You are on page 1of 11

PAKET 1 (K-13)

BAHASA JAWA

1. Titikan teks non sastra ing ngisor iki, ngandharake jinise teks . . ..
No. Titikane teks non sastra
1. Karangane katulis kanthi jangkep
2. Tujuwane kanggo ngandharake gagasanutawa kanyatan
3. Sipate teks ngeyakinake, lan nyenengake pamaca
4. Isine menehi pituduh, marang wong kang maca
A. pawarta
B. narasi
C. artikel
D. anekdot
E. deskripsi

2. Artikel sing ngandharake sawijine perkara kang dumadi ing masyarakat, saengga
bisa dingerteni kedadeyan apa sing satemene dumadi. Jinis iki padha kaya laporan
utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel
panulisane nerangake prakara kanthi gamblang, bisa awujud opini. Andharan mau
nuduhake jinise artikel . . ..
A. deskriptif
B. ekploratif
C. prediktif
D. eksplanatif
E. argumentasi

Mangsa Rendheng
Salebetipun satunggal taun dhawahipun jawah punika boten ajeg. Wonten
sasi ingkang jawahipun kirang sanget. Wulan ingkang kathah jawahipun inggih
punika sasi Oktober ngantos dumugi sasi Maret. Salebeting tigang dasa dinten tamtu
wonten jawah. Malah kala mangsanipun ngantos setunggal sasi mbethethet jawah.
Wondene wonten sasi-sasi ingkang jawahipun kirang, inggih menika wulan April
ngantos September. Awit kawontenan punika, satunggal taun punika kadadosan kalih
mangsa, inggih punika mangsa rendheng lan mangsa katiga. Babagan kang
biyasanipun ditindakake nalika mangsa rendheng, para among tani wiwit gumregut
nggarap sabinipun, nlandosi galengan lan damel kalen kangge ngilekaken toya.
Selajengipun, para among tani nyebar winih damel pinihan.
3. Mangsa rendheng uga diarani mangsa . . ..
A. panas
B. udan
C. ketiga
D. paceklik
E. angin

4. “Ibuku ora mundhut klambi anyar kanggo Ani ing pasar” polaning ukara mau
yaiku . . ..
A. JWL
B. JWLK
C. JLK
D. JWPK
E. JWLPK

5. Titi cara kang ora prelu digatekake jroning nulis artikel deskripsi, yaiku . . ..
A. nemtokake objek, bisa awujud kahanan utawa kang arep diandharake.
B. nemtokake tujuwan panulisan.
C. nemtokake rumusan bakune gagasan.
D. ngandharake tulisan kanthi runtut bisa andhedhasar urutan wektu.
E. ngembangake karangan kanthi nuduhake dhata lan fakta kanggo nguwatake
panemune dhewe, sarta ngasorake panemune wong liya.

6. Wayang minangka budaya ing Jawa kang adiluhung. Tegese wayang yaiku . . ..
A. gegambaran lumakune urip manungsa ing bebrayan kang kebak pitutur lan
piwulang kang adiluhung.
B. wayang menika pagelaran ngganggo boneka kang katon endah.
C. wayang menika karya sastra kang tinulis kanthi wujud cerkak, dhasare crita saka
crita ramayana lan mahabarata.
D. wayang mujudake gegambaran lakon kang manut marang prentah dhalang.
E. perangan saka kabudayaan jawa kang urip lan diuri-uri dening bebrayan jawa.

7. Pagelaran lakon wayang, bisa dadi salah sawijine sarana panggulawenthah ing
babagan moral lan kautaman, jalaran …..
A. pagelaran wayang mujudake sarana nikelake devisa negara.
B. pagelaran wayang ora mung asipat tontonan, ning uga tuntutan tumrap
panontone.
C. pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare
negara.
D. pagelaran wayang kang maneka warna jinise, bisa nambahi elmu lan kawruh
tumrap para pamudha.
E. pagelaran wayang mujudake sarana dramarisasi teks crita wayang saka negara
manca.

