You are on page 1of 8

Drama Keong Mas

Tokoh :
1. Dioz Anandytia P (13) dadi Raja Daha

2. Adelia Anggita P (01) dadi Candra Kirana


3. Celline Xenia P (09) dadi Galuh Ajeng
4. Sherlinda Anjar A (36) dadi Mbok Rondo
5. Irvan Abid S (19) dadi Penyihir
6. M Rifqi Zein (28) dadi Raden Inu Kertapati

BABAK 1
Ing keraton Daha, ono rojo kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak
2 kang ayu rupane. Putri Candra Kirana yaiku putrid kang ramah lan
ayu. Dewek e arep dinikahno karo pangeran saka Keraton Kahuripan
kang asma Raden Inu Kertapati.
Raden Daha :Anakku, mreneo !
Candra Kirana :wonten menopo romo?
Galuh Ajeng :menopo Romo inggih nimbali kulo?
Raden Daha :iyo anakku, ana seng arep tak sampekno
menyang kowe kabeh, mene Raden Inu Kertapati soko keraton
Kahuripan arep teko mrene.
Galuh Ajeng :lajeng wonten menopo Romo? Wonten
hubunganipun menopo kaleh kulo lan mbk yu Romo?
Raden Daha :Romo wes gawe perjanjian karo Romone, yen
Romo arep nikahno salah sijine soko anakku karo Raden Inu Kertapati.
Galuh Ajeng :sinten engkang bade dipon nikah aken kaleh
Raden Inu Romo?
Raden Daha :aku lan romone Raden Inu wes sepakat yen
Raden Inu Kertapati arep dinikahno karo Candra Kirana.
Candra Kirana :matur suwun sanget Romo. Kula bungah banget,
nggeh niki seng kula impi - impi aken wiwit kula tasek alit.
Raden Daha :temen ta iku? Yen ngunu pancen ora salah Romo
milih awakmu kanggo calon bojone Raden Inu . Ayo bareng-bareng
ndang disiapno kanggo nyambut tekane Raden Inu Kertapati.
Raja Daha lan Candra Kirana ninggalno ruangan kang sak iki mung ana
Galuh Ajeng, Candra Kirana lan Romone ngroso bungah ambek
pernikahan iki. Ananging Galuh Ajeng nduweni roso liyo,  yaiku mangkel
lan keciwo.
Galuh Ajeng :aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo' o kok
Candra Kirana seng dipilih, kok duduk aku? Padahal aku jelas luwih ayu
soko dewek'e. Iki bener bener ora adil, mung aku siji sijine wanito seng
pantes dadi bojone Raden Inu.Sak iki opo seng mesti tak lakoni? Aha.....
(nemu ide)

BABAK 2
Galuh Ajeng kang nduwe niat ala marang Candra Kirana. Dhewek e
cepet-cepet budal nang alas.
Galuh Ajeng :kulo nuwun, nopo wonten tiang ten mriki?
Penyihir : ooh nggeh,  monggo mlebet cahayu, mreneo
Galuh Ajeng :nggeh
Penyihir :awakmu pingin aku ngelakoni opo?
Galuh Ajeng :kulo pingin pernikahan Candra Kirana kaleh
Raden Inu Kertapati di wurungaken.
Penyihir : oh yo, aku ngerti maksudmu. Terus kowe pingin
Candra Kirana tak apakno?
Galuh Ajeng :sedanten kulo serahaken sampean,  seng  jelas
kulo pingin Candra Kirana susah.
Penyihir :yowes, aku bakal ngutuk Candra Kirana,
sehinggo dewek e ora iso nikah ambek Raden Inu
Galuh Ajeng :matur suwon nggeh, kulo seneng  nyuwun
bantuan nang penyihir seng kados sampean. Niki arto kangge DP
ne,mangke yen kutukan sampean pun hasil. Kulo tambahi maleh seng
katah.
Penyihir :mesti wae, wes sak iki aku tak nyepakno kutukan
kanggo dewek e.
Galuh Ajeng :kulo enteni kabar saking sampean. Sampun kulo
tak nyuwun pamit.

