You are on page 1of 6

Nama : ................................................

Nomor : ...............................................

PEMERINTAH KABUPATEN BANTUL

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA
KORWIL KECAMATAN DLINGO
PENILAIAN HARIAN 6 SEMESTER 2
TAHUN PELAJARAN 2019/2020
Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : ........................................
Kelas : IV (Empat) Waktu : ........................................

KD. 3.1
Wacanen kanthi permati!
Wacan iki kanggo nggarap no. 1-5

Pakaryan

Bawa ndherekake Simbahe menyang sawah. Ing pinggire sawah ana gubuge. Simbah
ngendika,”Bawa kowe ngeyup ana gubug wae, simbah arep nemoni tenaga derep kae!”.
“Nggih Mbah.” “Dados among tani meniko awrat nggih Mbah?”, pitakone Bawa. “Ya le,
among tani iku salah sijining pakaryan sing mbutuhake tenaga kang ora entheng. Wiwit gawe
lalahan, ngurit, ndhaut, tandur, matun, nganti tekan panen, kabeh mbutuhake tenaga kang
rosa utawa kuwat,” ngono ngendikane Simbah.

“Menapa wonten pakaryan ingkang mboten namung ngandelaken tenaga Mbah?” Bawa takon
maneh. “Ana le, yaiku pakaryan sing migunakake pikiran. Kayata, dhokter, guru, pegawai
kantor. Mulo kowe kudu sekolah sing pinter, supaya sesok bisa nyambut gawe sing kepenak,
ora kudanan lan kepanasen ana sawah!”pituture Simbah. “Nggih Mbah, pangestunipun
mawon,” wangsulane Bawa.

A. Wangsulana pitakon-pitakon iki manut isine wacan!

1. Ana ing ngendi Bawa lan Simbah anggone pangendikan?
Wangsulan :
2. Apa pakaryan sing ditindakake Simbah?
Wangsulan :
3. Apa wae sing ditindake among tani nganti bisa panen utawa ngasilake gabah?
Wangsulan :
4. Apa contone pakaryan sing migunakake pikiran luwih gedhe ketimbang tenaga?
Wangsulan :
5. Kepiye pituture Simbah supaya Bawa bisa nyambut gawe sing kepenak?
Wangsulan :

B. Wangsulana kanthi menehi tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d sangarepe

wangsulan kang bener!
6. Wong sing pakaryane nglakokake sepur arane ... .
a. pilot
b. nahkoda
c. masinis
d. kondektur
7. Misaya mina iku pakaryan ... .
a. ndandani montor
b. kusir andhong
c. nandur pari
d. golek iwak
8. Wong nyambut gawe iku kanggo ...
a. numpuk bandha
b. supaya sugih
c. nyukupi kabutuhan
d. seneng-seneng
9. Sapi digunakake among tani ana ing sawah kanggo mbiyantu … .
a. ngluku
b. ndhaut
c. ngurit
d. matun
10. Kewan sing mbiyantu kusir nyambut gawe yaiku … .
a. sapi
b. jaran
c. gajah
d. kebo
11. Rina sregep anggone sinau supaya sesuk bisa dadi wong sing duweni kaprigelan
minterke bocah yaiku...
a. dokter
b. polisi
c. presiden
d. guru
12. Obeng, tang, lan dongkrak iku piranti kang digunakake wong sing pakaryane
dadi … .
a. arsitek
b. masinis
c. pilot
d. montir

13. Wong kang nyambut gawe nglakokake pesawat utawa motor mabur diarani …
a. masinis
b. kondektur
c. pilot
d. pramugari
14. Atun saiki kuliah ing jurusan farmasi sinau babagan obat-obatan. Menawa sesuk
lulus Atun bakal dadi…
a. apoteker
b. dhokter
c. perawat
d. bidan
15. Kabeh pakaryan iku becik, senajan dadi tukang sampah yen dilakoni kanthi …
bakal
nekakake rejeki sing barokah.
a. gawe rugine wong liya
b. ikhlas lan jujur
c. menange dewe
d. kurang trima
16. Pak Toni pakaryane ndandani kendaraan sing rusak mula diarani…
a. montir
b. tukang parkir
c. arsitek
d. Perawat
17. Wong nyambut gawe kuwi alon-alon waton kelakon. Tembung waton tegese...
a. mburu cepet
b. sakarepe dewe
c. niat
d. dhasar
18. Ternak sapi powang iku ngasilake … .
a. daging
b. susu
c. kulit
d. tenaga
19. Sing dudu kaprigelan pakaryan dokter iku babagan...
a. kasarasan
b. obat
c. penyakit
d. kepinteran
20. Pakaryan mbubuti suket ana ing sakiwa-tengene tanduran diarani … .
a. matun
b. ngurit
c. ndhaut
d. derep

C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki manut prentahe!

1. Sebutna 3 jinising pakaryan sing kalebu babagan jasa!

Wangsulan : .....................................................................................................................
..........................................................................................................................................

.
2. Sebutna 3 piranti sing digunakake para among tani !
Wangsulan : .....................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
......………………………………………………………………………………………
3. Sebutna 3 pakaryan sing migunakake otot/tenaga!
Wangsulan :......................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
...............………………………………………………………………………………
4. Sebutna 3 pakaryan lan kaprigelane!
Wangsulan : .....................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
...................
………………………………………………………………………………
5. Terangna pakaryan sing dadi cita-cita utawa gegayuhanmu lan kaprigelan apa wae
sing kudu diduweni!
Wangsulan : .....................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
...................
………………………………………………………………………………
Kunci Jawaban Penilaian Harian 6
Muatan :Bahasa Jawa
Kelas : IV
KD : 3.1

No Jawaban Skor
I
1 Ana gubug ing pinggir sawah 2
2 Among tani 2
3 Gawe lalahan, ngurit, ndhaut, tandur, matun, panen 2
4 Dhokter, guru, pegawai kantor, lan liya-liyane 2
5 Bawa kudu sekolah sing pinter 2

II
6 C 1
7 D 1
8 C 1
9 A 1
10 B 1
11 D 1
12 D 1
13 C 1
14 A 1
15 B 1
16 A 1
17 C 1
18 B 1
19 D 1
20 A 1

III
21 Guru, dhokter, tukang jahit, tukang cukur, montir, lsp 3
22 Pacul, arit, gathul, luku, lsp 3
23 Among tani, misaya mina, kuli gendhong, buruh, lsp 3
24 Guru kaprigelane minterke bocah 3
Dhokter prigel ngobati wong lara
Among tani prigel tetanen (gawe lalahan, ngurit, tandur,
matun, panen)

25 Kebijakan guru 3
Total 40
Nilai Akhir : ( Total Skor:40 )x 100

You might also like