You are on page 1of 7

Minggu (Biasa), 29 September 2019

Tema: “Kamanungsan Langkung Aji tinimbang Raja Brana”


P: Pamedar Sabda; U: Umat; M: Majelis; L: Lektor;

PENCAWISAN
 Bel kaungelaken, Pamedar Sabda saha Pradataning Pasamuwan cecawis,
ndonga ing Konsistori
 M1 maosaken pawartos pasamuwan
 M1 ngaturi pasamuwan jumeneng, ngidungaken KPJ 22:1+3
 Prosesi lilin, lsp.

KIDUNG PAMUJI
KPJ 22:1+3 PUJI KONJUK ALLAH RAMA
1. Puji konjuk Allah Rama, puji konjuk Sang Putra,
Puji konjuk Sang Roh Suci, tetiganya sawiji.
Halèluya! Halèluya! Tetiganya sawiji.
3. Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat,
wah milujengken manungsa, krana gunging sih-
rahmat.
Halèluya! Halèluya! Krana gunging sih-rahmat.
VOTUM
P : Pitulungan kita punika wonten ing asmanipun Yehuwah
ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.
U : (“Amin, amin, amin”)
SALAM
P : Sih kadarman tuwin tentrem rahayu saking Allah,
Sang Rama saha saking Gusti kita Yesus Kristus
wonten ing Panjenengan sedaya.
U : Wonten ing Panjenengan ugi.

PAMBUKA (Pasamuwan lenggah)


P : Punapa bandha Donya punika ndhatengaken dosa,
matemah pandherekipun Sang Kristus saenipun
mboten gesang kanthi sugih raja brana? Lumantar
1
tema: “Kamanungsan langkung Aji tinimbang Raja
Brana” kita dipun berek kangge ngraosaken saha
nekseni bilih satemenipun sugih bandha donya
punika mboten dosa. Tiyang ingkang gesangipun
sugih raja brana punika lepat manawi mboten
narimakaken bandha donya punika minangka berkah.
Gusti mboten ngersaaken kasugihan punika njalari
tiyang naming gesang mubra-mubru lajeng mboten
nggatosaken sapepadhanipun, langkung-langkung
ingkang gesang sarwa kekirangan. Gusti ngersaaken
bandha ingkang dipun gadhahi dening tiyang punika
saged dipun ginakaken minangka srana kangge
prekawis kamanungsan.
KIDING PAMUJI KPK 411:1
KPJ 441 KITA SAMI TINIMBALAN
1. Kita sami tinimbalan, supados ndherek ngladosi
pakaryane Gusti Yesus dhateng sesami.
Amartos aken kabar bingah, nggih Injil ing karahayon
dhatheng salir para bangsa, neng alam donya.
Reff: Tiyang pitados kedah wonten pandamel kang nyata!
Klayan eklas mitulungi tyang kang sinangsara;
sanadyan kita pinangkanya saking maneka bangsa,
nging sesarengan nindakaken pakaryan kang mulya

PANGAKEN DOSA
M2 : Mangga kita sowan dhumateng Gusti kanthi nelangsani
dosa kita, ngaturaken karingkihan saha dosa-dosa kita
wonten ind salebeting pandonga. Mangga kita ndedonga.
“Allah, Pangeran ingkang maha mirah. Paduka Allah
ingkang mboten negakaken kawula gesang ing
kekirangan. Paduka tansah maringi kawula rejeki
sacekapipun malah ngantos luber. Berkah Paduka tansah
lumintu ing gesan gkawula. Sadaya punika Paduka
2
paringaken supados kawula ugi saged dados talanging
berkah kangge sesami ingkang kekirangan. Dhuh Allah,
Paduka mirsani, bilih umat kagungan Paduka asring
mboten saged ngreksa berkah Paduka kanthi leres.
Kawula bingah-bingah namung kangge diri pribadi lan
brayat kawula piyambak, tanpa nggatosaken tiyang
sanes ingkang kaluwen, katisen, saha sangsara awit
kekirangan. Paduka mugi kersa paring pangapunten,
awit kawuladereng nggadhahi raos kamanungsan kanthi
leres. Amin.
U : Ngidungaken KPJ 97:1+3
KPJ 97:1+3 UWAL SING LAKNAT
1. Uwal sing laknat; iba begjaku!
Gusti wus séda, mbirat dosaku,
temah luwar sing paukuman,
dénnya ngluwar babar-pisan
Reff: Babar-pisan dénnya nulungi,
babar-pisan dénya ngeampungi
Rumaketa ing pamenthangan,
mesthi luwar babar-pisan
3. Putrané Allah, sebutan kita,
kang tilas satru pinundhut mitra,
kang utang pati, inguripan,
wit tinebus babar-pisan

BERITA ANUGERAH
P : Wulang Bebasan 11:24-26
24 Ana kang ngawut-awut bandhane, nanging saya sugih,
lan ana kang kumet banget, ewasamono tansah
kekurangan. 25Sing sapa kerep andum berkah, bakal
nampani kaluberan, sing sapa aweh ngombe, bakal
diwenehi ngombe. 26Sing sapa ndhelikake gandum,
mesthi diunek-unekake ing wong nanging wong kang
nempurake gandum, sirahe bakal katekan berkah.
P : Mekaten Pawaartos Sih Rahmat saking Allah.
3
U : Pinujia Sang Kristus.
KIDUNG KESANGGEMAN KPJ 200:1+3
KPJ 200:1+3 MUGI WRADIN INGUNDHANGA

