You are on page 1of 2

NAMA : SHOFIKATIN ASLIKAH

NO. : 34

KELAS : XI-OTP3

NONA SEKRETARIS

Sirtu yaiku Kenya 21 taun lulusan SMA asal Sragen lunga menyang Jakarta amarga wis ora
betah neng desane amarga dijodho-jodhoke karo ibune, neng Jakarta Sirtu mug nduwe
modhal ketrampilan ngetik lan pinter basa inggris. Tekan Jakarta Sirtu ngekos neng daerah
Lurung Tambak. Sirtu ketrima nyambutgawe neng Kantor impresario sing butuhakejuru ketik
utawa sekretaris. Kantor kuwi biasa diarani Kantor Biro Pentas Artis.

Sirtu disenengi karo Bathara Nainggolan, nanging dheweke seneng karo Ugrasamsi wakil
direktur neng kantore sing wis janji bakal nglamar dheweke.

Ing sawijining dina Sirtu dijak neng Night Club karo Bathara Nainggolan kanggo dikenalke
karo wong tuwane. Tekan kono Bathara Nainggolan malah ngomong yen Sirtu iku calon
tunangane, Sirtu kaget wong dheweke lunga menyang Night Club arep dijak mangan eeh
malah di kenalke wong tuwane. Bapake Nainggolan wonge momong lan ramah dadi Sirtu
sungkan arep nampik. Keluwarga Nainggolan kuwi sugih banget dadi bengi kuwi ana
wartawan sing teko mawancarai Sirtu, lan Sirtu ora bisa nolak.

Isuke Sirtu ditekani karo Julaeha amarga ning koran ana berita ngenani Sirtu tunangan karo
Bathara. Sirtu langsung kaget bathine piye yen Ugrasamsi ngerti. Wektu ing kantor para
pegawai pada ngingeti Sirtu lan ngucapke selamat marang Sirtu. Ing njero ruangane Sirtu ya
diucapke selamet karo bos lan Ugrasamsi nanging Sirtu njelaske yen Bathara ora tunangane.
Amarga tresna karo Sirtu Ugra percaya wae apa sing diomongke mau.

Nalika kuwi Kantor Biro Pentas Artis enthuk proyek saka Normasari ing kutha-kutha
Indonesia. Nanging ana permasalahan amarga Normasari ora gelem duet karo Lestari Dewi,
mula Bathara Jarum, Ugrasamsi lan Surti pada mikir sapa sing bisa gantikake Lestari Dewi
nanging ora bisa ngalahke Normasari. Banjur Surti kepikiran kancane yaiku Julaeha, lan
ngomong yen piye nek penggantine Lestari Dewi kuwi Juleaha. Banjur diomongke Danan
sing ngurusi artis-artis, Danang setuju anggone Sirtu amarga dheweke ya wis ngematke
Juleaha pirang dina iki lan dheweke ya nduweni bakat.

Akhire ning pirang-pirang road show Juleaha ganteni Lestari Dewi. Wektu ing Surabaya Sirtu
ketemu karo Wasis bocah lanang sing gantheng lan ramah marang dhekne.

Banjur ning akhir dina Sirtu bali karo Normasari, lan 2 kancane. Banjur Wasis teka lan
ngucapke salam perpisahan kanggo Sirtu. Lan nawarke supaya diterke neng Bandara. Sirtu
lan kabeh mau setuju wae. Banjur wektu ing dalan Sirtu ngerti mobile Ugra, lan ing njerone
ana Juleaha. Normasari lan kanca-kancane manas-manasi Sirtu yen Ugra pancen wateke
ngono. Banjur Normasri ngakon Wasis supaya ngetutke mobile Ugra. Ndilalah tenan omonge
Normasari Ugra lan juleaha mandheg ing njero villa.

Sirtu atine panas, awake kayak arep rubuh. Untung wae ana Wasis sing bisa gawe adheme
atine Sirtu. Banjur Sirtu sadhar yen Mas Wasis sing serius karo dheweke. Lan esuke Mas
Wasis karo wong tuwane teka ing Sragen nglamar Sirtu.

You might also like