You are on page 1of 2

Hadirin Jemaah Jumat Ingkang Minulyo..

Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwa kito dumateng ngersanipun gusti
Allah swt. Kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun.
Kedah kito mangertosi bilih rugi sanget tiyang ingkang diperbudak kalian hawa nafsu,
rugi sanget tiang ingkang dipun tebihaken dening gusti Allah swt. saking rahmatipun,
lan rugi sanget tumerap tiyang ingkang nyadhe akhirot dipun tuku kanti bondo dunyo.
Amergi, mbenjang wonten dinten kiamat piyambakipun mboten bakal nampi
keringanan saking sikso neroko. Gusti Allah sampun dawuh:

“Meniko samudayane wong-wong kang nuku penguripan dunyo kelawan penguripan akhirat,
mongko ora bakal dientengaken siksane lan ora bakal den tulungi” (QS al-baqarah: 86)
Hadirin Jemaah Jumat Ingkang Minulyo..
Menopo pembujuk tansah nutupi keawonan ingkang kito lampahi lan menopo angen-
angen ingkang mboten migunani tansah ngridu marang kawulo muda lan tiyang sepuh
kito. Padahal, tepo tulodo sering sanget paring nasihat maring kito sedoyo. Nopotoh
kito mboten mirshani katahipun tiyang ingkang sami tumindak nuju luwangan ingkang
peteng dedet wonten kuburan?

Piambakipun sampun kapisah kalian sedoyo perkawis ingkang sampun dipun


kempalaken wonten dunyo. Sejatosipun, sedoyo perkawis menio sampun cekap kagem
ndadosaken kito remen maring akherat lan sengit dating dunyo. Rasulullah saw
dawuh:

Wus nyukupi anane pati dadi perkoro kang nagdohaken saking dunyo lan dadiaken seneng
maringa akherat.”
Hadirin Jemaah Jumat Ingkang Minulyo..
Pramilo monggo kito ningkataken anggenipun takwa dumateng gusti Allah, soho
monggo kito ngamal sae kagem sangu kito ngadepi dinten pertanggungjawaban amal
lan dinten piwalesan amal. Ampun ngantos kito dados golongan tiyang-tiyang ingkang
mengo saking emut dumateng gusti Allah lan naming ngersaaken gesang wonten
dunyo kemawon . amergi, sejatosipun tiyang-tiyang puniko kelebet golongan tiyang
ingkang kesasar saking margi Allah swt. Gusti Allah sampun dawuh:
“Mongko mengoho (he Muhammad) saking wong kang mengo saking pepeling ingsun, ora
ngarepake kejobo penguripan dunyo. Ikulah sak adoh-adohe khaweruhe dheweke. Saktemene
pengeran siro iku kang paling ngaweruhi wong kang kesasar saking dalane lan kang paling
ngaweruhi wong kang oleh pituduh”

You might also like