You are on page 1of 14

#1241

cari ...

Serie No. 1021a.

--- 0 ---

Dêdongengan
Jilid 2.

[Grafik]

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm.

--- 1 ---

Serie No. 1021a.

Dêdongengan.
Jilid 2.

[Grafik]

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm.

--- 2 ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad
1912 No. 600.

--- 3 ---

Nagara Grêsik lan wêwêngkone.

Kira-kira rolas pal dohe saka kutha Surabaya, ana sawijining kutha kuna aran: Grêsik, kutha
mau cilik lan rêgêd, ananging mungguh dhèk samana, kahanane tinêmu bêcik, iya iku bab
panggawene omah-omah, tataning kuthane, lan manèh ananing dalan-dalan cilik ing
pakampungan Arab. Ananging kahanan mau ora pati disumurupi utawa diajèni dening
wong-wong saka Surakarta, kang padha among sênêng mrono sabên ing dina Nga'at.

Uwong kang mlaku ana ing kutha Grêsik tansah ngambah ing dalan kang panas. Wiwit saka
ing panggonan sawetan tambak iwak kang ămba bangêt nganti tumêka [tu...]

--- 4 ---

[...mêka] krêtêg ing kali gêdhe, wiwit ngambah papan kang munggah.
Ing wêwêngkon Grêsik akèh thêthukulan lontar, kang paedahe kêna dinèrès diêpèk lêgène.
Lêgèn mau bangêt dikarêmi ing wong-wong Madura, inganggêp kaya dene inuman lan akèh
kang ditandho banjur dikirimake marang Surabaya. Saka Surabaya uwong uga bisa maring
kutha Grêsik kalawan nunggang kapal api cilik. Laku layaran kang mung sadhela bangêt
mau, pakolèhe ngungkuli kang padha mêtu ing dharatan amarga wong-wong kang lêlungan
liwat ing sagara, bisa andulu marang èdi-pènine kalimas palabuhan ing Surabaya, lan
dalane marang Madura, kang padha katon luwih asri sarta bisa nênarik sêngsêming
pandulu.

--- 5 ---

Manawa wus têkan ing palabuhan Grêsik katon bangêt arja, kuli-kuli lan wong-wong kang
padha dodolan katon pating sriwêt tanpa pêdhot. Turut dalan sacêdhaking mênara akèh
wong dodolan lan wong têtuku. Dalan mau banjur anjog ing kutha kuna. Manawa wong
malaku têkan ing kono, anyatitèkna marang wujuding omah kang dhuwur-dhuwur, lan
nyawanga marang ananing pasarean kuna kang katembok kandêl. Ing kono akèh barang
patilasan kanggo pangeling-eling, saka gêgaweane băngsa kumpêni ing India wetan dhèk
biyèn. Lan manèh ana ing kono bisa nyumurupi sawênèhing panggonan kang bangêt bêcik
lan misuwure, aran: Mahpura, utawa: Gapura wetan dumunung ana satêngahing ara-ara

--- 6 ---

kutha kuna. Ing antarane taun Walănda 1400 lan 1500 ing kono kagawe pasarean, bab
pasarean mau ana caritane sathithik kaya ing ngisor iki.

Nalika tanggal kaping 12 Rabingulawal 822 ambarêngi tiba ing tanggal kaping 8 April 1419
taun Walănda Maulana Malik Ibrahim seda, iya iku kang rawuh ing Kaligradwipa, lan banjur
mulang agama Islam marang wong bumi.

Sawuse panjênêngane kang miwiti mulang agama Islam nuli Radèn Rahmad rawuh, kang
ingaran wayahe nata ing Ciyampa, (ing layang babad tanah Jawa muni: Cêmpa), iya iku
sawijining nagara tanah Kamboja, kang dhèk samana gêgayutan among dagang karo tanah
Jawa lan Majapait.

--- 7 ---

Radèn Rahmad nalika lagi yuswa 25 taun sowan marang ingkang rama alit asma:
Ăngkawijaya utawa Brawijaya, nata ing Majapait lampahe mampir ing Palembang, banjur
mandhap ing dharatan Grêsik kêpanggih lan sawênèhing băngsa ngarab kang alim. Uwong
Arab mau nêrangake manawa sêdya arêp anggêlar mungguhing piyandêle agama
Mukhamad sarta sêdya anyirnakake agama Indu ing tanah Jawa sisih wetan. Awit saka iku
Radèn Rahmad banjur nyakabat lan banjur sowan Ăngkawijaya (Prabu Brawijaya) uga prêlu
arêp nandukake kêkarêpane. Nanging sang prabu ora karsa manjing agama Islam.
Ewadene sang Prabu malah angganjar marang Radèn Rahmad (putra kapenakane)
diwênangake ngêrèh wong 3000 ing Ngampèl
--- 8 ---

(Surabaya). Wiwit mau Radèn Rahmad banjur anggêlar agama Islam uga tindak marang
padesan kang cêdhak lan pulo Madura, kang dirawuhi dhisik ing desa Arosbaya.

