You are on page 1of 2

Ling weweling Falsafah hidup

Ronggo Warsito:

Rejeki iku ora iso ditiru..

Senajan podo lakumu

Senajan podo dodolan mu,

Senajan podo nyambut gawemu.

Kasil sing ditompo bakal bedo2....,

Iso bedo neng akehe bondho,

Iso ugo ono neng Roso lan Ayeme ati, Yo iku sing jenenge bahagia....

Kabeh iku soko tresnane Gusti kang moho kuwoso.....,

Sopo temen bakal tinemu,

Sopo wani rekoso bakal nggayuh mulyo.

Dudu akehe, nanging berkahe kang dadekake cukup lan nyukupi.....

Wis ginaris neng takdire menungso yen opo sing urip kuwi wis disangoni soko sing kuwoso.

Dalan urip lan pangane wis cemepak cedhak koyo angin sing disedhot bendinano....,

Nanging kadhang menungso sulap moto lan peteng atine, sing adoh soko awake katon padhang
cemlorot ngawe-awe, Nanging sing cedhak neng ngarepe lan dadi tanggung jawabe disio-sio
koyo ora duwe guno….

Rejeki iku wis cemepak soko Gusti, ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe menungso
soko lair tekane pati....,

Nanging yen kanggo nuruti karep menungso sing ora ono watese, rasane kabeh cupet, neng
pikiran ruwet, lan atine marahi bundhet…..

Welinge wong tuwo, opo sing ono dilakoni lan opo sing durung ono ojo diarep-arep, semelehke
atimu, yen wis dadi duwekmu bakal tinemu, yen ora jatahmu, opo maneh kok ngrebut soko wong
liyo nganggo coro sing olo, yo wae, iku bakal gawe uripmu loro, rekoso lan angkoro murko sak
jeroning kaluwargo, kabeh iku bakal sirno balik dadi sakmestine….

Yen umpomo ayem iku mung biso dituku karo akehe bondho dahno rekasane dadi wong sing ora
duwe.
Untunge ayem iso diduweni sopo wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, seneng
tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI…

You might also like