You are on page 1of 11

KELOMPOK

BASA JAWA

DRAMA MODERN

KETUA : JEDDY BINTANG A.S. (14)

ANGGOTA : -DELLA RIESMA A.A (07)

-KRISNARUM AGUNG W. (15)

-RISMA YANUAR E.P (26)

-SATRIO PRIYAGUNG A.W (28)


NARKOBA NDADEKNE RUSAK

Babak 1

Alkisah, ana telung bocah kang dadi kanca kentel kawit cilik, yaiku Deni, Rani, lan
Lala. Telung bocah iki mesti nang ndi-ndi bebarengan, mboh iku kelompokan utawa
dolan.Ing wayah mulih sekolah, bocah telu iku mau omong-omongan ing dalan.

Deni  : “Eh cah, sesok iku ana ulangan opo ora?

Rani  : “(Karo mikir) Ketok e kok enek,”

Lala   : “Eh, enek enek. Sesok iku ana ulangan Matematika!”

Deni  : “Ealah, Matematika to,”

Rani  : “Duh Gusti, kok yo Matematika tha! Iso opo aku,”

Lala     : “Halah yo, yo, lek bagine Deni yo gampang, karo merem paling yo iso. Lha
kene, perpangkatan ae jek bingung,”

Deni    : (Karo ngguya ngguyu) “Mangkane kuwi, ayo ngko sinau bareng, tak warahi
seng gung mok isoni,”

Lala   : “Weh, peka awakmu lek aku arepe njaluk warah,”

Rani  : “Aku sisan yo melu ya!”

Deni  : “Walah, gampang! Ojo lali mengko teko nang omahku jam 4 sore!”

Lala   : “Siap! Lek ngono aku karo Rani mulih disik ya!”

Deni  : “Oke, ati-ati ya!”

Rani  : “Yoi,”
Babak 2  

Sakmlakune wektu, ana bocah anyar mlebu SMP Harapan Bangsa, jenenge Faiz,
bocah kang keluargane mapan. Faiz iku anake kepala bank swasta ing kutha kediri. Faiz
duweni sifat kang supel. Buktine, kaliwat 2 minggu dadi murid anyar, Faiz wis isa cedek karo
beberapa bocah ning kelas.

Wayah istirahat sekolah, Rani lan Lala budal nang kantin dhisikan, kaliwat pirang
menit, Deni teka bareng karo Faiz, terus lungguh bareng.

Deni  : “Ran, La, wis kenal Faiz durung awakmu?”

Rani  : “Kenal i jelas e wes, tapi durung akrab,”

Lala   : “Hooh, o iyo Iz, Jenengku Lala, salam kenal ya!”

Rani  : “Jenengku Rani, salam kenal barang ya!”

Faiz   : “Iyo salam kenal kabeh!”

Lala   : “O iyo, aku penasaran nyapo awakmu kok bisa pindah mrene?”

Faiz   : “Wong tuwaku ana tugas ning kutha iki,”

Rani  : “Lha terus awakmu neng kene karo sopo?”

Faiz   : “Ng..nga..nganu..aku karo pakdheku,”

Lala : “Leh,jare wong tuwa-mu yo ning Kediri. Terus nyapo awakmu karo
pakdhemu?”

Faiz : “Wong tuwaku ancen ning Kediri,tapi podo sibuk kabeh. Dadine aku
dititipne ning pakdheku”

Rani  : “Ooo..Dadi ngono ceritane,”

(Bel melbu muni)

Deni  : “Bel e wis muni cah, ayo ndang melbu kelas!”


Jam pelajaran wis ganti. Saiki wayahe pelajaran Bahasa Jawa. Bu guru ngengken
nggawe kelompok. Ndelalahe, Guru basa Jawa ana rapat lan iso ngulang.

Bu Guru : “Cah,dina iki bu guru ana rapat. Sampean bu guru tinggal tapi diwenehi
tugas,”

Kabeh : “Inggih bu!”