BABAK 3
Sawise njalok bantuan nang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang
kraton,  kepingin ketemu Romone.
Galuh Ajeng :Romo.. Romo.... Romo wonten pundi? Wonten
ingkang bade kulo aturaken.
Raden Daha :ono opo anakku?
Galuh Ajeng :niki masalah Candra Kirana Romo.
Raden Daha : Ono opo ambek Candra Kirana?
Galuh Ajeng : niki kulo nemok aken layang kang ditulis kaleh
Candra Kirana ten kamare kangge pengawal
Raden Daha : Opo?  Dasar bocah nakal, wes arep di nikah kok
malah pacaran karo pengawal. Kurang ajar iku.
Galuh Ajeng : sabar Romo sabar
Raden Daha : Kirana..... Kirana....
Candra Kirana : Wonten menopo Romo?
Raden Daha :Ki wocoen!Kok wani - wanine awakmu yo....!!
Candra Kirana : Oh...... Niki fitnah Romo. Kulo mboten nate
nglampahi niki Romo. Saestu Romo, percados kaleh kulo.
Raden Daha : cukup Kirana. Metu awakmu soko kraton kene!
Metu ambek pengawal kurang ajar iku.
Candra Kirana : namung Romo...
Raden Daha : metuuu....
BABAK 4
Candra Kirana atine sedih banget lan dewek e terus lungo ninggalno
kraton. Dewek e lungo menyang pantai lan ndok pantai ketemu karo
penyihir.
Penyihir : hahaha. Hei Candra Kirana yo opo kabarmu
hah?  Ketok e dino iki awakmu sedih banget ha.. ha..
Candra Kirana : sinten sampean? Nopo'o wajah sampean kok
ala sanget?
Penyihir : meneng o ! Aku mrene kanggo ngutuk awakmu
dadi keong. Dulur macem opo dulurmu iku, kok kepingin aku ngutuk
awakmu. Awakmu eroh ta, dewek e ora setuju ambek pernikahanmu
ha...ha...ha...
Candra Kirana : opo? Galuh ajeng arep ngutuk aku!
Penyihir : Yo iyo dasar wong wadon bodo,  rasakno iki!!!
ABROKOKOK! Ha ha ha
Candra Kirana : Aaaa! !!!!!!
Penyihir : Ha...ha awakmu dadi manungso mung yen
awan,  nanging yen bengi mbalek dadi keong maneh. kutukan iki bakal
ilang yen awakmu ketemu Raden Inu Kertapati ha...ha...ha..

BABAK 5
Candra Kirana wis dikutuk dadi keong mas lan gemletak nang pantai
desa Dadapan. Salah sawijine dino ono wong wadon kang lagi golek
iwak ing pantai. Dewek e nemok no keong mas iku, terus digowo
moleh.
Mbok Rondo : oh , keong kang apik, aku arep gowo keong iki
moleh.
Sak tekane ing omah, mbok Rondo nyimpen keong mas ing panggonan
kang aman. Banjur dewek e ngaso, lungguh ing kursi.
Mbok Rondo : huh sampek yamene aku kok gorong oleh iwak,
aku kudu golek maneh, yen gak oleh iwak, aku mengko mangan opo?
Candra Kirana : lho lalapo aku kok iso enek nang kene? O iyo
mau lak enek mbah sing nggowo aku. Saknone rek mbah iku kanggo
mangan ae dewek kudu golek iwak disek, aku arep tuku panganan
kanggo dewek e.

Ambek duwek seng digowo soko keraton. Kirana tuku panganan seng
enak2 kanggo simbah. Panganan mau ditoto rapi nang nduwure mejo.
Naliko dino mulai bengi lan simbah dorong mulih. Aku kudu mbalek
dadi keong maneh. AAAAAAA...
Ora sepiro suwe simbah teko ambek muring2
Mbok Rondo : sialan. Dino iki iwak2 podo nandi? Goro2 iku gak
oleh panganan. Kate mangan opo aku dino iki?
(kaget)Wow, teko endi panganan iki? Ketok e enak2 banget. Sopo seng
nguwehi kanggo aku? Yo wes lah, seng penting sak iki aku mangan
disek.

Dino menene, Kirana nyediakno panganan maneh kanggo simbah. Tapi


dewek e ora weruh yen simbah mulih luwih cepet soko biasane sebab
gak oleh iwak maneh.

Candra Kirana : Mumpung mbah gorong mulih aku tak ndang


nyiapno panganan kanggo mbah.
Mbok Rondo : Ha sopo bocah iki?  Awakmu sopo?
Candra Kirana : kulo...kulo... Candra Kirana
Mbok Rondo : opo? Candra Kirana? sing bener?
Candra Kirana : inggih kulo Candra Kirana putri Raden Daha.
Mbok Rondo : yen ngunu, nyangopo awakmu kok biso ono
neng kene?
Candra Kirana : Panjenengan seng mbeto kulo mriki, kulo niki
keong sing jenengan temok aken kolo wingi.
Mbok Rondo : opo? Awakmu iku keong mas? Yo opo kok iso?
Candra Kirana : kulo dikutuk penyihir mbah. Kutukan niku wau
kengkene dulur kulo seng iri kaleh kulo.
Mbok Rondo : sakno temen awakmu ndok. Dulur macem opo
dulurmu iku, kok tego pingin ngutuk awakmu. Tapi pancen jenenge
menungso, yen wis iri opo wae di lakoni, seng biso ndadekno wong liyo
susah, yo wes sementara awakmu oleh manggon nang kene ndok.
Candra Kirana : matur suwun mbah.

