You are on page 1of 4

BIMA BUNGKUS

Wonten ing jejer Ngastina, Prabu Pandu ugi Dewi Kunthi katon sedih
amargi putra kaping kalihipun awujud Bungkus.

Dewi Kunthi : ” kang mas, pripun niki? Putra kita ingkang nomer kalih
tasih awujud bungkus.”

Prabu Pandu: “ Iya diajeng… kangmas ya bingung. Kabeh pusaka sakti wis tak
jajal kanggo mecah si bungkus, nanging si bungkus ora pecah.”

Dewi Kunthi : “ Nanging kang mas, putra kaping kalih sampun pirang-
pirang tahun awujud bungkus” (tansah sedih)

Prabu Pandu: “ Ngene diajeng, menawa wae iki pancen wis takdir… awake
dhewe kudu sabar marang pancobaning urip.”

Permadi : “ Rama, Ibu, mboten usah sedih. Rama ugi Ibu kudu sabar
ngentosi kakang lahir saking bungkusipun.”

Prabu Pandu: “ Iya ngger…. Ngger putraku, apa kuwe gelem tak utus?”

Permadi : “ Inggih Rama, kula purun… napa wae ingkang rama utus kula
purun nglampahi.”

Prabu Pandu: ” nggene ngger, ngendikane eyangmu, Abiyasa. Ngene, tulung


bucalen kakangmu ing Alas Krendawahana, supaya kakangmu bisa metu seka
bungkuse”

Permadi : “ Sendika Dhawuh rama.”

Sawetara mbucal Si Bungkus wonten ing Alas Krendawahana, Sengkuni


ugi bala Kurawa mangertosi menawi putra kaping kalihipun Prabu Pandu
Dewanata dipun buang ing Alas Krendawahana.

Sengkuni : “ Le, ponakanku, aku nduweni gagasan. Kepriye yen kuwe njajal
mecah Si Bungkus?

Durmagati : ” Lha wonten napa tha bu lik susah-susah mecah Si Bungkus…”


Sengkuni : “Haduuh ponakanku, ngene tak kandani…. Kowe mecah Si
Bungkus mung bodonan tok… nanging, nalika kuwe mecah Si Bungkus, kuwe
uga bisa musnahake Si Bungkus…”

Durmagati : “kenopo kok kok kudu musnahake Si Bungkus bu lik?

Sengkuni : “ Amarga besuk Si Bungkus bakal dadi satriya kang bisa nggawe
Kurawa cilaka.”

Durmagati : “ Menawi mekaten, kula badhe mecah Si Bungkus pak lik..”

Senguni : “ Iya ngger… sing ati-ati.”

Wonten ing Ngastinapura, Durmagati badhe nyuwun restu datheng Prabu


Pandu supados saged mecah Si Bungkus sanadyan namung bodonan uni lambe.

Durmagati : “ Pak lik… kula badhe nyuwun restu.”

Prabu Pandu:” Restu kanggo opo tho le?”

Durmagati :” Mekaten pak lik, kula badhe nyobi mecah Si Bungkus pak lik.”

Prabu Pandu: “ Iya ngger… tak wenehi restu marang kuwe… sing ati-ati ya
ngger..”

Durmagati : “ Inggih pak lik… matur nuwun.”

Durmagati menyang wonten ing Alas Krendawahana badhe mecah ugi


mateni Si Bungkus.

Durmagati : “ Heh… Si Bungkus, ana ing ngendi kowe? uripmu ora bakal
suwi maneh, rene o hahahaaahaha….”

Si Bungkus : (Banjur teka, ngggelundung)

Durmagati : “ Rene o Bima Bungkus, ayo peran tanding karo aku. Tampanen
aji aji sekti iki

Salajengipun Si Bungkus diserang ngagem aji-aji ingkang sekti, nanging


Si Bungkus ugi menang.. Lajeng, Durmagati wangsul ing Ngastinapura.
Durmagati : “ Pak lik…. Pak lik…. Tulungi kula pak lik, kula kalah perang
kalih si bungkus”

Sengkuni : “ mrene-mrene menjero,… tatumu padha akeh banget.”

Ing Alas Krendawahana, Para Raseksi ugi keganggu, amargi Si Bungkus


kiat sanget. Lajeng, para Raseksa perang kalih Si Bungkus.

Raseksa : ” Kurangajar… sapa sing wani ganggu aku lan balaku? Metuha…
yen wani tanding karo aku”

Si Bungkus : (Banjur ngglundung lan ana gludug)

Raseksa : “ Oh, iki tha sing ngganggu para Raseksa… hahahaha Rupamu
ora mbejaji. Coba lawan aku… hahahaha” (lajeng perang )

Raseksa kalah kalihan Si Bungkus. Raseksa kalawau banjur ngajak bala-


balanipun supados ninggalaken Alas Krendawahana.

Ing Suralaya, Bahtara Guru nimbali Putranipun, Gajah Seno kangge


mecah Si Bungkus ugi Dewi Umayi kangge maringi Kageman marang Si
Bungkus nalika sampun pecah saking bungkusipun.

Bathara Guru : “ Putraku, Gajah Seno menyango ing Alas Krendawahan.


Pecahen Si Bungkus supaya dadi satriya utama.”

Gajah Seno : “ Inggih Rama,.”

Bathara Guru : “ Dewi umayi, wis metu saka bungkuse, paringana busana
arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih.”

Dewi Umayi: “ sendika kang mas.”

Wonten ing Alas Krendawahana, Gajah Seno lajeng mecah Si Bungkus.


Sasampunipun dipun pecah, Si Bungkus lajeng nantang marang Gajah Seno.
Lajeng, kadadean perang tGajah Seno marang Bima ingkang sampun awujud
satriya.

Bima : “ Hee….. sapa sakjane sliramu iku? Kok wani-wanine kuwe mecah
wujudku sing arupa bungkus?”

Gajah Seno : “ Aku iki putrane Bathara Guru sing awujud Gajah. Aku diutus
Rama supaya mecah kowe supaya bisa dadi satriya.”

Bima : “ Aku ora percaya… ayo yen wani perang musuh aku!”

Salajengipun perang,Gajah Senokalah. Sedaya kekiatanipun Gajah Seno


mlebet ing Bima. Lajeng, Dewi Umayi maringi ageman supados Bima seged
dados satriya ingkang utama

Bima : “ Hemmm… sinten sejatinipun kula?”

Umayi : “Ngger, kowe iku putra kaping kalihipun Prabu Pandu Dewanata
lan Dewi Kunthi. Kowe lahir awujud bungkus pirang-pirang tahun. Mula kuwi,
kowe tak paring jeneng Bratasena ya ngger….”

Bima lajeng dados satriya kang utama. Bima ugi saged nyirnakaken para
raseksa ingkang ngganggu urip ipun manungsa. Bima ugi saged nglindungi
keluarganipun saking Kurawa lan Sengkuni.

You might also like