You are on page 1of 32

Juni

SADHAR
Sabda Winedhar 2019
Mitra Saben Ari Marsudi Ati

Sabda Winedhar 165 Juni 2019


Sesarengan kaliyan sadaya pasamuwan Paduka ing saindhenging jagad,
mirunggan pasamuwan Gereja-gereja Kristen Jawa, kepareng kawula
ngaturaken pandonga punika. Matur nuwun Pangeran, Kawula sami
pinanggih malih ing mangsa Pentakosta. Kawula sami ngemut-emut
malih timbalan kawula minangka pandherekipun sang Kristus ing
saktengahing jagad, kawula pinaringan daya saged tumut makarya
ngetutaken Sang Kristus ingkang pakaryanipun tansah ndandosi gesang
ngantos wekdal samangke. Mugi pakarnyanipun dados nyata lumantar
pangangen-angen, pitembungan lan tumindak kawula; ing sak lebeting
gesang padintenan kawula sami.

Mirunggan ing salebeting kawula sami ngantu-antu nampi peparing


Paduka para Pangarsaning bangsa, mugi karentahna tentrem rahayu
Paduka ing bangsa punika. Temah sinten ingkang kapinujon kapilih saestu
tumemen anggenipun nyambut damel, tanggel jawab ngudi kahananing
bangsa ingkang kebak ing tentrem rahayu. Dene tumrap ingkang boten
kapilih, Paduka tetep ngaggem, supados saged nyambut damel
sesarengan ndhatengaken tentrem rahayu Paduka. Dene minangka warga
masyarakat lan pasamuwan Paduka, kasagedna kawula tansah ndedonga
murih mawujud tentrem rahayuning bangsa lan negari punika. Amin

Sabda Winedhar 166 Juni 2019


Setu, 1 Juni 2019
Pangentasan 33:18-23; Jabur 97:1-12; Yokanan 1:14-18

Ora Mung Abang-abang Lambé?


”Anadéné Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, ...”
(Yokanan 1:14)

Wonten unèn-unèn Jawi ”abang-abang lambé”. Déné pangertosanipun inggih


punika pitembungan ingkang namung tumempel ing lambé. Pitembungan ingkang
boten kinanthèn ing katulusaning manah. Pancèn pitembungan ingkang makaten
padatan namung sekéca kapireng, nanging dèrèng tamtu wonten kasunyatanipun.
”Abang-abang lambé” asring kalampahan ing sesambetan antawising manungsa.

Sanes prakawis ingkang namung ”abang-abang lambé” manawi Gusti ngandika:


”Anadéné Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, ...”
Pangandikanipun Gusti bab pepadhanging manungsa ing Yokanan 1:4 mawujud
nyata wonten ing Sang Sabda ingkang sampun dados daging. Boten namung
mawujud ing dhawuh, pitedah, punapa déné pranatan kanggé manggihaken
pepadhang kados nalika kapratélakaken déning Nabi Musa saha para nabi
sanèsipun (ay.17). Nanging kayektènan ing kasugenganipun Gusti Kristus minangka
pepadhang sejati. Yokanan mratélakakken paseksinipun bab pepadhang sejati
punika. Gusti Kristus ing kasugenganipun makarya nélakaken pepadhang,
mujudaken tentrem rahayu tumraping manungsa. Malah sanadyan ngantos
kasédanan ing kajeng salib, nanging Gusti Kristus wungu malih mujudaken
pepadhang sejati, nguwalaken manungsa saking panguwaos pepetenging dosa.

Minangka tiyang pitados, kita sampun nampèni ganjaran sih mawantu-wantu


saking Gusti Allah ing kasampurnanipun Sang Kristus. Ing mangsa pangantos-
antos pengetan tumedhaking Roh Suci, sumangga sesaréngan sang juru Mazmur
ngunjukaken pamuji ingkang alandhesan pangaken bilih Pangéran Yehuwah
punika Raja. Ngantos kita sami bingah-bingah awit neksèni pangandikanipun
ora mung ”abang-abang lambé”.|*RPN

Sabda Winedhar 167 Juni 2019


Minggu, 2 Juni 2019
P.Rasul 16:16-36; Jabur 97:1-12; Wah. 22:12-14,16-17,20-21; Yokanan 17:20-26

Ilmu Kanthong Bolong?


”Lan boten namung kanggé tiyang-tiyang punika kémawon anggèn Kawula
ndedonga, nanging ugi kanggé tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula
margi saking piwulangipun,” (Yokanan 17:20)

Wonten unèn-unèn Jawi ”Ilmu Kanthong Bolong”. Ing adat saben unèn-unèn punika
kaginaaken kanggé nyebat tumraping tiyang ingkang purun mulangaken sadaya
kadigdayanipun tanpa wonten ingkang dipun tutup-tutupi minangka wewadi. Ing
gesang punika wonten tiyang ingkang nggadhahi kadigdayan mirunggan ingkang
dipun sebut ngélmuné dhuwur. Tiyang ingkang kados makaten asring dados jujugan
tumraping tiyang-tiyang ingkang kepingin sinau kadigdayan. Kamangka boten
sadaya tiyang ingkang ngélmuné dhuwur purun mulangaken sadaya kadigdayanipun
dhateng ngasanès, supados boten wonten tandhingipun. Ing kasugengan saha
paladosanipun, punapa Gusti Yésus ngetrapaken ’ilmu kanthong bolong’?

Pangandikanipun Gusti Yésus: ”Lan boten namung kanggé tiyang-tiyang punika


kémawon anggèn Kawula ndedonga, nanging ugi kanggé tiyang-tiyang ingkang
pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun”. Gusti Yésus boten namung
mulang kanthi ’ilmu kanthong bolong’. Sadaya kawulangaken tanpa dipun tutup-
tutupi minangka wewadi, saha ingkang sami pitados kadongakaken lan kasuwunaken
berkah dhumateng Ramanipun. Piwulang bab sumarah saha bekti dhumateng
Sang Rama. Tiyang-tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun saking
piwulanging para siswanipun ugi kasuwunaken berkah.

Rahayu para tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yésus saking piwulanging
para siswanipun. Awit kita kalebet tiyang-tiyang ingkang boten namung nampi
’ilmu kanthong bolong’, nanging ugi tiyang-tiyang ingkang kasuwunaken berkah
dening Gusti Yésus dhumateng Ramanipun. Ing mangsa pèngetan pangantos-
antos tumedaking Roh suci, sumangga sami migunaaken ilmu ingkang sampun
kawulangaken dening Gusti Yésus knanthenan pitados bab berkah ingkang
sampun kasuwunaken dening Panjenenganipun dhumateng Sang Rama.|*RPN

Sabda Winedhar 168 Juni 2019


Senèn, 3 Juni 2019
Pangentasan 40:16-38; Jabur 29; Yokanan 15:26-16:4a

Ora Tèdhèng Aling-Aling


”Nanging kabèh iki Daktuturaké marang kowé, supaya manawa tekan ing
titimangsané kowé padha éling , yèn kowé wus padha Dakkandhani.”
(Yokanan 16:4a)

Wonten unèn-unèn Jawi ”Ora Tèdhèng Aling-aling”. Déné pangertosanipun inggih


punika punapa wontenipun, tanpa dipun tutup-tutupi. Saking unèn-unèn punika
kita manggihaken piwulang bilih gesang punika kedah punapa wontenipun, saé ing
pitembungan punapa déné ing sikep gesang. Gusti Yésus naté ngandika dhateng
para sakabat: ”Nanging kabèh iki Daktuturaké marang kowé, supaya manawa tekan
ing titimangsané kowé padha éling, yèn kowé wus padha Dakkandhani.” (Yokanan
16:4a). “Ora Tèdhèng aling-aling” anggènipun Gusti Yésus ngandika bab resiko
tumraping para tiyang ingkang katimbalan kanggé neksèni bab Panjenenganipun.

Timbalan kanggé neksèni bab Panjenenganipun kapratélakaken dhateng para sakabat


lumantar pangandika ”Ananging kowé iya kudu padha dadi seksi, marga kowé
padha nunggal karo Aku wiwit wiwitan mula” ing Yokanan 15:27. Èstunipun ingkang
badhé mujudaken paseksi bab Panjenenganipun inggih punika Sang Juru Pangilpur
ingkang kautus dening Sang Rama minangka rohing kayektèn. Para sakabat namung
dados sarana Rohing kayektèn mujudaken paseksinipun. Punika ateges ingkang
katimbalan kanggé neksèni bab Panjenenganipun ugi kula lan panjenengan, tiyang
pitados ing wegdal sapunika. Pancèn wonten resikonipun, nanging ingkang kita
seksèni punika bab kayektèn ingkang saking Sang Rama lumantar Rohipun.

Ing mangsa pèngetan pantantos-antos tumedhaking Roh Suci, inggih Rohing


Kayektèn ingkang saking Sang Rama sumangga kita nyawisaken dhiri kanthi
sumadya dados seksinipun Gusti. Ingkang kita seksèni boten namung kayektèning
Gusti nanging ugi Gusti ingkang dados tuk kayektèning gesang. Panjenganipun
Sang Kayektèn sejati ingkang nimbali kita kanthi ”ora tèdhèng aling-aling” bab
resikonipun. Sumangga kita ugi ”ora tèdhèng aling-aling” nalika neksèkaken bab
Panjenenganipun, Sang Kayektèn Sejati.|*RPN

Sabda Winedhar 169 Juni 2019


Selasa, 4 Juni 2019
2 Babad 5:2-14; Jabur 29; Yokanan 16:5-11

Ceblok Alu
”...: Luwih maédahi marang kowé, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora
lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowé, ...” (Yokanan 16:7)

Wonten unèn-unèn Jawi ”ceblok alu”, ingkang pangertosanipun miturut wegdal


utawi giliranipun piyambak-piyambak. Umpaminipun jadwal jagi pos kamling,
punika mesti wonten wegdal giliranipun piyambak-piyambak. Nalikanipun jagi pos
kampling dipun tindakaken kanthi boten manut giliran saha tanpa mirembag
kaliyan sanèsipun, mesthi ndadosaken kisruh.

