You are on page 1of 4

ANEKDOT

RINGKESAN MATERI
Anekdot
Anekdot, yaiku crita sing cekak, ringkes, lan nduweni kesan sing lucu. Anekdot biasane minangka pasemon
adhedhasar kedadeyan kang ana ing saben dina. Senadyan tujuwan saka anekdot kanggo panglipur,
ananging sabenere ana pesen tartamtu kang kinandhut ing sajroning anekdot kasebut.

Ciri-ciri teks anekdot:


a. Critane meh padha karo dongeng.
b. Nggunakake tembung panggandheng (konjungsi lan kata penghubung).
c. Ana unsur lucu lan ngemot sindhiran.
d. Ngandhut pesen moral.
e. Nyritakake kewan lan manungsa kanthi lumrah lan miturut kanyatane.
f. Biasane ngenani wong kang dianggep penting.

Tujuan anekdot:
a. Nggawe ngguyu wong kang maca
b. Nggawe seneng wong kang ngrungokake
c. Nggambarake karakter-karakter kanthi singkat
d. Nduweni makna crita singkat ngenani kenangan-kenangane.

Kaidah anekdot:
1. Nggunakake wektu kang wis kepungkur
Tuladha: “aku sewengi ora bisa turu”
2. Nggunakake pitakon retoris
Tuladha: “apa dheweke ngerti?”
3. Nggunakake tembung panggandheng/konjungsi
Tuladha: banjur, nuli, sawise iku, lsp.
4. Nggunakake tembung kriya
Tuladha: lunga, ngadeg, lungguh, lsp.
5. Nggunakake ukara pakon
Tuladha: jupuken, buwangen, lsp.
6. Nggunakake ukara panyeru

Struktur teks anekdot.


Teks Anekdot

Abstraksi Orientasi Krisis Reaksi Koda

Katrangan:
1. Abstraksi, yaiku perangan ing purwakaning paragraf kang gunane kanggo menehi gambaran isine teks.
2. Orientasi, yaiku perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye prastawa kasebut
dumadi. Biasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan.
3. Krisis, yaiku perangan kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita.
4. Reaksi, yaiku perangan kepriye carane pangripta ngrampungake prakara kang dumadi ing perangan
krisis. Bisa uga reaksi minangka solusi utawa respon.
5. Koda, yaiku perangan pungkasane crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka prastawa ing sajroning
crita.

NULIS TEKS ANEKDOT


Anekdot kang nyritakake tokoh lan prastawa tartamtu nduweni tujuan kanggo menehi kritik.
Manawa ana sing ora sarujuk ngenani kebijakan-kebijakan kang digawe panguwasa, bakal ngritik kebijakan
kasebut. Salah sijine cara yaiku kanthi nggunakake anekdot. Wong kang dikritik kasebut ora bakal nesu
amarga kritikan kasebut disampekake sacara lucu lan konyol.

28
1. Gunane Anekdot
a. Anekdot digunakake kanggo ngawiti wawan rembug utawa ngawiti karangan. Pengarang nyritakake
anekdot luwih dhisik banjur lagi njlentrehake inti sarine.
b. Anekdot digunakake kanggo ngrengengake swasana. Digunakake dening moderator nalika sawijining
diskusi iku katon kaku lan serius. Anekdot kang dipilih ora adoh saka tema diskusi.
c. Anekdot digunakake kanggo guyonan supaya swasana katon akrab lan ora kaku.
d. Anekdot digunakake kanggo menehi pitutur.
e. Anekdot digunakake kanggo menehi kritik.
f. Anekdot digunakake kanggo narik kawigaten.
2. Nulis Teks Anekdot
Nggawe anekdot mbutuhake kreativitas pengarange, kreativitas iku arupa kaprigelan anggone
ngowahi prastawa biasa dadi lucu utawa konyol. Owah-owahan iki tumrap anekdot fiktif. Tumrap
anekdot nonfiktif pengarang cukup nyritakake prastawa lucu utawa konyol adhedasar kasunyatan.
Carane nggawe anekdot:
a. Ngamati prastawa kang ana ing sakupenge.
b. Nentokake tema.
c. Nemtokake apa kang arep dikritik ing tema kasebut.
d. Menehi unsur humor tumrap prakara kang arep dikritik. Pengarang nggunakake kreativitase kanggo
nemokake bab kang lucu utawa konyol.
e. Nggawe narasi anekdot saka wiwitan nganti pungkasan kanthi nglebokake unsur humor kang
ditemokake.
3. Jinising anekdot
Adhedasar sipat prastawane anekdot kaperang dadi loro, yaiku:
a. Anekdot fiksi
Yaiku anekdot kang nyritakake crita fiksi/khayal. Nggunakake tokoh lan latar khayalan.
Adhedasar tujuane, anekdot kaperang dadi telu, yaiku:
 Anekdot kritik
 Anekdot nasehat
 Anekdot hiburan
b. Anekdot non fiksi
Yaiku aneldot kang nyritakake prastawa kang nyata kanthi tokoh lan latar kang sabenere.

