You are on page 1of 2

Olah Gending Minangka Panggulawentah

1. Jabang bayi tinitah lahir ing donya punika sarana kaparingan sesangu dèning Pangèran sadaya
pirantosing ngagesang, sarwi pepak, ananing dèrèng utawi boten sadaya rupi sampurna.
2. Gesang sesrawunganing manungsa tuwin samubarang kawon-tenan ingkang mawarni-warni ing
donya punika bade andayani sadaya dating larè tumrap indaking gesangipun lair saha batos.
3. Panggulawentah tuwin pamarsudining juru pamong punika namung tumanja kanggè wewah-
wewah, èwadènè sagèd ageng paèdahipun kanggè nyepetaken, nyaèkaken tuwin nyampurnakaken
lampah indaking gesang lair saha batos wau.
4. Tanjaning panggulawentah punika tigang prakawis :
a. Alusing budi rahsa, b. Lepasing angen-angen, c. Waluyaning badan. Tiga- tiganing
pamarsudi punika andadosaken jangkep lan larasing ngagesang ing donya.
5. Tata- caraning panggulawentah ing jaman samangkè punika keladuk dateng pangolah
kasampurnaning angen-angen, nanging kirang marsudi dateng luhuring bebudèn, saking punika
mahanani ganjil sarta gonjinging kamanungsan.
6. Sadaya kawruh punika kinging kabagi kalih :
a. Kawruh ingkang andayani landep mintiring nalar pikiran, b. Kawruh ingkang andayani lebet
alusing budi. Kalih – kalihipun sampun kawrat ing tetembungan Jawi : sastra- gending.
Inggih punika gatraning nalar lan budi.
7. Pancadriya punika pirantos panyambeting jagad ingkang gumelar kaliyan nyawaning manungsa,
sampurnaning pancadriya andayani sampurnaning nyawa (sambet kaliyan angka 2 ing nginggil )
8. Paningal punika margining daya panggulawentah dating angen-angen. Pamireng langkung lebet
dayanipun, inngih punika dating raos, pramila kanggè anggugulang raos prelu sanget ngudi
alusing pamireng (olah swara).
9. Pancadriya punika bilh boten kanggè dangu-dangu mundur ngantos boten kinging kanggè malih
(rudimentair); kosok wansulipun bilih tansah kanggè; punapa malih kaudi sampurnani-pun,
inggih tambah landep utawi alusipun.
10. Kajawi kanggè anggladi alusing pamireng ingkang terus daya nipun angalusaken raos
dumugining budi, pamarsudinin gending punika dados jodoning pamarsudining basa, kalih-
kalihipun boten kinging kapisah bilih amrih sampurnaning lampah kasarjanan lan kasujanan.
Gending punika jektosipun juru panataning lampah wirama.
11. Kajawi punika marsudi ing gending jawi kanggè larè jawi punika ageng sanget paèdahipun
kanggè antep teteping raos kabangsan.
12. Gesanging larè jawi cara jaman wingi-wingi punika boten pisah kaliyan gending, mèh sadaya
dedolananing larè kanti gending punika dados pokok lajering kagunan.
13. Para sarjana bangsa kilènan sami gadah pamanggih bilih panggulawentah cara samangkè punika
adamel mekaring angen-angn ingkang boten selaras kaliyan dununging ngagesang
(intellektualisme) serta lajeng ngawontenaken reka-daya : olah-raga, kaprigelaning tangan (sport,
handenarbeid ) kanggè meper angkara murkaning angen-angen, punika naming sakedik
tanjanipun,tanpa daya angantepakan raos kamanungsan. Purba wasèsaning angen-angen naming
kinging katelukaken dèning panguwasaning budi.
14. Bilih pamulangan-pamulangan kanggè larè jawi yektos bade dados papan panggulawentah
ingkang laras kaliyan adat cara keawèn ingkang saè, boten kinging nilar wulangan kawruh tuwin
kaprigelen gending jawi, amrih saged damel larasing gesang jawi kanggè margi alusing lampah
kamanungsan.
Olah Gending Sebagai Pendidikan
1. Bayi dilahirkan didunia telah di beri Tuhan bekal sarat dan alat hidup dengan serba lengkap,
tetapi belum semua dalam keadaan sempurna.
2. Pergaulan hidup manusia dan keadaan yang beraneka warna di dunia ini semua mempunyai daya
pengaruh atas tumbuh berkembangnya hidup anak, baik lahir maupun batin.
3. Walaupun pendidikan serta usaha pamong itu hanya sekedar tambahan, akan tetapi besar sekali
paedahnya untuk mempercepat, memperbaiki dan menyempurnakan jalan pekembangan
tumbuhnya hidup lahir dan batin tadi.
4. Usaha pendidikan ditujukan kepada :

You might also like