8. Praja Ngamarta negarane Para Pandawa, konclang kaya katerak daharu. Wis ana
pirang-pirang wektu, negara Amarta kena pageblug, katekan lelara nggegiris. Akeh
para nayakane praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka kahanan mau
kawiwitan saka murcane kabeh piyandele kadang pandawa, arupa sawernane sanjata
sekti. Cuplikan mau mujudake struktrur teks crita wayang bageyan . . ..
A. Orientasi
B. Komplikasi
C. Resolusi
D. Kode
E. Amanat

9. “Hananonton ringgit manangis asekel mudha hidepan.” Tegese . . ..


A. sejatine mono, kabeh mau mung dhapur wewayangan, sulapan kawula.
B. ana wong kang nonton wayang, lha kok nangis, sedhih, ora karu-karuwan rasane
atine.
C. kamangka dheweke wis weruh, yen kang mobah mosik lan cecaturan mau mung
dhapur kulit kang sinungging.
D. mangkono mau wong-wong kang banget kaiket pancandriyane, padha ndlongop,
nganti ora ngerti apa-apa.
E. sejatine wong urip kuwi kudu gelem nggoleki, ngugemi, lan ngamalake pangaji-
aji adiluhung.

10. Lakon wayang sumbering crita kajupuk saka epos Ramayana lan Mahabarata
(India), wujud wayange arupa golekan saka kulit, yaiku . . ..
A. Wayang Golek
B. Wayang Wong
C. Wayang Purwa
D. Wayang Madya
E. Wayang Beber

11. Bobot ajining kang ana sajrone teks sandhiwara gumantung marang . . ..
A. jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
B. pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘prasaan’ sing
nonton.
C. basa rinengga (gaya basa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing
nonton.
D. pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
E. dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.

12. ?%]budsmukaikurtuai= . . ..
A.pvCwti
B. z 2=kfirj
C. pL=kwti
D. mfukr
E. bumixtwu

13. Titikan kang nuduhake kakurangane basa lisan, sajrone teks drama tradisional
yaiku . . ..
A. kadhang kala ukarane dibolan-baleni.
B. luwih bebas merga ora winates paramasastra.
C. luwih cepet dingerteni wong kang diajak wawanrembug
D. bisa dicocogake marang kahanan (situwasi).
E. angel dipahami jalaran tetembunge winates.

14. Ibu : Bapak wis dhahar?


Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku . . ..
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus
E.Ngoko lan krama

15. Basa kang digunakake kanggo cecathuran wong luhur durung nate tepung lan
durung akrab, nggunakake basa . . ..
A. ngoko
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama inggil
E. krama madya

16. Minangka pribadhi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran . . ..
A. ing ngendi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
B. panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
C. bocah sekolah, bocah kuliyahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae.
D. para intelek, emimpin agama, apa dene politkus, yen jagongan padha wae.
E. beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panggonane basa.
17. Naskah crita kang mujudake pirembugan utawa pacaturan (dhialog), kang bisa
diparagakake dening para paraga lumantar naskah diarani . . ..
A. tembang
B. drama
C. parikan
D. gancaran
E. geguritan

18. “Dadi aku luwih nengenake kepentingane wong kang isih urip. Mula wit asem
buntung kae tetep dakrubuhake, supaya anak putu luwih gampang uripe. Rubuhe wit
asem buntung, banjur arep dakgawe pasar, supaya desa saya rame.”
Pethikan dialog mau nggambarake bageyan . . ..
A. pambuka
B. tetepungan/eksposisi
C. klimaks
D. tentangan/konflik
E. panutup

19. Pegelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral kang cocog lan
trep, jalaran . . ..
A. tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sipat doktriner kang meksa.
B. tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sipat doktriner kang
meksa.
C. lumantar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon,
wewarah bab moral ora bisa rumesep lan kajiwaraga.
D. lumanar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon,
wewarah bab moral nduweni sipat doktriner kang meksa.
E. lumantar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon,
wewarah bab moral bisa meksa rumesep lan kajiwa raga.