TAMBAHAN KAWRUH
 Tembung Rangkep
Rimbag rangkepan ana telung werna, yaiku rimbag dwipurwa, dwilingga, lan dwisasana.
1. Rimbag Dwipurwa
Rimbag dwipurwa iku wewangunaning tembung andhahan sing kedaqdeyan saka tembung lingga
kang wandane wiwitan dirangkep.
Umpamane:
a. Ateges nganggo : kekudhung, pepayung
b. Ateges sing dianggep : lelurah, sesepuh
c. Ateges kabeh sing : pepeteng, reruwet
d. Ateges ora gumathok : tetuku, sesuluh, tetiga
2. Rimbag Dwilingga
Rimbag dwilingga iku warna-warna wujude. Yaiku:
 Dwilingga Wantah
Dwilingga wantah yaiku dwilingga kang dumadine mung sarana karangkep tembunge wae tanpa
owah-owahan.
Tuladha: bocah-bocah, mangan-mangan, weruh-weruh
 Dwilingga Salin Swara
Dwilingga salinswara yaiku dwilingga kang dumadine sarana ngowahi:
29
a. Swaraning tembunge kang ngarep.
Tuladha: sopa-sapa, sedhan-sedhen, bola-bali
b. Swaraning tembunge kang mburi.
Tuladha: pindhah-pindheh, kembang-kembeng, slendhang-slendheng
c. Swaraning tembunge loro pisan ngarep lan mburi.
Tuladha: modhang-medheng, gonjang-ganjing, comprang-campreng.
 Dwilingga Semu
Dwilingga semu yaiku kang wujude kaya dwilingga ananging ora ana linggane.
Tuladha: kolang-kaling, andheng-andheng, alun-alun, ula-ula, ugel-ugel.
3. Rimbag Dwisasana
Rimbag dwiwasana iku dumadine saka tembung rong wanda kang karangkep wandane pungkasan
kaucapake kaping pindho, wandane kapisan swara e (pepet).
Yen wandane wekasan sigeg, sesigeke dipbuwang dhisik.
Tuladha:
Cenges // ce-nge-nges : cengenges
Celuk //ce-lu-luk : celuluk
Jegik // je-gi-gik : jegigik
Yen wandane kang kapindho sandhangan cakra utawa keret, yen diseselake cakra lan kerete ilang.
Jegreg //je-greg-greg : jegegreg
Cekruk //ce=kruk-kruk : cekukruk

 Cangkriman
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibedhek batangane utawa kekarepane, amarga tetembungan
mau nduweni teges ora sabenere.
Cangkriman kaperang dadi papat, yaiku:
a. Cangkriman wancah (cekakan)
Tuladha:
 Wiwa wite lesmba dhonge (uwi dawa uwite tales amba godhonge)
 Pak bomba pak lawa pak peyut (tepak kebo amba, tepak ula dawa, tepak cempe ciyut)
b. Cangkriman kang awujud pepindhan
Tuladha:
 Sega sakepel dirubung tinggi (salak)
 Pitik walik saba kebon (nanas)
 Emboke dielus-elus anake dididak-idak (andha)
c. Cangkriman kang ngemu surasa blendheran
Cangkriman iki pambatange kudu ngati-atin sarana ditimbang-timbang kaqng premati, amarga yen
ora ngati-ati sisip sembire bisa diguyu wong temenan.
Tuladha:
 Apa ana dhukun bayi?
 Wong adol pitik disrimpungi?
 Wong mati dilumpati kucing urip
d. Cangkriman kang sinawung ing tembang
Lumrahe cangkriman iki migunakake tembang Pocung.
Tuladha:
Bapak pucung, dudu omah dudu panggung
Bunder wangunira
Cagake amung sawiji
Kuwasanya nulak udan nulak panas (batangane : payung)

 Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen kang saemper cangkriman, kanthi mratelakake batangane sarana sinandhi
ana ing ukara candhake, sanadyan anggone nyebutake ora cetha, mung kasebutake sawanda utawa luwih.
Wangsalan kaperang dadi loro, yaiku:
a. Wangsalan padinan, yaiku wangsalan kang ora kaiket ing paugeran.
30
Tuladha:
Jenang gula Mas, aja lali karo aku. (jenang gula = glali)
Balung geni, mbok menawa kowe gelem. (balung geni = mawa)
b. Wangsalan pinathok, wangsalan kang kaiket dening paugeran.
Kaperang dadi loro, yaiku:
1. Wangsalan lamba, yaiku cangkriman kang dumadi saka 4 + 8, tegese gatra kapisan minangka
cangkriman, cacah wandane 4, gatra kapindho minangka jawaban, cacah wandane 8.
Tuladha:
Kambing wana (4), aja lali kadang tuwa (8)
2. Wangsalan camboran, yaiku wangsalan kang dumadi saka 4 + 8 lan 4 + 8, tegese gatra kapisan
minangka cangkriman (cacah wandane 4), gatra kapindho uga cangkriman (cacah wandane 8),
gatra kaping telu minangka jawaban (cacah wandane 4), gatra kaping papat minangka jawaban
(cacah wandane 8).
Tuladha:
 Kolik priya, kucing wana mawa ganda.
 Wong mituhu, ing mburi penak rasane.

31

You might also like