Bu Guru : “Nggawe kelompok terus tugase dikerjakne. Per kelompok 5 bocah. Wes
ya,bu guru tinggal disik. Assalamu’alaikum,”

Kabeh : “Wa’alaikumsalam,”

Rani : “He cah! Ayo dadi sak kelompok,” (ngomong ning Faiz,Deni, lan Lala)

Kabeh : “Ayo!”

Faiz     : “Iki mengko arep kelompokan menyang ndi cah?”

Lala     : “Lek dina iki aku gaiso, aku ngaji soale,”

Deni    : “Alime rek,”

Rani     : “Pie lek sesok ae? Pada isa ora?”

Kabeh : “Isa!”

Faiz     : “Lek ngono kelompokan nang omah e sopo?”

(Moro-moro hening)

Rani     : “Pie lek nek omahmu Iz?”

Faiz     : “(Rodok gagap) O-omahku jek direnovasi, ngko kelompokane malih ora nyaman,”

Lala     : “Healah, ndek omahku opo pie?”

Deni    : “Setuju-setuju! Suwi aku ra neng omahmu la, sesok jam 3 sore yo cah, aja lali!”
Kabeh: “Siap bos!”

Babak 3

Kaliwat pirang-pirang wulan, wiwit tekane Faiz, sikape Deni malih rodok berubah.
Lala lan Rani wis kroso, amarga Deni mesti ngehindar wayah diaruh-aruhi lan jarang dolan
bareng maneh. Akhire bocah loro iki mau marani Deni.

Rani  : ”Den, Deni saiki kok sering nglamun nyapo?”

Lala   : “Hooh Den, saiki awakedewe yo jarang bareng maneh, ana apa tha jane?”

Deni  : “Ogak i ya,  perasaanmu palingo, aku panggah dadi Deni seng mbiyen,”   

(Moro-moro Faiz teko)

Faiz   : “Ana apa tha iki? Kok umpane serius men,”

Lala   : “Halah, ora enek opo-opo,”

Faiz   : “O iyo Den, mengko sore melu aku ps-an,yo!”

Deni  : “Ayo, mulih sekolah ae ya,”

Faiz   : “Oke,”

(Deni lan Faiz mlaku bareng ngaleh)

Rani  : “Lho iyo kan, sikap e berubah, malih manutan karo Faiz,”

Lala : “Hooh yo Ran,kawit kapan Deni dolanan ps? Dee kan gatau dolanan ngono
kui,cekelane kan mesti buku,”

Rani : “Yoweslah,La. Positive thinking ae. Mugo-mugo Deni ra nyapo-nyapo,”


Babak 4

Wayah bengine, Lala lan Rani mlaku  bebarengan menyang  masjid  kanggo sholat
Isya’. Anehe, bocah loro iku ora tumun Deni. Biasane Deni ora tau absen jama’ah sholat nang
masjid. Bubaran  sholat Isya’,  Lala lan Rani krungu suara saka walik e semak-semak, karo
ngendap-ngendap, bocah loro iki moro menyang sumber suwarane iku mau.

Rani  : “La, bocah iku pawakane kok koyok Deni karo Faiz yo?”

Lala   : “Hooh Ran, mosok awakedewe salah ndelok,”

Rani  : “Terus lak iku Deni karo Faiz nyapo cah loro ndhelik-ndhelik, bukane
sholat,”

Lala   : “Sesok njajal ditekoni bocah loro kuwi,”

Sesoke pas ketemu nang kelas, Rani lan Lala langsung marani Deni lan Faiz.

Rani  : “Den, Iz, awakmu  ndek wingi nyapo bukane sholat malah ndhelik nang
walike semak-semak?”

Deni  : (Karo ngguyu) “Aku ndek wingi ancen ora melu sholat jama’ah, mergane
aku nang omahe mbahku,”

Faiz   : “Aku ndeingi bengi nang omah,”

Lala   : “Yo, kan Ran, awakedewe salah ndelok,”

Deni  : “Awakmu paling ngantuk Ran pas kuwi. Iz,ayo ning kantin”

Faiz   : “Ayo!”

