You are on page 1of 5

MAKALAH BAHASA JAWA “MITONI/TINGKEBAN”

BAB 1
PENDAHULUAN

A.    LATAR BELAKANG


Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki isih  dilakoni
nang  sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake
tembung kata kerja) + ’7′ (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7.
Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining  upacara kang dilakoni ing sasi
ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep arep supaya si jabang bayi
kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.Tata upacara
kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang
njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom,
nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan
nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake
petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake  penghayatan
bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat istiadat kang dilestarikake secara
turun temurun nang sawijining kelompok sosial. Nek adat istiadat kuwi ora dilakoni arep
ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo keluarga wong kuwi ing satengahin kelompok sosial
ing masyarakate.
Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo
nganaake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin
awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing wektu siang utawa
sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah.
Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga
masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang
keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Ana ing makalah iki bakal dibahas asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata carane
mitoni/tingkeb sing dilakoni masyarakat jawa.
B.     RUMUSAN MASALAH
1.      Asal-muasale tingkeban?
2.      Uborampe kanggo tingkeban?
3.      Urutaning lan mlakune acara tingkeban?
C.    TUJUAN
1.      Ngerteni asal-muasal tingkeban
2.      Ngerteni uborampe kanggo tingkeban.
3.      Ngerteni urutaning acara tingkeban.

BAB II
PEMBAHASAN

A.    ASAL-MUASAL “TINGKEBAN”


Miturut carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana mbiyen
mula. “Tingkeban” dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken Satingkeb, ya iku
garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh mau mati cilik. Kabeh
usaha wis dilakoni, nanging tetep ora kasil. Akhire, wong loro mau ngadep lan matur
kahanane marang Kanjeng Sinuwun Jayabaya.
Jayabaya menehi pitutur sing kudu dilakoni, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu
nglakoni pira-pira ritual. Anangning sing dadi syarat utama, wong loro mau kudu sregep
manembah mring Hyang Widhi laku becik, welas asih mring sapada, kejaba iku, Niken
Satingkeb lan Ki Sedya kudu nyucekake awak kanthi adus banyu sing dijupuk saka pitu
sumur utawa sumberan. Wong loro mau kudu uga menehake sesajen arupa kembang setaman
lan kelapa gading sing isih nom.
Sawuse nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng
Dumadi, nyenmbadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing nduwenu umur
kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong jawa padha nglaksanaake ritual kaya dene sing
dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, arikala lagi meteng pitung wulan, lan kanthi
pangarep supaya baying ing weteng lan ibune bias slamet. Kanggo ngormati wong loro mau,
mula kabeh ritual iku diarani “Tingkeban”.
B.     UBORAMPE KANGGO TINGKEPAN
Ana telung tradisi sing dilakoni wektu meteng, yaiku Neloni, Tingkeban utawa
Rujakan lan Procotan nanging sing wis kulina dilakoni among tingkeban.
Adoh sadurunge meteng ngidak wektu pitung wulan, wong tuwane bayi kudu nemtokake
dina sing apik miturut petungan jawa. Miturut petungan jawa, dina sing apik iku dina kang
nduweni neptu genep.
No Jeneng Dina Neptu No Jeneng Pasaran Neptu

1 Ahad 5 1 Legi 5
2 Senin 4 2 Paing 9
3 Selasa 3 3 Pon 7
4 Rabu 7 4 Wage 4
5 Kamis 8 5 Kliwon 8
6 Jum’at 6
7 Sabtu 9

Saliyane nemtokake dina, uborampe uga kudu disiapake. Dene uborampene ya iku.

No Jeneng Ritual Wektu Piranti


Takir plontang 4 buah
Golong 7 buah
Jajan pasar
Meteng wulan kaping Jenang abang
1 Neloni
telu Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang sengkolo
Woh-wohan
Punar 2 buah
Kembang setaman
Sesaji dakripin(Suro ganep)
Meteng wulan kaping
2 Tingkeban Daun dadap serep
pitu
Daun beringin
Daun andong
Janur
Mayang
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang waras
Jenang sengkolo
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang waras
Jenang sengkolo
Meteng wulan kaping
3 Procotan Jenang inthil-inthil
wolu
Jenang sewu (dawet)
Jenang sempuro
Jenang kembo
Jenang procot
Jenang arang-arang kambang
Ketupat lepet

C.    URUTANING UPACARA MITONI


1. Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga
utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi
menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses
kelahirane lancar. Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh dukun
utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua
2. Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake
bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki
dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora ana
alangan apa-apa.
3. Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari
Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur
weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.
Tingkeban-Miton

4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-beda.
Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep
mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang
5. Upacara nugel  lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti
nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan laire sang
jabang bayi lancer.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa
lan puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang
lair kaya didorong utawa disurung.
8. Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar
kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak
kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.
Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni dianggep
rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen. Sesajen ana
kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.

BAB III
PANUTUP

KESIMPULAN
Tingkeban dilaksanaake kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu
lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.

You might also like