You are on page 1of 4

Khutbah Jumat Basa Jawa

MUJUDAKEN PAGESANGAN INGKANG


TATA TENTREM KERTA RAHARJA
Dwi Wahyudi, S.Pd.I

Kaum Muslimin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah.

Saderengipun, monggo kula panjenengan sami tansah eling lan bersyukur dhumateng Allah swt,
amargi wekdal punika kula panjenengan sami taksih pinaringan karunia ingkang kathah.
Saengga, kula panjenengan sami saged makempal wonten masjid punika kangge
ngleksanakaken shalat Jumat, kangge mujudaken pangabekti kula panjenengan sami dhumateng
Allah swt. Sok sinteno ingkang syukur dhumateng Allah, Allah badhe nambahi nikmat ingkang
kathah. Lan tiyang ingkang mboten purun bersyukur, kanthi ngibadah ngabekti dhumateng
Allah, mbenjang Allah badhe nyiksa kanthi siksa ingkang awrat sanget.

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,

Pegesangan kula panjenengan sami wonten ing keluargo, masyarakat, bangsa, lan negaro
tentunipun kepingin dados pagesangan ingkang tata tentrem kerta raharja. Kangge nggayuh
pagesangan ingkang kados mekaten niku wau dipunbetahaken usaha ingkang awrat sanget.
Wonten ing kalodhangan menika, kita badhe mbahas bab-bab ingkang kedah kita laksanakaken
supados pangesangan dados tata tentrem kerta raharja.

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,

Salah satunggaling kunci ingkang kedah dipunlaksananakaken ing pribadi saben-saben tiyang
inggih punika sifat welas asih hanresnani marang sesami.

Endah, tentrem, raharjaning gesang saged karaosaken bilih welas asih sampun njilma ing
pagesangan sabendinten. Supados saged welas asih, kula panjenengan sami kedahipun sami
ngormati tiyang sanes. Saenggo mboten suudhan/buruk sangka, mboten sami ece pangece,
mboten metani eleking liyan, ugi mboten golek-golek salahe tiyang sanes. Allah swt berfirman:

“Wahai wong-wong kang duwe iman neng atine, segolongane kowe aja ngolok-olok golongane
liyan mergo iso wae golongan sing di olok-olok iku luwih becik tinimbang sing ngolok-olok. Lan
wanita-wanita ojo padha ngolok-olok wanita liya, mergo iso wae wanita sing diolok-olok iku,
luwih apik tinimbang wanita sing ngolok-olok. Lan kowe ojo sok ngelek-elek awakmu dhewe,
kowe aja padha nyeluk kanthi jeneng-jeneng kang ala. Sak elek-eleke jeneng celukan iku, sing
ala sawise iman. Lan sapa wonge sing ora gelem mertobat, dheweke iku sing diarani wong
dhalim. Wahai wong kang padha iman, doh-ono curiga lan prasangka, sabenere sebagiane
prasangka kuwi dosa, lan kowe aja padha golek-golek salahe wong liya, sak golongane kowe aja
padha ngrasani golongane liyan. Apa seneng salah sijine awakmu mangan daginge sedulure
dhewe sing wis mati? Mula mesthine kowe duwe rasa jijik marang sing kaya mengkono kuwi.
Lan Takwao marang Allah, sabenere Gusti Alloh iku Maha Nampa Tobat uga Maha Penyayang.”
(Q. S. Al Hujurat: 11 – 12)

Wonten ing Serat Al Hujurat menika kala wau Allah kanthi cetha bilih manungsa menika mboten
angsal olok-olokan, ngrasani, golek-golek salahe liyan lan sak pinunggalanipun. Allah
mrintahaken supados manungsa menika angsalipun gesang bebrayan wonten ing masyarakat,
sami welas asih lan hanresnani satunggal kaliyan satunggale.

