You are on page 1of 6

JAKA TARUB LAN 7 MIDODARI

Ing jaman biyen ing desa, ana ibu lan putrane jenenge Jaka tarub. Jaka Tarub wis
ditinggalake bapake isih wiwit cilik. Siji dina jaka tarub lan ibune tani ing sawah.

Ibu Jaka Tarub : “uhuk.. uhuk..”

Jaka Tarub : “ibu punapa?”

Ibu Jaka Tarub : “ ibu ora ana apa – apa . ibu mung watuk”

Jaka Tarub : “ menawi mekaten kajengipun kula kamawon ingkang


ndumugekaken padamelan ibu dinten niki ”

Ibu Jaka Tarub : “ ibu isih kuat kok jaka “

Jaka Tarub : “ ora apa – apa bu, ben jaka wae sing ngerjakake”

Ibu Jaka Tarub : “ ibu beruntung nduweni anak koyok kowe”

Dina wis sore, Jaka lan ibune pun mulih nang pmah. Sak tibane ing omah, jaka lan
ibune omong – omongan ing teras omah.

Ibu Jaka Tarub : “ Jaka, kowe niki wis gedhe, wis pantes gawe rabi.
Lekas rabi, ibu pengen nimang putu sakdurung ibu lunga”

Jaka tarub : “ nanging bu, jaka ora siap rabi”

Ibu jaka tarub : “ nanging yen ibu wis ora ana, sapa sing bakal ngurus kowe?”

Jaka tarub : “aja ngomong mangkan bu”

Ibu jaka tarub : “ ibu mung rumangsa kesel nak”

Keesokan dinane

Jaka tarub : “loh kok ibu sing nyiapkake kabehe?”

Ibu jaka tarub : “ora ana apa apa nak, ibu ora pengen kowe kesel pas nyambut
gawe. Dina iki ibu ora bisa melu nang sawa karo kowe”

Jaka tarub : “ matur nuwun bu, ora apa apa ibu nang omah wae, jaka iso
menyang sawah dewe.”

Ibu jaka tarub : “iya nak, ati ati ya jaka”

Jaka menyang sawah dewean. Jaka tetep semangat menyang sawah dewean demi
ibune. Dina wis sore, Jaka mulih nang omah. Nanging Jaka ora bisa nemuni ibune. Ora suwi
jaka nemuni ibune tergeletak ing lantai

Jaka tarub : “ibuuu... ibu punapa? Buu...?”


Ibu jaka tarub : “ jaka, ibu wis ora kuat maneh. Kowe kudu bisa nemukake
pasangan sing iso ngurus awakmu pas ibu ora ana”

Jaka tarub : “ibuu.... ojok ninggal jaka bu...”

Pas ibune wis ora ana, kerjane jaka mung merenung lan murung. Jaka lunga menyang
alas kanggo ngilangna bubuh pikirane.

Ing kahyangan, para midodari – midodari arep njaluk ijin marang bapake kanggo
lunga menyang nang mayapada.

Midodari 2 : “ mbak, aku pengen lunga menyang mayapada kanggo adus


ing tlaga”

Midodari 1 : “ iya, njaluk ijin menyang bapak dhisik, nek diijinake awak
dhewe arep lunga menyang mayapada”

Nawang Wulan : “ayo mbak, aku wis ora sabar adus ing tlaga”

Midodari 1 : “ bapak, kula lan adik – adik arep lunga menyang mayapada
kanggi adus ing tlaga. Apa bapak ngolehi awak dhewe menyang mayapada?”

Raja aji saka : “iya nak, nanging yen terompet kerajaan diunekne kudu bali
kabeh menyang kahyangan”

Midodari 2 : “inggih pak”

Raja aji saka : “ati ati ing mayapada nak”

Nawang wulang : “inggih pak, awak dhewe pamit”

Pas jaka tarub ing alas, jaka berburu merga dewene luwe. Pas berburu jaka krungu
sayup sayup suara saka tlaga. Jaka menyang tlaga, sak tibane nang tlaga jaka ndelok midodari
– midodari kuwi lagi pada adus. banjur jaka ndeleng selendang midodari kesebut lan
banjur jaka njupuk salah siji selendang kuwi.

Terompet kerajaan diunekne, para midodari siap siap bali nang kerajaan, nanging
nawang wulan ora bisa nemuake selendange.

Midodari 1 : “ ayo cepet siap siap, wes wektune bali ning kahyangan”

Nwang wulan : “mbak, selendangku ora ana. Selendangku ilang “

Midodari 2 : “ piye iki? Padahal selendang nawang wulan ana ing sebelah
selendangku. Kok ora ana?”

Nawang wulan : “wis digolek i nanging ora ketemu”


Midodari 1 : “awak dhewe ora bisa terus – terusan ing mayapada. Awak
dhewe kudu ninggal awakmu ing mayapada. Sepurane nawang wulan, iki wes takdir awakmu
tinggal ing mayapada”

Nawang wulan : “ nanging piye? Aku pengen bali nang kahyangan mbak
bareng – bareng “

Midodari 2 : “ nawang wulan awak dhewe ora bisa apa apa, jaga awakmu
ing mayapada”

Nawang wulan : “aja ninggalake aku.....”