BABAK 6
Sementara iku ing Keraton Kahuripan, Raden Inu Kertapati kang krungu
kabar soal Candra Kirana Dewek e ora percoyo lan dewek e berusaha
golek warto kang bener kanggo belo Candra Kirana
Raden : ora mungkin Candra Kirana nglakoni kabeh iki, mesti
ono wong seng mitnah dewek e. Aku kudu nggolek weruh sopo wong
iku.

Ing tengah dalan ketemu penyihir


Penyihir : ha..ha... aku oleh duwit akeh dino iki. Untung wae aku
berhasil nuruti kekatepane galuh ajeng kanggo ngutuk Candra Kirana
lan sakno banget pengawal sing melu difitnah Galuh Ajeng iku,  dewek e
diusir soko kraton, amargo dituduh pacaran mbek Candra Kirana
ha..ha...ha..
Raden : opo? Opo seng kok omongno? Bener tah seng kok
omongno iku?
Penyihir : he awakmu sopo kok melok melok?
Raden : aku Raden Inu Kertapati seng kok maksud maeng,
dadi saktemene iki pokal gawene Galuh Ajeng?
Penyihir : Waduh mati aku! Dewek e wes krungu kabeh
Raden : awakmu melu aku!
BABAK 7
Raden Inu Kertapati seng wes ngerti kabar sak temene teko menyang
kraton Doho.
Raden : Gusti sak lerese kedadosan menopo ingkang sampun
dipun alami Candra Kirana? kengin menopo panjenengan ngantos
ngusir Candra Kirana ?
Raden Daha : aku yakin awakmu ora bakal percoyo berita iki.
Dewek e wes menghianatimu
Raden : mboten Gusti. Galu Ajeng sampun mitnah
Candra Kirana.
Raden Daha : lapo awakmu kok ngomong ngunu? Awakmu
eroh teko endi?
Raden : niki..niki.. gusti penyihir kang dibayar kaleh
Galuh Ajeng kangge ngutuk Candra Kirana lan saking penyihir meniko
kulo mangertosi menawi Galuh Ajeng meniko ingkang sampun mitnah
Candra Kirana. He ayo ngaku kowe! !
Penyihir : inggih meniko leres gusti
Raden Daha : GALUH AJENG! !!!
Galuh Ajeng : inggih Romo. Wonten menopo?  Lho kok
awakmu?
Raden Daha : lapo kok kaget? Dewek e iki koncomu yo? Sak iki
Romo wes mangerteni kabeh. Awakmu wes mitnah sedulurmu dewe.
Sak iki awakmu metu soko kraton kene. Minggato kowe! kejobo kowe
oleh manggon ning kraton kene!
Penyihir : ingkang leres gusti
Raden Daha : iyo tapi manggon ing penjaraku, sak lawase.
Galuh Ajeng : Romo, ampun Romo. Ajeng ngaku salah Romo, 
ajeng pon diusir Romo! !
Raden Daha : minggato soko kene, ojo wani2 awakmu ngetok
ing wilayah ku kene,  Raden Inu tolong gowoen wong loro iki
Raden : inggih gusti.
BABAK 8
sakwise iku Raden Inu Kertapati ngemboro golek i Candra Kirana
sampek dewek e mlebu nang salah sawijine deso lan nemokno ono
nang deso iku.
Raden : ah nang kono ono omah. Aku tak ngaso sediluk,
aku pegel kabeh sak wise mlaku sak mono adohe. Sopo ngerti aku oleh
njaluk ngombe. Kulo nuwun!
Candra Kirana : inggih sekedap.
Candra Kirana : Raden Inu? kok saget ten mriku?
Raden : iku ora penting seng jelas aku seneng biso
nemokne awakmu. Pirang2 ndino aku golek i awakmu, ayo mulih sopo
seng bener wes ketok, romomu wes ngenteni, panjenengane wes ora
sabar kepingin ketemu awakmu.
Candra Kirana : matur suwun sanget, amargi panjenengan
sampun nylametaken kulo.
Mbok Rondo : sopo Kirana?
Candra Kirana : oh mbah tepangaken, meniko raden inu ingkang
sampun nate kulo critaken ten simbah. Panjenengane meniko bade
ngajak Kirana wangsul. Tapi kulo mboten tego ninggalaken mbah
kiyambak'an.
Mbok Rondo : ora opo2 Kirana. Awakmu muliho, awakmu
mesti kangen karo keluargamu.
Raden : wes ngene wae. Mbah ayo digowo nang kraton,
lan urip karo awak e dewe yen awak e dewe wes nikah. Mbah monggo
bidal ten Kraton Doho.
Wong 3 iku maeng akhire budal nang kraton Doho , ora suwe maneh,
Raden Inu Kertapanti lan Candra Kirana kawin lan urip bahagia sak
lawase.
TAMAT

You might also like