Dhèk samana ing praja Majapait bangêt misuwur ing panguwasane, nanging sawise
tumindak sawatara taun banjur suda, putra wayahe padha têtumpêsan seda. Tinêmune ing
saiki ananing patilasan-patilasan ing kono, kari arupa patilasan kadhaton kang saprene isih
pinundhi-pundhi utawa inganggêp elok dening para têdhak turune.

Sapa kang wus tau marang ing Ondêr Dhistrik: Trowulan Abdeling Jombang, ing kono bisa
nyumurupi patilasan-patilasan kuna, dumunung ing desa Watês [Watê...]

--- 9 ---

[...s] umpak arupa saka watu tilas kadhaton lan banjur bisa angira ing atase panguwasa
dhèk jaman Majapait.

Ana manèh patilasan kang bangêt misuwure, aran: Bajangratu. Patilasan mau arupa lawang
gêdhe bangêt (Gapura) kang dadi lawang anjog marang omah gêdhe. Saka piyandêle wong,
manawa ana wong ngadêg ana sacêdhaking patilasan kono, bakal nêmahi sangsara. Ing
kono mau dunung pasareane ingkang ibu Radèn Rahmad aran Putri Ciyampa. Radèn
Rahmad piyambak sinêbut ing ngakèh jêjuluk Kangjêng Sinuhun Waliyolah, seda sumare
ing Ngampèl kang saprene pasareane pinundhi-pundhi lan kanggo jiyarahing wong akèh.

--- 10 ---

Sasedane Radèn Rahmad kang gumanti: Radèn Paku iya Prabu Sèdmata Giri Kadhaton
putrane wong băngsa Ngarab mijil saka putrining nata ing Blambangan. Nalika timure
panjênêngane dilêbêtake ing pêthi banjur kacêmplungake ing sêgara, ing pangira wus
mêsthi minăngsa ing baya. Nanging mungguhing Pangeran kang sipat esa, tansah mayungi
marang titahe kang lagi ginawe lêlakon iya iku prêlu bakal dadi wong pinunjul kang piniji ing
Pangeran amratakake agama Islam ana ing Praja Blambangan. Mungguh ing lampahane
kacarita mangkene:

Sawênèhing sudagar wadon aran Nyai Patih ing Grêsik misuwur ing kasugihane. Nuju sawiji
dina ing wayah esuk nyai sudagar kongkonan [kongkona...]

--- 11 ---

[...n] bature wong Kamboja kalawan anggawa prau. Lakune wong Kamboja mau ana ing
dalan nêmu pêthi kampul-kampul ana ing banyu, ing jêro isi bocah, banjur diwèhake nyai
patih. Bocah mau banjur dipèk anak angkat dijênêngake: Sêmbadra. Barêng wis diwasa,
puruita marang Radèn Rahmad iya Sunan Ngampèl, ing taun 1387 panjênêngane wangsul
marang Giri, lan banjur jumênêng dadi wong brata kang nindakake piandêle.
Sajrone taun 1409 panjênêngane jumênêng Waliyolah, lan banjur nindakake damêlan ing
sawênèhing panggonan. Barêng taun 1428 seda ana ing Girigajah, iya iku sawênèhing
gunung dhuwur ing sacêdhake Grêsik.

Kang gumanti putrane, aran: Sunan Dalêm.

--- 12 ---

Sasedane kang gumanti Sunan Margalaya, mangkono sabanjure, turun-tumurun marang


putra wayah iya iku: Sunan Pathikal Panêmbahan Karanggawa, Panêmbahan Agung,
Panêmbahan Mas Witana, lan akèh manèh liya-liyane. Kabèh mau padha sumare
cêcêdhakan bae. Kajaba Sunan Pathikal lan ingkang putra, Panêmbahan Karanggawa,
padha sumare ana ing gunung Prapèn.

Gênti anyaritakake Radèn Patah, iya iku putrane Arya Damar, kang dadi wêwakil nata
Majapait ana ing Palembang, lumaku marang tanah Jawa kanthi sadulure lanang aran
Radèn Kusèn. Satêkane ing tanah Jawa anjujug ing nagara Grêsik lan Ngampèl wusana
ambalela prang mungsuh Prabu Brawijaya, nata ing Majapait, amula mangkono, [mangko...]

--- 13 ---

[...no,] dening nêpsu bangêt jalaran Nata Majapait ambucal marang kang ibu Radèn Patah
nalika isih ambobotake sarirane, awit saka panyuwune putri ing Ciyampa. Ibune banjur
diparingake marang Arya Damar ing Palembang. Wêkasane Radèn Kusèn malah ngiloni
sang prabu. Dadi anggone pêpêrangan Radèn Patah campuh padha kadang. Prabu
Brawijaya kasoran ing jurit nêmahi seda ana ing paprangan. Radèn Kusèn oncat saka
palagan uga bisa kapikut nanging banjur pinaringan pangapura, linuwaran saka ing dosane.

Sarusake karaton ing Majapait karaton ngalih ing Dêmak ing Surabaya mung diwêngku ing
adipati bae. Sawuse kabawah marang praja Dêmak para wong băngsa indhu padha lumayu
marang tanah

--- 14 ---

Jawa sisih wetan sarêmbug lan wong ing Blambangan sêdya anglawan mungsuh, nanging
tansah diêlud ing mungsuhe bae, kongsi têkan ing Bali.

