Professional Documents
Culture Documents
Malin Kundang
Malin Kundang
Sakwijining desa Suka Maju, ana pemuda sing arane Malin Kundang. Dewekke urip bareng
ibune, nanging bapake sampun seda.
Ibu :”Malin, yen kayu bakare wes kumpul kabeh, langsung diwenehke marang Bu Ratih ya, men
dina iki dewe bisa masak.”
Malin :”Inggih bu. Bu menapa Bapak mboten maringi warisan kangge piyambak bu?. Dewe dadi
kasusahan saiki.”
Ibu :”Bapak kuwi sedo ora ana rencanane. Bapakmu kuwi seda amarga tabrakan.”
Malin :”Nanging bu, menawi bapak ninggalipun prau utawi becak, kula saged golek arto bu.”
Ibu :”haa?ojo le,ibu kuatir yen kowe lunga terus ibu neng kene karo sopo?.”
Malin ndelok ibune karo bingung, Sesuke Malin takon maneh marang ibune arep lunga merantau.
Malin :”Bu, kula badhe merantau ing kota yo bu. Sapa ngerti, kula saged kepareng pakaryan kangge
panguripan piyambak.”
Ibu :”Kowe wes yakin? Ngluru kerja neng kota luwih angel tinimbang luru kerja neng desane dewe
iki.”
Ibu :”Yo wis lah, sakarepmu yen kuwi wes dadi tekadmu. Ibu mung bisa ndongakke.”
Ibu :”Malin, ati-ati yo le, ojo lali sholat, kirim kabar, men ibu ora kuwatir.”
Malin mangkat nganggo prau. Neng tengah laut, teka angin lan ombak gedhe, sing gawe prau
sing ditumpakki Malin ancur lan kedampar ing sawijining desa. Sakwise pengawal lan Cahaya, sing anake
wong sugih weruh Malin sing kedampar.
Pengawal:”Inggeh leres, wonten prau ten pinggir laut monggo mirsani ndoro putri.”
Cahaya :”yo.”
Singkate Malin tekan omahe Cahaya, lan kenalan karo Bapakke Cahaya. Sakwise kenalan kuwi,
Malin didadekke karyawan ing omahe lan dadi akrab karo Cahaya, nganti tresno karo Cahaya.
Malin :”e…e…e…”
Malin lan Cahaya nikah lan urip seneng nganti lali karo janjine marang Ibune seng neng desa.
Sakwise nikah karo Cahaya, Malin kerja dadi karyawan mertuane. Ora sengojo prau nyandar neng desa
Suka Maju panggonane dewekke lan ibune urip. Malin lan Cahaya jalan-jalan neng pesisir dijaga karo
pengawale.
Cahaya :”Nggone penak yo mas? Aku dadi kepengen urip neng kene.”
Malin :”Arep ngopo neng kene? Neng kono wes ayem kok, podo wae apik, mung awakmu wae sing
durong tau mrene, dadine ngrasa apik.”
Bu Ratih :”Mak, mak, mak, ana anakmu Malin, iki aku gawa pengawale.”
Ibu :”Malin? Neng endi? Aku wes kangen banget karo anakku.”
Ibu :”Iya-iya.”
Cahaya :”Iku sapa mas?,menawi pancen leres,punapa mboten ngaku mawon mas?”
Malin :”Ora ngerti aku,ngaku-ngaku dadi ibuku.Wes ora usah diurusi.Ayo lunga wae.”
Ibu :”Malin, Malin iki aku Ibumu nak!Ibumu sing nglairke kowe,seng nggedekke kowe le!”
Ibu :”Malin!. Durhaka kowe!Malin!Malin! Ya Allah, siji-sijine anakku kaya kuwi?.Aku sing nglairke,
sing nggedekke kowe le!Paringi Malin balesan-Mu ya Allah,Malin pancen anak durhaka!Durhaka kowe
Malin!”
Moro-moro, ana badai gede banget, angin kenceng banget, kilate nyamber-nyamber.
Malin :” arrrgghhhh”