Pawartos Basa Jawi

You might also like

You are on page 1of 3

Pawarta Basa Jawi

Presenter :Sugeng Enjing para pamirsa, kula ... saking Biwara TV badhe
ngaturaken babagan salah satunggaling kabudayan ing tlatah
Ngayogyakarta Hadiningrat inggih punika Reog.Menawi jangkepipun
mangga sareng – sareng mriksani kadang juru warta saking Biwara
TV, ingkang sapunika sampun wonten ing Dusun Pepe, Trirenggo,
Bantul. Sumangga.

Teksipun ingkang badhe diaturaken dening reporter kagem narasumber.

Reporter : Punapa ingkang njalari kabudayaan punika dipun sebat “Reog”?

Narasumber :...

Reporter : Saking pundi kabudayaan Reog punika?

Narasumber :...

Reporter : Kados pundi kabudayan Reog punika dipun laksanaken?

Narasumber :...

Reporter : Menawi bentenipun Reog kaliyan Reog Ponorogo?

Narasumber :...

Reporter : Kabudayan Reog punika nyariosaken punapa?

Narasumber :...

Reporter : Menawi pamanggih panjenengan, Kados pundi kabudayan Reog


punika saged lestari?

Narasumber :....

Plan B

Narasi : Sugeng enjing para pamirsa, wangsul maleh kalih kula ..... wonten
Biwara TV ingkang badhe ngaturaken pawarta ingkang aktual lan
saged dipun . Wonten wekdal punika Biwara TV badhe ngaturaken
babagan kabudayan ing tlatah Ngayogyakarta Hadiningrat inggih
punika reog. Reog inggih punika
Teks Pawarta

Kabudayan tradisional inggih punika salah satunggaling cerminannipun gesang


manungsa ingkang kawujudaken dening karya kalakonan ingkang asli saking
salah satunggaling daerah. Kabudayan tradisional punika kedah dipun
lestantunaken supados para masyarakat mboten kesupen kalihan kabudayannipun
piyambak. Kabudayan tradisional punika saged awujud kalakonan, tuladhanipun
reog, ringgit, kethoprak, tari tradisional. Kabudayaan awujud kalakonan punika
gadhah tujuan supados warga masyarakat saged dipun paringi karahayuan dening
Gusti Ingkang Maha Kuasa.

Salah satunggaling kabudayan inggih punika, reog. Reog ingkang dipun


mangertosi dening masyarakat inggih punika reog Ponorogo. Ewondene wonten
kabudayaan ingkang asminipun sami, inggih punika reog saking Ngayogyakarta
ingkang tesih dipun lestantunaken dening warga masyarakat dusun Pepe,
Trirenggo. Reog punika kalaksanaken dinten Ahad, 15 Januari 2017. Reog punika
dipunkalaksanaaken dening paguyuban pemuda sarta pemudi Dusun Pepe
ingkang asmanipun Reog Bina Muda Kelan. Miturut hasil wawancara dening
Ketua Reog Bina Muda Kelana inggih punika Bapak Eko nerangaken bilih kesenian
reog ringgit wong punika nyariosaken babagan Perang Bharathayuda. Perang
Bharathayuda inggih punika perang Pendhawa kalawan Kurawa. Kurawa ingkang
kagungan watak ingkang ankara murka lan gampil serik datheng sanesipun
kalawan ingkang Para Padhawa ingkang kagungan watak prayogi, legawa dening
sifat angkara murka lan seriking athi para Kurawa. Wontenipun perang, para
Pandhawa saged menang dening para Kurawa kanthi lumampah ingkang mboten
gampil. Para Kurawa ingkang kagungan watak serik kalawau saged seda dening
para Pandhawa.

Tujuanipun diwontenaken kesenian reog punika supados saged ningkataken


persatuan saha kesatuan tumrap masyarakat khususipun warga masyarakat Dusun
Pepe, Trirenggo. Tujuan sanesipun inggih punika kagem mengeti sugeng ambal
warsanipun 2017 ingkang kagungan penggalih supados wontenipun warsa 2017
punika kita saged kaparingan karaharjan lan rejeki ingkang linuwih saking Gusti
Allah Ingkang Hakarya Jagad.

You might also like