You are on page 1of 14

A.

DONGENG
1. Keong Mas
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang
pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur,
nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang
nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya
nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi
inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh
cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi,
kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul
sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih
tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk
krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing
emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang
luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon
sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis
cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka
genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu
kuwi. “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong
Mas ?” “Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin
Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab,
Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton
Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika
kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing
watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen
aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara
lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane
nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk
banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget
amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba
Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan
nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane
dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane
dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan.
Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

2. Ramayana
Sawijining dina ing kerajaan mantili ingkang kerajaan ramanipun dewi shinta,
asmane prabu janaka . prabu janaka ngadhaake saembara sopo sing bias manah paling apik
bakal didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku prabu rama lan rahwana
nanging rahwana ora bias ngangkat panah kasebut , lan rama bias ngangkat panah kasebut.
Saengga rama bias menangke sayembara lan ngentukke shinta dadi bojone . rahwana ora
seneng yen rama bias dadi bojhone shinta.
Ing alengka kuwi kerajaan rahwana,kumbakarna,indrajid,patih prahasta. Sarpanaka
menehi kabar ing rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwananipun ndang golei wong
wadon mau. Kasunyatan putri mau jenenge putrid kalamarica sing bias ganti wujud apa
wae,lan bias ngrubah wujud dadi buta cakil.
Ing alas dandaka rama shinta lan laksamana iseh ngembara mengertosnipun
rahwana lan kalamarica melu ing alas lan ngincer serta lan godoni shinta. Kalamarica
ngerubah wujud dadi kijang mas ingkang godoni shinta. Shinta deloi kijang mas kasebut
langsung ngongkon rama kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang kasebut malah
mlayu ing jero alas, lan shinta jaluk rama kanggo ngoyak kijang mau. Lan laksmana tetep
karo shinta. Nanging shinta nesu amarga laksmana ora melu ngoyak kijang bareng rama ing
jero alas . Akhire laksmana nuruti kapinginane shinta supaya ngoyak rama ing jero alas. Wedi
karo kaselamatane shinta laksmana gawe bunderan kanggo shinta supaya shinta tetep
selamet.
Sawise rahwana teko,rahwana jajal nyedakki shinta lan jajal kanggo nimbus
bunderan mau. Nanging rahwana ora mampu nglewati bunderan mau. Akhire rahwana
ngerubah wujud dadi brahmana tuwo supaya bisa narik perhatian shinta lan jaluk sedekah.
Dewekke nyedakki shinta lan jaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire shinta menehi
sedekah brahmana tuwo mau. Nalika shinta lagi ngei sedekah,dewekke ditarik mentu saka
bunderan mau landigowo mabur karo rahwana.
Lan kadadean perang antaramanuk jatayu lan rahwana. Ananging manuk jatayu
kalah lan kelangan loro sayape lan rahwana lungo gowo shinta. Sakwijineng dina rama lan
laksmana mentu lan ketemu karo manuk jatayu sing wis kejet kejet. Jatayu nyritakke
kejadian mau karo rama,jatayu akhire mati ngerteni shinta diculik rahwana,rama lan
laksmana semedi kanggo ngintukke cara nylametke shinta.
Banjur rama ketemu anoman sing nulungi rama nyelametke shinta lan rama diajak
ing guwa kiskenda,ing kono omahe anoman.
Ing gowa kuwi anoman nduwe kanca antarane yaiku subali lan sugriwa,wong loro
kuwi podo podo sakti lan podo podo seneng karo dewi widiyawati. Akihire cah loro kuwi
tukaran kanggo ngintukke dewi widiyawati. Pas cah loro tukaran rama lan anoman teko
delokki tukaran kuwi anoman ngusahakke nyegah subali lan sugriwa. Nanging amarga rak iso
nglerai cah loro,akhire anoman ngongkon rama kanggo manah salah siji ing antara wong loro
mau. Lan subali keno panah kasebut,lan akhire mati. Sugriwa iseh pengen ngutarakke niate
karo rama,yen wonge arep melu nulungi rama nylametke shinta.
Anoman mulai nylametake shinta. Wonge njaluk sehelai rambut,sing arep diparingki
ing shinta,kanggo bukti yen wonge bener bener utusanerama seng arep nyelematke shinta.
Ing taman Argasoka,ing kerajaan Ngalengka,Shinta dikancani karo trijata keponakan
saka rahwana. Nalika rahwana njajal mbujukshinta supaya mau dipek bojone. Nanging shinta
wegah. Lan nalika shinta dewekan,anoman mlebu ing taman argasaka kangge nemoni shinta
lan ngekekke rambut rama ing shinta kangge mbutikake nek deknen bener bener utussne
rama kangge nyelamatake shinta. Nanging indrajid,anak saking rahwana ngerti tekone
anoman,deknen ngusahakke kanggo nangkep lan dikekke ing ngarepe rahwana.
Akhire rahwana mutuske kangge mbakar anoman. Persiapan dilakokke kanggo
mbakar anoman. Wektu iku pumbakarno,saudarane raahwana nglindungi anoman seng
ameh di bakar rahwana. Nanging niyate iku ora berhasil amarga dialangi karo kumbakarna.
Nalika pasukane rahwana mbakar anoman,jebule anoman ora mempan dibakar
kanggo geni. Malah justru anoman ngrebut obor geni seko tangane rahwana kanggo buntute
lan geni kuwi digo dolanan anoman sakdurunge mbakar kerajaan ngalengka. Pasukan rama
mbendung kali seng cedak kerajaan ngalengka,saengga pasukane rahwana ora bisa opo opo
Perang antara rahwana lan rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah rama nalika
ngewangi rahwana ngalahke rama. Indrajid melu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire
kedadean perang sengit antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan
deknen dicepit ing gunung.
Sakwese menang ngalahke rahwana,rama ketemu meneh kaliyan shinta. Naging
rama curiga karo kesuciane shinta,sakwese diculik karo rahwana nganti suwi. Akhire shinta
mbakar awake dewe kanggo mbuthiake kesuciane. Nalika shinta mbakar awake dewe
ternyata geni ora mempan mbakar awake shinta,iki mbuthiake yen shinta iseh suci. Lan rama
lahi percaya lan nrima shinta meneh. Rama lan shinta akhire urip tentrem lan bahagia.