Gusti Yésus naté ngandika: ”...: Luwih maédahi marang kowé, manawa Aku lunga.
Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi
kowé,…” (Yokanan 16:7). Pangandikanipun Gusti Yésus punika nedahaken bilih
wonten wegdal pakaryanipun piyambak-piyambak. Kanthi tembung sanès,
wonten giliranipun piyambak-piyambak. Wegdal pakaryanipun Gusti Yésus
kanggé mbirat-nebus dosaning jagad sampun rampung. Déné salajengipun dados
wegdal giliranipun Sang Juru Panglipur. Pakaryaning Sang Juru Panglipur inggih
punika kanggé ngyakinaken jagad bab dosa ingkang sampun nguwaosi jagad,
nanging wonten kayektèn ingkang ngleresaken saha paring margi wangsul tumuju
Sang Rama. Lan ugi mgundhangaken wontenipun pangadilan tumraping sadaya
manungsa. Lampahipun pangadilan inggih punika tumraping manungsa ingkang
pitados dhumateng Gusti Yésus, badhé manggihaken kayektèn ingkang ngleresaken
saha mbekta wangsul dhumateng Sang Rama. Déné manungsa ingkang boten
pitados, tamtu boten kaleresaken awit boten nggadhahi kayektèn ingkang
nedahaken margi wangsul dhumateng Sang Rama.

Rahayu saben tiyang pitados ingkang manggihaken kayektèn, ingkang ngleresaken


saha nedahi margi wangsul dhumateng Sang Rama. Sanadyan tiyang pitados wau
boten mrangguli pakaryan kaliwujengan ingkang katindakaken Gusti Yésus nalika
mbirat dosa. Awit ceblok aluning Sang Panglipur ngantos wegdal sapunika dumugi
ing wegdal pangadilan pungkasan. Sang Juru Panglipur tetep makarya tumrap tiyang
pitados kanggé nedahaken dosa, nanging wonten kayektèn ingkang ngleresaken
saha mbekta wangsul ing Sang Rama.|*RPN

Sabda Winedhar 170 Juni 2019


Rebo, 5 Juni 2019
Yèhèzkièl 3:12-21; Jabur 29; Lukas 9:18-27

Éman-éman Ora Keduman


”Apa gunané wong bisa ndarbèni donya iki kabèh, yèn banjur tiwas lan
nandhang kapitunan awaké dhéwé?” (Lukas 9:25)

Wonten unèn-unèn Jawi ”Éman-éman ora keduman”, ingkang pangertosanipun


prakawis ingkang dipun éman-éman utawi dipun wèt-wèt malah ical. Ing adat saben
manungsa ngéman saha ngewèt-wèt barang darbèkipun, nanging nyatanipun
barang darbè punika wau ugi ical. Umpaminipun tiyang ingkang nyimpen beras
kanthi pangangkah supados mangké saged dipun sadé kanthi regi ingkang inggil.
Nanging awit kedangon anggènipun nyimpen, berasipun malah bubuken.
Pungkasanipun malah kapitunan ingkang pinanggih. Èstunipun unèn-unèn punika
ngemot piwucal supados manungsa boten munjeraken gesangipun dhateng
barang kadonyan ingkang saged ical.

Gusti Yésus ngandika: ”Apa gunané wong bisa ndarbèni donya iki kabèh, yèn
banjur tiwas lan nandhang kapitunan awaké dhéwé?” (Lukas 9:25). Pangandika
punika èstunipun ugi ngèngetaken dhateng kita supados boten munjeraken gesang
dhateng prakawis kadonyan ingkang saged ical. Nanging dhumateng Gusti Allah.
Kados pundi caranipun? Ing Lukas 9:23 Gusti Yésus ngandika: ”...: Saben wong kang
kepengin ngetut buri Aku, iku kudu nyingkur awaké dhéwé, ... manggul salibé lan
ngetutaké Aku.” Gusti Yésus dados patuladaning manungsa ingkang munjeraken
gesangipun dhumateng Allah, Ramanipun. Caranipun kanthi setya ngabekti dhumateng
Ramanipun, nilaraken saha nyingkur kapentinganing dhiri, boten ngéman-éman
prakawis kadonyan. Malah sanadyan kedah nanggel salib, Gusti Yésus tetep setya
bekti. Mila Gusti Yésus kawungokaken malih saking antawising tiyang pejah, lajeng
minggah ing swarga. Saben tiyang ingkang kepingin ngraosaken kamulyan saking
Allah, kedah ngetut wingking Gusti Yésus ingkang setya bekti dhumateg Ramanipun.

Sumangga kita ngetut wingking Gusti Yésus. Kanthi temen anggèn kita nilar lan
nyingkur kapentingan dhiri, boten ngéman prakawis kadonyan, saha purun nanggel
salib. Sadaya dados wujud anggèn kita ora ngéman-éman supados keduman
kamulyan saking Sang Rama.|*RPN

Sabda Winedhar 171 Juni 2019


Kemis, 6 Juni 2019
Yésaya 32:11-17; Jabur 104:24-34, 35b; Yokanan 16:12-15

Kawula Mung Saderma


”Isih akèh prakara kang prelu Daktuturaké marang kowé, nanging saiki kowé
durung bisa nggayuh” (Yokanan 16:12)

Wonten unèn-unèn Jawi ”Kawula mung saderma”. Sacara jangkep ”Kawula mung
saderma, mobah mosik karsaning Hyang Sukma”. Pangertosanipun inggih punika
bilih manungsa namung abdi ingkang nglampahi, déné éwah-éwahaning kawontenan
saha pepesthènipun punika dados hak lan karsanipun Gusti Allah. Manungsa
Pancèn kedah nglampahi gesangipun kanthi ngetog kakiyatanipun lan masrahaken
sadaya kawontenanipun dhumateg Gusti Allah.

Gusti Yésus naté ngandika: ”Isih akèh prakara kang prelu Daktuturaké marang kowé,
nanging saiki kowé durung bisa nggayuh” (Yokanan 16:12). Lumantar pangandika
punika kita dipun èngetaken bilih manungsa punika winates kawontenanipun,
awit boten saged nggayuh samudayanipun. Tamtu ing kawontenan ingkang
winates punika pancèn kita kedah ngetog kakiyatan, nanging kita ugi wajib
masrahaken sadaya kawontenanipun dhumateng Gusti Allah.

Rahayu tumrap tiyang ingkang purun ngetog kakiyatan kinanthi pasrah dhumateng
Gusti Allah. Awit prasetyanipun Gusti: ”Nanging yèn Sang Juru Panglipur iku rawuh,
iya iku Rohing Kayektèn, iku bakal nuntun kowé marang kayektèn sasampurnané. Awit
mungguh pamangsité iku ora bakal saka karsané piyambak, nanging sapamirengé
iku bakal diwangsitaké sarta kowé bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon.”
Tiyang ingkang ngetog kakiyatanipun, kinanthi pasrah gesang dhumateng Gusti Allah
badhé tinuntun ngantos dumugi ing kasampurnaning kayektèn. Déné wujuding
kayektèn inggih punika badhé dipun sumurupaken utawi dipun mangertosaken
bab-bab ingkang dèrèng kagayuh saha badhé kalampah.

Sumangga kita sangsaya ngantepaken kapitadosan. Anteping kapitadosan kita


wujudaken kanthi ”Kawula mung saderma, mobah mosik karsaning Hyang Sukma”.
Nglampahi gesang kanthi ngetog kakiyatan ingkang kinanthi pasrah dhumateng
Gusti Allah ingkang badhé nyumurupaken bab-bab ingkang dèrèng kagayuh saha
badhé kalampah, minangka wujud samurnaning kayektèn.|*RPN

Sabda Winedhar 172 Juni 2019


Jemuwah, 7 Juni 2019
Yésaya 44:1-4; Jabur 104:24-34, 35b; Yokanan 16:20-23a

Kamulyaning Urip Dumunung Ana ing Tentreming Ati


”Mangkono uga kowé samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku
bakal nemoni kowé manèh témahan bakal padha bungah atimu lan ora ana
wong siji-sijia kang bisa ngilangaké kabungahanmu iku.” (Yokanan 16:22)

Wonten unèn-unèn Jawi ”Kamulyaning urip dumunung ana ing tentreming Ati”.
Kabingahan, katentreman, saha kabegjan punika boten gumantung saking kawontenan
ing sajawining gesang, nanging gumantung dhateng manahing tiyang ingkang
ngraosaken. Sanadyan manéka warni prakawis saé saha mbingahaken ngupengi
kita, nanging manawi manah kita nembé sumpek lan sedhih, tamtu kita boten
ngraosaken bingah. Kosok wangsulipun, sanadayan nembé ngadhepi masalah
punapa déné kacingkrangan ing gesang, manawi manahipun tenang lan tentrem,
tamtu badhé saged ngadhepi kanthi ènthèng sakéca. Kunci kamulyaning gesang
Pancèn gumantung ing kawontenaning manah.

Paseksining Yokanan bab pangandikanipun Gusti Yésus, ”Mangkono uga kowé


samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowé manèh
témahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangaké
kabungahanmu iku” (Yok.16:22). Pangandika punika nedahaken bilih kamulyaning
gesangipun para sakabat namung dumunung ing manahipun. Inggih punika manah
ingkang tenang ngraosaken tentrem rahayu awit tetunggilan kaliyan Gusti Yésus.
Kamangka kawontenan gesanging para sakabat sadèrèngipun sami nangis, sesambat
lan sisah awit wonten manéka warni panandhang ingkang dipun gambaraken
kados déné pawestri nalika nglarani. Nanging sadaya kawontanan gesang punika
ginantosan manah ingkang bingah, tenang, kebak tentrem rahayu awit tetunggilan
malih kaliyan Gustinipun. Lan ing kawontenan kebak tentram rahayu kados
makaten, andamel para sakabat sampun boten migatosaken prakawis-prakawis
ingkang ndhatengaken tangis, pasambat, punapa déné sisah malih.

Rahayu kita para kagunganipun Gusti ingkang purun nyinau ”kamulyaning urip
dumunung ana ing tentreming ati” kados pitedahipun Gusti Yésus dhumateng para
sakabatipun. Nalikanipun kita ngraosaken tetunggilan kaliyan Gusti, tentreming ati
mesti tuwuh ing gesang kita. Raos tentreming manah punika ingkang damel kita
ngadhepi punapa kemawon kanthi ènthèng-sakéca.|*RPN

Sabda Winedhar 173 Juni 2019


Setu, 8 Juni 2019
2 Para Raja 2:1-15a; Jabur 104:24-34, 35b; Lukas 1:5-17

Anak Anung Anindhita


”Iku bakal ndadèkaké bungah lan renamu, apa déné akèh wong kang bakal
bungah marga saka laire bocah mau.” (Lukas 1:14)

Wonten unèn-unèn Jawi ”Anak anung anindhita” minangka sebatan tumraping


laré ingkang nggadhahi daya linuwih, kadosta ing babagan kepemimpinan, kapinteran,
kakiyatan, lsp. Kala rumiyin anak anung anindhita punika gawan bayi punapa déné
proses sacara alami. Nanging ing jaman samangké anak anung anindhita saged
katuwuhaken dening tiyang sepuh ingkang mranata, ngeneraken punapa déné
ngolah minat lan bakating anak. Minat lan bakating anak ingkang èstunipun ugi
peparinging Gusti dipun pranata kanthi temen. Kanthi makaten wiwit usia dini
sampun katingal nggadhahi keahlian punapa déné kapinteran mirunggan.