Dhèk samana kira-kira têkane wong băngsa Portêgis ana ing tanah Jawa, kalawan anggawa
kapal kang dipanggêdhèni dening nangkodha Bre (d'Abreu) lakune urut pasisir lor, mampir
ing palabuhan Grêsik kang dhèk samana arja lan misuwure ngungkuli Surabaya. Saka kono
nuli budhal marang Molukên (Molukken).

Sajrone tahun 1521 wadyabala lautan wadyane Antonio de Brit têkan ana ing Grêsik
anyumurupi manawa akèh barang dagangan utawa pangan kang diêdol ana ing kono.
Jiwane wong ing Grêsik kira-kira
--- 15 ---

ana 30000, samono mau akèh kang padha dêdagangan: piring, sutra, lan barang liya-liyane,
kang padha asli saka nagara Cina, Borneo, lan sapanunggalane.

Kahananing kutha Surabaya dhèk samana manggon ana sapinggiring kali kang ambaladhêr,
isih aran Ngampèl iya iku kutha cilik dununging băngsa muslimin kang padha ulah ngibadah.
Beda lan ing Grêsik lumahing kutha amangku sagara, dadi anggampangake têkane wong
laku dagang, kang anggawa dêdagangane.

Tuwan Palêntin (Valentijn) angandhakake bab kahanane ing kutha Grêsik mangkene:
uwong-uwong ing Grêsik akèh kang padha duwe omah bêcik-bêcik kaya omahing
tumênggung, utawa kaya

--- 16 ---

omah Cina, sudagar-sudagar băngsa timur sabên taun padha mampir mrono prêlu ngêmot
bêras uyah, lan pangan warna-warna. Awit sakabèhe wong kang padha laku dagang,
andadèkake arjane kutha kono. Lan manèh akèh prau-prau kang padha labuh ana ing
palabuhan kang ora jêro, barang dêdagangane bisa payu akèh, mung diêdol ana ing pasisir
bae. Uwong ngamănca kang ngenggar-enggar ati ana ing kutha bisa nêmu kabungahan
dening nyumurupi dalan-dalan omah-omah kang dadi pêpaèsing kutha. Dene kahanane
kang saiki kaya wujude dhèk satus taun kang kapungkur.

Tumrap wong ing Surabaya, marang kaelokaning pasarean-pasarean ing gapura wetan
kurang sêsurupane, [sê...]

--- 17 ---

[...surupane,] awit saka iku akèh kang padha marang Grêsik ora ana kang marang Gapura
wetan. Kaya dene kahanane wong ing Ngayogyakarta, akèh kang durung sumurup candhi
Barabudhur.

Manawa wong lumaku wus angliwati dalan rupak banjur anjog ing lawang tembok kang wus
rusak adêge santosa, manggon ana sangisore wit gêdhe, kang bangêt ayom, sarèhning
lawang mau tanpa payon dadi rusak dening kêtiban pang panging kayu kang padha tiba,
tuwin gogrog saka pangrêkahing oyod-oyode. Ing kono wong bisa wêruh lan bisa nyatakake
mungguh kaluwihaning yayasane wong dhèk jaman samana. Bata kang ginawe tembok iku,
bata gaweane wong dhèk jaman Majapait ing tanah Jawa durung [du...]

--- 18 ---

[...rung] tinêmu anane bata kang santosane kaya bata kang ginawe têmbok mau.
Tembok sajabaning pasarean gapura wetan mèh ilang babar pisan. Ana ing pucak lawang
kang arupa ijo lan abang isih katon ngadêg dene kayune kang ingukir-ukir ginawe
rêrêngganing lawang iya isih padha dirumati, ananging saiki salong wis pinangan ing bubuk
pamangane saya katon mundhak akèh. Dene cagak kang kêtumpangan pucak lawang isih
katon kuwat bangêt amarga tembok santosa. Cagak kang kaya mangkono mau ing patilasan
Trowulan iya ana, ananging mung gumlethak ditogake bae. Lan manggone ana panggonan
kang sêpi, ora pisan-pisan dirêksa kaya dene kahanane patilasan ing Grêsik.

--- 19 ---

Sangarêping gapura, sacêdhaking tembok kang wis ambruk ana wit-witan kang ngrêmpoyok
katon saka dalan gêdhe, ing kono dununging pasareane Maulana Malik Ibrahim pasarean
mau isih bêcik sêkarane marmêr tinulis sastra lan basa Ngarab.

Pasarean iku, pasareane wong kang minulyakake ing Allah, kang dosane ingapura, kang
ngandêl marang rahmating Allah kang kuwasa, kang alus ing budi, kang mêmitran para ratu
lan para sultan kang asih marang pêkir miskin, iku arane wong kang olèh kabêgjan kang
santosa marang agama Allah, iya iku Maulama Malik Ibrahim kang kadunungan Iman, mara
ayo padha andêdonga, [andê...]