3. Malin Kundang
Ana keluarga kere sing awak saka sawong embok lan anake sing nduwe jeneng malin
kundang. Amarga bapake wis tilar, sang embok kudu tandhang gawe dhewe kanggo bisa
nguripi keluargane.
Malin yaiku anak sing pinter ning sethithik mbeling. Pas dheweke mundak gedhe,
malin rumangsa mesake marang emboke sing saseprana tandhang gawe kanggo nguripi
dheweke. Banjur malin njaluk izin kanggo maran nggolek pagawean neng kutha gedhe.
“mbok, aku pengen lunga menyang kutha. Aku pengen kerja supaya bisa bantu
embok neng kene.” Tembung malin.
“aja tinggalake simbok dhewe le. Simbok mung nduwe kowe neng kene.” Tembung
simbok nolak.
“izinke aku lunga, mbok. Aku mesake ndeleng simbok terus tandhang gawe
saprene.” Tembung malin.
“youwis le, ning eling aja lalekne simbok lan desa iki pas kowe sukses neng kana”
kanda simbok karo nangis.
Esuke malin lunga menyang kutha gedhe nggunakne siji kapal. Sakwise pirang-pirang
taun tandhang gawe atos, dheweke kedadeyan neng kutha paranane. Ing cerita rakyat
bahasa jawa malin kundang saiki dadi wong sugih sing lan nduweni akeh kapal dagang. Lan
malin ugo wis rabi karo wedok ayu neng kana. Kabar babagan malin sing dadi wong sugih
ngantia menyang emboke. Sang embok seneng banget krungu warta kui. Dheweke sanuli
nunggu neng pantai saben dina, ngarep-arep anak e bali lan ngalungguhan drajat emboke.
Ning malin ora tau teka.
Sawijining dina bojone malin pitakon ngenani embok malin lan pengen ketemu karo
dheweke. Malin ora bisa menolak kekarepan bojo sing didemenane banget kuwi. Malin
njagakne saben dalanane kesebut nuju desane nggunakne siji kapal pribadine sing gedhe lan
apik. Akhire malin teka menyang desane sarta bojo lan anak buahe.
Krungu ketekan malin, sang embok rumangsa bungah banget. Dheweke mlayu nuju
pantai kanggo cepet ndeleng anak sing didemenane mulih.
“apa kuwi kowe malin, anakku? Iki simbok le, kowe eling” takon sang embok.
“malin kundang, anakku, geneya kok lunga ngono suwe tanpa ngirim warta?” turene
karo ngekep malin kundang.
Sang bojo sing kaget ndeleng keyekten menawa wedok tuwa, mambu, kucel sing
memeluk bojone, celathu:
“dadi wedok tuwa, mambu, kucel iki yaiku mbok mu, malin”
Amarga rasa isin, malin kundang cepet cucul kekepane simboke lan nyurung nganti
tiba.
“aku ora kenal kowe wedok tuwa kere” tembung malin.
“dasar wedok tuwa ora ngerti awak, sembarang wae ngaku dadi mbokku.” banjur
malin nggetak.
Krungu tembungan anak kandunge mangkono, sang embok rumangsa sedhih lan
nesu. Dheweke ora ngira, anak sing didemenane banget ngowah dadi anak durhaka.
“oh tuhan sing maha kuwasa, nek dheweke yaiku bener anakku, aku njaluk wenehna
azab nang dheweke lan dadekno dheweke dadi watu.” donga sang embok.
Ora suwe banjur angin lan bledek ngantem lan ngrusake kapal malin kundang.
Sakwise kuwi, awak malin kundang kaku lan banjur dadi watu sing nyiji karo karang.
Pelajaran saka cerita rakyat bahasa jawa malin kundang yaiku dadia wong sing
mbekti nang wong tuwa. Lan ajaa pisan-pisan durhaka nange.

4. Tangkuban Perahu
Dicaritakake nak Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang
Raja buang pipis sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing
isih topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan nglahirke
bayi ayu. Bayi iku digawa neng keratin karo bapake lan diparingi jeneng Dayang Sumbi alias
Rarasati.
Akeh Raja sing pengen minang, naming rak ono sing ditampa.
Akhire kathah raja ingkan saling perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake
dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing
dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir
dawa, deweke ngucap barang sapa iso mbalikke torak sing tibo mau, nak wong lanang bakal
dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang
Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.
Pas Sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon
Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumang
diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi
ngerti nak sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe
Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet.
Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Saksuwine mlampah menyang
wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang
Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang orak ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang
Sumbi – ibune dewe. Merga padha rak ngertine banjur kedadean padha saling tresna. Ora
sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dewe, merga anane tandha lecet
ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo
Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke
perahu lan tlogo kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang
nyanggupi.
Banjur digawe perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku
malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung
Burangrang. Dibantu karo guriang , bendungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi
nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rak kedadean.
Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srengenge
metu saka wetan. Sangkuriang jadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing ono ng
Sanghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados
awujud Funung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe
karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tangkuban
Prahu.
Sangkuriang trus ngoyak DAYANG Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung
Putri lan malih wujud jadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing
panggonan sing diarani Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang).