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,

Supados saged welas asih, kula panjenengan sami kedahipun tulung tinulung kaliyan tiyang
sanes. Sak kuwat-kuwatipun manungsa mesthi kemawon piyambakipun mbetahaken
pitulungan. Gotong royong, sami mbiyantu, menika mboten saged dipun pisahaken kaliyan
gesang bebrayan. Allah swt ugi dhawuh wonten ing Surat Al Maidah: 2 “Lan lung-tinulunga
kowe kabeh ing babagan kesaenan lan ketakwaan, nanging aja lung tinulung ing babagan dosa
lan sing elek-elek.”

Tulung tinulung wonten ing kesaenan menika dipun wastani TAAWUN. Taawun menika saged
nyirnaaken utawi ngirangi kesusahanipun tiyang sanes. Menawi kula panjenengan saged
taawun, InsyaAllah, gusti Allah badhe nyirnaaken kesusahan kula panjenengan sami. Rasulullah
ngendika:

“Sing sapa wonge ngilangake susahe wong liya, Allah bakal ngilangake kesusahane ing dina
kiyamat. Sing sapa wonge nutupi alane wong liya, Allah bakal nutupi eleke din dina kiyamat.
Allah iku bakal mbiyantu salah sijine menungsa angger dheweke gelem nulung marang wong
liya.” (H.R. Muslim)

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,


Supados gesang ing masyarakat saged welas asih hanresnani, kedahipun sami maringi pepiling,
paring nasehat lan sami ngemutaken. Saengga menawi wonten sedherekipun ingkang badhe
tumindak ala, mboten ngantos kaleksanan amargi wonten sedherekipun ingkang ngemutaken.
Menawi wonten sedherek ingkang sampun tumindak mboten sae, dipun elingaken saenggo
tumindak ingkang mboten sae menika mboten dados pakulinan. Menawi kados mekaten
menika, ingkang badhe ngraosaken untungipun inggih sedaya tiyang ingkang gesang bebrayan
ing masyarakaat meniko piyambak. Pramila meniko, nasehat, pepiling, pengemut-emut, menika
sanget dipun betahaken sedaya tiyang gesang.

Kaum muslimin, jamaah shalat jumatingkang minulya,

Supados gesang ing masyarakat saged welas asih hanresnani, kedahipun sami njaga keslameten
satunggal lan setunggile. Keslametane bandha ugi nyawa. Saenggo wontenipun salah satunggale
tiyang menika badhe maringi ketenangan, ketentreman, kanggene tiyang sanes. Mboten malah
suwalikipun.

Rasulullah ngendika:

“Sapa wonge sing njaga bandhane wong liya, Allah bakal njaga awake saka panase geni neraka.”
(hr Ahmad)

“Wong sing diarani mukmin iku wong sing bisa paring rasa aman marang wong liya, ya rasa
aman jiwane uga bandhane.” (HR. Ahmad, Tirmidzi dan Hakim).

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang dipun rahmati Allah

Menika kala wau perkawis-perkawis ingkang saged ndadosaken pagesangan kulo panjenengan
sami dados tata, tentrem, kerta raharja. Perkawis-perkawis kala wau Ingkang sepindah inggih
menika saben-saben tiyang kedah bertakwa. Selajengipun seben tiyang kedah nggadhahi sifat
welas asih hanresnani marang sesami. Welas asih hanresnani menika saged kawujud menawi
saben-saben tiyang sami ngormati tiyang sanes, tulung tinulung ing babagan kesaenan, lan sami
emut ngemutaken.

Menawi perkawis-perkawis kala wau sampun kalaksanan wonten ing salah satunggaling
panggenan, Allah mesthi badhe paring pagesangan ingkang tata tentrem kerta raharja, ingkang
salajengipun Allah badhe ndadosaken papan panggenan menika papan ingkang gemah ripah loh
jinawi. Mugi-mugi kula panjenengan tansah angsal pitulungan ugi pitedah saking Allah swt,
saengga kula panjenengan sami saged ngraosaken endahipun gesang. Amin.

Daftar Khutbah Jumat Bahasa Jawa Lainnya bisa Anda Download di link berikut:
https://www.tongkronganislami.net/khutbah-jumat-singkat-bahasa-jawa/

You might also like