You are on page 1of 2

Dumadine Kutha Wonogiri

Nalika jaman kraton Demak, ana wong kang seneng tapa brata sing sekti mandraguna.
Asmane priyayi iku yaiku Ki Kesdik Wacana. Panjenengane urip ijen lan tapa ana gua sacedhake
gunung Sewu. Gunung mau dikupengi dening alas sing gung liwang Liwung. Mula gawat gawat
kaliwat-liwat. Ewasemono papan mau minangka papan kang endah sesawangane, sarta subur loh
jinawi apa kang tinandur mesthi bakal dadi.

Ing sawijining dina wektu ana raja sing lagi mbebedhak kewan alas kang didherekake dening
para senopati lan para prajurit. Yen bisa entuk kidang, bakal diolah lan dipangan ing alas mau,
saperangan digawa menyang kraton. Papan tilase sing kanggo seneng-seneng banjur dijenengake
desa Seneng. Nganti saprene papan mau isih ana. Bab mau nganti kepireng dening raja ing Demak.
Mula banjur didhawuhi Raden Panji supaya sowan Ki Kesdik Wacana. Sang Raja ngersakake kidang-
kidang pilihan bakal dienggo klangenan.

Ki Kesdik banjur minangkani panyuwune Sang Raja. Kanthi kasektene Ki Kesdik nglebokake
kidang-kidang mau ana sajrone bumbung petung banjur disumpeli. Bumbung mau banjur diaturake
Raden Panji kanthi pesen, “Raden Panji, bumbung iki isine kidang-kidang sing dikersakake Sang
Prabu. Daklebokake ana ing bumbung supaya gampang digawa. Kajaba iku anggonmu tumeka kraton
Demakisih adoh. Mula aja pati-pati dibukak yen durung ana ngarepe Sang Prabu Demak”.

“Inggih sendika dhawuh Sang Resi, kula badhe estokakeen sedaya dhawuhipun Sang Kesdik
Wacana,” ature Raden Panji tansah kebak urmat. Sajroning bali menyang Demak, penggalihe Sang
Panji tansah tuwuh kepengin mangerteni geneya among bumbung sing diparingake, apa bisa kidang
– kidang mau dilebokake ing jero bumbung. Ewasemono welinge Ki Kesdik tansah gawang – gawang
ngalela ing penggalihe.

Nalika ngliwati alas jati gung liwang-liwung kang sepi banget, Raden Panji tuwuh pepinginane
mbukak bumbung. Nalika bumbung dibukak, dumadakan pating brubul ana kidang wolung pasang
utawa enem belas cacahe padha mlayu mlebu ing alas. Raden Panji banjur eling lan enggal ngoyak
kidang – kidang mau. Saking cepete anggone mlayu, dumadakan kethune tiba nanging ora
digatekake. Panjenengane tetep wurung ora bisa nyekel kidang – kidang mau.

Raden Panji banget gelane yen ngelingi tumindake kang sembrana mau. Atine ora jenjem
kepara lemes dumes awake, ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Yen bali menyang Demak, Sang
Prabu mesti duka. Dene yen bali menyang papane Ki Kesdik ora wani ngadhepi dukane Ki Kesdik. Ki
Kesdik pirsa sakabehe lelakone Sang Panji, mula enggal – enggal nusulSang Panji. Ing alas Ki Kesdik
nemu kethune Sang Panji. Mula papan mau banjur dijenengake “Wana Kethu”. Nganti saprene
papan mau diarani Wana Kethu.
Ora antara suwe, Ki Kesdik Wacana nemoni Raden Panji. Kanthi gragapan lan kaget Raden
Panji sujud nyuwun pangapura lan pasrah. Senajan wis diapura, nanging luput tetep dipatrapi
paukuman. Wiwit iku Raden Panji disebdakake dadi Kidang Wulung sing nunggu ing alas jati.
Satemene kidang Wulung nangis nggelani lelakon lan nyuwun dijabel kabeh ngendikane Ki Kesdik.
Nanging wis ora bisa maneh. Mula wiwit iku Kidang Wulung sing mimpin ing alas Kethu.

Ki Kesdik banjur nerusake laku tekan ing gumuk kang endah. Ana ing papan mau banjur
dijenengake Gunung Giri. Ing papan iku uga, Sunan Giri banget nggumun marang endahe
sesawangan Gunung Giri l;an alas sakiwa tengene. Mula papan mau dijenengake Wonogiri. Wana
tegese alas, Giri tegese gunung. Nganti saiki papan mau dadi Kutha Wonogiri.

You might also like