5. Batu Menangis
Ing siji bukit sing adoh saka desa, ing daerah Kali uripa randha kere lan anak
prawane. Anak prawan randha kuwi ayu banget. ning demen, dheweke nduweni prilaku sing
banget alane. prawan kuwi banget panglumuh, ora tau ngrewangi emboke nglakoke
pagawean-pagawean omah. kerjane mung macak saben dina.
Kajaba panglumuh, anak prawan kuwi sikape alem pisan. samubarang panjalukane
kudu dimeloni. ping saben dheweke njaluk samubarang marang emboke kudu dikabulake,
tanpa merdulike kaanan emboke sing kere, saben dina kudu kerjo nggoleki sak emplok sega.
Nang mubarang dina anak prawan kuwi diajak emboke mudhun menyang desa
kanggo mblanja. panggon pasar desa kuwi banget adoh, dadine dekne kabeh kudu mlaku
sing cukup gawe kesel. anak prawan kuwi mlaku melenggang karo menganggo sing apik lan
macak, ben wong ning dalan sing ndelenge mengko kepencut karo ayune. Sementara
emboke mlaku diburi karo nggawa keranjang karo klambi dekil banget. amarga dekne kabeh
urip ning panggon pelosok, ora sawonga meruhi menawa kapindho wadon sing mlaku kuwi
yaiku embok lan anak.
Pas dekne kabeh anyak mleboni desa, wong-wong desa nyawang dekne kabeh.
dekne kabeh ngono kahyun-hyun ndeleng kayon anak prawan kuwi, paling utama para
pemuda desa sing ora puas-puase nyawang rai prawan kuwi. ning pas ndeleng wong sing
mlaku ning mburi prawan kuwi, tenan kontras kaananne. Hal kuwi nggawe wong
pitakon-takon.
Neng antara wong sing ndelenge kuwi, sawong pemuda nyedhaki lan pitakon
marang prawan kuwi, “Hai, prawan ayu. apa sing mlaku diburi kuwi embokmu ?”
ning, apa jawaban anak prawan kuwi ?
“dudu,” tuturane karo angkuh. “dheweke yaiku baturku !”
kapindho embok lan anak kuwi banjur neruske dalan. ora sepira adoh, nyedhaki
meneh sawong pemuda lan pitakon marang anak prawan kuwi.
“Hai, legi. apa sing mlaku diburimu kuwi embokmu ?”
“dudu, dudu,” jawab prawan kuwi karo mendongakkan endhase. ” dheweke yaiku
budakk!”
ngonoa saben prawan kuwi ketemu karo seseorang disepanjang dalan sing narekne
perihal emboke, sanuli jawabane kuwi. emboke dilakokekne dadi batur utawa budaknya.
Nang ngugane krungu jawaban putrine sing durhaka nek ditakon wong, si embok isih
bisa nguwawa awak. ning sakwise ping mbalen dirungune jawabane padha lan sing banget
nglarakne ati, akhire si embok sing malang kuwi ora bisa nguwawa awak. si embok dongo.
“Ya Tuhan, hamba ora kuwat nguwawa hinaan iki. anak kandung hamba ngono
tegane nglakoke awak hamba samangkana rupa. ya, Tuhan hukuma anak durhaka iki !
hukuma dheweke….” dhuwur kekuwasan Tuhan sing mupu Esa, alon-alon awak prawan
durhaka kuwi ngowah dadi watu. owah-owahan kuwi dianyak saka sikil. pas owah-owahan
kuwi wis tekan separo awak, anak prawan kuwi nangis njaluk apura marang emboke.
” Oh, Ibu..ibu.. ngapurone aku, apuranana kedurhakaan anakmu iki.
Ibu…Ibu…ngapurone anakmu iki ..” anak prawan kuwi terus mratap lan nangis njaluk
marang emboke. ning, kabehe wis paling alon. kabeh awak prawan kuwi akhire ngowah dadi
watu. pisana dadi watu, ning wong bisa ndeleng menawa kapindho matane isih mbebekake
eluh, kaya lagi nangis. sarehdene kuwi, watu sing asale saka prawan sing mbisa tumakne
emboke kuwi karan ” watu nangis “.

B. LEGENDA

6. Asal Usul Candi Prambanan


Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan
iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang
karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu
Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan
Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing
ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung
Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso
"Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise
ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing
diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung
Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe.
Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno
bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung
mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.
Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke.
Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000
candi.

