You are on page 1of 1

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

‫ نَبِّيِّنَا ُم َح َّم ٍد صلى هللا عليه وسلم‬، َ‫س ِّليْن‬ َ ‫علَى أ َ ْش َرفِّ ْال ُم ْر‬ َ ‫سالَ ُم‬ َّ ‫صالَة ُ َوال‬ ِّ ‫علَى أ ُ ُم ْو ِّر ال ُّد ْنيَا َو‬
َّ ‫ َوال‬،‫الدي ِّْن‬ َ ُ‫ َوبِّ ِّه نَ ْست َ ِّع ْين‬، َ‫ب ْالعَالَمِّ يْن‬
ِّ ‫ْال َح ْم ُد هلل َر‬
‫ َوبَ ْع ُد‬،‫الدي ِّْن‬
ِّ ‫لى يَ ْو ِّم‬
َ ‫ان ِّإ‬
ٍ ‫س‬ ْ َ ‫علَى آ ِّل ِّه َوأ‬
َ ْ‫ص َحا ِّب ِّه َوالت َّا ِّب ِّعيْنَ َو َم ْن ت َ ِّب َع ُه ْم ِّبإِّح‬ َ ‫ َو‬:

Bapak Ibu hadirin ingkang kawulo hormati

Langkung rumiyin, monggolah kito sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng pangarsanipun gusti
Allah SWT sehinggo ing saat siang puniko kito saget kekempalan wonten ruangan puniko kanti sehat wal
afiat.

Sholawat soho salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng suri tauladan umat inggih puniko
kanjeng nabi Muhammad SAW, lan ugi dumateng keluarganipun, sahabatipun, lan sedoyo umatipun
ingkang sami ngalmapi syariat ingkang sampun diajaraken. Mugi-mugi kito sedoyo kalebet umatipun
kanjeng nabi lan angsa syafatipun benjang wonten dinten akhir. Amin.

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati

Mboten kroso, sekedap malih kalebet wulan ingkang agung, wulan ingakng pinulyo, inggih puniko wulan
Romadhon, ing wulan puniko kito kedah dipun wajibaken ngalampahi puoso wulan Romadhon.

Ing salebeting wulan Romadhon puniko sedoyo amal sae ganjaranipun dipun tikelaken, dipun
lipatgandaaken. Sebab meniko, mangke salebeting wulan Romadhon kito dipun ngalampahi amalan-
amalan ingkang sae, contonipun ngathah-ngathahi maos Al-Qur'an, nderek shalat tarawih, nderek
mirengaken pengaosan-pengaosan, ngathah-ngathahaken dzikir, amal jariyah lan sak piturute.

Poro rawuh sedoyo ingkang berbahagia

Punopo ingkang kedah kito siapaken menyambut wulan ingkang suci meniko? Sepindah kito kedah
rumongso seneng ing manah, sebab bade karawuhan wulan ingkang kathah pangapuro saking Allah.
Sebab menopo? kito sampun remen anggoning karawuhan wulan Romadhon puniko sampun angsal
ganjaran ingkang gede, nopo malih kito ngalmapi puoso, lan nglampahi amalan-amalan sae wonten
wulan meniko, mesti ganjarane luwih angeng sanget.

Salajengipun kito kedah nyiapaken fidik kito spados anggoning nglampahi siyam Romadhon mangke kito
mboten dalam keadaan ingkang sakit. Pramilo wiwit sameniko kito kedah nyiapaken fisik lan
mentalipun, soho imanipun kangge ngadepi wulan siyam Romadhon.

Menikolah sesorah ingkang saget kawulo aturaken, mugi manfaat.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

You might also like