You are on page 1of 1

Ana sawijining wektu nalikane Kerajaan Pajajaran kanti Raja Prabu Siliwangi

anduweni cerita kang mbungahake marang sekabehe wae kang pada sinau bab sejarah
Prabu Siliwangi. Raja ana ing tlatah Pajajaran iku ora mung nduweni permaisuri
ananging ugo nduweni selir kanti cacah 7 wanita kang ayu.

Singkat cerita Prabu Siliwangi anduweni keturunan saka permaisuri kang awujud bocah
wadon kanthi jeneng Putri Lara Kadita kang tegese wong wadon kang ayu (wanita yang
cantik jelita).

Sawise Putri Kadita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu soho welas asih
marang sepodho-podho banjur para selir ngroso iri lan wedhi yen piyambake pada
kasisihna saka welasane Prabu Siliwangi. Para selir kang cacah pitu mau pada
rerembugan kanggo anggawe ciloko permaisuri lan putrine yoiku Putri Lara Kadita.

Putri Lara Kadita lan ibune digawe santet saka para permaisuri Prabu Siliwangi
kanthi wujud loro kulit ana ing sekabeh awak lan rai. Ana ing pengaruh sihir para
selir ugo Prabu Siliwangi akhire ngusir Putri Lara Kadita lan Ibune saka keraton
Kerajaan Pajajaran mergo kuwatir yen penyakit Lara Kadita lan Ibune dadi nyebar lan
nular ana ing tlatah keraton

Ana ing kahanan iki, Putri Lara Kadita lan ibu tindak tanpa ana tujuan kang jelas.
Diceritakake permaisuri tilar donya ana ing pengembaraan, sawentara Putri Lara
Kadita nglanjutake lakune menyang sisih kidul nganti teka menyang gunung ing
pinggir segoro. Amarga kesel banget, Putri Lara Kadita ngaso lan keuron ana ing
gunung pinggiran segoro.

Wektu tilem piyambakipun ngimpi ketemu karo "Wong suci" sing maringi pitutur supaya
putri ngresiki awake dening nyemplung menyang segara kanggo njaluk marasake awake
saka penyakit, ugo mulihake rupa ayune, saha kanggo nduweni kekuatan ampuh kanggo
males wong kang anggawa uripe dheweke sengsara kaya mengkono.

Nalika tangi, tanpa mangu Putri Lara Kadita Langsung ambyur menyang tengah segoro
kanti ombak kang gedhe, lan nglelebke nganti dhasar saka Segoro Kidul. Ngimpi dadi
kasunyatan. Saliyane mbalek maneh fisik ayune, Putri Lara Kadita uga diwenehi
kakuwasan adikodrati lan pati. Nanging, putri kudu tetep mbaureksa ana Segoro
Kidul. Wiwit iku banjur diarani minangka Nyi Roro Kidul dumugi nganti tumeka saiki.

You might also like