7. Asal Usul Telaga Warna lan Kawah Sikidang


Ana salah sawijining penduduk Wonosobo kang paham anane legenda kang bisa
dipercaya penduduk ing kutha Dieng, nuturna yen “Dieng asale saka bahasa Jawa yaiku dhi
kang artine gunung lan nyang sing artine para dewa-dewi. Dadi Dieng yaiku gunung papan
panggonane para dewa-dewi. Saliyane iku uga ana akeh candi peninggalan agama Hindu
antarane ana candi Arjuna, candi Srikandi, candi Puntadewa, candi Sembadra, lan candi
Semar. Saka hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi Arjuna dibangun kira-kira pas
pertengahan abad ke-8.
Ora adoh saka kawasan candi Arjuna uga ana telaga warna lan kawah Sikidang.
Miturut cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sumunare
srengenge yaiku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo sang ratu. Rikala kuwi ana
loro calon pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula dibuka sayembara kanggo syarat
supaya salah sijine bisa oleh sang ratu, syarate yaiku adu cepet nggawe telaga. Salah siji
pangeran bakal dadi pemenange. Nanging pas ratu isih mlaku-mlaku, banjur weruh ana
telaga sing banyune katon tenang lan bening ana cahayane amarga kesorot srengenge. Ratu
sing isih mlaku-mlaku krasa seneng banget lan penasaran sapa sing nggawe banyu telaga
kang katon endah kuwi. Banjur ratu nggoleki pangeran sing nggawe telaga kuwi amarga arep
didadekake bojone sang ratu. Akhire keputusan perkara sing menang sayembara kuwi
dibatalke.
Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem kanthi dianugrahi putri. Wektu kuwi ratu
lan anake sing ayu rupane adus ana ing telaga, nanging slendang-slendange pada mabur
kena angin lan tiba ing sajroning telaga banjur nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi
warna-warni. Mula saka kuwi akhire telaga iku diarani “Telaga Warna”. Ana ing lereng bukit
sing cepak karo telaga warna ana kawah kang diarani kawah Sikidang.
Manut critane kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana
duwekke sang ratu kang ayu rupane. Arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina dheweke
dilamar marang pangeran sing kabare gagah lan sugih. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa
amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kijang. Arane Kidang
Garungan. Mula ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat.
Syarate yaiku njaluk digawekna sumur sing gedhe lan jero banget ing kono. Wektu kuwi
sumure wis arep rampung banjur Shinta Dewi karo para pengawale ngurung sumur kuwi.
Kidang Garungan wektu kuwi melu kekurung ing sumur banjur akhire melu kekubur ing
sajroning sumur kuwi. Kidang Garungan berusaha supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi
ngetokake kabeh kesaktiane banjur iku meledhak kanthi panas lan lapisane goyang utawa
gogrok. Amarga saking jengkele Kidang Garungan ngutuk yen kabeh keturunan shinta Dewi
bakal nduweni rambut gembel. Mula saka iku ing kutha Dieng terkenal karo anane tradisi
upacara adat “rambut gimbal”.

8. Asal Usul Kota Jepara


Kutha Jepara menika saking tembung Jugmara (Ujung Muara) lan dipungantos dados
Jepara, wonten maleh ingkang nyebat Ujung Para. Wiwit abad XVI wilayah menika sampun
dipunsumerepi tiyang kathah mawi asma kutha Bandar.
Miturut Tom Pires panyerat Suma Oriental, Jepara nate dados pelabuhan militer, kinten-kinten taun
1470 M. Jepara nembe dipunanggeni 90-100 tiyang kang dipunpimpin Aryo Timur. Mawi
patraman lan kauletan Aryo Timur saged ngubah Jepara dados Kutha Bandar ingkang ageng.
Taun 1570 Aryo Timur dipungantos putranipun ingkang asma Pati Unus kang tasih timur (17
taun).
Pangarsanipun beliau, Jepara ngembangaken armadha perang lan ugi nggantos
papan menika dados armada niaga ingkang endah lan ageng sanget. Pati Unus ugi ngirim
armadha perang datheng Palembang kangge nyerang Portugis ingkang nguwasani Malaka
(1513). Menika kang dipungayuhaken dening Pati Unus boten kaleksanan, inggih menika
kalah. Pramila dipungantos sedherekipun kang asma Fatahilah (1513-1536). Jepara nate
mbiyantu Fatahilah nalikane ngrebut Banten lan Sunda Kelapa. Nalika Sultan Trenggono
dados pangarsa ing kedhaton Demak Bintoro wonten ing rerebutan pangarsa menika Hadirin
ingkang garwanipun Retno Kencono seda dipunpejahi dening Aryo Penangsang.
Keraosanipun Retno Kencono boten penggalih, saengga tapa ing bukit Danaraja.
Retno Kencono ngumbar janji bilih Aryo Penangsang dereng seda boten ngrampungi
anggenipun tapa. Gegayuhanipun kalaksanan nalikane Sutawijaya saged mejahi Aryo
Penangsang kaliyan Tombak Kyai Plered. Retno Kencono mandap saking anggenipun tapa lan
dipun dadosaken adipati Jepara kanthi gelar Kalinyamat wonten ing 12 Robiul Awal 956
Hijriyah utawi 10 april 1549 M, dipun tandhai kaliyan Canra Sengkala “Trus Karya Tataning
Bumi”, saengga wiwit menika dados adidhasar panetapipun dinten dadosipun kutha Jepara.
Pangarsanipun Kalinyamat, Jepara dados adipati ngantos 30 taun luwih. Seni ukir wiwit ngrembaka
ing kutha menika katingal saking ornamen Masjid Mantingan papan panggenan Pangeran
Hadirin dipunmakamaken.
Kalinyamat dipun gantos putranipun ingkang asma Pangeran Jepara (1579-1599). Ing
pungkasan abad XVI kadipaten Jepara dipunserang bala tentara kerajaan Mataram.
Saksampunipun peperangan boten wonten penguasa utawi pangarsa. Nalikane Jepang ing
Indonesia, jabatan bupati dipun astha dhening RAA Soemitro Koesoemo Oetoyo ngantos
Desember 1949, ngantos sakmenika sampun wonten 13 bupati ingkang mimpin Jepara,
kalebet Drs. H. Hendro Martojo, MM.

