuhan gendèr kempyung minggah

8. Tabuhan gendèr kempyung mandhap

9. Tabuhan gendèr gantungan gembyang

10. Tabuhan gendèr gantungan kempyung

11. Tabuhan gendèr mipil

12. Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran,srepeg, palaran)

Saliyané iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo ngiringi suluk
(pedhalangan)wayang, yaiku :

1. Tabuhan gendèr pathetan

2. Tabuhan gendèr ada-ada

3. Tabuhan gendèr grambyangan

9. Bonang
Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawasing ditabuh. Bonang iku
diso'ake langsung ing wilahkayu lan diayun ing loro sisi ngisore.

Ana 2 jinis bonang yaiku:

 Bonang barung

 Bonang panerus

Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih
dhuwur. Tabuh bonang digawe saka kayu sing rada empuk, wujude dawa, ing
salah siji pucuke rada gedhe tinimbang pucuk liyane, lan ing pucuk kang gedhe
iku diblebet tali. Ing groboganutawa rancak, bonang iku ditata dadi rong baris
masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning kadang uga ana sing 12.

Kethuk, kempyang,kenong lan bonang iki sejatine termasuk jinis gongning


gong sing disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng,gong
suwukan lan kempul.
10. Bonang Barung

Bonang Barung yaiku

salah sawijiné bageyan perangkatGamelan Jawa kang duwèni

bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing

Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras

Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé

ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ingRancakan saka kayu

kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan

ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.

Bonang Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu

kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggo Kainlan

pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akèh pola tabuhané, yaiku

pola tabuhanGembyang, Mipil, Imbal,Sekaran, Klénangan, lan

liya-liyané.
Bonang Barung kuwi gunané kanggo mbukani Gendhing.

Sakliyané kuwi, Bonang Barung uga bisa kanggo nuntun

alur Gendhing. Khusus ing pola Mipil, Bonang barung kuwi bisa

kanggo nuntun Instrumen liyané. Bonang Barung ora bisa dadi

lagu penuntun, nangingkolaborasi karo Bonang penerus gawé

pola lagu lan ing aksèn-aksèn penting bonang

gawé Sekaran kang biasané ana ing akhir kalimat lagu.

Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing

kagawé saka Tembaga(Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi

biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka

Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo

campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo

campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo

ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga

cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.

11. Bonang Panerus


Bonang
panerus utawaBonang penerus yaiku salah sawijining perangkatGamelan
Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentukPencon. Bonang panerus
ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélogpadha karo Bonang barung.
Laras sléndrawilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélogwilahé ana 14
cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakansaka kayu kang bentuké
kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung
yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik
banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo
nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang
pucuké diblebet ngaggo kain lanPluntur.

Bonang panerus iki cara nabuhé padha karo Bonang barung, yaiku nganggo
cara Mipil, Imbal,Sekaran, Klénangan,Gembyang, lan liya-liyane. Bonang iki
nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alurGendhing kang digawé
Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet tinimbang
Bonang Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo mbukani
gendhing.

Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé
sakaTembaga (Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih
murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi
ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo
campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga
lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl
tinimbang sing saka wesimurni.

12. Siter
Siteriku pirantigamelansing dipetik kayagitar.
Cacahsenareana 11 pasang utawa kadang 12 pasang. Siter ikifungsine pada
karoCelempung.

13. Suling

Suling iku salah sijipiranti musik sing disebul.


Fungsiné kanggo nambahswara-swara ing melodi. Ing musik gamelan Jawa,
suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog. Piranti musik suling iki uga
lumrah dianggo inggamelan Sundha.

Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter.

Swara suling dikasilaké amarga ronggaangin digeteraké liwat sebulan


angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin
sing digeteraké.

14. Gambang
Gambang iku salahsiji
perangkat gamelan Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik liya
kayadéné kulintang, sing digawé saka wilah-wilahkayu sing umumé cacah 17
nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring
kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké swara).
Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné, wilah-wilah
dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing bolongan
sing cacahé loro saben wilah.

Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede lan wilahedigawe
saka kayu sing atos banget. jaman mbiyen ana gambang gangsa, sing wilahe
digawe saka tosanutawa logam ning saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah
gambang antara 29 Cm nganti 58 Cm, sing ukurane luwih gede iku nduwe nada
swara luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa 20 wilah.

Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane yaiku
kira-kira 35 Cm.

 Kelompok ricikan utawa instrumèn struktural, yaiku; ricikan-ricikan kang agawé


raketing dolanan kanthi mbentuk struktur adhedhasar (nentukaké) wujud gendhing.
Ricikan utawa instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku;

1. Kethuk

Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawasing ditabuh. Bedha karo gong
sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi
cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonanglan kempyang. Kethuk iki wujude meh
padha karo kempyang

2. Kempyang
Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawasing ditabuh. Kempyang iku
diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip
karokenong, bonang lan kethuk. Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.

3. Kenong

Kenong iku salahsiji perangkat gamelan


Jawasing ditabuh. Bedha karogong sing digantung, kenong iku diso'ake ing
enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip
karo bonang,kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkatgamelan sing cara
ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.

Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling
dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih
ketara merga nduwe timbresing rada unik.

4. Kempul

Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawasing ditabuh kanthi cara
digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka
larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro
lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.

Bentuké kaya gong nanging


ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter
umum kira-kira 45 cm.

Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing
ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.

5. Gong

Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosanlan
nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé,
digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis
gong yaiku:gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lanpelog nduwéni
telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.

Wujudé bunder, gedhé,rada cekung,


kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-
tengah.

Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang
nadha piranti gamelan liyané.

Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir)
iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning
ditabuh ing selang wektu tinentu.

Prangkat musiktradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo


tandha paresmian utawa pambukaan acara.

6. Kecer

Kecèr iku salahsiji pirantigamelan Jawa sing


digawe saka tosan. Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing
piranti musik modern. Ing musik modern piranti iki biasa diarani cymbals.
Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana
rame lan meriah.

Carane ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh.

Kecèr iku kudu sepasang, siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing
ngisor biasane wis disoake permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur.

Sepasang kecèr iku diso'ake ing groboganutawa rancak sing wujude meh pada
karo grobogansaron ning luwih cilik sithik.

You might also like