You are on page 1of 4

ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB.

Nuwun, nuwun, kulanuwun

Sih rahmat, katentreman miwah karahayon awit saking nugrahaning Gusti ingkang Maha
Kawasa. Mugi tansah tumedhak lan tumanduk hing jiwangga panjenengan sedaya dalasan kula,
waradin sagung dumadi.

Dhumateng panjenenganipun Dekan FBPS ibunda Dra. Sri Suciati, M.Hum, ingkang dhahat
kinurmatan.

Ingkang kinurmatan Ibunda Alfiah S.Pd, M.Pd minangka Kaprogdi PBSD

Sumrambahipun dhumateng para Bapak Ibu dosen , ingkang pantes kinarya pandam pandoming
kawula dasih ingkang dhahat sinungga ing pakurmatan

Datan katalumpen para kadang Mahasiswa pbsd ingkang satuhu kinasih

Lumintuning pudyastawa saking ngarsa dalem Gusti ingkang maha kuwaos hambabar
daya pangaribawa karaharjan, karahayon tansah kajiwa kasarira dhumateng kita sedaya, saengga
titiwanci punika kula sarta jengandika sedaya saged rawuh ing acara Sarasehan Progdi Basa Jawi
kanthi Tema :…………………………………………………..

Langkung rumiyin keparenga kula ingkang piniji ndherekaken lampahing acara


pepanggihan ing titiwanci punika, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami dene kula
kekalih cumanthaka nggempil kamardikan nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, saperlu
badhe amurwakani laksitaning acara ing titiwanci punika.

Ananging saderengipun, murih ing samangke sageda jumbuh menapa ingkang dados
wigatining pepanggihan menika, keparenga badhe kula aturaken menggah urut reroncening acara
ingkang sampun karantam dening among gati, ingkang samangke badhe kapurwakani kanthi
acara ingkang angka sepisan nun inggih :

1. Pambuka.
Badhe pun bikak kanthi Lancaran gugur gunung (panembrama) saking kadang panitia
2. Kalajengaken titi laksana atur panglapuran among gati
3. Tanggap wacana saking pangarsa ketua Himbaja
4. Kalajengaken tanggap wacana saking ibu Alfiah, S.Pd, M.Pd, minangka Kaprodi
PBSD/Jawa IKIP PGRI SMG
5. Tari ….dening kadang panyangkul gati mahasiswa PBSD
6. Kalajengaken waosan geguritan
7. Ndungkap adicara salajengipun, badhe kalajengaken materi ingkang sepisan saking bapa
Bambang Sulanjari SS., MA, kanthi undheran “………………………………………”
8. Pengenalan Himpunan Mahasiswa basa jawi
9. Kalajengaken Penampilan saking Himpunan Mahasiswa basa Jawi
10. Kapungkasan Panutup

Mekaten menggah reroncening acara titiwanci menika.

1. Sumangga sesarengan kita wiwiti acara Sarasehan menika kanthi maos basmalah
sesarengan, bismillahirohmanirrohim.
Saderengipun kalampah acara ingkang kaping kalih langkung rumuyin atur panglipur,
mawi Lancaran gugur gunung saking kadang panitia. Kula sumanggakaken

2. Salajengipun titi laksana atur palaporan among gati Sarasehan, Katur


………………………..kula sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng among gati ingkang sampun paring palaporan acara Sarasehan ing dalu
menika.

3. Tanggap wacana saking pangarsa ketua Himbaja, dumateng dimas Faris Febri Utama
kula sumanggakaken
4. Adicara salajengipun inggih menika Tanggap wacana ibu Alfiah Spd.Mpd minangka
Kaprodi PBSD/Jawa IKIP PGRI SMG. Katur panjenennganipun kula sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng Ibunda Alfiah Spd.Mpd ingkang sampun paring Tanggap wacana
sarasehan ing dalu menika. Mugiya kathah faedah lan mupangatipun.
5. Kelajengaken Tari …………… dening kadang semester…., nun
inggih………………………... Kula sumanggakaken.
6. Dungkap adicara salajengipun waosan geguritan, katur dumateng ibunda Alfiah
Spd.Mpd, kula sumanggakaken
Matur nuwun dhumateng ibunda Alfiah Spd.Mpd ingkang sampun paring panglipur.

7. Salajengipun materi Silaturrahmi amangun prestasi lumantar


motivasi…………Dhumateng Panjenenganipun Bapa Bambang Sulanjari, SS., MA , kula
sumanggakaken.
Matur nuwun, katur ……………………………… ingkang sampun paring materi ing
sarasehan kanthi tatas titis tetes anggenipun paring wawan pangandikan, mugiya saged
dadosaken tepa palupi kula panjenengan sedaya.

(Salajengipun inggih punika Sesi Pitakenan, Sumangga para kadang Mahasiswa ingkang badhe
nyuwun pirsa dhateng Bapa Sulnjari, ngengingi ………………………. Kula Sumanggakaken)

8. Menggah adicara salajengipun pengenalan Himpunan Mahasiswa Basa Jawi (HIMBAJA)


ikip pgri semarang, dumateng sedaya pengurus Himbaja kula sumanggakaken

9. Kasambet adicara salajengipun Penampilan saking kadang Himbaja Ikip Pgri Semarang,
katur dimas …………….nimas…………….,………….kula sumanggakaken

Dudutan saking pangandikanipun ……………………………… inggih punika……………….

Saderengipun acara sarasehan menika dipun pungkasi, langkung rumiyin atur panglipur saking
kadang mahasiswa PBSD kanthi Lancaran IKIP PGRI Semarang.

Matur nuwun, katur kadang Mahasiswa PBSD.

Para rawuh ingkang satuhu minulya ing bukti, rehning sadaya adicara sampun sembada
kalampahan kanthi lulus raharja, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken
hamungkasi adicara kanthi waosan Hamdalah sareng2. Alhamdulillahirobbilalamin
Kula kekalih minangka pambiwara ingkang nglantaraken adicara sarasehan punika, menawi
wonten ceweting basa saarta kiranging subasita, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Ing wasana,Nuwun,,Nuwun..Matur Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

You might also like