You are on page 1of 1

LONTHONG

a. Pangertosanipun Lonthong
Lonthong punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang
wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Lonthong bakalanipun
kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken. Wiyaripun setagen
watawis 2 – 4 M. ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya
wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan Kamus, wonten
nglebet dados mboten ketingal saking njawi.

b. Filosofi Lonthong
Nata awak supaya tegap lan santun anggone unggah-ungguh. Supaya dadi wong iku kudu
tegap lan santun unggah-ungguhe.

5. KAMUS LAN TIMANG


a. Pangertosanipun
Ingkang dipun wastani Kamus menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru,
wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi saking bludru.
Bongkotipun kamus dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet
ubetipun kamus, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten
kumlewer.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran. .

c. Filososfi Kamus lan Timang


Kamus: Supaya biso kerja kanthi sae kudu Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang nduweni
manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas. Timang: Ilmu
kang dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.

You might also like