You are on page 1of 4

SISKAMLING

sistem keamanan lingkungan lumrahe dicekak siskamling, iku pinangka gegenengane para wargane RT
lan RW ing babagan njaga tata tentreme bebrayan. tata tentreme kampung ora mung dadi tanggung
jawabe para nara praja, nanging uga dadi tanggung jawabe wargane kampung.

majune jaman pranyata uga dibarengi karo majune tumindak dursila. mula jaman uga kudu dikhanteni
undhake kawaspadan ing bab njaga tata tentreme bebrayan. umpane, sarana nindakake sistem
keamanan lingkungan utawa siskamling kuwi. cakcane siskamling kuwi upamane anane rondha,
pranatane kampung kang majibake para wargane kampung gawe kenthongan, pranatan manawa ana
tamu sing nginep kudu dilapurake marang pangarsane RT utawa RW, lelungan adoh kudu nggawa surat
katrangan, pindhah alamat kudu lapur marang kang kawongan, lan liya liyane.

kajaba bab-bab kaya kang kasebut ing dhuwur kuwi, ora lali para wargane kampung uga kudu tansah
njaga kawilujengane dhewe-dhewe, sarana ngudhakake pangati-atine. umpamane, ing wayah bengi
cendhela lan lawang kudu diinep lan dikancing, lan ora ninggal barang gletak-gletek saenggon-enggon.

manawa kabeh wargane kampung padha njaga kawilujengane dhewe-dhewe, lan munggahe padha
gotong royong guyup rukun njaga tentreme kampunge, wis mesthi kahanane bebrayan tansah ayem
tentrem, adoh ing rasa was sumelang.

Pagelaran Jawi Wayang Wong


Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater tradhisional Jawa. Wayang
Wong menika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilen (Eropa) kaliyan seni
pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa. Lakon wayang ingkang dipungelar menika saking
crita-crita wayang purwa. Wayang uwong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi
bangsawan. Miturut nami wayang kasebut, wayang wong ugo boten dipagelarke dening boneka-boneka
wayang, anamung manungsa-manungsa ingkang ngganteni boneka-boneka wayang kasebut. Wong kang
mainake wayang iki ugo ngagem pakaian ingkang sami kalian hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit.
Pasuryan para pemain wayang wong iki ugo diubah lan dihias supados mirip kalian aslinipun.

Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong lair ing abad XVIII. Ingkang
nyiptakaken inggih menika Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama ingkang
ngrembaka ing negeri kilén. Wiwitanipun wayang wong dipungelar ing Surakarta, lajeng dipungelar ing
Yogyakarta. Wekdal sasi April 1868, nalikanipun Mangkunegara IV ngawontenaken khitanan putranipun
ingkang asma Prangwadana lan Mangkunegara V wayang wong dipunsempurnakaken utaminipun bab
pakéan lan pirantinipun. Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari. Wonten ing
peresmianipun ngawontenaken pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih menika wayang wong.

Wiwitanipun wayang wong menika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung dipungelar ing
keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial, kanthi nyadé karcis.
Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten pakempalan “Ngesti Pandowo”
ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong menika
wiwitanipun dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.), ingkang dipunpandegani dening Mangkunegara I.
Wekdal menika ingkang dipungelar namung lakon-lakon wayang purwa. Sasampunipun menika
pagelaran wayang wong wiwit boten subur, ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang
wong ngantos taun 1881. Kanthi pambiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngrembaka malih
nanging taksih winates ing Yogyakarta lan Surakarta kemawon.

Pranyata kesenian wayang wong pikantuk sambutan ingkang saé saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah
pakempalan wayang wong. Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados profesional. Pakempalan
wayang wong ingkang moncér, kados Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta lan Ngesti Pandawa
saking Semarang. Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa ingkang ageng, inggih menika ndherék
nglestarékaken budaya bangsa, kados seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan seni karawitan.
Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih prasaja kemawon, boten bénten kaliyan ageman
adat keraton ingkang dipunagem ing saben dintenipun. Nembé ing jaman Mangkunegara VI (1881-1896),
penari wayang wong nganggé irah-irahan ingkang kadamel saking kulit ingkang dipuntatah kanthi saé.
Wonten ing pagelaran wayang wong, sandiwara kang diselingi tetembangan jawa, dipagelarken lan
diiringi gamelan. Tema carita wonen ing pagelaran wayang wong menika biasane ngandut saka cerita
legenda utawi sejarah jawi. Ugo katah ingkang ngandut saking cerita Ramayana lan Mahabarata.

Contoh Teks Eksposisi Dalam Bahasa Jawa : SEJARAH WAYANG WONG


Wayang uwong utawa wayang wong menika salah satunggalipun jenis pementasan tradisonal ing Jawa.
Wanag wong menika gabungan saking seni drama ingkang ngerembaka ing negeri Eropa kaliyan seni
pengelaran wayang ingkang ngerembaka ing tanah Jawa utawa pulo Jawa. Utaminipun wayang wong
ngerembaka ing kraton kanggo hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Wong kang mainake wayang
wong uga ngagem pakaian ingkang sami kaliyan hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit.

Miturut penuturan lan data saking dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong ana
utawa lair ing abad XVIII. Diciptaken menika Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni
drama saking negeri kilen utawa Eropa. Wiwitan pementasan wayang wing dipungelar ing Surakarta
lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal ing sasu April 1868 yaiku Mangkunegara IV ngawontenaken
acara khitan putranipun. Ingkang taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari wonteng ing
peresmianipun ngawontenaken pagelaran keseniang wayang wong. Kang ditonton kaliyan warga sekitar.

Baca Juga: Definisi, Contoh Teks Eksposisi, Ciri-Ciri dan Strukturnya

Pagelaran seni tradisional wayang wong ingkang pementasan eksklusif, namung digelar kangge
bangsawan ing keraton. Nangung, ing taun 1902 wayang wong ngerembaka urip lan kanggo tontonan
warga umum lan komersial kanthi nyade karcis. Wayang wong kang komersil ngerembaka lan puncakipun
nalika wonteng pekempalan “Ngesti Pandowo” ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Abad XVIII
ingkang dipunpandegani dening Mangkunegera I, wekdal punika ingkang dipungelar namung lakon-
lakoninpun wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran seni tradisional wayang wong wiwit boten
subur maneh ing Surakarta. Ananing teng Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos
taun 1881. Kanthi pembiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngerembaka maling nanging taksih
winetes ing daerah Yogyakarta lan Surakarta kemawon.

Saking sejarah seni pementasan tradisonal wayang wong sing sampun ana kanthi zaman mbiyen. Mbiyen
namung bangsawan lan keraton kemawon kang saget mirsani pementasan wayang wong. Nanging zaman
saiki, kabeh wong saget mirsani pemetasan wayang wong. Justru wayang wong kudu dipirsani lan
dilestariake kanggo budaya asli Indonesia lan tanah Jawa. Sebab iku kita sedaya kudune terus
mbudayakake budaya adat lan utaminipu wayang wong sing mbiyen boten subur supaya sakniki saget
subur maneh pementasanipun.

You might also like