Pangandikanipun Gusti Allah dhumateng Zakharia ngengingi calon anakipun


lumantar malaékatipun ugi mratélakaken bab ”anak anung anindhita”. Anak punika
mangkénipun kedah dipun paringi nama Yokanan. Daya linuwihipun Yokanan
inggih punika badhé damel bingah saha rena tumraping tiyang sepuh punapa déné
ngakathah. Yokanan badhé dados laré pinunjul ing ngarsanipun Pangéran, boten
naté endem-endeman, sarta kapenuhan Roh Suci wiwit ing guwa garbaning
biyungipun, Elisabèt. Badhé njalari kathah tiyang Israèl sami mratobat dhumateng
Pangéran. Kanthi kawontenan daya linuwihipun, Yokanan dados cecala ngrumiyini
tindakipun Pangéran kanthi roh lan panguwaosipun Elia. Piyambakipun
nyawisaken umat ingkang sembada dhumateng Pangéran Yehuwah. Kadadosaning
Yokanan minangka ”anak anung anindhita” punika awit Gusti Allah ngétang
kamursidaning Zakharia lan Elisabèt minangka tiyang sepuh (ayat 6).

Rahayu para kagunganipun Gusti ingkang purun tansah sinau gesang mursid ing
ngarsanipun Gusti Allah, kanthii tansah nindakaken pepakèn lan pranataning Gusti
Allah. Pancèn wonten winates saha karingkihaning kamanungsan. Nanging
nalikanipun karingkihan punika dipun akeni lan purun wangsul mratobat kanggé
nindaken pepakèn lan pranatanipun Gusti Allah mesthi kapitulungan rahayu.
Pitadosa bilih tedhak turun panjenengan ugi dados ”anak anung anindhita” ing
ngarsanipun Gusti Allah kados déné Yokanan.|*RPN

Sabda Winedhar 174 Juni 2019


Minggu, 9 Juni 2019
Pur. Dumadi 11:1-9; Jabur 104:24-34, 35b; Para Rasul 2:1-21; Yokanan 14:8-17

Ora Sabaèné
”Apa kang Daktuturaké marang kowé iku, ora Dakucapaké saka karepku
dhéwé, nanging Sang Rama, kang dumunung ana ing Aku, Panjenengané iku
kang nindakaké pandamelé” (Yokanan 14:10b)

Wonten unèn-unèn Jawi ”ora sabaèné”. Nalikanipun wonten tiyang ingkang


wicantenipun utawi tumindakipun kaanggep benten kaliyan kabiasaan, asring dipun
ungelakaken ”wis ora sabaèné”. Pancèn unèn-unèn punika asring kaginakaken
tumraping tiyang ingkang mèh tilar donya. Èstunipun tembung ”ora sabaèné” punika
ngemu pangertosan bab kayakinan bilih pangucap utawi tumindakipun sadèrèk
wau kados-kados saking kakiyataning pehak sanès, inggih punika Gusti Allah.

Gusti Yésus naté ngandika: ”Apa kowé ora ngandel yèn Aku iki ana ing Sang Rama
lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang Daktuturaké marang kowé iku, ora
Dakucapaké saka karepku dheewe, nanging Sang Rama, kang dumunung ana ing
Aku, Panjenengané iku kang nindakaken pandamelé.” (Yok.14:10b). Pangandikanipun
Gusti Yésus punika manawi kita raosaken kanthi wening mèh sami kaliyan pangertosan
”ora sabaèné”. Sanes ing prakawis Gusti Yésus badhé séda utawi kasédanan ing
kajeng salib. Nanging punapa ingkang dados pakaryaning Gusti Yésus sadangunipun
tetunggilan kaliyan para sakabat punika namung saking Gusti Allah, Sang
Ramanipun. Punapa kemawon ingkang kaucapaken saha katindakaken, punika
pakaryaning Sang Rama. Nalikanipun nyarasaken tiyang sakit, nangèkaken tiyang
pejah, paring tedha dhateng tiyang kathah, nundhung dhemit, ngelèkaken tiyang
wuta, ngapunteni dosaning tiyang budhug, lsp., sadaya punika pakaryanipun Sang
Rama ingkang dumunung ing Gusti Yésus. Sadaya katindakaken mboten awit
karsanipun Gusti Yésus piyambak, nanging karsanipun Sang Rama.

Para sakabat saha para pandhèrèkipun Gusti Yésus ngantos ing wegdal sapunika
èstunipun ugi katimbalan kanggé nulad dhumateng Gusti Yésus kanthi mujudaken
gesang ingkang ”ora sabaèné”. Sanes ing prakawis pangucap kados tiyang ingkang
mèh tilar donya. Nanging gesang kita punika muwujdaken punapa ingkang dados
karsanipun Sang Rama. |*RPN

Sabda Winedhar 175 Juni 2019


Senèn, 10 Juni 2019
Yoèl 2:18-29; Jabur 48; Markus 9:14-29

Malik Bumi
”Kula pitados, mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten
pitados punika!” (Markus 9:24)

Wonten unèn-unèn Jawi ”malik bumi”. Mokal kalampahan manawi wonten tiyang
ingkang saged ”malik bumi”. Èstunipun unèn-unèn punika namung pinangka
pasemon tumraping tiyang ingkang ngalami éwah-éwahaning gesang sacara 180o.
Mengsah, malih dados sakabat utawi kanca raket; swau boten pitados, dados
pitados, lsp.

Waosan Injil Markus 9:23 nyariosaken bab tiyang ingkang anakipun kapanjingan
dhemit lajeng matur dhumateng Gusti, ”manawi Panjenengan saged, karsaa
paring piwelas dhateng kula”. Gusti Yésus lajeng ngandika: ”Kandhamu: Manawi
Panjenengan saged. Ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”
(Mar.9:23). Tiyang punika lajeng matur kanthi sora: ”Kula pitados, mugi karsaa
paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!” (Mar.9:24).
Tiyang punika ngalami éwah-éwahan kados déné unèn-unèn ”malik bumi”.
Saking boten pitados ngalami éwah-éwahan dados pitados. Tiyang punika sewau
ngatingalaken anggènipun boten pitados dhumateng Gusti Yésus. Tiyang punika
namung ”cobi-cobi” anggènipun nyuwun tulung dhumateng Gusti Yésus. Nanging
salajeng malik grembyang, dados kumandel. Mila aturipun: ”Kula pitados, mugi
karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!”

Minangka tiyang Kristen, punapa kita sampun saèstu dados tiyang ingkang
kumandel? Utawi kita malah taksih ”cobi-cobi” mbok manawa ana berkahé?
Sumangga naliti dhiri pribadi. Nalikanipun kita sadhar jebulipun dados tiyang
ingkang boten pitados, kita sinau dhateng tiyang ingkang anakipun kapanjingan
dhemit. Kanthi andhap asoring manah, Roh suci tamtu nyagedaken kita nglairaken
pangaken: ”Kula pitados, mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang
boten pitados punika!”.|*RPN

Sabda Winedhar 176 Juni 2019


Selasa, 11 Juni 2019
Yèhèzkièl 11:14-25; Jabur 48; Markus 9:30-37

Wani Ngalah Luhur Wekasané


”Sing sapa kepingin dadi pangarep, iku dadia kang kèri dhéwé lan dadia
paladéné wong kabèh ” (Markus 9:35)

Wonten unèn-unèn Jawi ”wani ngalah luhur wekasané”. Tembung “wani” ing unèn-
unèn punika ngemu teges kanthi anteping manah sengaja nindakaken satunggaling
pandamel. Mila ”wani ngalah” ateges sengaja ngawon ingkang katindakaken kanthi
anteping manah. Pancèn resikonipun kados-kados kedah wirang awit rumaos
kawon. Nanging punika wujuding wateg ksatria, awit kanthi rila masrahaken hak
mimpangipun dhateng ngasanès. Prakawis punika katindakaken kanthi anteping
manah supados mboten wonten cecongkrahan. Mila ing tembé wingkingipun
tiyang ingkang ”wani ngalah” badhé luhur wekasanipun, awit saged nuwuhaken
bedhamèn.

Para sakabat boten samidéné purun ”wani ngalah”, ingkang wonten namung
cecongkrahan utawi regejegan rebut bab ingkang ”dhuwur dhéwé”. Mila Gusti
Yésus lajeng ngandika: ”Sing sapa kepingin dadi pangarep, iku dadia kang kèri
dhéwé lan dadia paladéné wong kabèh.” (Markus 9:35). Èstunipun punika mèh
sami kaliyan unèn-unèn Jawi: ”wani ngalah luhur wekasané”. Sok sintena tiyang
ingkang purun dados ingkang kantun saha dados peladosing tiyang kathah, sami
kaliyan tiyang ingkang ”wani ngalah”. Tiyang ingkang makaten kanthi antebing
manah sengaja ngawon, mila salajeg badhé ”luhur wekasanipun”. Supados saged
nampi piwucal bab ”wani ngalah”, Gusti Yésus lajeng mapanaken laré alit ing
satengahing para sakabat. Ing ngriki para sakabat kedah miwiti gesang kanthi
samidéné ngapunten kados laré alit. Manawi laré alit bibar regejegan punika
sampun rampung samudayanipun, boten wonten malih manah ingkang jèngkèl,
mila saged gesang saha dolanan sesaréngan malih.