--- 20 ---

[...donga,] muga-muga Gusti Allah aparinga rahmat lan swarga. Dene sedane Maulana
Malik Ibrahim iku nalika dina Sênèn tanggal kaping 12 Rabingulawal taun 822.

Ing lawang ciyut kang rinêngga kayu ingukir, ing kono prênah dunung têngahing pasarean
tinêmu akèh pasarean kang kuna-kuna, kalawan rinêngga-rêngga ing rêrênggan kang
anandhakake mungguhing kawignyane juru ngukir dhèk jaman samana.

Ing kono ana tăndha pangeling-eling, arupa watu gêdhe tinulisan ing pinggir rinêngga ing
ukir-ukiran minăngka tăndha angluhurake marang kyai Tumênggung Puspanagara, kang
agarwa 4, apêputra lanang 12, apêputra wadon 3, awêwayah 42, abêbuyut 2. Dhèk sajrone
taun

--- 21 ---

1633 Bupati mau pêrang lan Surapati, iya iku wong kang mungsuh lan Kumpêni.

Barêng Surapati wus tumêka ing pati ana ing paprangan tumênggung Puspanagara banjur
kondur saka pasanggrahan ing desa Dhêmpul (Malang) marang Grêsik anglangkungi tilas
jajahan Majapait, ana ing kono manggih barang-barang kuna, ana watu kang wangune kaya
kodhok utawa barang liya-liyane. Sakèhing barang-barang mau ing saiki rinumat ana ing
pasarean gapura wetan. Lan ing kono uga ana pêthi kuna, ing jêro isi panganggo lan uga
ana watu yoni kang ingukir rinêngga ing mas, kabèh mau padha dumunung ana ing
pasareane sawênèhing bupati, kang pamanggone bangêt pêtêng lan singup.
--- 22 ---

Juru kunci kang rumêksa pasarean kono ora tau angunci panggonan mau. Tumrap wong
liya kang nêdya sowan mrono, sadurunge malêbu supaya sêmbahyang dhisik ana
sangarêping pasarean, ing kono juru kunci nuli dêdupa.

Lan uga akèh pasarean kang manggon ana ing papan jêmbar jroning gapura, ananging
kang bêcik mung sawatara. Sawênèh ana kang wus rusak, jalaran saka kabotan sêkarane.
Wus mangkono lumrahe kahananing pakuburan utawa patilasan, ana kang kayoman ing
kêkayon gêdhe, sawênèh mung kêpanasan ngênthak-ênthak bae. Sanadyan kahanane
kaya mangkono, nanging isih nuduhake mungguh awiging pakirtyane wong dhèk jaman
biyèn.

--- 23 ---

Tumrap pasarean liyane, kang katon gedhe utawa bêcik, kang ngiribi mung pasareane Nyai
Gêdhe Pinatih, kang sinarèkake ana ing liya panggonan, uga wêwêngkon ing Grêsik.
Manawa arêp mrono nganggo ngambah dalan kang rupêk.

Sajroning omah los kang tanpa aling-aling, ana jarambah marmêr, ing kono dununging
pasareane ingkang ibu Radèn Paku, lan pakuburane para inya tuwin para êmban. Lan ing
kono tinêmu ana tulisan ana ing jrambah kang didhuwurake, trape mawa tata prayoga.

Ana sawênèhing dalan kang anjog ing gunung Giri, ing Giri kono dununging pasareane
Radèn Paku kang misuwur ing asmane. Lan ing kono ana

--- 24 ---

tilas lawang kang wangune kaya lawang puri ing pulo Bali, ananging bata-batane wus akèh
kang rusak utawa ilang. Uga ana manèh dalan liyane kang anjog mrono.

Anadene bab caritane nagara Giri, miturut caritane nyai Gêdhe Kabumèn, iku nalika taun
1475. Dene Kabumèn mau ing saiki aran Sêdayu, kaya ing ngisor iki:

Ing Ngampèl, iya iku ing wêwêngkon Surabaya, sacêdhaking pasareane para nata, didêgi
masjid kang sebêtan lan bêcik warnane, ing sisih kulon ajarambah marmêr, sajroning
pangimaman ana tilas palungguhane Sètmata.

Pasarean ing kono kagawe rong panggonan, lawang kang malêbu marang pasarean ciyut
lan êndhèk. [ê...]

--- 25 ---

[...ndhèk.] Sajroning wêwêngkon kono dumunung ing têngah, tinêmu ana pasarean sinêkar
watu, salawas-lawase tansah pinundhi ing ngakèh, ora kêndhat tansah sinêbaran kêmbang,
nanging pamanggone ana papan kang pêtêng, wujuding maejan kang arupa kuning nganti
ora katon, amarga ing papan kono bangêt ing ciyute, lan tanpa jandhela, dadi ora tau
kasorotan padhanging srêngenge.

Lan ing kono tinêmu ana pêthi kayu kang isi gêgamaning ratu, iya iku kêris. Ukirane kayu
kêmuning rupane nyawo matêng, pucuking kêris lincip amingis-mingis, adhapur luk.
Mungguh dhèk jaman biyèn, panganggêpe kêris mau bisa narik marang kasêktèn. Kêris
mau dijênêngake Sura Angun-angun, asli wasiyat saka Sunan Giri, dhèk biyèn [biyè...]

