You are on page 1of 2

NASKAH PIDATO BAHASA JAWA

“Bektos Dumateng Tiyang Sepah”

Poro juri engkang kinormatan,


Sesepuh dalasan pinisepuh engkang kinormatan,
Rencang-rencang engkang kulo tresnani,

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh,


.....................
.....................

Sakderenge kawula matur, mangga kitha sami-sami munjuk raos syukur wonten
ngarsanipun Allah murba ing dumadi. Wondene ing wedal punika kitha tasih saged
ngraosaken endahing iman soho Islam. Kaping kalihipun shalawat soho salam mugi tansah
kalimpahaken dumateng jujungan kito nabi Muhammad Saw ingkang sampun nedahaken
kito margi engkang leres kanthi tulodho ingkang paripurno

Para sederek sedoyo ingkang kinormatan,


Dalem bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kitha sami saged ngangsu kawruh
babakan bektos dumatheng tiyah sepah. Agami islam mrehatosaken sanget babakan
puniko, Kanjeng nabi Muhammad Saw paring dawuh,

Ridholloohi fi ridho walidain


Ridho Allah gumantung ridho tiyang sepah kekaleh

Wa sakhothulloohi fi sakhotil walidain


Lan murkanipun Allah Swwt gumantung murkanipun tiyang sepuh kekaleh

Para sederek sedoyo engkang kinormatan,


Dados sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah bektos dumateng tiyang
sepahipun saklaminipun taksih sugeng. Amargi rugi sanget, menawi wekdal tiyang sepah
kapundut tapi gadah raos kuciwo dumateng kito. Puniko artosipun kito sampun gagal.
Amargi raos kuciwo tiyang sepah naliko tilar dunyo niku luwih caket kaliyan murkanipun
Allah Swt. Puniko paring pelajaran bilih bektos dumateng tiyang sepah puniko kedah kito
jagi saestu, punopo malih menawi tiyang sepah puniko sampun yuswo lanjut.

Rasulullah Saw sampun paring dawuh ingkang artosipun, tiyang sepah puniko lawang
surgo ingkang paling tengah. Al-Imam al-Qadhi jelasaken bilih tegesipun lawang tengah
puniko lawang ingkang paling sae lan inggil. Gusti Allah Swt ugi sampun paring dawuh
wonteng ing Surah al-Isra ayat 23,
Wala takullahuma uffin
Lan ojo podo ngucap ah, marang wong tuwomu loro

Perangan ulama jelasaken bilih akhlaki-pun anak dumateng tiyang sepah puniko
kedahipun kados batur dumateng doronipun. Ngatos-ngatos sanget jagi lisan lan solah
tingkah. Kuwatos bilih tiyang sepah ketaton manahipun. Amargi tiyang sepah puniko
asring mboten purun nglairaken punopo ingkang wonten lebet manahipun. Kito mboten
mangertos sejatinipun tiyang sepah puniko remen nopo kuciwo. Amargi isinipun manah
puniko ingkang mangertos namung Allah Swt.

Sagunging para rawuh dahat kinormatan,


Kito namung saged mbudi doyo sak sae-saenipun, kanthi niat ingkang ikhlas, mboten
kendat-kendat ngupadi esemipun tiyang sepah. Ingkang dipun betahaken tiyang sepah
namung katresnan putra wayahipun, mboten kedah arupi bondo ingkang katah. Ingkang
langkung wigatos, kito gumregah dumateng dawuh-dawuh kesaenan tiyang sepah lan
taksah merhatosaken kebetahan-kebetahanipun. Menawi saged, tiyang sepah dereng matur,
kito sampun sami tanggap. Puniko nedahaken, kito saestu menggalih dumateng tiyang
sepah. Insya Allah, mboten wonten tiyang sepah ingkang kuciwo manahipun menawi
labetipun anak sampun mekaten.

Para sederek ingkang kawula tresnani,

Kawula kinten cekap semanten. Mbok bilih wonten purwa, madya, soho purna ceweting
atur kawula ingkang boten mranani wonten penggalih panjenengan sami, kawula nyuwun
agunging samudra pangaksami.

Tuku santen dhateng peken


Ingkang kuncoro peken beringharjo
Kulo kinten cekap semanten
Lepat kulo nyuwun pangapuro

Ali-ali moto telu, i love u

Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

You might also like