20. Teks lakon drama katulis kanthi bleger kang dumadi saka . . ..
A. bait, baris, paragraf, lan antawacana
B. paragraf, antawacana, swasana, lan pituduh laku
C. tokoh, bait, baris, swasana, lan pituduh laku
D. tokoh, paragraf, swasana, lan pituduh laku
E. tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku

21. Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg
diarani . . ..
A. paribasan
B. unen-unen
C. cangkriman
D. parikan
E. wangsalan

22. Kancaku sakelas biyen wis kaya sadulur, merga ana ing ngendi wae mesthi
bebarengan. Sadurunge oleh pakaryan kerep dolan ana ing omahku, nanging wis
suwe ora keprungu kabare. Minggu wingi tanpa kanyana dheweke dolan menyang
omahku, sapira senenge atiku. Wangsalan kang jumbuh karo pratelan iku, yaiku . . ..
A. pitik walik saka kebon
B. mrica kecut
C. njanur gunung
D. njangan gori
E. nyaron bumbung

23. Sesambungan karo kanca ing sekolahan ora ana kang luwih menang utawa sing
kalah, kabeh kudu dianggep padha. aja nganti nganak cecak marang kancane.
Nganak cecak ing wangsalan tegese . . ..
A. kadingaren
B. sawayah-wayah
C. ethok-ethok
D. kakean modhel
E. usada

24. “Weh-weh bingung aku ngetunge ….uakeh banget..” kandhane Ika nyengar-nyengir.
“kene taketunge, dhasar gak tau mangan sekolahan!” Kandhane Desi karo nyaut
dhuwit saka tangane Ika.
Pesan moral cerkak kang pas kanggo ukara mau, yaiku . . ..
A. religi
B. sosial
C. budaya
D. pendhidhikan
E. pribadhi

25. Paningset minangka adicara kang ana sajrone lamaran. Ing ngisor iki kang ora
kalebu ubarampe paningset yaiku . . ..
A. dhuwit
B. jajanan
C. ali-ali
D. sandhangan
E. pepaes

Wayange Mas Dhalang Sastra


(Dening : Moch. Makloom)
Wayange wis bubaran
Dursasana wis gugur ing palagan
Pandhita Durna mung kari aran
Wis ora ana banjir getih abang ngatirah
Wis ora keprungu swarane prajurit bandayuda
Langit bali sumilak

Tegal karusetra wis ora bledug ampak-ampak


Embuh wis pira
Arjuna lan para garwa
Among tresna sinengkuyung rasa bagya
Sawise perang baratayuda
Ing sajrone kothake mas dhalang Sastra

Geguritan ing ndhuwur kanggo mangsuli pitakon nomer 24-25!


26. Ana ing pada siji nggambarake kahanan . . ..
A. Dursasana wis gugur ing palagan
B. Wis ora ana banjir getih abang ngatira
C. Sawise perang baratayudha, pratanda kamardikan
D. Pandhita Durna mung kari aran
E. Among tresna Sinengkuyung rasa bagya

27. Pratelan sing padha mathuk karo pada siji geguritan kasebut, yaiku . . ..
A. Pandhita Durna iku gurune Kurawa
B. Pandhita Durna iku gurune Pandhawa
C. Pandhita Durna wis tumekaning pralaya
D. Pandhita Durna iku gurune Pandhawa lan Kurawa
E. Pandhita Durna nunggoni rampunge perang Baratayudha

28. Ing ngisor iki sing klebu sandhangan swara yaiku . . ..


A. cakra (….] ), keret (…} ), lan pengkal (…- )
B. Pangkon (… \ ), lingsa (…,), lungsi (….)
C. Wignyan (…h ), layar (… / ), lan cecak (...=…)
D. Pepet (…e ), cakra (….] ), suku (…u ), lan cecak (…=…)
E. Suku (….u ), wulu ( ...i..), pepet ( …e ), taling ([ - …), lan taling ([ - o)