--- 26 ---

[...n] didokok ana ing Giri sacêdhaking Grêsik. Ananging kêris mau tinêmu ora ana ing kono,
katrangane: dhèk taun 1772 kêris mau ana ing astaning Gupêrnur utawa dirèktur ing Pasisir,
iya iku Yohanês Robrèt Pandhêrburêh (Johannes Robbert van der Burg) nanging uga manjir
pakaringake bali marang Giri, kanthi kawrat ing bêslit tanggal kaping 27 Oktober 1772,
surasane: Kêris mau ora kêna diuwèhake marang sapa-sapa, kajaba manawa wis olèh
palilahe gupêrnur kang nguwasani. Dhèk jaman paprangan Sinuhun Amangkurat II lan raja
pandhita ing Giri, kêris mau aran Kalamunyêng.[1] Dadi ora anèh mungguh kahanane
pangulu ing kono anggone ngajèni bangêt marang kêris mau, sabên anggrayang mêsthi
kanthi andonga.

--- 27 ---

Gêdhong kang isi pasareane Sunan Giri kang misuwur sakti, kang perangan ing jaba akèh
rêrênggan kayu ingukir. Gunung Giri iku dhuwur, saka kono manawa nyawang
ngiwa-nêngên, bisa sumurup panggonan kang adoh-adoh, saka sasêlaning wit-witan katon
tambak iwak kang banyune kimplah-kimplah, banyuning sêgara katon pindha talaga mênêb,
pulo Madura lan pulo Sêmbilangan padha katon diyane ing mênara, sorote katon cêtha.

Tumraping wong muslim ing Giri iku luwih pinundhi-pundhi tinimbang ing Gapura wetan. Ing
kono, iya iku ing Gununge, manawa nuju ana pakumpulan kang ngrêmbug agama, akèh
wong sacêdhake kono utawa uga saka Surabaya kang padha têka.

--- 28 ---

Ana manèh pasarean liyane kang uga misuwur iya iku ing desa Lêran, dohe saka Grêsik
kira-kira ana nêm pal. Manawa lakune wis munggah undhak-undhakan, banjur tumêka ing
candhi watu, nanging akèh kang wus rusak. Ing kono pasareane Dèwi Suwari, karo êmban
inyane. Pasareane putri mau lumrah ing akèh diarani: kuburan dawa.

Kasêbut ing sawênèhing layang carita, dewi Suwari lan êmban inyane mau seda lan patine
nalika taun 1303 jalaran saka kataman ing lêlara nular. Nanging ana sawênèhing carita
manèh, jalarane saka gêrah galihe, amarga didhawuhi ingkang rama Prabu Gêdhèh,
kadhawuhan [kadhawuha...]

--- 29 ---
[...n] krama dhaup lan Prabu Brawijaya ing Majapait sang putri lumuh.

Pasarean iku ana ing panggonan kang sêpi bangêt, lan ing saubênge akèh wit-witane. Ing
kono ana watu marmêr tinulis nganggo sastra lan basa ngarab, kang surasane nêrangake
anane wong ngarab kang têka dhisik dhewe.

Patilasan jaman Indhu ing sacêlakipun Bogor.

Mênggah patilasan-patilasan ing jaman Indhu, ingkang kathah pinanggih wontên ing Jawi
têngah utawi Jawi wetan. Nanging satunggal kalih ugi wontên ingkang pinanggih ing bawah
paresidhènan Batawi, kados ta: ing bawah Dhistrik Lêwiliyang, inggih punika

--- 30 ---

ing dhusun Sadhèngjambu. Ing ngriku wontên sela ingkang wontên sêsêratanipun, lan ing
Ciampeya ugi wontên tilas tapak gajah ing sela. Aliya punika wontên malih ing Ciarutên, ugi
ing Ciampeya, wontên sela mawi sêsêratan.

Dene sêsêratan wau, sadaya suraosipun: Pangalêmbana dhatêng Purnawarman,


bokmanawi namung tumuju dhatêng tiyang satunggal kemawon, ing Taruma. Ingkang
linuhurakên dening băngsa Sundha, awit saking kaprawiranipun.

Sela ingkang pinanggih ing Sadhèngjambu, manggèn wontên sawênèhing parêdèn


saêlèr-kilènipun kampung Pênyawungan, sela wau wontên sêsêratanipun kalih larik, lan
tapak suku kêkalih nanging botên cêtha. Dene jarwanipun sêsêratan wau makatên:

--- 31 ---

Sang Prabu Purnawarman, nata ambêg adil lan alus ing budi, angluwihi pêpadhaning ratu,
kang wus ngambah marang kautaman, kang misuwur angagêm rasukan waja, ora têdhas
kataman panahing mungsuh. Iki tapak sampeane nata kang rêmên nyirnakake mungsuh
kang mrêngkang, kang ambêk wêlas lan asih marang para ratu têtêlukan apadene kang
miturut marang dhêdhawuhane, amung panjênêngane kang sagêd numpês ing mêngsahe.