Tiyang pitados kaajak kanggé sinau nampi piwucalipun Gusti Yésus bab ”wani
ngalah”. Déné piwucal punika namung badhé saged kita tampi saha kita
wujudakaken, nalikanipun kawiwitan ing manah ingkang wening-resik tanpa
wonten raos jèngkèl, kados laré alit ingkang boten ngémut-émut malih bab
regejegan. Kanthi makaten gesanging tiyang pitados, awit tinuntun Roh Suci
dados sumbering bedhamèn. |*RPN

Sabda Winedhar 177 Juni 2019


Rebo, 12 Juni 2019
Wilangan 24:1-14; Jabur 48; Lukas 1:26-38

Rahayu Ing Manah


”Maryam banjur munjuk, ”Sumangga, kawula punika abdinipuun Pangéran,
kadhatengana kadosdéné ingkang Paduka ngandikakaken.” (Lukas 1:38a)

Wonten unèn-unèn Jawi ”rahayu ing manah”. Ing padatan tiyang ingkang sinebut
”rahayu ing manah” punika tiyang ingkang tenang, boten remen campur asta bab
urusaning liyan, saha nggadhahi anteping kapitadosan dhumateng Gusti Allah.
Tiyang ingkang kados makaten ngrumaosi jejering gesangipun namung kanggé
mujudaken pangabekti dhumateng Gusti Allah, sadèrèngipun wangsul kondur ing
ngarsanipun.

Ing Injil Lukas 1:26-38 kita mrangguli bab Maryam dados tiyang ingkang”rahayu
ing manah”. Sanadyan nampi pawarta ingkang ngagètaken saking malaékat
Gabrièl bab anggènipun badhé ngandheg sadèrèngipun sesémahan, nanging
Maryam tetep tenang. Tenang ing ngriki boten ateges tanpa menggalih lan
namung manut. Aturipun Maryam ing ayat 34: ”Punika sagedipun kalampahan
kadospundi, jalaran kawula dèrèng émah-émah?” dados titikan bilih Maryam ugi
menggalih saha nggegilut pawarta ingkang kapireng. Ing sisih sanès Maryam ugi
dipun wartani bab Elisabèt, sanakipun ingkang sampun sepuh ugi ngandheg.
Padatan, nalika wonten tiyang nampi pawarta bab wontenipun sadèrèk ngandheg
nalika sampun umur, lajeng nlesih kalampahipun, ingkang lajeng kaginakaken
kanggé rerasanan kaliyan ngasanès. Nanging Maryam boten campur asta kanthi
nlesih bab kalampahipun, punapa malih ngrasani. Maryam malah lajeng munjuk:
”Sumangga, kawula punika abdinipun Pangéran, kadhatengana kadosdéné
ingkang Paduka ngandikakaken.” (Luk.1:38a). Punika wujud bilih Maryam
minangka tiyang ingkang ”rahayu ing manah”. Inggih awit dayaning Roh Suci
ingkang nedhaki saha nyagedaken Maryam ngrumaosi jejering gesangipun kanggé
mujudaken pangabekti dhumateng Gusti Allah.

Tiyang pitados katimbalan mujudaken gesang ingkang ”rahayu ing manah”. Kadosdéné
Maryam ingkang tenang sanadyan nggadhahi gegilutaning gesang, boten remen
campur asta bab urusaning ngasanès, saha ingkang wigati ngrumaosi jejering
gesang namung kanggé ngabekti dhumateng Gusti Allah. Sadaya awit dayaning
Roh Suci ing gesang kita. |*RPN

Sabda Winedhar 178 Juni 2019


Kemis, 13 Juni 2019
Wulang Bebasan 3:13-18; Jabur 8; Markus 9:38-40

Dipikir Sing Wening, Sadurungé Tumindak


”...: Aja kokpenging, awit ora ana wong kang nindakaké mukjijat atas
jenengku, banjur ngala-ala Aku.” (Markus 9:39)

Wonten unèn-unèn Jawi ”dipikir sing wening, sadurungé tumindak”. Unèn-unèn


punika ngemu piwucal adi. Inggih punika saben manungsa kedah nengenaken bab
wigatinipun menggalih ingkang temen sadèrèngipun tumindak. Sampun grusa-grusu
saha anggeripun tumindak, nanging kedah dipun timbang-timbang bab resikonipun.
Déné manawi sampun nemtokaken satunggaling keputusan, kedah dipun lampahi
kanthi sawetahing manah saha purun tanggel jawab nampi sadaya konsekwènsinipun.

Gusti Yésus naté ngandika: ”Aja kok penging, awit ora ana wong kang nindakaké
mukjijat atas jenengku, banjur ngala-ala Aku.” (Mar.9:39). Kanthi pangandikanipun,
Gusti Yésus paring pémut dhateng Yokanan bab ”dipikir sing wening, sadurungé
tumindak”. Gusti Yésus ngajak Yokanan mikir kanthi temen saha wening; bilih
tiyang ingkang nindakaken mukjijat atas Asmanipun, tamtu boten lajeng ngala-ala
bab Panjenenganipun.

Ing sisih sanès èstunipun Gusti Yésus ugi nembé paring pangertosan dhateng
ngakathah; manawi nindakaken mukjijat atas Asmanipun, kedah dipun lampahi
kanthi sawetahing manah saha purun tanggel jawab nampi sadaya konsekwènsinipun.
Konsekwènsinipun inggih punika manawi ora nyulayani kedah ngrojongi, manawi
ngrojongi inggih sampun nyulayani. Boten dipun keparengaken manawi namung
”golek pénaké thok”. Gawe mukjijat kanggo kaluhurané dhéwé, utawi entuk
mukjijaté nanging emoh ngluhuraké Asmané.

Dinten punika tiyang pitados kaajak methukaken ing Minggu Trinitas minangka
wujud kapitadosan bilih Gusti Allah sampun makarya kanthi sampurna ing Sang
Rama, Sang Putra saha Sang Roh Suci. Sumangga nglampahi gesang kanthi paugeran
”dipikir sing wening, sadurungé tumindak”. Sampun gampil mbiji tumindakipun
ngasanès, punapa malih ngantos dumugi ngukumi. Nanging ugi sampun nglampahi
gesang ingkang namung ”golek pénaké thok”. Lampah gesang kawujudna kagem
kaluhuranipun Gusti ingkang sampun makarya kanthi sampurna. |*RPN

Sabda Winedhar 179 Juni 2019


Jemuwah, 14 Juni 2019
Wulang Bebasan 3:19-26; Jabur 8; Markus 9:41-50

Ulat Madhep Ati Mantep


”Uyah iku Pancèn gedhé paédahé, nanging manawa ilang asiné, kang kagawé
mulihaké rasané apa? Kowé padha tansah duwéa uyah ana ing batinmu ...”
(Markus 9:50)

Wonten unèn-unèn Jawi ”ulat madhep ati mantep”. Unèn-unèn punika dados
pemut, bilih kanggé nggayuh satunggaling pangajeng-ajeng ingkang saé , dipun
betahaken lempeng saha anteping manah. Sanadyan dipun palangi saha dipun
wedèn-wedèni bab manéka warni prekawis, kedah tetep mantep ing manah
kanggé mujudaken rancangan nggayuh pangajeng-ajengipun. Madhep ngemu
pangertosan ngarahaken dhiri dhateng ingkang kaajeng-ajeng. Déné mantep
minangka wujuding tékad ingkang kiyat saha teguh ing kayakinan bab pilihanipun
kanggé nggayuh ingkang kaajeng-ajeng.

Piwucalipun Gusti Yésus dhateng para sakabat bab ”ulat madhep ati mantep”
kababar ing waosan Injil Markus 9:41-50. Pangandikanipun: ”Uyah iku Pancèn
gedhé paédahé, nanging manawa ilang asiné, kang kagawé mulihaké rasané
apa? Kowé padha tansah duwéa uyah ana ing batinmu ...” (Mar.9:50b). Para sakabat
kadhawuhan gesang ngabdi dhumateng Gusti kanthi kagambaraken kadya sarém,
ingkang boten dipun keparengaken kecalan asinipun. Prakawis punika namung
saged kalampahan nalikanipun ”ulat madhep ati mantep”. Pancèn manawi kita
waos ayat 42-48, kados-kados dipun wedèn-wedèni. Manawi dados sandhungan
tumrap para cilik kang pracaya becikipun dipun kalungi sela panggilingan lan
dicemplungaken ing seganten. Manawi salah satunggaling anggota badan kados
ta tangan, suku, paningal, lsp. dados sandhungan, becik dipun kethok utawi dipun
cuplak saha dipun bucal. Nanging èstunipun punika minangka wewaler supados
nalikanipun dados abdinipun Gusti kanthi ”ulat manteb ati karep”.

Sumangga kita sinau gesang ngabdi dhumateng Gusti. Sesaréngan para


sakabatipun Gusti tuwin tiyang-tiyang ingkang ngladosi abdinipun Gusti, monggo
kita wujudaken gesang ”ulat mandhep ati mantep”. |*RPN

Sabda Winedhar 180 Juni 2019


Setu, 15 Juni 2019
Wulang Bebasan 4:1-9; Jabur 8; Lukas 2:41-52

Aja Nglalèkaké Jejering Kamanungsan


”Punapaa déné panjenengan madosi Kula? Panjenengan punapa boten mirsa,
bilih Kula kawajiban wonten ing dalemipun Rama kula?” (Lukas 2:49)

Wonten unèn-unèn Jawi ”aja nglalèkaké jejering kamanungsan”. Manungsa


katitahaken dening Gusti Allah kanthi kawajiban ngabdi dhumateng Panjenenganipun.
Manéka warna lelampahan gesang èstunipun kedah kaginakaken kanggé ngabdi
dhumateng Gusti Allah. Nalika kapapanaken ing jagad raya, manungsa nggadhahi
tanggel jawab kanggé njagi lestantuning jagad raya. Nalika kaparingan laré,
manungsa nggadhahi tanggel jawab nggulawenthah larénipun supados tepang,
mangertos saha miturut karsanipun Allah.

Nalika Yusup lan Maryam manggihaken Panjenenganipun ing Padaleman Suci,


lenggah ing satengahipun para alim-ulama, paring piwulang, sarta wawan
pangandikan. Maryam lajeng calathu dhumateng Panjenenganipun: ”Anggèr,
yagéné Kowé kok mangkono marang aku. Bapakmu lan aku padha nggolèki Kowé
kalawan susah.” Yésus malah paring panjawab: ”Punapaa déné panjenengan
madosi Kula? Panjenengan punapa boten mirsa, bilih Kula kawajiban wonten ing
dalemipun Rama kula?” (Luk.2:49). Ing ngriki Gusti Yésus kados nembé ngémutaken
bab ”aja nglalèkakén jejering kamanungsan”. Mbok manawi pacalathonipun
Maryam punika awit raos tanggel jawabipun minangka tiyang sepuh ingkang
dipun pasrahi laré supados kagulawenthah. Nanging sampun kesupèn bilih laré
punika peparingipun Gusti Allah, ingkang ateges kagunganipun Gusti Allah.
Manungsa nggadhahi tanggel jawab nggulawenthah ngantos laré punika
mangertos sinten Gusti Allah lan punapa karsanipun, saha ngantos dumugi purun
nindakaken karsanipun Gusti Allah.

