You are on page 1of 3

Analisis Cerkak

‘’Unsur intrinsic Cerkak’’


Cerkak inggih punika cariyos ingkang boten nyata utawi fiksi ingkang dumadi
utawi kadadosan wonten sawijining wekdal tartamtu, kirang langkung 3 ngantos 10 kaca.

Unsur ingkang bangun ing salebeting cariyos inggih punika saged dipunwastani
Unsur Intrinsik cariyos. Unsur Intrinsik punika saged kababar kados wonten ngandhap
punika:

A. Tema

Tema inggih punika teges carita, gagasan sentral, utawi dhasar carita.
Wujuding tema wonten fiksi, biyasanipun kanthi adhedhasar alesan tindak
utawi motif tokoh. Tema menika minangka komentar tumrap subjek utawi
pokok perkawis, sacara eksplisit menapa sacara implisit. Dados wonten tema
ngandhut sikap pengarang tumrap subjek utawi pokok carita.

Tema punika ‘’ SMS mbukak wewadi’’

B. Alur carita fiksi ngandharaken prastawa-prastawa dhateng pamaos boten


namung wonten sifat wekdal utawi temporal, nanging ugi wonten
sesambetanipun ingkang sampun dipunetang lan dipuntemtokaken. Utawi alur
saged dipunwastani urutaning prastawa awit saking wiwitan ngantos
pungkasan. Alur saking segi nyusun carita punika kaperang dados 2:

a. Alur kronologis utawi progresif. Progresif punika awit saking eksposisi,


komplikasi lan klimaks lan akhir carita wonten ing pungkasan.

b. Alur regresif utawi flash back. Wiwitan carita punika saged bagean
pungkasan carita, tengahing carita saged pungkasan lan pungkasan saged
bagean wiwitan carita.

Alur ing cerkak punika ginakaken alur progresif.


C. Paraga
Paraga inggih punika babagan ingkang dados punjering carita utawi dados
pokoking carita.
Paraga ingkang kalebet ing cerkak punika :
1. Danar
2. Bu Mawar
3. Erni
4. Doctor Ridwan
D. Penokohan
Penokohan inggih punika cara anggenipun nggambaraken tokoh utawi cara
anggenipun nggambaraken karakteristik tokoh.

Penokohan ing cerkak punika :


1. Danar
Danar punika gadahi sifat kang ala, amargi danar wonten utang
kaliyan rencangipun saengga danar numindakake sifat kang ala.
2. Bu Mawar
Bu mawar menika salah budhe saking Erni kang sampun boten gadhah
garwa utawi suami ( randha) . bu mawar gadhahi sifat kang sae
3. Erni
Erni punika keponakan saking Bu mawar kang gadhahi sifat sae,
tiyangipun kuliah dipun kuliahake budhe mawar, dados erni tinggal
ing daleme bu mawar
4. Doctor Ridwan
Doctor Ridwan bapak saking danar, tiyangipun gadhahi sifat kang
gampang emosi, ananging menika ugi sae
E. Latar
Latar utawi setting inggih punika elemen fiksi ingkang nggambaraken dhateng
pamaos wonten pundi lan kapan kadadosan punika dumadi. Latar punika
kaperang dados tiga inggih punika latar panggenan, latar wekdal lan latar
sosial. Latar panggenan punika ingkang wonten sesambetanipun kaliyan
perkawis geografis. Latar wekdal punika ingkang wonten sesambetanipun
kaliyan perkawis historis. Latar sosial punika wonten sesambetanipun kaliyan
pagesangan kemasyarakatan utawi latar sosial inggih punika gambaran status
ingkang nedahaken hakikat manungsa utawi masyarakat ingkang wonten ing
sakupenging masyarakat kasebut.
a. Latar Panggenan
Latar panggenan sacara umum wonten ing omah bu Mawar.
b. Latar Wekdal
Latar wekdal wonten ing carita inggih punika:
Ing wayah saur
F. Irah-irahan
Irah-irahan inggih punika elemen lapisan jawi sawijining fiksi. Irah-irahan
punika sawijining karya ingkang wonten sesambetanipun kaliyan saperangan
elemen struktural sanesipun. Tegesipun irah-irahan punika wonten
sesambetanipun kaliyan elemen-elemen ingkang mbangun fiksi saking lebet.

Irah-irahan wonten ing carita inggih punika :


Tumindak kang bener, boten usah grusa grusu wonten ing padintenan, lan ati
ati menawi tumindak,lumantar sms ing hp menika saged jalari kesalah
pahaman utawi prekara.

You might also like