Sela ingkang wontên tapakipun gajah wau gumlethak ing ara-ara. Saêlèr-wetanipun
kampung Thangkil, cêlak margi saking Ciampeya dhatêng Muara Antên.

Antawising tapak gajah kêkalih wau wontên sêsêratanipun salarik, amratelakakên bilih [bi...]

--- 32 ---

[...lih] tapak wau tapak sawênèhing nata, kintên-kintên nata ing Taruma, ingkang kasêbut ing
nginggil.

Ing sakawit sêsêratan wau dèrèng wontên ingkang sagêd anjarwani, nanging lami-lami
pinanggih dening tuwan Dhoktêr Kern, kajêngipun makatên:
Kagungan nata kang jumênêng ing Taruma, nata kang ambêg prawira, iya iku nata ... tapak
iki, tapak sampeyane piyambak.

Sela ing Ciarutên, manggèn sacêlaking têmpuraning lèpèn Ciarutên lan Cisêdhane. Ing sisih
ngajêng wontên sêsêratanipun, lan ing nginggil wontên tapak suku kêkalih ragi ngalêbêt.
Tapak wau ugi tapakipun Prabu Purnawarman, sêsêratan ingkang kacêtha ing sela wau
basa Sanskrêta, dene suraosipun:

--- 33 ---

Kang sairip tapak sampeane Sang Hyang Wisnu iki, tapake prabu Purnawarman, kang
jumênêng ing ... managara.

Sarèhning araning panggènan samar, mila ingkang kenging kawaos namung


pungkasanipun kemawon, nanging wangun-wangunipun: Tarumanagara.

Kajawi sela-sela wau, wontên patilasan-patilasan sanèsipun, inggih punika ing rêdi
Cibodhas. Saêlè-kilènipun rêdi wau wontên rêcanipun satunggal, nama: Arcagêdhe, linggih
salonjor ngêdhêpi sirah tiyang kêkalih.

Miturut cariyosanipun tiyang ing ngriku, makatên:

Ing jaman Praja Pajajaran, wontên sawênèhing

--- 34 ---

Pangeran ingkang bagus ing warni, kagungan pacangan putri ugi pinunjul ing warni.
Cêkaking cariyos kêlampahan dhaup. Ing nalika rame-ramening pasamuan, sang putri
miyos. Dipun êntosi ngantos dangu sang putri botên wangsul.

Wusana wontên abdi saos atur, bilih wontên sawênèhing putri binêkta ing durjana, sampun
têbih oncat saking ngriku. Sang Pangeran gita-gita nusul, tindakipun analasak wana-wasa,
tumurun ing jurang sirung, nanging ugi botên kêsusul. Sarêng tindakipun dumugi pucaking
rêdi Sinala (pucak rêdi Cibodhas ingkang inggil piyambak) kêpanggih lan tiyang nênêm.

Botên kenging botên têtiyang wau tamtu sumêrêp dhatêng lampahing durjana, awit
langkung ing ngriku.

--- 35 ---

Sarèhing têtiyang wau sami kumbi, mila lajêng dipun tigas gulunipun, sami dipun
cacah-cacah, lan dipun sabdakakên dados sela. Sasampunipun makatên, sang Pangeran
anglajêngakên lampah nututi durjana ngantos kêcêpêng. Awit saking dukanipun,
sakalih-kalihipun sami dipun tigas lan ugi dipun sabdakakên dados sela.
Sang Pangeran rumaos dèrèng marêm ing galih, sirah kêkalih tansah dipun galethakakên
ing ngarsanipun, sarta tansah dipun dhawahi asta. Ing wêkasanipun Sang Pangeran
piyambak inggih dados sela.

Ingkang sumêrêp cariyosan bab wau namung tiyang satunggal-kalih, lan malih wangunipun
wontêning cariyos wau sawêg kakarang kemawon sasampunipun sirah

--- 36 ---

rêca wau ical, awit saking dangunipun.

Mênggahing sayêktosipun, ingkang langkung misuwur, inggih punika patilasan jaman buda
ing Batutulis, sacêlakipun Bogor, ing ngriku wontên sêsêratan tumraping sela, mila ing
panggenan wau karan: Batutulis. Inggiling sela wau wontên sadêdêging tiyang, wiyaripun
sèmetêr langkung, kandêlipun tigang têbah. Ing sela ngriku kasêrat titimăngsa adêgipun
karaton ing Pakuan, kadhatonipun Nata ing Pajajaran. Ing sisihipun ugi wontên sela malih,
awujud kados pathok, lan ing ngajêng sisih kiwa wontên tapak kêkalih.

Panggenan wau dipun tembok sae, sarta dipun kêlamboni, awit kathah tiyang ingkang
nênêpi mriku.

Dene sêsêratan ingkang pinanggih ing sela wau

--- 37 ---

wontên wolu satêngah garis, sinêrat ing basa Sundha kina. Sakawit botên wontên ingkang
sagêd anjarwani. Nanging lami-lami ing têngah-têngahing jaman ingkang kaping 19, sawêg
sagêd katêrangakên sakêdhik dening Tuwan Friederich, lajêng Tuwan Holle, nanging
ingkang sampurna piyambak pamanggihipun Tuwan C. M. Pleyte, sairib kados
pamanggihipun Tuwan Prof. Kern, dene jarwanipun kintên-kintên kados ing ngandhap
punika.