9. Rawa Pening
Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa iku padha masak
kanggo nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha
nyiyapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya
Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing
lan amis gandane.
Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga
manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake sial, ora oleh berkah anggone
pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah
mau bisane mung nangis, karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora
mangan, bocah ala rupa mau lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan
nabet jroning ati amarga tansah digawe kasar, dihina, bocah ala rupa mau mlaku menyang
kampung tanpa arah lan tujuan. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa
gubugan kang sepi kahanane lan adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong
tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat (dipelihara) dening Mbok Randha.
Dheweke diwenehi pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita
marang simbah randha yen dheweke iku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka
Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara
dina. Bareng wis rumangsa wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting
nerusake mlaku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge
lunga , Baru Klinthing weling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah
supaya numpak lesung. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging
simbah tetep urmat lan ngeling- eling piweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis
tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing. Nanging Baru
Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada
lanang. Sada lanang kasebut banjur ditancepake ing lemah. Wong-wong dikandani supaya
njabut sada mau, yen bisa njabut sada mau arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing.
Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya mengkana, Wong-wong pada nyoba njabut sada
mau. Saka sing awake cilik tekan wong sing awake gedhe ora ana kang bisa njabut.
Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncrat banyu.
Muncrate banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha golek papan panggonan kang
luwih dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan wong-wong mau ora ana tilase,
kabeh wong pada sirna amarga piwalese saka tumindhake dewe. Kampung kang mirip rawa
mau, diarani Rawa Pening.
Rawa pening saiki panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah.
Rawa iku ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ana ing Kecamatan Ambarawa,
Bawen, Tungtang, lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng gunung Merbabu,
Temoloyo, lan Ungaran.

10. Asal Usul Kota Semarang


Nanging ana ing Jawa Tengah ngadeg ing Kratoning Demak kang siji karakter kraton
Islam. Ana urip pangeran misuwur dijenengi Raden Made Pandan. Dheweke dikenal
minangka sawijining ulama lan Muh. Akeh wong sing wegah kanggo beliau.beliau kae lan
duwé anak lanang jeneng Raden Pandanarang. Kaya kang rama Raden misuwur minangka
Pandanarang sopan anak, loropaken, jinis lan dutiful kanggo wong tuwané. Banjur Raden
Made Pandan njupuk putra lan rombongan kanggo ninggalake Kasultanan Demak. Padha
menyang kulon katon kanggo wilayah anyar kanggo bakal dikuwasani. Dina ing cara, akhire
Raden Made Pandan takon kanggo mungkasi lan aran kanggo cocog wilayah padha dianggep
cocok kanggo katutugan.
Alas lan malah banjur kabuka, temah diadegaké pesantren lan farmland. Ing
panggonan anyar Raden Made Pandan mulang Islam pandherekipun. Pungkasanipun ing
orane sekolah asrama lan ngajak wong liyane kanggo teka sinau agama ing panggonan sing.
Iki ngendi Raden Made Pandan aran seneng kanggo manggon karo kang putra.
Panjenenganipun ngarep-arep kang putra bakal bisa kanggo ngganti menyang dadi guru
agama Islam ing panggonan sing saiki. Sadurunge seda Raden Made Pandan Raden
Pandanarang menehi saran kang putra terus ita ngimpi. Raden Pandanarang takon ora
kanggo ninggalake wilayah. Raden Pandanarang takon kanggo nyebar agama Islam ing
panggonan sing lan ngatur tanah tetanèn watara wilayah.
Asal Usul Kota Semarang dalam Bahasa Jawa Karepé bapakné iki mlaku ono dening
Raden Pandanarang. Raden Pandanarang dadi guru agama sing ngirim kawruh Islam wonten
ing masyarakat kiwa, uga ngatur lahan pertanian. Dipikolehi saka pametumu tetanèn
harvests KALUBÈRAN. Karo wong sing relatif singkat lan liyane teka kanggo sinau agama
Islam. Asal Usul Kota Semarang dalam Bahasa Jawa Sawijining dina Raden Pandanarang
digunakake ing lahan tetanen karo para sakabate, dumadakan bab aneh kedaden. Antarane
wit gembur ijo ana sawetara wit lunak sing tuwuh saka saben liyane. Wong-wong sing weruh
iku uga wonder, kok ing lemah fertile iku mundak akeh adoh-flung wit lunak? Demi weruh
iku Raden Pandanarang ngomong sing wilayah iki Aku jenenge Semarang. Asalé saka
tembung Asem iku suku cadang. Mangkono asal saka kutha Semarang kang saiki sawijining
kutha rame ing Jawa Tengah lan malah dadi ibukutha provinsi iki. Amarga saka layanan iki
pisanan dibukak lan diadegaké ing kutha Semarang, Raden Pandanarang, banjur diangkat
langsung minangka pimpinan uga minangka gelar Ki Ageng Pandanarang I.

