You are on page 1of 2

Nama: Clara Natalitha Tria Utami

No / Kelas: 05/ X IPS 1


Babagan Ati.
Tak tulis jenengmu ning ati

Kowe dadi wong sing tak enteni

Moga kowe ora ndisiki

Ati iki

Sing nresnani kowe awan bengi

Ing atiku kowe tansah apik

Marga kowe janji lan mbukti

Yen kowe ra bakal ningali

Nanging saiki

Dadi apa janji iki?

Bagaskara angslup

Aku mblasuk

Atiku ambruk

Disabet kabarmu

Nyawaku kaya digebuk

Kowe lunga ninggal donya

Nanging ing atiku kowe isih ana

Maut ora ngerti tresna kita

Muga kowe diwenehi katenangan

Aku ing kene nyinggahke crita kita

Dhuh Gusti Maha Sae

Maturnuwun kanggo berkate

Aku diwenehi hadiah gedhe

Awak sing saka kana tansah njagake

Aku isih tansah tresna kowe

You might also like