You are on page 1of 1

Lingkungan Resik.

Adzan subuh wis muni, lan aku langsung tangi. Sakwise shalat subuh, aku banjur ganti klambi lan
lanjut olahraga esuk. Mau mbengi ning desaku udan deres banget, mula esuk iki udarane katon adem
nangin nentremake ati, ditambah ora ono polusi udara, nambah atiku saya bungah.

Saklawise olahraga, jam 6 esuk aku banjur bali. Amarga dina iki dina minggu, aku lan kanca-
kancaku banjur pit-pitan ngubengi kota. Rutinitas ing kotaku saben dina minggu mesti ana dina bebas
kendaraan bermotor, namung pit lan kendaraan anti bermotor sing oleh digunakake. Rutinitas iki
nduweni tujuan kanggo ngirangi polusi udara sing iso ndatangake penyakit.

Jam 8 esuk aku lan kanca-kancaku banjur bali. Ora sengaja ing dalan weruh bapak-bapak lagi kerja
baktu ngresiki desa, aku lan kanca-kancaku banjur melu tetulung kerja bakti ngresiki sampah sing
nyumbat selokan. Sakliyane iku, kerja bakti dina minggu iki kaliyan nandur wit-witan ijo, supaya ndesaku
tambah katon ijo royo, ora keno banjir, lan tambah asri.

Simak lebih lanjut di Brainly.co.id - https://brainly.co.id/tugas/2651493#readmore

You might also like