11. Asal Usul Kota Surabaya


Garwa prameswari majapahit (garwane prabu brawijaya) nalika siram ing taman
bebarengan karo para sisihane panggedhe majapahit, dumadakan ilang musna. Majapahit
geger. Prabu brawijaya banjur ngutus sungging prabengkara nggoleki garwane sang prabu.
Ing tengan dalan sungging dipethuki nabi khudur lan diparinggi katranan yen prameswari
majapahit mau wis seda dishusta dening iwak sura lan baya.
Iwak sura lan baya nalika andhusta prameswari majapahit mau apengawak
manungsa, nabi khidir banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah-larahane dene
wong loro mau andhusta lan mateni prameswari majapahit nalika didangu dening Nabi
Khidir kekarone padha banjur tutuh-tinutuh awit padha ora rumangsa dosa, jalaran anggone
mateni prameswari mau saperlu mung kanggo lebong weteng.
Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari Majapahit kuwi iwak sura (dene
baya mung melu ngobyongi wae), nanging sura ora gelem ngakoni dosane sakteruse banjur
tuwuh pancakara antarane iwak sura karo baya. Perange iwak sura karo baya ora ana ing
dharatan nanging ing kali. Kaya mangkono trajange sura lan baya anggone pdha gelut.
Loro-lorone pdha kuwate, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Wong loro padha keket
olehe gelut saengga awor dadi siji. Wusanane, amarga wis ginaris dening sing gawe urip, sura
lan baya banjur musna tanpa lari.
Sakmusnane sura lan baya, ratu jenggala tumendhak ing sapinggire bengawan. Sri
Naranata andangu marang kawulane saperlu mundhut pirsa mula bukane wong-wong mau
padha ana ing sapinggire bengawa. Kahanan kang kaya mangkono iku Sri Naranata banjur
ngendika, “mbesuk yen ana rejang jaman papan kene bakal takjenengake SURABAYA.”

12. Asal Usul Kota Tuban


Dijenengake Tuban. Biyen ora kajeeng Tuban, nanging Kambing Putih sakjake abad
ke-11 sampek abad ke-15, ing pawarta panulis China [ing jaman Dinasti Song lor(selatan)
sampek 1127 – 1279 lan Dinasti Yuang(mongol) 1271 – 1368 sampek jaman Dinasti Ming
tahun1368 – 1644].
Tuban kasebut dadi salah sijining kutha pelabuhan ing Pantai Utara Jawa sing sugih
lan akeh penduduk Tionghoa. Wong china akeh nyebut Tuban nganggo sebutan Duban
utawa jeneng liyane Chumin. Pasukan China – Mongolia (Tentara Tar – Tar)ing tahun 1292,
teka nyerang Jawa bagian wetan (timur), ndarat ing Pantai Tuban.
Ono ing kono iku sisa tentara – tentara sing wis mulih ninggalake Pulau Jawa nak
Negara asale. Tapi sakjeke abad ke 15 – 16 kapal seng ukurane sedengan kudu mbuang sauh
ing laut lepas. Sawise abad ke-16 Pantai Tuban iku mau ngumpul dadi endapan bletokan.
Keaadan iki nggarai Kota Tuban ing sejarah lanjutane ora dadi kutha pelabuhan. Akhire,
tanggal 12 Novemeber 1293 ditetapake dadi dino perayaan kutha Tuban, amarga ketepakan
karo pengangkatan Ronggolawe dadi Adipati Tuban. Ronggolawe dianggep dadi pahlawan
karo masyrakat Tuban lan dianggep dadi bupati Petama ing Tuban.
Panggonan sumber banyu bersih kaletak ing 10meter saka pantai, tapi sumur tetep
tawar lan seger rasane. Sumur Srumbung iki dikisahakebebas saka jejake Sunan Bonang
marang Pendekar saka China, sing akhire Sunan Bonang nancepake tongkate ing tepi pantai
sing akhire terus metu banyu tawar. Tetapi saiki saya suwi sumur iku geripis kena abrasi
gelombang laut.

13. Asal Usul Desa Karanggede lan Desa Wirogaten, Kebumen


Kawiwitan saka paprangan antarane Singojiwo lan Wirogati kang rebutan wilayah.
Sakwise wong tuwane tilar dunya, Singojiwo ngumbara lan mbukak alas. Alas kang dibukak
Singojiwo jebul wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Wirogati yaiku wong asli dhaerah kono
kang sadurunge wis duweni kuwasa ana kono. Wirogati kang ngerti menawa alase ana sing
mbukak, dheweke nemoni Singojiwo. Singojiwo ora trima menawa alas kang wis dibukak iku
wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Singojiwo kang duweni watek sesongar nantang gelut
Wirogati, nanging Wirogati ora nanggepi tantangane Singojiwo. Wirogati lunga saka omahe
tapa ana guwa nglungani paprangan tantangane Singojiwo. Wirogati bali lan olih wangsit
supaya dheweke menehi alas kang wis dibukak marang Singojiwo kanthi pathok kanggo
wates pekarangane lan supaya Singojiwo ora gawe sesongar ana desa iku.
Dhasar Singojiwo, dheweke ngambani alas kang wis dadi pekarangane ngluwehi
pathok nganti rong dusun. Perjanjen kang wis dadi sepakate wong loro iku dilanggar
Singojiwo. Wirogati kang ngerti alase diambani marang Singojiwo, dheweke nimbali
Singojiwo. Singojiwo ora netepi dhawuhe Wirogati. Singojiwo malah nantang gelut. Dheweke
malah nduweni kekarepan, menawa dheweke kalah dheweke gelem mbalekake
pekarangane. Nanging menawa sewalike dheweke menang, pekarangan kang wis dibukak
lan ditambahi rong dusun iku dadi dhuweke. Wirogati nrima apa kang dikarepake Singojiwo.
Paprangan antarane wong loro iku kaleksanan.
Nalika perang, Singojiwo malih wujud dadi macan loreng lan Wirogati ora malih
wujud nanging dheweke nitih jaran. Nganggo jaran iku Wirogati bisa ngalahake Singojiwo.
Singojiwo kalah, nanging dheweke tetep ora gelem netepi janjine menehake alas pekarangan
kang wis direbut. Wirogati kang nduweni watek nrima dheweke menehake pekarangan lan
alas kang wis dibukak nganti rong dusun iku. Wirogati menang nanging dheweke ikhlas
menehake pekarangan kang dijaluk Singojiwo. Wirogati menehi pekarangan iku kanthi
panjaluk supaya anak putune bisa urip bebrayan ora ana sing padha gelutan.
Saka kedaden iku, ora ana maneh paprangan antarane wong loro iku nganti anak putune. Menawa
ana ya ora nganti geger. Dhaerah kang diduweni Singojiwo lan Wirogati dadi desa kang
guyub. Desa Karanggede lan Desa Wirogaten arane. Karanggede nduweni teges
karangan/pekarangan kang gedhe/amba. Desa Karanggede iku wiwitane saka pekarangane
Singojiwo sing amba, mula diarani Karanggede. Menawa Desa Wirogaten, jeneng iku dijupuk
saka jeneng Wirogati kang dadi patriote Desa iku.
Sanjange para sesepuh desa loro iku leluhure iku yaiku Mbah Singojiwo lan Mbah
wirogati sawektu-wektu menthengul. Mbah Singojiwo biyasane mujud singo kang
menthengul ing wayah-wayah sandikala utawa wengi-wengi tartemtu. Menawa Mbah
Wirogati, ora mujud nanging mujud swara jaran ngringik kang biyen-biyene titihane Mbah
Wirogati.
Singojiwo kang nduweni watek sesongar nyebabake anak turune mung dadi wong
biyasa-biyasa wae. Ora ana sing sugih banget utawa mlarat banget, ngalim banget utawa
sewalike. Anak turune percaya, saumpama kepengin dadi wong gedhe kudune lunga saka
desa iku. Beda karo wateke Mbah Wirogati kang nrima, anak turune Mbah Wirogati beda
karo anak turune Mbah Singojiwo. Anak Turune Mbah Wirogati akeh kang dadi wong gedhe.
Dadi desa kang makmur.