Ingkang rumiyin jêjuluk Prabu Ratu, ingkang sumilih Prabu Guru Dewata Bahna.
Sasampunipun punika ingkang sumundhul: Sri Maharaja, Nata Pakuan Pajajaran. Prabu
Dewata ingkang yasa Pakuan. Dene putra Rahiyang Dewaniskala suwarga, ingkang sumare
ing Gunatiga, wayahipun Rahiyang Niskalawastu [Niskala...]

--- 38 ---

[...wastu] kancana suwarga ingkang sumare ing Nusalarang. Panjênênganipun ingkang yasa
kadhaton ing parêdèn dipun grogol, ingkang yasa ... dha, ingkang yasa talaga Rêna
Mahawijaya,[2] sangkalanipun: Lima Pandhawa Pangasuh Bumi, têgêsipun: lima = 5,
pandhawa = 5, pangasuh = 4, bumi = 1 = 1455, Cocog lan taun walandi 1532.

Wana ing Siluman.[3]


Ing Distrik Ranca, apdeling Ciamis, (Cirêbon) wontên sawetanipun wana, ingkang dipun
wastani: Lêwêngonom. Têmbung lêwêngonom [lêwêngono...]

--- 39 ---

[...m] punika basa Sundha, mênggah jawinipun: Wana siluman, dene wana wau lêrêsipun
salèr-kilèning dhusun Siluman, têbihipun saking ing kitha Ciamis 18 pal.

Kacariyos bilih wontên tiyang lumêbêt dhatêng ing wana wau, ing măngka dipun sênêngi
dhatêng ingkang ambaurêksa, wana punika lajêng katingalan awujud nagari agêng langkung
rêja, loh jinawi tur anêngsêmakên ing pandulu: kawontênanipun, dene kathah woh-wohan
ingkang adi-adi, sarta tiyang wau kenging nênêdha ing sasênêngipun, punapa malih ugi
kenging katêdha ngantos satuwukipun. Namung sirikanipun: botên kenging ambêkta mantuk
punapa-punapa, jalaran saupami kalampahan ngantos ambêkta barang-baranging wana
wau, punika sawêg angsal pitung

--- 40 ---

jangkah anggènipun lumampah, barang-barang wau tamtu lajêng amalih warni, dados siti
utawi sela tuwin sanèsipun ingkang botên kenging katêdha ing tiyang utawi ingkang botên
wontên gunanipun.

Ing sacêlakipun wana ngriku, kaprênah sakidulipun cakêt, wontên rawanipun agêng ingkang
kathah cucukulanipun awarni-warni, sukêtipun angrêmbuyung sarta kathah ulamipun, rawa
wau ing basa Sundha, kawastanan: Răncaonom, jawinipun: Rawa siluman, punika tumrap
tiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, bilih dipun sênêngi kaliyan ingkang ambaurêksa ugi
botên katingal rawa, lajêng katingal talaga wêning toyanipun, ulamipun kathah awarni-warni.

Wondene para siluman ing onom wau,

--- 41 ---

asring ngatingal awujud manungsa, rêmên anêningali tontonan ing dhusun-dhusun


sacêlakipun ngriku, pundi ingkang wontên tanggapan sarta bilih tontonan sampun badhe
bibar, lajêng ical, botên kantênan purugipun. Makatên malih inggih purun balănja têtumbas
dhatêng pêkên-pêkên, manawi têtumbas barang punapa kemawon botên mawi takèn
rêginipun utawi ngawis, lajêng nyèlèhakên arta sarta mêndhêt barang ingkang dipun
kajêngakên.

Tandhanipun para siluman ing Onom punika, bilih wontên tiyang, jalêra èstria: tamtu
ngangge kalung sêkar panjantos, ugêl-ugêling suku tuwin tangan dipun tangsuli ing tutus
utawi oyod-oyodan sanèsipun. Bilih wontên tiyang ingkang mangangge makatên, punika
botên [bo...]

--- 42 ---
[...tên] kenging kaarubiru, saparipolahipun kêdah namung kinèndêlakên kemawon, jalaran
manawi wontên ingkang purun ngaruh-aruhi, kirang sakeca kadadosanipun, lajêng sakit
bêntèr, kasrêpên utawi sakit sanèsipun.

Kasaenanipun para siluman wau: purun têtulung dhatêng kasusahaning tiyang, kadosta:
bilih wontên pakaryan anggarap radinan, punika manawi kintên-kintên rampung 6 - 7 dintên
kagarap ing tiyang kathah, sagêd rampung sadintên, namung anggèning tumut nyambut
damêl wau botên ngatingalakên wujudipun, namung wontên suwara kumrêsêg. Kenging
kasambat madosi durjana. Punapadene bilih ingkang Bupati Ciamis kagungan damêl
ingkang mawi pasamuan agêng, para siluman wau lajêng sami dhatêng sowan ingkang
Bupati kados [ka...]

