You are on page 1of 2

I. PILIHEN WANGSULAN SING KOANGGEP BENER !

1. Dinas kebersihan kota Surabaya gawe gebrakan anyar, yaiku program ngresiki got lan
kali-kali ing saedenging kutha Surabaya. Wiwit got-got ing kampung, got ing pinggiran
dalan-dalan cilik nganti protokol uga diresiki. Kali-kali cilik nganti kali gedhe sing
ngalami pendangkalan sing mili tumuju menyang kali mas lan segara kabeh diresiki.
Dudutan/simpulan wacan ing dhuwur yaiku ......
a. Dinas kebersihan kota Surabaya gawe gebrakan anyar, yaiku program ngresiki got lan
kali-kali ing saedenging kutha Surabaya.
b. Wiwit got-got ing kampung, got ing pinggiran dalan-dalan cilik nganti protokol uga
diresiki.
c. Kali-kali cilik nganti kali gedhe uga diresiki.
d. Kali-kali cilik nganti kali gedhe sing ngalami pendangkalan sing mili tumuju menyang
kali mas lan segara kabeh diresiki.
2. Kali Mas sing nyigar kutha Surabaya iku wes suwe ora kopen. Ing kono tansah katon
reget, akeh larahan utawa uwuh, buwangan limbah pabrik lan rereged saka limbahe warga
masyarakat. Kajaba saka iku ing kana kene dikebaki enceng gondhok.
Gagasan pokok pada (paragraf) ing dhuwur yaiku .....
a. Kali Mas sing suwe ora kopen.
b. Kali Mas kahanane reget.
c. Buangan limbah pabrik marahi reget.
d. Kali Mas dikebaki tetuwuhan enceng gondhok.
3. Ing ngisor iki sing kalebu jinise piranti kanggo mbiwarakake pawarta kang awujud
medhiya elektronik yaiku ....
a. Kalawarti
b. Koran
c. Majalah
d. Televisi
4. Tembung sing durung owah saka asale lan bisa madheg dhewe diarani ....
a. Tembung lingga
b. Tembung andhahan
c. Tembung aran
d. Tembung wancah
5. Tembung golek-golek kalebu tembung andhahan krana karangkep diarani uga ....
a. Dwipurwa
b. Dwi lingga wantah
c. Dwi lingga salin swara
d. Dwi wasana
6. Kang kalebu ater-ater tripurusa yaiku ...
a. an/n, ang/n, am/m, any/ny
b. dak, ko (kok), di
c. um, in, el, er
d. a, mar, ma, sa, pra, tar
7. tembung andhahan kang padhapike karana karangkep, bisa awujud tembung dwilingga,
dwi purwa, dwi wasana kasebut tembung ....
a. panambang
b. andhahan krana karangkep
c. andhahan krana kacambor
d. ater – ater
8. Miturut wujude tembung kaperang dadi 3, yaiku .....
a. Bakalane tembung, tembung lingga, tembung andhahan
b. Tembung aran, tembung lingga, tembung andhahan
c. Tembung lingga, tembung andhahan, tembung camboran
d. Tembung wancah, tembung camboran, tembung lingga
9. Ukara sing wasesane nggunakake ater-ater anuswara (m-,n-,ny-,ng-) diarani ukara ....
a. Tanggap
b. Tanduk
c. Andhahan
d. Pitakon
10. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara tanduk tanpa lesan yaiku ....
a. Bu retno ora sido ngasta buku dongeng
b. Mas toni arep budal sinau
c. Sepedahku silih mbak Dayu
d. Bapak ngunjuk teh

II. WANGSULANA PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER !


1. Sebutna apa wae rimbange Tembung Lingga !
2. Sebutna bab-bab sing kudu digatekno nalika Maca Banter !
3. Apa sing diarani pawarta iku ?
4. Coba sebutna tanda-tandane unggas sing kena fluburung ?
5. Kepriye gejala-gejalane wong sing kena flu burung iku !

You might also like