You are on page 1of 3

Kelompok 2 :

Ailsa Aulia Rahman (1)

Ferry Erik Wicaksana (8)

Hasna Duroturohmah (10)

Kartika Candra Dewi (13)

Lusiana Eka Putri (15)

Muhammad Vito Akbar Andhika (17)

Mustika Dwi Kurniawati (18)

Putri Syari Ayuningtyas (24)

A. Andharan Wayang Wong

Wayang wong utawi Wayang wong punika salah satunggalipun jinis teater tradhisional
Jawa. Wayang Wong punika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing negeri
kilen (Éropah) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa. Lakon wayang
ingkang dipungelar punika saking carita-carita wayang purwa. Wayang wong utaminipun
ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan.

Yen sampeyan pengin ndeleng seni khas Solo, ngunjungi menyang Amusement Park
Sriwedari kang isih gelaran wayang wong. Wayang Orang Sriwedari tau ngalami rikala semana
sak taun 1960-1970. Nanging wiwit taun 1985, nalika gambar televisi wiwit jamur, wayang
kirang pirsawan. Salah sijining usaha kanggo narik kawigaten para rawuh dening Ngapikake
kinerja bangunan sing lawas saka 100 taun.
B. Sejarah Wayang Wong

Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong lair ing abad XVIII.
Ingkang nyiptakaken inggih punika Mangkunagara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni
drama ingkang ngrembaka ing negeri kilén. Wiwitanipun wayang wong dipungelar ing
Surakarta, lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal sasi April 1868, nalikanipun
Mangkunagara IV ngawontenaken khitanan putranipun ingkang asma Prangwadana lan
Mangkunagara V wayang wong dipunsempurnakaken utaminipun bab pakéan lan pirantinipun.
Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari.[1] Wonten ing peresmianipun
ngawontenaken pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih punika wayang wong.

Wiwitanipun wayang wong punika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung
dipungelar ing keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial,
kanthi nyadé karcis. Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten
pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani déning Sastrosabdo. Miturut Winter lan
Sastramiruda, wayang wong punika wiwitanipun dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.),
ingkang dipunpandegani déning Mangkunagara I. Wekdal punika ingkang dipungelar namung
lakon-lakon wayang purwa Sasampunipun punika pagelaran wayang wong wiwit boten subur,
ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi
pambiyantunipun Mangkunagara V, wayang wong ngrembaka malih nanging taksih winates ing
Yogyakarta lan Surakarta kemawon Pranyata kesenian wayang wong pikantuk sambutan ingkang
saé saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah pakempalan wayang wong.

Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados professional. Pakempalan wayang wong


ingkang moncér, kados Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta lan Ngesti Pandawa saking
Semarang. Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa ingkang ageng, inggih punika ndherék
nglestarékaken budaya bangsa, kados seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan seni
karawitan

Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih prasaja kemawon, boten bénten
kaliyan ageman adat keraton ingkang dipunagem ing saben dintenipun. Nembé ing jaman
Mangkunagara VI (1881-1896), penari wayang wong nganggé irah-irahan ingkang kadamel
saking kulit ingkang dipuntatah kanthi sae

C. Ubarampe/peralatan pagelaran wayang :

1. Pluntur yaiku tali/tampar dianggo nggantung rericikaning gamelan.


2. Janget yaiku tali lulang kanggo nyencang kelir.
3. Kelir yaiku lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing (bayangan) wayang lulang/ kulit.
4. Blencong yaiku diyan/ lampu nganggo tedheng dianggo madhangi wayang.
5. Klanthe yaiku tali gong.
6. Jala-jala yaiku tali lulang dianggo mbedheng kelir.

You might also like