You are on page 1of 4

Seserepan piwulang luhur saking SERAT JOYOBOYO

Mbesuk yen wis ono kreto tanpa jaran

Tanah Jowo kalungan wesi

Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang

Kali ilang kedhunge

Pasar ilang kumandange

Iku tondo yen tekane jaman Joyoboyo wis cedhak

Bumi soyo suwe soyo mengkeret

Sekilan bumi dipajeki

Jaran doyan mangan sambel

Wong wadon nganggo pakeyan lanang

Wong lanang koyo wong wadon

Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman

Akeh janji ora ditetepi

Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe

Menungso podho seneng nyalah

Ora ngendahake aturaning Gust

Barang jahat diangkat-angkat

Barang suci dibenci

Akeh menungso mung ngutamakke duwit

Lali kamanungsan

Lali kabecikan
Lali sanak lali kadang

Kepingine mung urip mukt

Ngumbar nafsu angkoro murko

Nggedekake duroko

Wong bener thenger-thenger

Wong salah malah bungah

Wong apik malah ditampik

Wong jahat munggah pangkat

Wong agung kasinggung

Wong olo kapujo-pujo

Wong wadon ilang kawirangane

Wong lanang ilang kaprawirane

Akeh wong ngedol elmu

Akeh wong ngaku-aku

Njobone puth njerone dadu

Ngakune suci, nanging sucine palsu

Akeh bujuk akeh lojo

Akeh udan salah mongso

Akeh prawan nglairake anak

Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapak'e

Agomo akeh sing nantang

Prikamanungsan soyo ilang

Omah suci dibenci


Omah olo soyo dipujo

Anak mangan bapa

Sedulur mangan sedulur

Konco dadi mungsuh

Guru podho disatru

Tonggo podho curigo

Kono-kene soyo angkoro murko

Mbesuk yen ono peperangan

Teko soko wetan, kulon, kidul lan lor

Akeh wong becik soyo sengsoro

Wong jahat soyo seneng

Wektu iku akeh dandang diunekake kuntul

Wong salah dianggep bener

Pengkhianat nikmat

Durjono soyo sempurno

Wong jahat munggah pangkat

Wong lugu kebelenggu

Wong mulyo dikunjoro

Wong wadon nglamar wong lanang

Wong lanang ngasorake drajate dhewe

Sing kebat kliwat

Sing telah sambat

Sing gede kesasar

Sing cilik kepleset


Sing anggak ketunggak

Sing wedi mat

Sing nekat mbrekat

Sing jerih ketndih

Sing ngawur makmur

Sing ngat-at ngrinth

Sing ngedan keduman

Sing waras nggagas

Mung saiki sing lagi digandrungi yaiku

Ing ngarso numpuk bondho

Ing madyo mangan konco

Tut wuri nggolek rai

Pitutur Jowo asli iki ojo dilalekno

Elingono marang dawuhe Gust Allah kang murbeng dumadi

You might also like