--- 43 ---

[...dos] tiyang limrah, kalayan ambêkta sumbangan warni-warni, kados ta: maesa, lêmbu
tuwin banthèng, sarta sumbangan punika kêdah lajêng kapragat sanalika, botên kenging
ngantos dipun sumênèkakên, awit manawi kasumênèkakên, sumbangan wau lajêng sami
musna tanpa lari. Lêlampahan punika taksih lastantun dumugi samangke.

Wontên malih wana-wana gêgandhènganipun wana Onom, inggih punika ing wana Siluman,
tuwin ing Jatilêga. Mênggah isinipun wana-wana wau taksih kathah bubujênganipun:
banthèng, kidang, manjangan, andhapan tuwin tiyang ingkang sami lumêbêt utawi ngambah
wana-wana punika wau, manawi kalêrêsan pinanggih tiyang mangangge anèh-anèhan,
utawi [u...]

--- 44 ---

[...tawi] nyambut damêl ingkang botên samurwatipun, punika botên kenging ngaruh-aruhi
utawi anggêgujêng, jalaran saupami kêlampahan makatên, tiyang ingkang nyaruwe tamtu
lajêng bilai, (sakit), nanging para siluman wau, bilih nuju ngatingal, ugi kenging kaajak
rêmbagan bab sanèsipun, ingkang botên magêpokan dhatêng kawontênaning
piyambakipun.

Kanugrahan ingkang ngêmar-êmari manah.

Kangjêng Pangeran Pugêr ing Kartasura, kagungan kêkasih tiyang Tionghwa totok anama:
Jan gêgriya ing Pakalongan. Jan wau misuwur sae manahipun, bèrbudi lila donya, rêmên
têtulung

--- 45 ---

dhatêng tiyang ingkang kasusahan. Ingkang suwau Jan sugih, nanging saking bèring
manahipun dados malarat. Sarêng mirêng Kangjêng Pangeran Pugêr sampun jumênêng
nata Mataram, akadhaton ing Kartasura, ajêjuluk: Kangjêng Susuhunan Pakubuwana I, Jan
enggal sowan ambêkta angsal-angsal sakêdhik. Sadumugining ngarsa dalêm angsal-angsal
katampèn, Jan kadangu mênggah kawilujênganipun lan kawontênanipun ing Pakalongan.
Sasampuning ngunjuki wangsulan pandangu dalêm, Jan lajêng kadhawuhan ngaso ing
satunggiling griya kajagi ing prajurit, kaparingan têdha ing sacêkapipun, ananging botên
kaparêng kesah, manawi kêpêksa mêdal saking griya wau, kados ta badhe têtoya, kêdah
dipun tutakên ing prajurit asikêp dêdamêl. Makatên punika ngantos pintên-pintên [pi...]

--- 46 ---

[...ntên-pintên] wulan. Jan canthèl unjuk badhe ngadhêp ing ngarsa dalêm, botên kaparêng,
nyuwun pamit badhe mantuk botên kalilan, amila sangêt susahipun, ngintên kasiku jalaran
sowanipun nalika mêntas dhatêng wau tanpa larapan. Ngèngêti panguwasanipun ratu Jawi
ing jaman samantên, kintên-kintên Jan badhe kapatrapan ukuman awrat, lêpat-lêpat kaukum
pêjah.

Sarêng sampun lami anggènipun wontên ing Kartasura, Djan kaparêng mantuk, nanging
botên kalilan ngadhêp rumiyin ing ngarsa dalêm. Lampahipun kaêtêrakên prajurit asikêp
dêdamêl, kados lampahing dêdosan, namung kaot botên kabêsta, tur kinanthènan sêrat
dhatêng pangagênging paprentahan ing Pakalongan.

--- 47 ---

Botên kacariyos lampahipun ing margi, Jan sampun dumugi ing Pakalongan. Sarêng dumugi
ngajênging griyanipun, sapintên kagètipun, ningali griyanipun sampun botên wontên, jêbul
papan pakawisanipun sampun kaadêgan ing griya agêng asae, pantêsipun Kabupatèn. Jan
saya nalăngsa, ngintên griyanipun kajarah ing nagari. Jan sawêg mingak-minguk, ingkang
èstri manglong-manglong ing kori, nguwuh-uwuh bojonipun. Jan lumêbêt ing griya, dipun
cariyosi yèn griyanipun sampun dipun brukakên, papanipun lajêng dipun adêgi griya agêng
punika. Nanging ingkang èstri wau botên sumêrêp sintên ingkang ngakèn ngêbrukakên
griyanipun, namung sasampuning dados griya agêng wau, piyambakipun lan ingkang jalêr
kenging manggèn ing ngriku.

--- 48 ---

Jan anglajêngakên lampahipun, pinanggih priyantun ingkang nyêpêng paprentahan ing kitha
ngriku. Sarêng nawala dalêm kabikak, jêbul isi piyagêm, anêtêpakên Jan dados bupati ing
Pakalongan, kapatêdhan nama: Tumênggung Janingrat.

Cariyos ing nginggil punika saking salah satunggiling turunipun Tumênggung Janingrat.

You might also like