You are on page 1of 2

Dadio Kesatrio

oleh: Mas Is

Bongsoku sing gede

Pirang tahun kepungkur akeh prahara

Sing nyilakani wong cilik mergo arep merdeko

Bongsoku sing gemah ripah loh jinawi

Akeh Londo teko nggowo kawruh sing olo

Kasil panen lan lemah diciloko

Karo wong-wong sing kurang toto

Kamardikan bongso bakal digayuh

Kabeh rakyat ngangkat pring lincip nggo perang

Perang sing iso ngelangke jiwo lan rogo

Lan sakmono ugi jiwo kesatrio nancep ning dodo

Ora mikir soko ngendi omahmu

Soko ngendi sukumu

Soko ngendi agomomu

Lan soko ngendi asalmu

Kabeh nyawiji mung nggayuh merdekaning bongso

Para kesatrio ora mikir dewekke oleh opo-opo

Yo mung siji kamardikan

Ngertio….

Ngertioooooo..yo cah…

Pahlawan kui ora mikir opo sing dijikuk soko negorone

Ning opo sing iso diurunke marang negarane


Akeh wong pinter sakiki

Nek sithik wong sing pener

Akeh wong ngaku nasionalis

Ning saksaje mikir udele dewe

Jer basuki mowo bewo

Pisan mardiko tetep mardiko

Dadio Kesatrio tumraping bongso

You might also like