14. Asal Usul Desa Serayu, Karanganyar


Sawiji ning dusun ing daerah ingkang tandus, wonten keluarga ingkang atas nami
Darmakusuma ingkang gadah garwa, Erawati. Gesangipun, Darmakusuma tentrem napa
malih seniki garwanipun saweg mbobotanging Darmakusuma kuwatir mriksani garwanipun,
“Napa ingkang diraosaken garwaku?” ngendika Darmakusuma. “Menawi putranipun lair,
nanging daerahipun tandus susah madosi toya, kados pundi nasib putranipun kita?”. Ingkang
penuh kasih sayang Darmakusuma maringi pangerten dhumateng garwanipun lan ngibur
Erawati, supados mboten usah kuwatir.
Darmakusuma kaliyan sedaya usahanipun madosi tuk. Teng pundi mawon sampun
didatengi, dugi Pring sedapur Sangkanayu lan daerah Talagening. Nanging tetep mboten
wonten toya, ngantos dinten-dinten. Dugi garwanipun lairan, tetep mboten angsal padahal
toya ingkang wonten cukup kangge masak lan nginum.
Darmakusuma putus asa ing penggalihipun ngendika, “Menawi usaha lan do’a
ingkang khusuk Gusti Allah pasti bakal ngabulna penyuwunanku. “Ingkang tengah
keheningan, Darmakusuma bertapa nyuwun pertolongan dhumateng Tuhan Ingkang Maha
Kuasa, supados napa ingkang dipun suwun dikabulna termasuk kebutuhan toya.
Ijig-ijig dateng tiyang jaler ingkang ngaku naminipun Sabdaita. Tiyang jaler punika maringi saran
supados bayinipun diasta medal lan embing-embing ipun segera dipotong. Darmakusuma
nglampahaken perintah kasebut. Sewekdal embing-embingipun dipotong, ijig-ijig mekdal
toya saking puser bayinipun, amargi kaget embing-embingipun daweh teng toya punika.
Sesampunipun dipriksani, tuk punika wonten kalih. Ingkang setunggal saking kalih
tuk punika diparingi nami “Tuk Lanang”, amargi toyanipun deres lan setunggale malih
diparingi nami “Tuk Dandang ” amargi tuk punika kaya caruk. Embing-embingipun ingkang
daweh lan terendam ing tuk punika damel mambu amis/arus. Nanging toyanipun mboten
mambu lan tetep jernih. Amargi wonten mambu amis, daerah punika terkenal ingkang
naminipun Dusun Arus.
Darmakusuma ngrasa lega lan terkabul usahanipun, kangge rasa matur nuwun,
Mbah Sabdaita diparingi panggenan teng Ciputat. Mbah Sabdaita ngrasa remen manggeni
griya kasebut. Ditanemna kalih wit beringin ingkan tumbuh subur, saengga panggenan
punika terkenal ingkang sebutan “Waringin Jajar”.
Toya saking Tuk Arus dados kalih lan diparingi nami kali Arus, kangge dados
dimanfaatnaken aliran kali diarahnaken selatan lan kebetulan saking arah selatan wonten
kali saking Campokoah. Amargi kali punika nglewayi alas jati saengga disebut Pejaten.
Usaha Darmakusuma mbangun dibantu Mbah Sandaita kaliyan pelepah godong kelapa lemah punika
di gali utawi disusuk. Ngantos dinten-dinten pekerjaan punika dilampahaken. Akhire kali
punika rampung lan diparingi nami “Susukan Pejaten”.
Mriksani pekerjaanipun sampun rampung, Darmakusuma ngrasa remen lan bangga,
kangge rasa syukuripun diwontenaken selamatan. Diaturi rawuh petinggi saking Kabupaten
Purbalingga, Kanjeng Bupati Purbalingga. Ing sesambutanipun Kanjeng Bupati aturaken
selamet dhumateng penduduk utawi warga. “Sira rahayu ” ingkang gadah arti panjenengan
selamet. Kata-kata punika ditirukaken sedaya penduduk ingkang rawuh dados “Serayu utawi
Sesaya”.
Sesanesipun maringi ucapan selamet Bupati Purbalingga nyaranaken supados
Susukan-Pejate dimanfaatna kangge penduduk bagian wetan menawi penduduk bagian ler
manfaatna kali Arus. Masyarakat nampi napa ingkang dados saran Bupati Purbalingga.
Pepali utawi larangan sampun dados ingkang sangat nglekat kangge masyarakat, Amargi dusun
ingkang dereng gadah nami niki, diparingi nami “Serayu Larangan “. Serayu saking sira
rahayu ingkang gadah arti panjenengan selamet. Larangan utawi pepali ngandung arti
menawi panjenengan pengen selamet sesanesipun nglampahi kebaikan kudu nebihi
larangan.
Nami dusun Serayu Larangan dicocoki masyarakat. Kemakmuran dusun Serayu
Larangan nyebabaken kecemburuan Sasrakusuma saking penduduk Gung-Ilang ing usun
Serang. Sasrakusuma usaha pengin ganggu lan musuhi. Hal punika dadosaken perselisihan
Sasrakusuma kaliyan Darmakusuma. Akhire wonten peperangan nanging dimenangna
Darmakusuma ingkang dibantu Mbah Sabdaita.
Maksud Sasrakusuma kandas mboten dados terkabul. Lan akhire Sasrakusuma
nyerah. Kemakmuran dirasakan penduduk Serayu Larangan. Penduduk tambah katah. Hal
punika dadosaken Darmakusuma pengin buka pemukiman anyar teng bagian ngidul. Tugas
punika diserahaken dhumateng Mbah Sabdaita. Dibukane dusun anyar Mbah Sabdaita
maringi nami “Serayu Karanganyar”. Dugi seda Mbah Sabdaita tetep teng Serayu
Karanganyar.