Methukakken Minggu Trinitas kanthi kapitadosan Gusti sampun Makarya


sampurna ing Sang Rama, Sang Putra, tuwin Sang Roh Suci; sumangga kita sinau
gesang kanthi ”aja nglalèkakén jejering kamanungsan”. Mirunggan anggèn kita
nggulawenthah anak tuwin putu, kita gadhah tanggel jawab kanggé
nggulawenthah ngantos anak tuwin putu kita tepang, mangertosi karsanipun
Gusti Allah, punapa déné nindakaken karsanipun. |*RPN

Sabda Winedhar 181 Juni 2019


Minggu, 16 Juni 2019
Wulang Bebasan 8:1-4, 22-31; Jabur 8; Rum 5:1-5; Yokanan 16:12-15

Aja Wedi Kangélan


”..., awit kita padha sumurup manawa sangsara iku njalari mantep,” (Rum 5:3)

Wonten unèn-unèn Jawi ”aja wedi kangélan”. Boten wonten manungsa ingkang
nglampahi gesang tanpa kangélan. Namung gumolonging niat saha tékad ingkang
nyagedaken manungsa ngadhepi kangélaning gesang. Tiyang ingkang ajrih ngalami
kangélaning gesang, tembénipun boten naté nindakaken pakaryan punapa-punapa.

Langkung saking piwucaling tiyang Jawi bab ”aja wedi kangélan”. Rasul Paulus
ngajak pasamuwanipun Gusti kanggé mitadosi, bilih sampun nampi kayektèn ing
bab sampun karukunaken kaliyan Gusti Allah lumantar Gusti Yésus Kristus.
Kamangka tiyang ingkang sampun nampi kayektèn punika tiyang ingkang
manggihaken margi ingkang anjog ing sih-rahmat. Margi ingkang anjog ing sih-
rahmat punika nuwuhaken pangajeng-ajeng badhé tampi kamulyaning Allah.
Titikanipun tiyang ingkang nggadhahi pangajeng-ajeng badhé tampi kamulyaning
Allah inggih punika ngalembana ing kasangsaran lan kangélaning gesang. Tiyang
pitados kedah mangertosi bilih kasangsaran saha kangélaning gesang punika
njalari mantep, lan mantep njalari tanggon, tanggon nuwuhaken pangajeng-
ajeng. Déné pangajeng-ajeng punika boten ngapirani.

Dinten punika kita lumebet ing Minggu Trinitas kanthi kapitadosan, bilih Gusti
sampun makarya sampurna ing Sang Rama, Sang Putra, tuwin Sang Roh Suci.
Sumangga kita mujudaken gesang ingkang alandhesan pitados sampun nampi
kayektèn, sampun karukunaken kaliyan Gusti Allah awit Gusti Yésus Kristus. Tiyang
pitados langkung saking tiyang Jawi ingkang nggadhahi piwucal ”aja wedi kangélan”.
Awit tiyang pitados pitados gesangipun lumampah ing margi ingkang anjog dhateng
sih-rahmat. Pancèn wonten kangélan punapa déné kasangsaraning gesang. Nanging
kangélan punapa déné kasangsaran njalari mantep, mantep njlari tanggon, tanggon
nuwuhaken pangajeng-ajeng ingkang boten ngapirani. Sampun kesupèn, Roh Suci
sampun kaparingaken kanthi kaesokaken ing manah kita. |*RPN

Sabda Winedhar 182 Juni 2019


Senèn, 17 Juni 2019
Wulang Bebasan 7:1-4; Jabur 124; Markus 10:1-12

Dhalang Krubuhan Panggung


”Iya marga saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak
pepakon iku tumrap ing kowé.” (Markus 10:5)

Wonten unèn-unèn Jawi ”dhalang krubuhan panggung”. Unèn-unèn punika


katujokaken dhateng tiyang ingkang sampun boten saged ngucap punapa-punapa
malih awit sampun salah ucap. Piwucal ingkang ka’emot inggih punika saben
tiyang kedah ngatos-atos, prayogi menggalih rumiyin sadèrèngipun ngucap.

Cariyos bab tiyang Farisi ingkang nyobi Gusti Yésus ing Markus 10:1-12 dados
gegambaran cetha bab ”dhalang krubuhan panggung”. Kawiwitan kanthi motivasi
ingkang boten saé, aturipun ”punapa tiyang jaler dipun kengingaken megat
sémahipun?” Ing salajeng tiyang Farisi punika atur katrangan, ”Nabi Musa marengaken
megat, nanging kedah nyukani serat pegat.” Pacelathon punika ngatingalaken kados
”dhalang krubuhan panggung”. Awit ing salajeng Gusti Yésus ngandika, ”Iya marga
saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak pepakon iku tuumrap
ing kowé. Amarga ... Allah nitahake manungsa iku arupa lanang lan wadon ...
Kang iku apa kang wis didadekake siji dening Allah iku, ora kena dipisah dening
manungsa.” Pangandika punika dados pepakèn ingkang gamblang, bilih Gusti
Allah boten ngersakaken pegatan. Pegatan èstunipun namung dados pikakjenging
manungsa, awit wangkoting manahipun. Pegatan namung badhé nuwuhaken laku
jina. Rahayu manawi para sakabatipun Gusti boten dhawah ing prakawis ”dhalang
krubuhan panggung”, awit purun tansah madosi karsanipun Allah kanthi miterang
dhumateng utusanipun Allah ingkang langkung pirsa, inggih punika Gusti Yésus.

Ing Minggu Trinitas punika, sumangga sangsaya ngantepaken kapitadosan bab


pangwaos saha pakaryaning Gusti Allah ingkang sampurna ing Sang Rama, Sang
Putra, lan Sang Roh Suci. Sesaréngan kita sinau supados kita saged ngendhani
gesang dados ”dhalang krubuhan panggung”. Boten namung ing prakawis bilih
Gusti boten ngeparengaken pegatan. Ing sadaya kawontenan lan lampah gesang
sumangga sami nengenaken karsanipun Gusti Allah, tinimbang pikajenging
manungsa. Manawi Pancèn taksih kangélan kanggé mangertosi karsanipun Gusti,
kita saged sinau tansah madosi punapa ingkang dados karsanipun. Kados para
sakabat ingkang tansah madosi kanthi miterang, mesthi kita badhé kasagedaken
kanggé manggihaken karsanipun Gusti. |*RPN

Sabda Winedhar 183 Juni 2019


Selasa, 18 Juni 2019
Wulang Bebasan 8:4-21; Jabur 124; Markus 10:13-16

Giri Lusi Janma Tan Kena Ingina


”Bareng Gusti Yésus mirsa, Panjenengané duka, ...” (Markus 10:16)

Wonten unèn-unèn Jawi ”giri lusi janma tan kena ingina”. Boten wonten manungsa
ingkang sampurna ing gesang punika. Saben manungsa nggadhahi kakirangan
punapa déné kaluwihanipun piyambak. Mila minangka manungsa prayoginipun boten
samidéné ngina punapa déné ngrèmèhaken sesaminipun. Manungsa punika wonten
ingkang taksih lare, nanging ugi wonten ingkang sampun sepuh. Padatanipun para
lare dipun remehaken dening para ingkang langkung ageng utawi sepuh.

Gusti Yésus duka nalika mirsa para sakabatipun sami nyrengeni tiyang-tiyang
ingkang sami bekta laré alit kasowanaken ing ngarsanipun. Para sakabat sami
ngremehaken kawontenanipun para lare ingkang kaanggep badhe ngganggu
Gusti Yesus ingkang nembe paring piwulang. Mboten namung punika, para
sakabat tanpa sadhar ugi sampun menggak angenipun para lare nyaket dhateng
Kratoning Allah. Kratoning Allah ingkang mboten sanes inggih wonten ing Gusti
Yesus piyambak. Mila ing salebeting duka dhateng para sakabat, Gusti Yesus
ngendika, ”Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak,
amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduwéni Kratoning Allah”. Cetha
sanget bilih tumraping Gusti Yesus, ingkang gadhah hak Kratoning Allah mboten
namung tiyang dewasa, nanging para lare ugi. Para sakabat lajeng dipun pituturi
supados nampèni kratoning Allah kados déné laré alit. Ing ngriki saged
kabayangaken laré-laré alit sanadyan dipun srengeni sesarengan tiyang
sepuhipun dening para sakabat, naning tetep kanthi bingahing manah kemrubut
ing sakupenging Gusti Yésus. Laré-laré punika boten kengguh ing nepsunipun
para sakabat. Boten namung paring pitutur, Gusti Yésus lajeng ngrangkuli sarta
mberkahi laré -laré alit kalawan katumpangan asta.

Laré alit boten namung nggadhahi hak Kratoning Allah, nanging ugi kedah kaamping-
ampingi, kalanting, saha kaajak ngraosaken Kratoning Allah. Kanthi tembung sanès
manungsa diwasa nggadhahi tanggel jawab kanggé nggulawenthah saha nepangaken
kanthi cara mujudaken Kratoning Allah ing gesang nyata dhumateng laré alit.
Punika saged kawiwitan saking asikep giri lusi janma tan kena ingina. |*RPN

Sabda Winedhar 184 Juni 2019


Rebo, 19 Juni 2019
Danièl 1:1-21; Jabur 124; Lukas 1:46b-55

Gusti Ora Saré


”Sabab Panjenengané wis ngudanèni asoring abdiné” (Lukas 1:7a)

Wonten unèn-unèn Jawi ”Gusti ora saré”. Unèn-unèn punika ngemu piwucal
bab kapitadosan bilih Gusti Allah punika mirsa samudayanipun. Mila saben
tandang grayang, pangangen, pamanahan saben manungsa kapirsanan.
Tiyang ingkang sadhar saha ngrumaosi bab Gusti Allah mirsa samudayanipun,
tamtu gesangipun badhé kawujudaken miturut karsanipun Allah, inggih
punika tentrem rahayu.