1. Mugi wradin igundhangna sabdeng Allah mulya


Wah mrasuka ing wardaya sabdèng Allah mulya.
Sabdèng gesang langgeng yogya kula anggep
Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya
Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya
2. Iba dènnya mbingahken tyas, sabdèng Allah mulya;
dé nglairaken sih-piwlas sabdèng Allah mulya;
nucèkaken jalma, nuntun dhateng Swarga
Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya
Sabda mulya, sabda mulya, sabdèng Allah mulya

M2 : Mangga kita sami jumeneng, nglairaken iman kapitadosan


kita ingkag kanthi nglesanaken Pangaken Iman Rasuli
Pasamuwan Jumeneng
PALADOSING SABDA
 Pandonga nyuwun tuntunaning Roh Suci
 Maos Kitab Suci
L1 : Waosan I: Amos 6:1-7
L1 : Mekaten sabda pangandikanipun Gusti
U : Puji Syukur dhumateng Gusti
 Mazmur Tanggepan: Jabur 146
 L2 : Waosan II : 1 Timotius 6:6-19
 L1 : Mekaten sabda pangandikanipun Gusti
 U : Puji Syukur dhumateng Gusti
 Waosan Injil Lukas 16:19-31
P : Rahayu saben tiyang ingkang mirengaken
sabdanipun Gusti saha ngestokaken dhawuhipun.
Halleluyah.

4
U : Haleluya, Amin!
 Khotbah
 Saat Teduh Paduan Suara (Jika Ada)

PANDONGA SYAFAAT
 Mendoakan orang yang hidup dalam kekayaan agar
dapat memberikan diri sebagai saluran berkat, sehingga
kekayaannya memiliki nilai kemanusiaan
 Mendoakan orang-orang memiliki kelebihan agar juga
memiliki kepekaan bagi sesama yang kekurangan.
 Mendoakan orang-orang yang hidup dalam kemiskinan
dan kekurangan agar mendapat berkat melalui orang-
orang yang memiliki kelebihan.
 Mendoakan pokok-pokok doa sesuai dengan kebutuhan
gereja setempat.

PISUNGSUNG
 Tetalesing Pisungsung : Matius 6:19-21
19 “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana
ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang
ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan
nyolong. Nanging padha nglumpukna bandha ing
swarga, kang ora bakal kena ing renget lan tiyeng kang
ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan
nyolong. Amarga ing ngendi dununge bandhanmu, iya
ana ing kono dununge atimu.

 Kidung Pisungsung KPJ 78:1


KPJ 78:1-2 IBA BEGJAKU
1. Iba begjaku lamun yakin
Yésus duwékku ing salamanya;
aku tebusan kagungané, anyar uripku kranahé
Reff: Aku memuji klayan rena,
nggunggung asmané salamanya.
5
Aku memuji klayan rena,
nggunggung asmané salamanya.
2. Lamun pasrahku trusing kalbu,
temah sampurna kabungahanku
Pra malaékat asung puji,
samya ngundhangken sihing Gusti
 Pandonga pisungsung & Donga Rama Kawula

KIDUNG PANGUTUSAN
KPJ 431:1+3 . GUSTI ADAWUH
1. Gusti adhawuh ye'n kita sami
kine'n kadya lilin kang amadhangi
supaya saben wong padhang ing ati,
wah anggluhurake' Hyang Ma suci
3. Ing jagad ke'ne' peteng wurahan
kebak ing dosa miwah kawusahan.
Mula payo padha nyunarke' cahya
Injil peparing'e Gusti kula

PANGUTUSAN & BERKAH


P : Enerna atimu marang Pangeran
U : Kawula ngeneraken manah kawula dhumateng Allah
P : Nggatekna prakara kamanungsa kanthi berkah kang
kaparingake dening Gusti
U : Mugi Gusti Allah karsa ngagem kawula minangka talanging
berkah
P : Pinujia Allah, Sang Rama, Putra, tuwin Roh Suci!
U : Ingkang mboten medhot kawula saking tresnanipun wiwit
sapunika dumugi ing salami-laminipun.
P : Pangeran mberkahi Panjenengan lan nyunaraken
wedananipun, maringi Panjenengan Sih Kadarman,
lan maringi tentrem rahayu.
U : (“Amin, Amin, Amin”)

6
KIDUNG PANUTUP
KPJ 458:1 MUGI SIH-RAHMATING GUSTI
Mugi sihrahmating Gusti, lan sih e Sang Rama
wah patunggilaning Sang Roh Suci,
tumraha ing kula,nggih kula sadaya
Amin, Amin, Amin.

 Pemimpin ibadah menyerahkan Alkitab kepada


Pendamping Pengkhotbah (PP)
 Seorang anggota Majelis mematikan Lilin Ibadah

You might also like