You are on page 1of 1

Grebeg Slarong

Salah sawijining kabudayaan jawa ing kuta Ngayogyakarta inggih punika


“Grebeg Slarong”. Grebeg slarong yaiku upacara tradisional masyarakat Gowasari, Pajangan,
Bantul kang wujudipun acara rakyat. Ketua Panitia Pelakasana Grebeg Selarong, Muhammad
Faza Muzakki jelaskake yen Grebeg Slarong punika dipun mengeti kangge wujud syukur
warga desa Gowasari ingkang sampun pinaringan kesarasan lan kawilujengan berkah tani.
Grebeg slarong punika ugi kangge mengeti milad desa Gowasari lan kagem mengenang
jasanipun pangeran Diponegoro. Adicara upacara adat puniki dilaksanake saben setaun
sepindah. Acara Grebeg Selarong punika dipun wiwiti dening Karang Taruna Dipo Muda lan
pamong desa Guwosari. Grebeg Selarong dipunwontenaken ing plataran parkir Goa Selarong,
desa Guwosari, kecamatan Pajangan, kabupaten Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta.
Adicara grebeg slarong kasusun kanthi pirang-pirang adicara inggih menika ,
mujahadah utawi larungan risalah doa, merti dusun, pentas seni, perlombaan lan dipun
pungkasi adicara kirab. Saben desa mengeti grebeg slarong iku kanthi maneka warna. Seni
lan tradisi ingkang dipun tampilaken wonten ing kirab inggih punika gunungan, bregada,
ogoh – ogoh, lan sakpanunggalipun.
Adicara Grebeg Selarong punika dipun derekki atusan warga desa Guwosari, ingkang
kabagi sawetara group. Ing setunggal group wonten gangsal welas bregada saking sedaya
desa wonten ing Guwosari, Pajangan, Bantul. Selain itu, wonten setunggal gunungan khusus
inggih punika gunungan ingkang kasusun saking 72 (pitungndoso kalih) ingkung kangge
simbol dinten milad Desa Guwosari. Rutenipun Grebeg Selarong dipunwiwiti saking balai
desa Guwosari lan dipun punkasi wonten ing Gua Selarong.
Adicara Kirab Budaya Grebeg Selarong Bantul dipun pungkasi kanthi rebutan
gunungan ingkang dibeta dening para peserta kirab. Sakderengipun gunungan kangge rebutan
gunungan menika dipundongani rumiyin, masyarakat ingkang sowan badhe rebutan
gunungan ingkang disediaken. Sakkabehe gunungan ingkang jumlahipun welasan menika
langsung dipun beta wangsul wonten plataran parkir Goa Selarong. Bibar rebutan isi
gunungan, masyarakat lajeng bubar ninggalaken papan.

You might also like