            Sakwise Faiz lan Deni metu kelas,Rani nglanjut ngomong ning Lala.
Rani  : “La, tapi aku yakin lek kuwi ancen Deni karo Faiz. Bukane nyapo-nyapo ya,
semenjak enek Faiz, sikape Deni moro-moro berubah dadi males, sering nglamun, emosian,
terus rodok ngedoh saka awakedewe,”

Lala   : “Ojo suudzon Ran, dingge mastikne, pie lek ngko bengi ndelok meneh opo
seng saktenane  kedaden nang Deni karo Faiz,”

Rani  : “Hooh, aku yakin 100% lek bocah 2 ndek wingi iku ancen Deni karo Faiz,”

Babak 5

Wayah mulih sekolah,Rani lan Lala melu kegiatan ekskul PMR.Wektu Rani lan Lala
arep mulih,Rani lali nggowo gitare.Pas tekan kelas,Rani lan Lala ngerteni ana wong loro
mojok nek kelas.

Rani  : “Heh! Sopo iku ning pojokan?” (Karo mbengok)

Lala   : “Ayo diparani,Ran,” (Rani lan Lala moro ning pojok kelas)

Rani  : “Ehk,ambune opo iki?,”

Lala   : “Opo wi kecer-kecer ning mester?,”

Rani  : “Heh,La! Kui sabu-sabu!,”

Lala   : “Heh! Ojo ngawur! Ruh ko ndi?”

Rani  : “Pakdheku kan kerjo ning BNN (Badan Narkotika Nasional). Gawene cerito
perkoro cirine narkoba,” (Faiz lan Deni gupuh ngringkesi barange)

Lala   : “Den,opo bener kui sabu-sabu?,”

Deni  : “Eng-nga-nu, i-iki, iku lo, tepung kutah,”

Rani  : “Ana acara apa kok nggowo tepung barang ki?”

Lala   : “Ho,Iz! Kancaku mok warahi opo?”

Faiz   : “Aku ra marahi opo-opo. Deweke ae sing gelem dijak,”


Deni  : “Leh,maksudmu opo? Genah kae aku mok jak nggawe barang ngeneki. Terus
nyapo malih nyalahne aku?” (Mulai emosi)

Faiz   : “Halah..lah. Awakmu kan pinter,kudune iso mbedakne ndi sing salah ndi
sing bener,” (Nadane ngenyek)

Deni  : “We ki makakne kanca!”

Rani  : “Wes,wes! Saiki genahno opo sing saktenane kedaden,”

Deni  : “Dadi,sakjane aku weruh lek Faiz nggawe narkoba. Terus,Faiz nawani aku
lan aku gelem. Sakmlakune wektu,aku ketagihan. Sakjane,aku pengen mandek nggawe
narkoba kui. Tapi,rasane lek aku mandek nggawe narkoba,koyok ana sing kurang lan aku ora
semangat,” (Karo nunduk)

Lala   : “La Faiz geneya nggawe barang gak bener kui?”

Faiz   : “Hhh..Aku digedekne ning kulawarga kang mapan. Tapi,saking sibuke wong
tuwaku, aku malih ngrasa terlantar lan wongtuwaku sering tukaran amarga prakara sepele.
Akhire, wongtuwaku mutusno pegatan lan aku diarani bocah korban Broken Home. Aku
rumangsa uripku ora ana artine maneh sampek akhire aku petukan wong sing nawari narkoba.
Aku rumangsa lek ngonsumsi kui, semangatku muncul maneh. Amarga kui, sampek saiki aku
dadi pecandu narkoba,” (Ngroso salah)

Lala lan Rani : “Astaghfirrullah,” (Ngelus dada)

Deni  : “La,Ran,ojo mok omongne sopo-sopo ya. Aku janji gak bakal nggawe
narkoba maneh,”

Rani  : “Iyo,tapi awakmu kudu melu aku ning Pusat Rehabilitas kanggo marikake
kecanduanmu. Awakmu barang,Iz!”