15. Asal Usul Kota Balikpapan


Dek jaman biyen ing Kalimantan Wetan, ana kerajaan gedhe sing dipimpin karo Raja
Aji Muhammad. Raja iki kawentar kang adil lan bijaksana. Mulane negrine kuwi aman,
makmur, lan sentosa. Negrine nyakup wilayah kang amba, salah sijine teluk sing
pemandangane apik banget.
Raja Aji Muhammad duwe anak wadon jenenge Aji Tatin. Dheweke siji-sijine calon
pewaris kerajaan Raja Aji. Mulane kabeh pada ngekekna perhatiane marang Aji Tatin.
Gedhene, putri Aji Tatin dinikahake karo putra bangsawan saka Kutai. Perayaan nikahane meriah
banget. Para tamu sing diundang ora mung saka panggedhe kerajaan tetonggo nanging
kabeh rakyat negri melu ngrayakake perayaan kasebut.
Raja Aji Muhammad ngendhikan ing ngarepe kabeh tamu marang putri Aji Tatin menawa dheweke
arep menehi teluk sing pemandangane kang apik banget kuwi dadi hadiah nikahane uga
teluk kuwi mau wis dadi wilayah kekuasaane Aji Tatin. Putri Aji Tatin wiwit iki oleh munguti
upeti saka penduduk teluk mau. Sakwise ngrungoake perihal kuwi mau putri Aji Tatin
bungah banget atine.
Wiwit iku putri Aji Tatin dadi ratu ing teluk. Sing ngrewangi dheweke munguti upeti
saka penduduk yaiku garwane lan abdine sing setya yaiku Panglima Sendong. Wektu iku
upeti sing dipunguti yaiku kayu arupa papan, gawe bangun istana. Dina iku, wong-wong
kepercoyoane putri Aji Tatin dipimpin karo Panglima Sendong lagi munguti upeti kayu. Upeti
kuwi mau diangkut karo prahu kanggo nyebrangi segara.
Nanging, pas katene tekan ing teluk ora disangka-sangka angin gedhe dieloki karo
omabak gedhe nerjang prahu. Kabeh wong panik. Panglima Sendong ngongkon prajurite
supaya ndang ngadoh saka ombak gedhe mau karo dayung gunakake tokong. Ning, kabeh
sing dilakonake wis telat. Sadurunge perahu tekan teluk, ombake tambah gedhe lan nabrak
lambunge prahu sing nyebabake kabeh bagian prahune kisian banyu segara. Ora sepira
suwe, prahu iku mau banjur malik lan kelem.
Prahu sing kelem mau kegowo ombak lan natap karang gedhe ing cedhake teluk
saengga pecah ora karuan. Ora ana wong sing selamat, termasuk Panglima Sendong. Papan
kayu sing diangkut mau sebagian ana ing prahu sebagian maneh ngapung ing cedhake teluk.
Tokonge para pendayung uga puthul ora karuan.
Putri Aji Tatin lan garwane ngrasa kilangan lan sedhih banget amarga musibah sing
dialami wong-wong kepercoyoane. Mula, gawe ngenang kedadeyan iku wilayah panggone
prahu sing malik kuwi dijenengi Balikpapan, saka 2 wanda balik lan papan. Karang panggone
prahu mau malik tambah suwe tambah amba saengga dadi pulau, lan pulau kuwi mau
dijenengi pulau tukung saka tokong sing digawe para pendayung dayung prahune.
TUGAS BAHASA JAWA
KUMPULAN CERITA RAKYAT

NAMA : Yuvito Zulfa


NO : 36
KELAS : XI MIPA 4

You might also like