You are on page 1of 4

Kelompok : 1.

Arjun Tri H (03)


2. Deni Setiaji (04)
3. M. Aditya T (17)
4. Wahyu Fadilah (31)

BUWANGAN

Buwangan iku kalebu ing rerocening Upacara Mantu. Buwangan iku


mujudake adicara mbuwang ubarampe sesaji, ing antarane awujud takir isi kacang-
kacangan, bumbon (bumbu pawon), rajangan daging, lan dhuwit receh. Banyu
sing dicampur kang saben botol kaisi setengah botol, kembang boreh,bubur abang,
bubur putih, baro baro yaiku bubur putih kang ono bubur abang ing tengah
tengahe. Kabeh mau diletakke ing patanen, senthong, gandok, pimggir timur utawa
barat omah, sumur, kali, bak smapah, papan gamelan, prapatan dalan, sungai, lan
lawang plataran.

Masyarakat jawa tekan saiki iseh neruske legalitas mantenan. Masalahe


saksampune legalitas formal kapenuhi, ingkang sabanjure sing diutamakke inggih
menka resepsi ing gedung. Ingkang kaya pesta ing gedung iku puncak saking sek
disebut mantenan. Religiusitas mantenan kaya bergeser saking bondo kekayaan.
Minagka didelok saking pijakan urip masyarakat Jawa ingkang terdiri saking:
dharma (kewajiban), bondo (kekayaan), kama (asmara), lan moksa (hilang),
upacara mantenan zaman saiki, kaya luwih kuat berorientasi karo bondo lan
nglalekke dharma. Iso wae, mantenan zaman saiki iku representasi saking
kehidupan modern ingkang serba wadag (raga), materialistis, instan lan ora
nganggep penting religi lokal.

Pancen angel diadohke, amergo saiki ing setiap upacara mantenan akeh
akehe ditemokke resepsi. Masyarakat Jawa ing resepsi pernikahan kaya
menghidupkan kebiasaan basa-basi, ingkang dipunwadahi wonten gebyar.
ananging, kui saksebenre nduweni beragam persoalan saking segi ekonomi,
budaya, lan religi. Saking segi ekonomi saget dipuntingali saking jumlah biaya lan
sumber biaya. Lajeng , keprie jumlah biaya ingkang dipuntokke minimal saget
impas saking sumbangan utawa kado ingkang dipuntampi. Saking segi budaya,
resepsi mantenan luwih saka representasi gaya hidup zaman sakiki. Saking segi
religi, mantenan ingkang ditindaake sampun ngilangake utawi nyepeleake tradisi
sesaji masyarakat Jawa.

Saget mawon iku seng maraakke religi lokal jawa iki disepelake yaiku
amergo masyarakat Jawa sakniki mboten ngertos sesaji, utawi ewadene ngertos
namung sapotong-potong. Tradisi sesaji kadosipun ketingal lan ngekei kesan ribet
lan ora praktis sarta bertentangan karo budaya instan masyarakat sakniki. Padahal
mboten kongoten, amergo bahan bahan ing sesaji saget gampil ditemokke ing
sekitar awakedewe, sarta praktis wonten persiapane.

Sesaji ingkang badhe dipapakke / diguak ing papan papan tartentu .


penyajian sesaji buwangan gecok mentah nggadahi maksu ngarep arep partisipasi
saking para bahu rekso (makhluk ingkan mboten katingali) ugi ingkang katingali,
gawe njaga dalan dalan ingkang badhe dipunlampai temanten lan ugi ing papan-
papan ingkang badhe dinggo papan upacara lan nyuwun supayo mboten nganggu
temanten sarimbit , ugi tiang sepuhipun, keluarganipun, pengiringipun, tamu-
tamunipun, para panitia lan pembantunipun lan sakpanunggaling. minangka
lambang mbuwang sekabehane sukerta lan pepalang supaya pakaryan sing
ditindakake ora ono alangan.

Mugi mugi Tuhan Yang Maha Kuasa meringi hajat Ngunduh Temanten
slamet dugi upacara purna karo paripurnane khususipun kagem temanten sarimbit
diparingi rakhmat, sejahtera lan bahagia lair batin. Mulo , ayo awakedewe ningali
malih representasi sesaji wonten ing Temanten adat Jawa, amergo sakliane wujud
liyo saking doa syukur lan pangajab ajab, kita sedaya ugi saget melestarikan
kebudayaan Jawa.

You might also like