Para midodari kuwi ninggal nawang wulan ing mayapada. Selendang abang nawang
wulan ora bisa ditemukno. Nawang wulan mung bisa nangis ing pinggir tlaga

Jaka tarub metu saka persembunyiane lan nemui nawang wulang. Jaka nyedhaki
nawang wulan lan ngehibur nawang wulan.

Jaka tarub : “ngapa kowe nangis?”

Nawang wulan : “ selendang abangku ilang. Aku ora bisa bali menyang
kahyangan”

Jaka tarub : “kahyangan? Kowe midodari? Wis ora usah wedi, aku ora
bakal lukai awakmu. Kowe bisa tinggal ing omahku gawe sementara”

Nawang wulan : “tenan?”

Jaka tarub : “iya, kowe bisa tinggal kapan wae ing omahku. Aku jaka
tarub”

Nawang wulang : “nawang wulan. Matur nuwun banget jaka”

Jaka tarub : “iya, ayo menyang omahku”

Nawang Wulan seneng bisa tinggal ing omah Jaka Tarub. Ora ana pilihan lain selain
tinggal ing omah Jaka Tarub mergo nawang wulan ora nduweni opo – opo ing mayapada.

Ing kahyangan para midodari bingung lan wedi Raja Aji Saka ngamuk amerga mulih
menyang kahyangan tanpa Nawang Wulan.

Raja aji saka : “ana endi nawang wulan? Kok ora bali ing kahyangan?”

Midodari 1 : “kuwi, selendang nawang wulan ilang pak”

Midodari 2 : “iyo pak, mergo kuwi nawang wulan ora iso mulih bareng ing
kahyangan”

Raja aja saka : “bapak kuciwa amerga ora bisa njaga adhi kowe”

Midodari 1,midodari 2 : “apurakne kami pak”


Raja aji saka : ‘yaweslah, mungkin iki yo wis takdire, kene ora bisa apa apa
mung bisa ndunga.”

Jaka tarub lan nawang wulan makin padha ngenal lan makin nyatu. Akhire, jaka tarub
lan nawang wulah rabi. Nawang wulan dikaruniai anak kembar, jaka tengil lan nawang asih.
Sakwise nawang asih lan jaka tengil beranjak dewasa. Permasalahan watara jaka tarub lan
nawang wulan nambah mundhak.

Mubarang dina, jaka sektas wae mulih saka sawah. Jaka ndelok nawang wulan isih
masak.

Jaka Tarub         : “Assalamu’alaikum…”


Nawang Wulan         : “Wa’alaikumsalam. Akang wis mulih toh”
Jaka Tarub        : “Iya, ana apa Dinda?”
Nawang Wulan         : “aku arep njaluk tolong”
Jaka Tarub        : “tolong opo dinda?”
Nawang Wulan        : “Tolong jaga api iki, aku isih masak sego. Nanging aku arep
umba klambi ing tlaga”
Jaka Tarub         : “iyowes, dinda”
Nawang Wulan        : “nanging akang kudu iling janji kuwi. Ora oleh buka tutup
panci iki”
Jaka Tarub        : “akang ora bakal lali kok”
Sakwise nawang wulan menyang tlaga, jaka tarub ngerasa penasaran. Dewene buka
tutup panci kuwi lan ngingkari janjine karo nawang wulan.
Jaka Tarub        : “Hah, tibakne nawang wulan mek masak sak batang pari.
Pantes wae pari ing lumbung ora tau entek..

Nawang Wulan tiba-tiba datang sepulang dari mencuci pakaian di sungai.


Nawang Wulan         : “kang, opo sing akang lakuke??!!”
Jaka Tarub         : “A… a… akang ora ana apa apa dinda, akang kudu bali
maneh ning sawah”
Sakwise jaka menyang sawah, nawang buka tutup pancine. Nawang curiga jaka wis
buka tutup panci kuwi amerga pari ing panci kuwi tetep lan lesaktian nawang wulan ilang.
Sejak kuwi nawang mesti numbuk padi, lan masak biasa. Pari ing lumbung makin
ngurang. Sewektu dina nawang wulan nemuake selendang midodarine ing tumpukan pari
sing wis ngurang. Tibakne selama iki jaka sing wes nyuri selendang abang nawang wulan.
Sekwise nawang wulan ero kuwi, nawang wulan mutusake mulih kahyangan lan
ninggalake jaka lan anak – anake ing mayapada.
Jaka tarub : “nawang wulan, tinggal wae ing mayapada. Dhewene kudu
ngurus anak anak. Aja tinggalake aku dewe ing kene”
Nawang wulan : “ora bisa kang, tinggalku ing kahyangan”
Jaka tarub : “apa tego ninggalake anak anak ing kene?”
Nawang wulan : “aku kudu mulih nang kahyangan kang. Tolong jaga anak
anak kang. Kenang aku ing padange rembulan kang”
Akhire jaka mung bisa ikhlasake nawang wulan bali nang kahyangan lan ngurus anak
anak dewean. Jaka tarub, nawang asih lan jaka tengil mung bisa ndeleng rembulan ben bengi
kangggo ngenang nawang wulan.

You might also like