Salah satunggaling wujud kapitadosan bilih ”Gusti ora saré” katingal ing
pamujinipun Maryam. Pancèn pamuji punika namung wujud tetembungan
bab pakaryaning Gusti Allah. Nanging landhesaning kapitadosan ingkang nglandhesi
saha kaemot ing pamuji punika cetha sanget. Kawiwitan saking : ”Nyawaku
ngluhuraké Pangéran .... Sabab Panjenengané wis ngudanèni asoring abdiné.”
Wujud kasadharanipun Maryam bilih Gusti Allah punika mirsa samudayanipun,
mila kapitadosanipun Maryam: ”Lah wiwit saiki sakèhing turun bakal ngarani
aku rahayu”. Ing ngriki kita sinau bilih rahayu boten tuwuh saking kawontenan
ingkang kalampahan bingahaken, nanging manah ingkang pitados bilih ”Gusti
ora saré” wonten ing sadaya kawontenan. Déné karahayon ingkang makaten,
namung saged dipun raosaken dening tiyang ingkang wedi asih dhumateng
Gusti Allah. ”Tuwin rahmaté turun-temurun tumrap wong kang wedi asih
marang Panjenengané”. Ing manah ingkang rahayu punika Maryam nglairaken
pangaken bilih: ”Panjenengané nglubèraké samubarang kang becik ...”.

Ngantepaken kapitadosan ing mangsa pèngetan Minggu Trinitas, sumangga


kita ugi mujudaken kapitadosan bilih Gusti Allah mirsa samudayanipun. ”Gusti
ora saré” saged kita wujudaken ing pamuji, pitembungan, pangangen, punapa
déné tandang grayang ing padintenan kita. |*RPN

Sabda Winedhar 185 Juni 2019


Kemis, 20 Juni 2019
Pur. Dumadi 24:1-21; Jabur 42; Markus 10:17-27

Golèk Banyu Apikulan Warih, Golèk Geni Adedamar


”Mung kari saprakara kakuranganmu: Mundura, barang darbèkmu dolana
kabèh, pepayoné wènèhna marang wong-wong miskin, temahan kowé bakal
tampa bandha kaswargan, ...” (Markus 10:21)

Wonten unèn-unèn Jawi ”golèk banyu apikulan warih, golèk geni adedamar”.
Unèn-unèn punika ngemu piwucal bilih sinten kemawon ingkang kepingin
nyaketaken dhiri kaliyan Gusti Allah kedah mujudaken gesang ingkang miturut ing
piwucal saha pepakènipun Allah. Pasrah sumarah dados kunci kanggé mujudaken.
Emanipun taksih kathah manungsa ingkang kepingin nyaketaken dhiri dhumateng
Gusti Allah saha kepingin nggayuh kaswargan, boten kinanthen mujudaken
gesang miturut piwucal saha pepakènipun Allah. Pasrah sumarah punika
èstunipun prakawis manah ingkang apunjer saha mantheng dhumateng Gusti
Allah, boten namung prakawis netepi pranatan.

Lumantar cariyos wong sugih angèl bisané lumebu ing Kratoning Allah, kita
manggihaken pasinaon bab ”golèk banyu apikulan warih, golèk geni adedamar”.
Nalika wonten tiyang ingkang sowan lan nyuwun katedahan supados manggih
gesang langgeng, Gusti Yesus ngemutaken bab peranganipun angger-anggering
Toret. Tiyang punika kanthi mantep matur dhateng Gusti, bilih piyambakipun
sampun nindakaken punika sedaya wiwit alit mila. Katanggapan kados mekaten,
Gusti Yesus lajeng ngendika, ”Mung kari saprakara kakuranganmu: Mundura,
barang darbèkmu dolana kabèh, pepayoné wènèhna marang wong-wong miskin,
temahan kowé bakal tampa bandha kaswargan, ...” (Markus 10:21) Lumantar
pangandikanipun Gusti Yésus punika, kita sinau bilih Kraton Swarga ingkang
ndhatengaken gesang langgèng saged kagayuh boten namung kanthi netepi
pepakèn pranatanipun Allah. Nanging kedah kalandhesan manah ingkang apunjer
saha mantheng dhumateng Allah, sanes dhateng bandha donya.

Minangka para kagunganipun Gusti Yésus, prayogi sanget manawi kita mujudaken
gesang ”golèk banyu apikulan warih, golèk geni adedamar”. Ngudi netepi
pranatan-pepakenipun Gusti alandhesan manah ingkang apunjer lan mantheng
dhumateng Allah. |*RPN

Sabda Winedhar 186 Juni 2019


Jemuwah, 21 Juni 2019
Ayub 6:14-30; Jabur 42; Markus 10:28-31

Sugih Ora Nyimpen


”Satemené saben wong kang marga saka Aku lan marga saka Injil ninggal
omahé, ..., bakal tampa sembulih tikel satus: ..., lan ing jaman bésuk bakal
tampa urip langgeng” (Markus 10:29-30)

Wonten unèn-unèn Jawi ”sugih ora nyimpen”. Maknanipun inggih punika


tiyang ingkang remen andum berkah dhumateng sesaminipun. Tiyang ingkang
kados makaten èstunipun boten badhé kekirangan, malah sangsaya kawuwuhan
rejeki saha berkah. Nanging sampun dipun mangertosi, wuwuhing berkah namung
awujud raja-brana, bandha-donya. Wuwuhaning berkah saged arupi kesarasan,
karukunan, gesang ingkang tentrem rahayu ing bebrayan, pasinaon ingkang
kasil, dipun remeni saha dipun gatosaken dening sesami, kathah kancanipun,
panyambut damel ingkang lancar, lsp. Sadaya ingkang mbingahaken dados
berkah tumrap gesangipun. Emanipun ingkang asring kalampahan inggih
punika raos was sumelang punapa déné kuwatir menawi badhé andum
berkah, awit rumaos badhé ngalami kekirangan lan awrating gesang.

Pétrus naté rumaos kuwatir awit sampun nilar samudayanipun kanggé


ndhèrèk Gusti Yésus. Nanging Gusti Yésus kepareng ngemutaken, ”Satemené
saben wong kang marga saka Aku lan marga saka Injil ninggal omahé,
sadulure lanang ..., bakal tampa sembulih tikel satus: ..., lan ing jaman bésuk
bakal tampa urip langgèng”. Nilar samudayanipun lan ndhèrèk Gusti Yésus
kanggé ngabaraken Injil pawartosing kabingahan badhe nampi sembulih
kados unen-unen “sugih ora nyimpen”. Nanging langkung saking punika, Gusti
ugi paring prasetya”lan ing jaman bésuk bakal tampa urip langgèng”, inggih
punika karahayon ing kalanggengan minangka jangkepipun.

Sinten ta ing antawis kita ingkang boten kepingin nggadhahi gesang langkung
saking ”sugih ora nyimpen”? Sumangga mujudaken gesang pitados lan
ndhèrèk Gusti Yésus kanthi mbabar pawartosing kabingahan. |*RPN

Sabda Winedhar 187 Juni 2019


Setu, 22 Juni 2019
Wulang Bebasan 11:3-13; Jabur 42; Matius 9:27-34

Beras Wutah Arang Bali Menyang Takeré


”Ewasemono saundure tumuli padha nyuwurake Panjenengané ana ing
sawratane tanah kono kabèh .” (Mateus 9:31)

Wonten unèn-unèn Jawi ”beras wutah arang bali menyang takeré”. Sanadyan dipun
jumputi malih, uwos ingkang wutah boten saged wangsul pulih malih. Kajawi wonten
ingkang kantun ing ngandap, tatananipun tamtu boten saged sami kaliyan sadèrèngipun
wutah. Punapa malih manawi nalikanipun njumputi katutan pasir utawi regedan
sanèsipun, malah dados prakawis ingkang awon. Unèn-unèn punika ngemu piwucal
bilih kasaénan kedah katindakaken kanthi manah ingkang tulus. Kasaénan boten
saged dipun wurungaken. Wonten kalanipun ingkang nindakaken kasaénan ugi badhé
nampi kasaénan saking ngasanès. Nanging boten prayogi manawi nindakaken kasaénan
kanthi pangajeng-ajeng supados nampi kasaénan saking ngasanès. Kasaénan
ingkang kita tindakaken saged kemawon katampi kanthi negatif dening sesami,
nanging tulusing manah boten damel cuwa. Kasaénan ingkang katindakaken kanthi
manah boten tulus, saged ndhatengaken piawon tumrap ingkang nindakaken.

Gusti Yésus nindakaken manéka warni mukjijat kanthi manah ingkang tulus kados
piwucal ”beras wutah arang bali menyang takeré”. Sasampunipun nyarasaken
pawestri ingkang nggrajag getih saha nangèkaken anaking lelurahipun papan
pangibadah, wonten tiyang wuta kalih ingkang nguwuh-uwuh nyuwun kawelasan
supados dipun elèkaken. Sanadyan sampun sami dipun wanti-wanti, nanging
kekalihipun tetep sami nyuwuraken Panjenenganipun. Mila lajeng wonten tiyang-
tiyang ingkang sami nyowanaken tiyang bisu supados kasarasaken. Sasampuning
saras lan saged wicanten, punika damel tiyang kathah sami kaeraman kanthi
pangucap: ”Kang kaya mangkono iku durung tau kalakon ana ing tanah Israèl”.
Kanthi makaten namung asmanipun Gusti ingkang kaluhuraken.

Prayogi manawi para tiyang pitados mujudaken gesang anggènipun ndhèrèk Gusti
Yésus kados ”beras wutah arang bali menyang takeré”. Mujudaken pakaryan lan
tumindak saé kanthi manah ingkang tulus tanpa ngajeng-ajeng wangsulipun
saking sesami. Sadaya katindakaken supados namung asmanipun Gusti ingkang
kaluhuraken. |*RPN

Sabda Winedhar 188 Juni 2019


Minggu, 23 Juni 2019
Yésaya 65:1-9; Jabur 22:20-29; Galatia 3:23-29; Lukas 8:26-39

Ngunjara Sétan
”Kowé muliha menyang ing omahmu lan martak-martakna kabèh apa kang
wis katandukake dening Allah marang kowé.” (Lukas 8:39a)

Wonten unèn-unèn Jawi ”ngunjara sétan”. Unèn-unèn punika èstunipun namung


pasemon ingkang ngemu piwucal supados saben manungsa tansah ngendalèni hawa
nepsu. Satunggaling conto; nedha punika saé kanggé nglestantunaken saha dayaning
gesang. Nanging manawi nedha tanpa ngendalèni hawa nepsu, awit remen lajeng
nedha sakathah-kathahipun badhé nuwuhaken sesakit. Pancèn boten gampil kanggé
ngendalèni hawa nepsu. Kosokwangsul saking ”ngunjara sétan”, manungsa ingkang
boten saged ngendalèni hawa nepsu saged sinebut ”kinunjara sétan”.