29. Nonton wayang bareng kancane, menawa ditulis kanthi aksara Jawa, yaiku . . ..
A. [non[tonWy=bx=knC[n
B. [no[noTnWwy=bx=knC[n
C. [no[noTnWy=bx=kvC[n
D. [no[noTTnWy=bx=knc[n
E. [non[tonwy=bx=knc[n
30. Unen-unen ing ngisor iki nuduhake menawa awake dhewe kudu bisa njaga
kahormatane wong tuwa, yaiku . . ..
A. ?becikKetitikHlketr.
B. ?an[kPolhbpkKep]fh.
C. ?njinidirifumunu=ai=lqi.
D. ?zunDuh [wohai=pk/ti.
E. ?mikulDuwu/menDemeJ[ro.
31. Pranyatan ing ngisor iki ngandharake ngenani gunane pasangan, kang bener
yaiku. . ..
A. kanggo nulis aksara sigeg ana ing pungkasaning ukara.
B. kanggo nulis aksara ing mburine aksara legena
C. kanggo nulis aksara sing mengku sandhangan swara.
D. kanggo nulis aksara ing mburine aksara sigeg, kajaba aksara sigeg mau r, h, lan
ng.
E. kanggo nulis aksara sigeg ana ing ngarepe aksara legena.

32. Pager sendhok luwih becik tinimbang pager tembok. Yen ditulis nganggo aksara
Jawa yaiku . . ..
A. sge/[s[nDokLuwihbecikTinimB=pge/[t[mBok\
B. pge/[so[nDokLuwihbecikTinimB=pge/[t[mBok\
C. pge/[s[nFokLuwihbecikTinimB=pge/[t[mBok\
D. pge/[s[nDokLuwihbecikTinimB=pge/[t[mBok\
E. pge/[s[nDokLuwihbcikTinimB=pge/[t[mBok\

33. Aksara legena kang wis dadi pasangan, dadi aksara tugelan kang katulis ana
sangisore aksara kang dipasangi, ora kagandheng, lan yen dipasangi sandhangan
suku (…u ) bisa dadi aksara wutuh, yaiku . . ..
A. (....K), (....T ), lan (…L )
B. (...R ), ( ....Y ), (....G ), lan ( ...Z. )
C. (…H ), (…P ), lan (…S )
D. (…D ), ( …B. ), lan (…Q)
E. (… W ), (…N.), lan (…V)
34. Wati nyuwun dhuwit simbah 35.800 rupiyah. Yen ditulis nganggo aksara jawa kang
bener yaiku . . ..
A. ?w#ivuwunDuwitSimBh;34900;rupiyh.
B. ?w#ivuwunDuwitSimBh;25800;rupiyh.
C. ?w#ivuwunDuwitSimBh;35800;rupiyh.
D. ?w#ivuwunDuwitSimBh;63800;rupiyh.
E. ?w#ivuwunDuwitSimBh;348000;rupiyh.

35. Tembang kang lumrahe digunakake kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu.
Kaudal saka rong tembung kang tegese tresna lan geni. Tembang isine wuyung lan
samubarang kang magepokan karo tresna. Tegese rasa tresna, tresna marang liyan
(priya, wanita lan liyan), kabeh mau wis dadi kodrate Gusti. Andharan mau
nuduhake jinise tembang . . ..
A. Asmaradana
B. Maskumambang
C. Katresnan
D. Sinom
E.Mijil

Gathekna tembang ing ngisor iki! kanggo soal nomer 34 lan 35.
Lamun sira anggeguru kaki,
Miliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kawruh ing hukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sukur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawehing liyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartane kawruhana.