Deni lan Faiz : “Iyo,”

Sakwise pirang sasi,Deni lan Faiz wis mulai mari soko kecanduane. Ora ana jarak
maneh antarane bocah 4 kui. Akhire,bocah 4 kui mau dadi kanca kentel nganti saiki.
Dadi,para kanca ojo gampang kepengaruh karo wong liyo amarga alasan kanca.
Tur,ojo gelem diwenehi barang karo wong sing durung dikenal. Adewe kudu iso mbedakne
barang bener lan salah. Lan,ojo gampang nyerah karo keadaan, amarga gusti Allah mesti
ngewenehi dalan kanggo hambane.
Tema : Pendidikan

Latar : -Dalan “Ing wayah mulih sekolah, bocah telu iku mau omong-
omongan ing dalan”

-Sekolah “Jam pelajaran wis ganti. Saiki wayahe pelajaran Bahasa


Jawa. Bu guru ngengken nggawe kelompok.”

-Kantin “Wayah istirahat sekolah, Rani lan Lala budal nang kantin
dhisikan, kaliwat pirang menit, Deni teka bareng karo Faiz, terus lungguh bareng.”

-Masjid “Wayah bengine, Lala lan Rani mlaku  bebarengan menyang


masjid  kanggo sholat Isya’ “

-Kelas “Sesoke pas ketemu nang kelas, Rani lan Lala langsung marani
Deni lan Faiz.”

Alur : Campuran “Sakmlakune wektu, ana bocah anyar mlebu SMP Harapan
Bangsa, jenenge Faiz, bocah kang keluargane mapan. Faiz iku anake kepala bank swasta ing
luwar kutha.” Lan “Hhh..Aku digedekne ning kulawarga kang mapan. Tapi,saking sibuke
wong tuwaku, aku malih ngrasa terlantar lan wongtuwaku sering tukaran amarga prakara
sepele. Akhire, wongtuwaku mutusno pegatan lan aku diarani bocah korban Broken Home.
Aku rumangsa uripku ora ana artine maneh sampek akhire aku petukan wong sing nawari
narkoba. Aku rumangsa lek ngonsumsi kui, semangatku muncul maneh. Amarga kui, sampek
saiki aku dadi pecandu narkoba,”

Tokoh : -Jeddy Bintang Ammar S. (Deni)

-Krisnarum Agung W. (Rani)

-Della Riesma Arum A. (Lala)

-Satrio Priyagung Arif W. (Faiz)

-Risma Yanuar Eka P. (Bu Guru)

Penokohan : -Deni = Protagonis

-Rani = Protagonis
-Lala = Protagonis

-Bu Guru = Tritagonis

Watak :

1. Deni: - Apikan “Mangkane kuwi, ayo ngko sinau bareng, tak warahi seng gung
mok isoni,” (Babak 1)

- Gampang kenek pengaruh elek “Leh,maksudmu opo? Genah kae aku mok
jak nggawe barang ngeneki. Terus nyapo malih nyalahne aku?” (Babak 5)

2. Rani: - Gupuhan “Duh Gusti, kok yo Matematika tha! Iso opo aku,” (Babak 1)

- Gampang nyurigai “La, tapi aku yakin lek kuwi ancen Deni karo Faiz.
Bukane nyapo-nyapo ya, semenjak enek Faiz, sikape Deni moro-moro berubah dadi
males, sering nglamun, emosian, terus rodok ngedoh saka awakedewe,”

3. Lala: - Alim “Lek dina iki aku gaiso, aku ngaji soale,”
- Nduweni pikiran apik karo wong “Yo, kan Ran, awakedewe salah
ndelok,”
4. Faiz: - Supel “Faiz duweni sifat kang supel.” (Babak 2)

- Fitnahan “Aku ra marahi opo-opo. Deweke ae sing gelem dijak,”

5. Bu Guru: - Sabar “Cah,dina iki bu guru ana rapat. Sampean bu guru tinggal
tapi diwenehi tugas,”

Amanat : Dadi,para kanca ojo gampang kepengaruh karo wong liyo amarga alasan
kanca. Tur,ojo gelem diwenehi barang karo wong sing durung dikenal. Adewe kudu iso
mbedakne barang bener lan salah. Lan,ojo gampang nyerah karo keadaan, amarga gusti Allah
mesti ngewenehi dalan kanggo hambane.

You might also like