Gusti Yésus naté ngluwari tiyang kapanjingan ”legion”. Miturut cariyos Yahudi,
dhemit ingkang nyebut dhiri ”legion” punika watawis 6826 cacahipun. Sasampunipun
tiyang ingkang kapanjingan ”legion” kaluwaran, tiyang-tiyang Gerasa malah sami
ajrih, mila nyuwun supados Gusti Yésus karsa linggar saking Gerasa. Manéka warni
panginten bab ajrihipun tiyang-tiyang Gerasa. Nanging ing wusananipun Gusti
Yésus lajeng minggah ing prau badhé nilaraken Gerasa. Ing wegdal semanten,
tiyang ingkang kaluwaran saking ”legion” wau lajeng nyuwun supados dipun
keparengaken ndhèrèk. Nanging Gusti Yésus malah dhawuh: ”Kowé muliha
menyang ing omahmu lan martak-martakna kabèh apa kang wis katandukake
dening Allah marang kowé.” Dhawuh punika sarana supados tiyang wau saged
”ngunjara sétan”. Caranipun inggih punika boten namung nuruti pepinginan
kanggé ndhèrèk Gusti Yésus, nanging ingkang langkung penting, nindakaken
dhawuh saha karsanipun inggih punika martosaken bab kasaénanipun Gusti Allah.

Saben tiyang pitados tamtu saged ngraosaken kasaénan ingkang naté katandukaken
dening Gusti Allah ing gesang. Supados kita saged ”ngunjara sétan” sumangga kita
mujudaken gesang kanthi martosaken bab kasaénan-kasaénanipun Gusti Allah
ingkang tumanduk dhateng kita. |*RPN

Sabda Winedhar 189 Juni 2019


Senèn, 24 Juni 2019
2 Para Raja 9:1-13; Jabur 59; Markus 10:46-52

Ketiban Pulung
”Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, ...” (Markus 10:52b)

Wonten unèn-unèn Jawi ”ketiban pulung”. Unèn-unèn punika dados gegambaran


bab tiyang ingkang nampèni kabegjan ingkang ageng sanget. Sanadyan nggambaraken
bab kabegjan ageng sanget ingkang katampi, nanging unèn-unèn punika tetep
mucalaken bab pangudi ingkang tumemen, kanthi cara pener tur saé. Kabegjan
punika berkahing Allah. Manungsa ingkang purun ngudi kanthi tumemen, pener
tur saé tamtu binerhakan dening Allah.

Bartiméus, tiyang wuta ingkang ngemis ing sapinggiring margi kutha Yeriko dados
salah satunggaling tiyang ingkang ”ketiban pulung”. Wuta dados katrangan bilih
Bartiméus ”ora ngerti apa-apa”. Ngemis dados katrangan bilih piyambakipun
boten saged nindakaken pakaryan kados manungsa umumipun. Mila boten aneh
manawi piyambakipun kasendhu dening tiyang kathah. Punapa ta ingkang saged
kaétang dados pangudining tiyang ngemis tur wuta, kok ketiban pulung? Rahayu
Gusti Yésus mirsa pangudining Bartiméus ingkang wuta lan ngemis. Gusti Yésus
mirsa kapitadosanipun Bartiméus. Pancèn wuta sacara kajasmanèn, nanging
manahipun mangertos bab panguwaosipun Gusti Yésus.

Tiyang Yahudi kalebet Bartimeus nggadhahi pangajeng-ajeng bab rawuhipun Sang


Mesih saking tedhakipun Prabu Dawud. Ujaripun Bartimus ngginaaken tembung
tedhakipun Sang Prabu Dawud ngatingalaken pangakenipun Bartiméus bilih Gusti
Yésus punika rawuh minangka tedhakipun Prabu Dawud ingkang dados Juruwilujenging
gesang. Bartiméus ugi matur ”Rabuni, mugi kawula sageda ningali” sasampunipun
Gusti Yésus ndangu: ”Karepmu Dakkapakaké?” Sansaya ngatingalaken bab
pangandelipun bilih Pancèn Gusti Yésus punika Sang Mesih ingkang dipun antos-
antos dening tiyang Yahudi dados Juruwilujenging gesang. Mila pangandikanipun
Gusti Yésus candhakipun: ”Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowé!”
ndadosaken piyambakipun saged ndeleng.

Saben kita èstunipun dados tiyang ingkang ”ketiban pulung” awit kita ngakeni
Gusti Yésus minangka Juruwilujeng. Kita badhé ngraosaken pulung kabegjan
sejati, nalikanipun kita ngudi mujudaken pangandel kadosdéné Bartiméus. |*RPN

Sabda Winedhar 190 Juni 2019


Selasa, 25 Juni 2019
2 Para Raja 9:14-26; Jabur 59; Lukas 1:39-56

Aja Kegedhèn Rumangsa


”Maryam banjur ngucap mangkéne: ”Nyawaku ngluhuraké Pangéran lan aku
bungah marga saka Allah, Juruslametku.” (Lukas 1:46-47)

Wonten unèn-unèn Jawi ”aja kegedhèn rumangsa”. Kegedhèn anggènipun rumangsa


bener, dadi wong gedhé, sugih, lsp. punika boten saé . Awit badhé dipun anggep
minangka tiyang ingkang kumalungkung. Nanging kosokwangsulipun kegedhèn
anggènipun rumangsa salah, dadi wong cilik, mlarat, lsp. punika ugi boten saé .
Awit badhé dipun anggep mindher, cilikan ati. Unèn-unèn punika èstunipun
ngemu pitutur supados gesang punika seimbang, boten kesangeten. Mirunggan
sesambetan kaliyan pangraos utawi rasa yèn kegedhèn utawi kebangeten,
supados boten kumalungkun utawi cilikan ati.

Maryam sinau mujudaken gesang ingkang boten ”kegedhèn rumangsa”. Nalika


samanten Maryam nampi pacalathonipun Elisabèt ingkang saweg kapenuhan ing
Roh Suci: ”Kowé iku binerkahan ana ing antarane wong wadon kabèh , ... Sapa ta
aku iki, Déné nganti karawuhan ibuné Gustiku? ...”. Nanging Maryam boten lajeng
”kegedhèn rumangsa”. Piyambakipun malah lajeng ngucap: ”Nyawaku ngluhuraké
Pangéran lan aku bungah marga saka Allah, Juruselametku. Sabab Panjenengané
wis ngudanèni asoring abdiné....” Pangakenipun Maryam bilih sadaya namung
awit pakaryaning Allah, dados landhesan saha wiwitan anggènipun sinau boten
”kegedhèn rumagsa”. Kamangka Maryam punika ingkang dipun agem Gusti Allah
ngandhut Sang Kristus, Juruwilujenging gesang. Nanging babar pisan boten tuwuh
sikep ”aku”-nipun, ingkang saged damel Maryam dados ”kegedhèn rumangsa”.

Minangka para pandhèrèkipun Sang Kristus, prayogi manawi kita sami sinau boten
”kegedhèn rumangsa” kadosdéné Maryam. Sumangga sami nebihaken dhiri
saking sikep ”aku”. Kita wiwiti saha kita landhesi kanthi pangaken bilih samudaya
ingkang kalampah ing gesang kita punika awit pakaryaning Gusti Allah. Kita punika
namung dados sarana anggenipun Gusti Allah mujudaken pakaryanipun. |*RPN

Sabda Winedhar 191 Juni 2019


Rebo, 26 Juni 2019
2 Para Raja 9:30-37; Jabur 59; Lukas 9:37-43a

Aja Mung Adhang-adhang Tètèsing Embun


”... Dhemit punika tanpa kèndel anggènipun nyiksa saha mèh boten naté purun
ngeculaken. Kawula sampun nedha tulung ..., nanging boten saged.”
(Lukas 9:39b-40)

Wonten unèn-unèn Jawi ”adhang-adhang tètèsing embun”. Unèn-unèn punika ing


adat saben katujokaken dhateng tiyang ingkang boten temen-temen anggènipun
ngudi. Kanthi tembung sanès tiyang ingkang ”adhang-adhang tètèsing embun”
namung gesang sakecekelé. Asilipun tamtu tebih saking ingkang dados pangajeng-
ajeng. Padatan tiyang ingkang namung adhang-adhang tètèsing embun, namung
njagekake tiyang sanès.

Nalika Gusti Yésus mandhap saking redi, tiyang kathah sami gumrudug sowan ing
ngarsanipun. Salah satunggaling tiyang matur bab anak ontang-antingipun kapanjingan
dhemit. Aturipun, “saben-saben dhemitipun nempuh, larénipun lajeng njerit, nunten
dipun ontang-antingaken ngantos muruh cangkemipun. Dhemitipun tanpa kèndel
angggenipun nyiksa saha mèh boten naté purun ngeculaken.” Tiyang punika ugi
matur bilih sampun nyuwun tulung para sakabatipun Gusti Yésus, nanging boten
saged. Saking tembung mèh boten purun ngeculaken katingal bilih kapitadosan tiyang
punika boten wetah, mila namung njagekaken pitulunganipun para sakabat.

Gusti Yésus lajeng ngandika: ”Héh, jinis kang ora pracaya lan kang keblinger, ...”
Ing pangandika punika kita ngraosaken bilih Gusti Yésus ngersakaken bilih ing bab
kapitadosan boten dipun keparengaken manawi namung ”adhang-adhang tètèsing
embun”. Kapitadosan punika kedah wetah. Kita tepang tembung sidhi tumraping
tiyang ingkang ngakeni pitados sacara wetah awit sampun diwasa sacara kajasmanèn
punapadéné karohanèn. Boten prayogi manawi kapitadosan punika namung
njagagaken tiyang sanès, saé tiyang sepuh, pandhita, pradata, lsp. Kapitadosan
punika prakawis pribadi ingkang kedah kawujudaken sacara wetah. Tiyang sanès
namung saged mujudaken panyengkuyung ing kapitadosan.

Sumangga sacara pribadi sami mujudaken kapitadosan ingkang wetah, kinanthi


samidéné sengkuyung-sinengkuyung antawising tiyang pitados. Mila makaten kita
boten badhe namung pitados kanthi ”adhang-adhang tètèsing embun”. |*RPN

Sabda Winedhar 192 Juni 2019


Kemis, 27 Juni 2019
1 Para Raja 22:29-40, 51-53; Jabur 77:1-2, 11-20; Markus 11:27-33

Aja Cidra Mundhak Cilaka


”Umpama aku kandha: Saka ing swarga, mesthi diwangsuli: yèn mengkono,
yagéné kowé padha ora pracaya?” (Markus 11:31b)

Wonten unèn-unèn Jawi ”aja cidra mundhak cilaka”. Unèn-unèn punika ngemu
piwucal bab kajujuran. Boten prayogi manawi gesang sesambetan kaliyan
ngasanès kawangun kanthi cidra, awit saged ndatengaken cilaka.