36. Tembang ing ndhuwur yen dianalisis andhedhasar guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagune, yaiku . . ..
A. 12i, 9a, 8e, 6u, 9i, 8a, 6u, 9a, 12i, 7a
B. 12i, 9a, 8e, 7u, 10i, 7a, 6u, 8a, 10i, 7u
C. 10i, 10a, 8e, 7u, 91, 7a, 6i, 8a, 12i, 7a
D. 12i, 10a, 8e, 8u, 8i, 7a, 6u, 9a, 10i, 7a
E. 10i, 9a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

37. Yen dideleng saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, tembang ing ndhuwur
kalebu jinisi tembang apa, lan tegese kepriye . . ..
A. Asmaradana, tegese tresna lan geni.
B. Dhandhanggula, tegese pangarep-arep.
C. Maskumambang, tegese emas lan kumambang.
D. Dhandhanggula, tegese nyingkiri hawa nepsu.
E. Mijil, tegese wedharing rasa.

38. Akeh kang ngwastani, yen teks Anekdot padha karo teks humor, kamangka sejatine
beda. Kanggo ngerteni bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku . . ..
A. teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut
pasemon, wewarah, lan wejangan.
B. teks anekdot isine nyritakake lelakon wong penting, yen teks humor isine
nyritakake lelakon wong biyasa.
C. teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor
mupangate minangka sarana kritik sosial.
D. teks anekdot kadhapuk andhedhasar khayalan utawa, imajinasi, yen teks humor
kadhapuk andhedhasar prastawa kang nyata.
E. teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor
guyonan migunakake lelewaning basa.

39. Guyon sajrone sandhiwara utawa drama, yen paraga nganti kebablasan sok-sok
malih dadi tangisan, jalaran . . ..
A. yen guyon kudu nganggo wewaton
B. bebrayan jawa nduweni paugran
C. guyon iki kerep kasebut guyon maton
D. gawe lara atine liyan pungkasan dadi tukar padu
E. bab guyon, mesthi ana wewatone

40. Minangka teater rakyat, sandhiwara ludruk ngrembaka bebarengan karo kahanan
masyarakat Jawa Timur. Mula kang ora nuduhake sipat utawa titikane basa lan sastra
ludruk, yaiku . . ..
A. egaliter ‘padha/saderajat’
B. nggunakake dhialek basa jawa timuran
C. seneng guyonan lan lelagon
D. tinarbuka lan apa anane (spontan lan prasaja)
E. critane ngandhut sejarah utawa crita kerajaan

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi jawaban kang bener
1. Sebutna perangan struktur utawa wangunan teks anekdot?
2. Wedharana ukara ing ngisor iki kanthi manut kalungguhan utawa polaning ukara (manut
gunane JWLPK)
a. Adhiku lagi nembang pangkur ing kelas.
b. Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamilihe kudu selektif.
3. Jlentrehna apa kang kokweruhi ngenani sandhiwara radhio?
4. Ngelmu iku kelakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosan,
Setya Budya pangekesing dur angkara.
A. Tulisen ciri-ciri tembang ing dhuwur andhedhasar guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagune!
B. Yen dideleng saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang kasebut
kalebu tembang apa?
5. Eyang kakung rawuh ing Solo.
Ukara ing nduwur salinen nganggo aksara Jawa!

--- Sugeng Makarya ---

Wangsulan:
1. Struktur teks anekdot : janturan, pawadan, prakara, tanggapan, wasana.
2. A. Adhiku lagi nembang pangkur ing kelas.
J W P K
B. Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamilihe kudu selektif.
J W1 K P J W2
3. Sandhiwara radhio yaiku sandhiwara mung bisa kasemak kanthi nggunakake indra
pangrungu (audio), dadi sandhiwara iki mung murni ngendelake pamer antawacana
(dhialog), lelagon, lan efek swara.
4. a. 12u, 6a, 8i, 12a
b. Pucung
5. ?Ey=kku=rwuai=[$o[lo.

You might also like