You are on page 1of 2

Anoman Obong

Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman
banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta nanging
katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag
Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi
sayaembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh
kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa
nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung
dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi
wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.

Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman.
Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya
srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing
Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg
lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman
mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot
Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge.
Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku
Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.

Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur
nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi
Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nolungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan
ngombe. Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan marang dewi kasebut. Sawise
krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit budhal nerusake laku menyang
Ngalengka. Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan
punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal menyang
Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani
punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo
Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi
pedhang Menthawane nalika nolungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nolungi Anoman lan
punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng
maneh sawise ditambani Garuda Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang
Garuda Sempati lan pamit nerusake laku.

Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni ngobong kayu. Ora
disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni Anoman. Malah Anoman mabur kanthi
nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti
sanagara kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka kobong
Anoman banjur mulih saprelu sowan marang Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Ing pinggirane segara
kang misahake Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu
Dasamuka) kang semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening Anoman.
Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang Pancawati dening Raden Wibisana.
Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan
didadekake penasihat raja. Mengkone saka Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa
mangreteni titik lemahe para senopati Ngalengka. Anoman kang slamet bali maneh menyang
Pancawati banjur crita ngenani lakune menyang Ngalengka lan nuduhake susuk kondhene Dewi
Shinta kang mratandhakake gelem baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.

Nama: Risqullah Ryan Ananta


No.Absen:28
Kelas:7D

You might also like