Para imam, ahli-ahli Toret lan para pinisepuh Yahudi ingkang sami sowan ing
ngarsanipun Gusti Yésus wonten ing Plataraning Padaleman Suci, dados
pérangan cariyos ingkang boten prayogi kanggé katuladha. Awit tiyang-tiyang
punika sami cidra dhumateng Gusti Yésus. Tiyang-tiyang punika sami matur
bab asal-usuling panguwaos ingkang kaginakaken dening Gusti Yésus kanggé
nindakaken manéka warni mukjizat saha piwucal saé . Angkahipun minangka
kala-jiret tumrap Gusti Yésus, supados saged kaladosaken ing pangadilan.
Nanging Gusti Yésus nembe badhe nanggapi menawi tiyang-tiyang punika
paring wangsulan rumiyin bab baptisanipun Yokanan. Tiyang-tiyang punika
sami ajrih dhateng tiyang kathah, mila alowung matur bilih sami mboten
sumerep.

Saking cariyos punika kita sinau bab cilakanipun tiyang-tiyang ingkang damel
kala jiret dhateng Gusti Yésus. Asilipun, tiyang-tiyang punika sami lingsem lan
cuwa piyambak. Sumangga kita sinau mujudaken gesang ingkang jujur tanpa
cidra dhumateng ngasanès. Ing ngriki kita sinau mitadosi bab panguwaosipun
Gusti Yesus ingkang asalipun saking Gusti Allah. Sampun cidra mindhak cilaka.
Nanging pitadosa dhateng Gusti lan sesami, temahan punika ingkang
ndhatengaken tentrem rahayu ing gesang sesambetan kaliyan Panjenenganipun
lan sesami. |*RPN

Sabda Winedhar 193 Juni 2019


Jemuwah, 28 Juni 2019
2 Para Raja 1:1-12; Jabur 77:1-2, 11-20; Markus 12:1-12

Dhupak Bujang
”Apa kowé durung tau maca nas iki: Watu kang dibuwang ... iku wis dadi watu
kang baku ana ing pojok. Iku pakaryaning Pangéran, ...” (Markus 12:10-11)

Wonten unèn-unèn Jawi ”dhupak bujang”. Unèn-unèn punika minangka salah


satunggaling pasemon bab cara ngémutaken sesami. Ing bab punika estunipun
wonten tigang pasewon kangge ngemutaken sesami miturut tataranipun; esem
bupati, semu mantri, lan dhupak bujang. Wonten tiyang ingkang rumaos sampun
dipun émutaken namung kanthi dipun esemi, tanpa pitembungan babar pisan.
Wonten ugi tiyang ingkang sagedipun nampi pepémut kanthi dipun semoni,
migunaken pitembungan ingkang boten nggepok ing gesangipun. Ing pérangan
sanèsipun wonten tiyang ingkang kedah dipun blakani kanthi pitembungan
ingkang nggepok kaliyan gesangipun minangka dhupak bujang.

Nalika ngadhepi para pangareping imam, ahli Toret, lan para pinisepuh Yahudi;
Gusti Yésus paring pepémut kanthi cara semu mantri. Dipun ngandikakaken bab
Gusti Allah kados déné tiyang ingkang damel pakebonan anggur sak ubarampenipun.
Lajeng wonten tiyang ingkang nggarap kanthi cara maro garapan. Nalika dumugi
wegdalipun, ingkang gadhah pakebonan anggur utusan abdinipun kanggé mendhet
sapérangan asiling garapan, nanging malah dipun pilara. Makaping-kaping utusan
abdi sanèsipun malah wonten ingkang dipun gebuki saha dipun pejahi. Para abdi
dados gegambaran bab para nabi saha utusaning Gusti Allah ingkang ngémutaken
bab kapitadosan saha pamelehipun. Mila lajeng utusan putranipun minangka
pasemonipun Gusti Yésus, nanging malah ugi badhé dipun pilara sarta dipun pejahi.
Mila manawi boten wonten éwah-éwahaning gesang, tamtu Gusti Allah badhé
numpes tiyang-tiyang ingkang nggarap maro, sarta dipun pitayakaken dhumateng
tiyang sanès. Awit tiyang-tiyang wau boten sami rumaos menawi nembé dipun
semoni, mila Gusti Yésus lajeng ngandika: ”Apa kowé durung tau maca nas iki:
Watu kang dibuang ... iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Iku pakaryaning
Pangéran, ...” Punika minangka dhupak bujang tumraping tiyang-tiyang wau.

Minangka para pandhèrèkipun Gusti Yésus sumangga kita sami sinau tanggap
sasmita dhateng pamelehing kapitadosan kita. Awit punika ingkang mitulungi
saha nuntun kita ing gesang sejati. |*RPN

Sabda Winedhar 194 Juni 2019


Setu, 29 Juni 2019
2 Para Raja 1:13-18; 2:3-5; Jabur 77:1-2, 11-20; Lukas 9:21-27

Wong Apik Ditampik-tampik


”Gusti Yésus ngandika manèh: ”Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang
sangsara akèh sarta katampik dening para pinituwa ...” (Lukas 9:22)

Wonten unèn-unèn Jawi ”wong apik ditampik-tampik”. Unèn-unèn punika paring


katrangan bab kawontenaning donya ingkang kuwalik-walik. Miturut nalar,
ingkang saé mesthinipun katampi saha kapapanaken ing papan ingkang minulya.
Nanging nyatanipun malah boten dipun rewes. Déné ingkang awon punapadéné
salah mesthinipun dipun tolak, dipun awisi saha boten dipun ginakaken, nanging
malah kapapanaken ingkang minulya. Ing adat saben prakawis punika
kalampahanipun awit manungsa sansaya tebih saking piwucal luhur.

Sesampunipun Pétrus nglairaken pangakenipun bilih Gusti Yésus punika ”Sang


Kristus-ipun Gusti Allah” (Luk.9:20), Panjenenganipun malah mratélakaken dhiri
minangka ”Putraning Manungsa” (Luk.9:22). ”Kristus” punika ateges ingkang
jinebadan dening Gusti Allah piyambak minangka juru wilujenging jagad. Déné
”Putraning Manungsa” minangka wujud pratelan bilih Gusti Yésus punika makarya
minangka ”Sang Kristus” kanthi wujud manungsa limrah. Lumantar katrangan bab
pratelan ”Putraning Manungsa” punika, mila Gusti Yésus lajeng nandhang
sangsara sarta katampik dening para pinisepuh, pangajenging imam punapadéné
para ahli Torèting Yahudi. Tiyang-tiyang punika sami mangertos saha ngakeni bilih
Gusti Yésus punika piwucalipun saé tuwin leres saha kagungan panguwaos damel
pratandha élok mawarni-warni. Sadaya punika ngatingalaken panguwaosipun
Gusti Yésus ingkang wetah minangka Gusti Allahing jagad, nanging tiyang-tiyang
wau sami nampik. Mekaten kawontenaning jagad ingkang kuwalik-walik
kadosdéné unèn-unèn ”wong apik ditampik-tampik”.

Pangandika bab “nyingkur awake dhewe” dados tantingan tumrap saben


pandhèrèkipun Gusti Yésus, ugi kedah sumadya kanggé katampik dening jagad
ingkang kuwalik-walik. Sanadyan anggèn kita pitados saha ngetut buri Gusti Yésus
punika boten klentu tur apik. Nanging sing ”apik malah ditampik-tampik”. |*RPN

Sabda Winedhar 195 Juni 2019


Minggu, 30 Juni 2019
1 Para Raja 19:15-16, 19-21; Jabur 16; Lukas 9:51-62

Yitna Yuwana, Léna Kena


”Paring wangsulané Gusti Yésus: ”Asu ajag padha duwé rong lan manuk padha
duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem
nyèlèhaké mustakané” (Lukas 9:58)

Wonten unèn-unèn Jawi ”yitna yuwana, léna kena” ingkang tegesipun kanthi
pangatos-atos ngasilaken karahayon, déné tanpa pangatos-atos ngasilaken kacilakan.
Saben tiyang mbetahaken pangatos-atos ing lelampahan gesang, nanging pangatos-
atos ingkang nemen ngantos damel ajrih kanggé tumindak punika ugi boten
prayogi. Porsining pangatos-atos kedah kawujudaken salimrahipun kemawon.
Nimbang-nimbang sadèrèngipun tumindak pancèn saé , nanging kakathahen
tetimbangan, malah damel tiyang ajrih saha boten saestu tumindak.

Nalika wonten tiyang ingkang matur: ”Kawula badhé ngetut wingking Paduka,
dhatenga pundi kemawon tindak Paduka”, Gusti Yésus malah paring wangsulan:
”Asu ajag padha duwé rong lan manuk padha duwé susuh, nanging Putraning
Manungsa ora kagungan papan kagem nyèlèhaké mustakané”. Èstunipun paring
wangsulanipun Gusti Yésus punika sanes bab ngawisi tiyang ingkang badhé
ngetut wingking. Nanging prakawis pémut bab ”yitna yuwana, léna kena”. Mila
ing pangandika salajengipun ingkang katujokaken dhateng tiyang sanèsipun bab
”Melua Aku” dados conto kedahipun manungsa nggadhahi tetimbangan ingkang
mateng, nanging ugi boten kekathahen. Awit tiyang ingkang satunggal kanthi
pertimbangan: ”Keparenga kawula késah ngubur bapak kawula rumiyin” utawi
ngentosi manawi tiyang sepuhipun sampun tilar rumiyin. Tiyang sanèsipun kanthi
tetimbangan: ”keparenga kawula pamitan rumiyin dhateng brayat kawula”.

Nemtokaken gesang kanggé ngetut wingking Gusti Yésus tumuju ing Kratoning
Allah Pancèn kedah ”yitna yuwana, léna kena”. Kedah migunakaken tetimbangan
ingkang mateng, nanging ugi boten kakathahen tetimbangan ingkang ndadosaken
mangu-mangu. Mila pangandikanipun: ”Saben wong kang wis nyekel waluku,
mangka banjur tumolèh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap
Kratoning Allah”.|*RPN

Sabda Winedhar 196 Juni 2019

You might also like